Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 11

Kontak Admin.

email-kidemang

 (07) Kaca 264 - 273

 

( Ki Jatiswara dumugi ing dhusun Wanacandra )

12

2. Ki Jatiswara dumugi ing dhusun Wanacandra ing dalêmipun Ki Ragamana. Jatiswara nyuwun puruita, lajêng bantah bab ewuh-ayaning agêsang. Jatiswara kasugata sacêkapipun. Dalunipun dipun-prêpêki dening anakipun èstri Ki Ragamana wasta Ni Sakati, karon lulut. Enjingipun pamit nglajêngakên lampah, dipun gondhèli botên purun, lajênging lampahipun dumugi ing guwa partapanipun Sèh Baka. Nyuwun pitêdah, dipun-dhawuhi mêndhêt sêsotya ing guwa kanthi lawang tundha sanga, kalêksanan, lajêng nêrusakên lampah kapanggih adhinipun wasta Ki Sajati, inggih punika Ki Ragasmara ingkang suwita dhatêng Sèh Amongraga lan Ni Selabrangti. Kalihipun lajêng mantuk dhatêng Cêmpa, nundhung ratu Pratokal ingkang ing ngajêng ngrêbat kraton Cêmpa warisanipun Ki Jatiswara lan Ki Sajati, wasana lajêng sami jumênêng nata lan patih.


Kaca 264 - 273

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 12 - Kaca : 264

713 Dhