Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 7

Kontak Admin.

email-kidemang

 (06) Kaca 256 - 263

 

( Lêlampahanipun Ki Jatiswara lêlana saking nagari Cêmpa )

12

5. Sadintên muput sami lumampah, namung kèndhêg salat Luhur tuwin Ngasar sarta dhahar. Sêrap surya sami wontên ing têlênging Wanakakas ingkang kadi taman asri,

mila lajêng sami salat Mahrib sarta lêrêm ing ngriku. Dumadakan wontên tiyang kalihdasa sami dhatêng, nêmbung tumut sipêng ing ngriku, katulak mêksa botên purun, malah sami ngaturakên woh-wohan mawarni-warni. Dalunipun sami rêratiban, dhikir suhul ngantos sami dhawah kantaka botên kantênan alang ujuripun. Nalika Ki Monthèl nglilir, sumêrap ing kiwa-têngênipun sima tilêm sêsênggoran. Sima kagèt sami lumajar. Punika sima gadhungan kadadosanipun têtiyang ingkang sami nunut papan lan asung woh-wohan. Bakda Subuh rombongan mangkat malih, mêdal wana sacêlaking dhusun Kêplêng. Ing wanci lingsir surya ngancik têlênging Wanasaba, sami lèrèn salat Mahrib dumugi Ngisa. Gagat bangun mangkat malih ngancik laladan Wanamarta. Kapanggih Ki Nuripin ingkang panuju wontên ing têgalan. Ki Nuripin lumajar wêwartos dhatêng rabinipun, nanging bingung anggènipun badhe nyugata. Wêkasan kabiyantu dening tangga-têpalihipun. Sasampunipun salat lajêng kêmbul dhahar ing pandhapi. Bakda Subuh Ki Nuripin atur priksa dhatêng Wanamarta.

II. Ing krajan Wanamarta Ki Bayi Panurta gêrah dipun-tênggani Ni Malarsih, sampun katingal badhe waluya. Jayèngrêsmi, Jayèngraga dalah rombongan dhatêng adamêl rênaning panggalihipun Ki Bayi kakung putri dalah para kulawarga. Pasugatan andilir. Para tamu kapondhokakên ing griyanipun para sadhèrèk, namung Sèh Mangunarsa kapapanakên ing tajug. Dalu kataman Kur'an. Enjing bibar sarapan sami bawa-raos ngèlmi. Sèh Amongraga rawuh sakalihan kadhèrèkakên murid Ki Ragasmara, paring piwulang bab purnaning panêmbah lan sanès-sanèsipun. Wêkasan para tamu sami mantuk kanthi babêktan kathah.

Ki Bayi gêrah katêngga garwa lan para kadang-warga. Sampun katingal sakeca sasampunipun dhahar rujak. Dumadakan Ki Nuripin sowan ngirid para putra lan tamu, andadosakên rênaning panggalihipun Ki Bayi sakalihan. Para tamu kapondhokakên ing griyanipun kadang-warga, namung Sèh Mangunarsa ingkang kapapanakên ing tajug. Pasugatan ambanyumili, lajêng kêndhuri. Sontên kêmpal ing pandhapi sami ngaos kasambêt kataman Kur'an, kalajêngakên bawaraos ngèlmi. Ki Bayi kapengin kapanggih Sèh Amongraga, makatên ugi sadaya para tamunipun. Sagêd kalêksanan, Sèh Amongraga rawuh sakalihan kadhèrèkakên Ragasmara, paring piwulang bab jatining gêsang, ananing Pangeran, dununging kawula Gusti, jatining sêmbah lan Sukma ingkang kathah pralambinipun. Gagat enjing sami salat Subuh. Sèh Amongraga sapandhèrèk wangsul dhatêng kaênêngan. Sasampunipun sarapan, para tamu pamit wangsul, kaparingan sangu babêktan kathah.


 

Kaca 256 - 263

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 12 - Kaca : 256

709 Sinom

1.
Wontên sujana taruna |
midêr-midêr andêr-pati |
nusa Jawa prênahira |
sing tanah wus dèn-idêri |
Balambangan Patani |
ing Cêmpa Palembangipun |
Surapringga Tandhêsan |
ing Tuban miwah Kêdhiri |
ing Koripan myang Giri ing Lêmbuasta ||

2.
Jatiswara wastanira |
janma ulah laku luwih |
pandhita nèm tanpa wisma |
wayahe satriya brangti |
kalih sanak sang brangti |
padha pandhita satuhu |
tur dinunung dening Hyang |
lagya kocap lampahnèki |
anèng marga samadyaning wana-wasa ||

3.
Têngah dalu lampahira |
tan kandhêg ing marga sungil |
tan ana durgama ketang |
sangêt brangta ing Hyang Widdhi |
marmane wuwuh brangti |
dening sinungan swarèku |
margane anglalana |
nênggih wontên sanaknèki |
Amongraga wastane ujaring swara ||

4.
Sun-ulati tan kapanggya |
kapan ta baya kapanggih |
ingkang aran Amongraga |
yata wau kang winarni |
kang lumampah janma di |
Mongraga lan garwanipun |
tejanira sumirat |
kalawan Ki Ragarêsmi |
Jatiswara kampita narka gurnita ||

5.
Jatiswara uluk-salam |
Amongraga anauri |
ngalèkum ngalèka salam |
sinunga rahmating Widdhi |
cundhuk sampun apanggih |
jawat-tangan marga iku |
miwah Ki Ragasmara |
pan sampun atata linggih |
Amongraga angucap sapa sinambat ||

6.
Jatiswara aran-ingwang |
sêdyaningsun angulati |
sanakingsun Amongraga |
ujare kang angsung warti |
Amongraga nauri |
sapa wèh wartèng sirèku |
Jatiswara angucap |
ujaring swara kang lêwih |
kinasihan ing Hyang mèsêm Amongraga ||

7.
Aris ing pamuwusira |
lah ing pundi wismanèki |
ingkang aran Amongraga |
Jatiswara lingira ris |
tan kantênan wismèki |
midêr-midêr tanpa kuwu |
gumuyu Amongraga |
katambêtan sira bayi |
iya ingsun ingkang aran Amongraga ||

8.
Jatiswara aris mojar |
kalingane tuwan iki |
kang aran Ki Amongraga |
sumaur ingkang sinung ling |
duraka awak-mami |
lumaku mung ali tutur |
anglêngkara oliya |
sihing Hyang kang praptèng jati |
wong kasasar sun iki ambêg birawa ||

Jilid 12 - Kaca : 257

9.
Wus atêmu lawan tuwan |
lah paran karsanirèki |
Ki Jatiswara lingira |
punika lamun lastari |
sêdya kawula amrih |
sinampara ing Hyang Luhung |
yèn kinasudènana |
Amongraga anauri |
tuhu daya ingakuwa kinasihan ||

10.
Tan kawasa ing manira |
angakuwa ing sirèki |
pan iku uga larangan |
sapa ngaku wong puniki |
ing sarat kang lêstari |
anging Hyang Wisesa iku |
polahira punika |
darma pinolah ing dhiri |
Jatiswara angling atut yèn mangkana ||

11.
Nanging pangêsthi-manira |
yèn sambada karsanèki |
ing tyas pandame tan samar |
anut ujaring swarèki |
yèn tuwan sanak-mami |
nadyan tan arsa angaku |
tan kondur ing kawula |
Amongraga anauri |
karsanira manira darma punapa ||

12.
Lah ta araryan sa-saat |
yèn arsa sanak ing mami |
pan manira nêdha karsa |
eca dènnya angrasani |
paguyon lawan mami |
nimpang wau dadinipun |
sakêdhap wontên taman |
pinggiring marga tulya sri |
kagèt mulat Jatiswara kagawokan ||

13.
Tirta midêr ing mandhapa |
sêkar kapawanan milir |
sumyar gandane angambar |
Jatiswara lir angimpi |
sampun sami alinggih |
ing made-kambang (ng)gènnipun |
Jatiswara lingira |
Ki Amongraga asakti |
Ragasmara linggih lan Ni Selabrangta ||

14.
Jatiswara ngrasa kewran |
mulat warnaning patani |
iku tandhaning mangunah |
ya ing mêngko karsa-mami |
sun takon ujar jati |
yèn uga mangke anêmu |
tandhane wong utama |
tuhu wus awor ing Widdhi |
sun-atanya inggih sintên aran-tuwan ||

15.
Ki Amongraga ling suka |
nora wikan manirèki |
pae silih wong ngulama |
mudha-dama manirèki |
Ragasmara tinari |
janji manawa sira wruh |
mojar Ki Ragasmara |
manawi kakang-(m)bok iki |
yèn wikanna mèsêm Nikèn Selabrangta ||

16.
Ki Amongraga lingira |
lah ta saurana yayi |
lamun sira sampun wikan |
Selabrangta matur inggih |
tan lênggana ing laki |
puniku manira ngrungu |
[---] |
aranning Hyang kang sêjati |
janma kabèh punika manira myarsa ||

Jilid 12 - Kaca : 258

17.
Jatiswara anggratta |
wong iki wus padha wasis |
katarèng sêmu basanya |
alantip pasanging wadi |
wacana sêmu sandi |
bisa sastra-sandya iku |
tandhaning yèn ulama |
masalah tiba pawèstri |
pan kèwêdan wacana lawan wanodya ||

18.
Ki Amongraga angucap |
lah ta saurana yayi |
wacanane rabiningwang |
aywa riringa yèn èstri |
sampun ta salah tampi |
mapan tan prabeda iku |
bulah ingsun bisa-a |
lah mara ta lah dèn-aglis |
Jatiswara amuwus sarêng ing wuntat ||

710 Pangkur

1.
Anging ta rêke manira |
anêdha ta ing apuranirèki |
karasa dede kramaku |
Amongraga lingira |
pindho-karya rêke karsanira iku |
pra ilanging wong agama |
ing karsa dipun lumaris ||

2.
Balik paran karsanira |
pan jawabe wong pawèstri puniki |
atut rêke kang kadyèku |
apa ta karannèku |
ingaranan rêke kanugrahan iku |
jatining manungsa ika |
Selabrangta anauri ||

3.
Punika manira myarsa |
karane ingaran nugrahanèki |
jênêng wawayangan iku |
Jatiswara lingira |
nênggih atut mangkana sabda puniku |
Jatiswara malih ngucap |
kadipundi karsanèki ||

4.
Ana masalah mangkana |
ing têgêse Sêlam ta kadipundi |
kadya punapa karsèku |
têgêse kapir ika |
lah ucapna têgêse ing karonipun |
angucap sajroning nala |
yèn uga jawab puniki ||

5.
Nyata lêwih ing ngakathah |
Selabrangta aris dènnira angling |
nênggih manira angrungu |
têgêse wong kang Sêlam |
pasthi kapir nênggih manira angrungu |
têgêse kapir punika |
Sêlam ing kajatinèki ||

6.
Amuwus Ki Jatiswara |
kadipundi kang Islam lawan kapir |
patitissêna ing wuwus |
Selabrangta angucap |
pamyarsèngsun nênggih Sêlam-e puniku |
dene wus atêmu ika |
ênggèn manira amanggih ||

Jilid 12 - Kaca : 259

7.
Kapiripun dening kèpyan |
lali lamun tan ana kang kaèsthi |
dene sihira Hyang Agung |
kawimbuhaning Sukma |
upamane lir malam kabrama ngapyu |
sirna tan ana ingucap |
Jatiswara takèn malih ||

8.
Apa aranne manungsa |
yèn ailang ing ngêndi parannèki |
Selabrangta sauripun |
nênggih rêke ilangnya |
anèng kanugrahan kang purba puniku |
jênênge yèn wawayangan |
dadya sira ing Dat iki ||

9.
Mulih ing jatine ika |
ana-dene ênggone ta puniki |
sapa wruha ing jronipun |
tunggale dhawakira |
nora ana ingkang wêruha puniku |
wikanning pribadinira |
tan ana kang ngudanèni ||

10.
Prandene kang sampun nyata |
mung lampahe tan kandhêg papan-tulis |
tan ketang tatakramèku |
Jatiswara (ng)graita |
mandhane Ki Amongraga puniku |
rabine kalangkung lêpas |
lan sakèhe anglampahi ||

11.
Kang alul surambi ika |
iya nyata yèn kasor Amongragi |
lami ingsun dèrèng nêmu |
manungsa kang mangkana |
nyata lamun kinasihan ing Hyang Agung |
Ni Selabrangta angucap |
manira tatanya aki ||

12.
Ana masalah mangkana |
karya-paran têgêse ingkang napi |
lan punapa têgêsipun |
kang ingaran isêbat |
kaya-paran puniku ing têgêsipun |
jawabên dèn-tetela |
Jatiswara lingnya manis ||

711 Dhandhanggula

1.
Nênggih rêke ing têgêse napi |
nyata iku rêke lamun isbat |
kang isbat napi jatine |
iku manira ngrungu |
ing têgêse rêke kang napi |
mèsêm Ni Selabrangta |
kaya pa puniku |
lah ta rêke padhangêna |
Jatiswara mangke sira anauri |
manira amiyarsa ||

2.
Ingkang napi anênggih puniki |
sajatine ananing paesan |
kang isbat tunggal jatine |
nora liyan puniku |
ing anane isbat puniki |
napi mapan mangkana |
manira angrungu |
singa tanpa wuwus ika |
kang atanggap sajati-jatining napi |
tan kêna ucapêna ||

Jilid 12 - Kaca : 260

3.
Selabrangta alon muwus aris |
asung cipta marang ingkang raka |
manira sampun asèrèn |
Amongraga amuwus |
Ragasmara alon tinari |
yayi lah atampa-a |
kakangira iku |
manira darmi miyarsa |
Ragasmara wau alon anauri |
kakang manira nêdha ||

4.
Ragasmara alon atanya ris |
masalahe rêke pan larangan |
pan angèl ing masalahe |
Jatiswara tinêmbung |
kaya ngapa karsanirèki |
wontên rêke pawarta |
manira angrungu |
sapa baya biyangira |
pira kèhe wong atuwa kang sajati |
lah rêke ucapêna ||

5.
Jatiswara alon anauri |
lah inggih rêke wong-tuwaningwang |
tigang prakara kathahe |
yèn ingkang lair iku |
amêtokkên ing raga iki |
[---] |
[---] |
[---] |
yayi puniku ingkang sajati iku wijiling Sukma ||

6.
Wontên rêke sasmitaning wangsit |
sira ingsun anaking camêra |
putuning asu wartane |
iku ingsun angrungu |
kabèh-kabèh anaking anjing |
mèsêm Ki Amongraga |
Ragasmara muwus |
sampun ta sampun dinawa |
Amongraga gumuyu pan sarya angling |
anaking asu bêlang ||

7.
Margane ana sira puniki |
dening asu rêke marganira |
Ki Jatiswara wuwuse |
anut ujar puniku |
sang Atapa sêmune wadi |
jatining lampahira |
mapan janma luhung |
anglir ta landhêping pêdhang |
kang atapa jatining alim puniki |
yogya pagurokêna ||

8.
Singa maca lalandhêp puniku |
dipun-kêna rêke rasanira |
yèn luput dadi sasare |
angèl ujar puniku |
nora nana ing papan-tulis |
iku bêgja cilaka |
pamarah-sun iku |
dudu ngèlmuning sarengat |
Jatiswara yata sigra anauri |
Amongraga tinêmbang ||

9.
Manira iki takèn sajati |
lan anêdha rêke sih pawarta |
wontêna ngucap mangkene |
apa nyatane iku |
yèn andika anaking anjing |
lamun nyata punika |
êndi nyatanipun |
Ki Amongraga angucap |
dening apa yèn ora nyata puniki |
Jatiswara sru mojar ||

10.
Apa karane kantun puniki |
lamun nyata anaking camêra |
Ki Amongraga wuwuse |
apa kang katon iku |
dudu iku anaking anjing |
pan kurungan kewala |
anane puniku |
yèn sira ayun mangkana |
ulatana sajatining asu iki |
lah payo tututana ||

Jilid 12 - Kaca : 261

11.
Payo-payo rewang-ingsun iki |
aja kari ayo padha ilang |
umuksa tambuh paranne |
Jatiswara umangu |
(n)jêngêr mangu tan kêna angling |
nyata yèn raga-Suksma |
anane dinulur |
Ki Jatiswara angucap |
kari apa yèn olèh Hyang Suksma-jati |
Jatiswara wus ilang ||

12.
Amongraga mangkana winarni |
angalaya anèng awang-awang |
amor ing mega prênahe |
Jatiswara tan kantun |
lah ing pundi ênggènnirèki |
ana layang-layangan |
awor mêndhung-mêndhung |
kang mêndhung mêndhunging Sukma |
gêbyar-gêbyar tejaning manungsa adi |
awor padhanging wulan ||

13.
Amongraga mèsêm aningali |
pan alinggih saluhuring mega |
lan rabine sarowange |
Jatiswara pan wêruh |
ing prênahe Amongragèki |
tumulya pinaranan |
Amongraga muwus |
asêkti Ki Jatiswara |
nulya prapta ing ngarsa padha wong sêkti |
mèsêm Ki Jatiswara ||

14.
Ki Jatiswara anulya angling |
lah ta payo ingsun ulatana |
wus ilang saking ngarsane |
Amongraga tumutur |
parêng ilang sarewangnèki |
Jatiswara nèng guwa |
tejane sumunu |
Ki Amongraga wus wikan |
nulya prapta ing ngarsa sami alinggih |
lah apa ujarira ||

15.
Jatiswara angling jroning galih |
iya nyata sêkti Amongraga |
tan ana ing papadhane |
anging ta karsanipun |
sumawita dadya prajurit |
mangke sun dadi toya |
yèn uga sirèku |
wikan maring raganingwang |
nyata lêwih dudu rewanging ajurit |
mundur dadi sagara ||

712 Durma

1.
Amongraga sampun wruh ing polahira |
mring Jatiswara singgih |
yèn dadi sagara |
Amongraga anyipta |
kang palwa sakêdhap nuli |
sarewangira |
anitih palwa sami ||

Jilid 12 - Kaca : 262

2.
Padha suka manahe lir acangkrama |
Ragasmara pan tunggil |
lan Ni Selabrangta |
padha kagèt duk kapan |
ana sagara puniki |
Ki Jatiswara |
gawok dènnya ningali ||

3.
Padha suka duk apa ana baita |
tau ta ingsun iki |
ana ing sagara |
Jatiswara kèwêdan |
dènirarsa tandhing jurit |
Ki Amongraga |
sun sidhêp mundur ajrih ||

4.
Amongraga tansah mèsêm jroning nala |
tumon polahirèki |
Amongraga mojar |
lah mara Jatiswara |
têkakna karsanirèki |
dènnira yuda |
payo aja na gingsir ||

5.
Amongraga susumbar mring Jatiswara |
dèn-yatna yudanèki |
lah ta Jatiswara |
Amongraga anyipta |
gêni saking sarirèki |
anulya muntab |
dahana ngingsêp warih ||

6.
Mubal-mubal anèng saluhuring toya |
ing ngêndi ana iki |
gêni ngingsêp toya |
tandhaning wong kuwasa |
ambadan Sukma linuwih |
Ki Jatiswara |
sangsaya ingkang ati ||

7.
Sanalika sagara anuli saat |
Jatiswara karsèki |
nyipta dadi barat |
Amongraga pinanah |
pinrih ilanga tumuli |
Ki Amongraga |
wus wikan karsanèki ||

8.
Sanalika ana gunung ngarsanira |
Amongraga yitnèki |
wus anèng ing guwa |
wong titiga puniku |
sami suka aningali |
Ki Jatiswara |
kewuhan ing ngajurit ||

9.
Jatiswara anêdha ing tapanira |
sanalika kang prapti |
naga gêng kang prapta |
punika mangsa Sukma |
gêngipun kagiri-giri |
Ki Jatiswara |
dinulur ing Hyang Widdhi ||

10.
Tan antara kang naga prapta ing ngarsa |
Amongraga wus uning |
karêpe kang naga |
lamun arsa amangsa |
tumulya Amongraga glis |
anèng gagana |
kang naga dèn-anciki ||

11.
Tanpa polah sanalika nulya ilang |
Amongraga sira glis |
anèng gigirira |
Jatiswara kèwêdan |
kapupugan karsanèki |
Ki Amongraga |
sêktine tanpa tandhing ||

12.
Lah kariya Ki Amongraga ing guwa |
Jatiswara anuli |
muksa saking guwa |
sapraptanirèng jaba |
ngambarèng jumantara di |
ngalaya mulya |
tan na sinêdyèng galih ||

Jilid 12 - Kaca : 263

13.
Amongraga sampun mêdal saking guwa |
Jatiswara tan kèksi |
mapan kinawruhan |
nêngêna Amongraga |
kari brangti ing Hyang Widdhi |
tan kawarna-a |
kang antuk rasa manis ||

713 Dhandhanggula

1.
Wontên malih masakèh winarni |
alul sastra amangun sahadat |
ing Wanacandra dhukuhe |
kalangkung ngamalipun |
wong alinggih alul surambi |
kinêpung sinaroja |
dening sabatipun |
amupugi wong kasiyan |
bagus anom jatmika asih ing santri |
lumaku lawan kondhang ||

2.
Lampahing dana lir toya mili |
awèh sandhang rêke ing kawudan |
asung pangan wong kaluwèn |
tur ambêg santa sadu |
tan agingsir ing alamnèki |
nora anggunggung lampah |
tan anggunggung ngèlmu |
lakune tansah sinamar |
dèn-srahakên lakune nyata yèn napi |
yèku lampah utama ||

3.
Isêlamira dipun-alingi |
mung kapire dèn-abèrkên ngarsa |
dèn-jèrèng nistha damane |
ala lan miskinipun |
cêla ingkang dèn-lampahi |
sabar rila sukuran |
alinggih ing ngayun |
datan angrasa gagadhah |
sakathahe nyata kagungane Widdhi |
rumasa yèn titipan ||

4.
Iku lampah ambathang namèki |
tan angrasa yèn aduwe karkat |
anunggoni ing ngamale |
tan gingsir ulah ngèlmu |
Insan-kamil kang dèn-lalari |
masjidira anganggrang |
balumbangira gung |
kèdêran ing sarwa sêkar |
babanjaran argulo pêthak mêlathi |
gambir mênur angsoka ||

5.
Santrinira akèh padha ngaji |
agêng alit umyang kang tilawat |
lir pasar lagya nêdhênge |
wênèh amaca Suluk |
kang asahir kang gênti muni |
wênèh ana narêbang |
ana turun guyu |
ana kang amaca Kitab |
rêbut akal ambuka rasaning tulis |
rame musawaratan ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (05h) Kaca 249 - 255
  • (07) Kaca 264 - 273 >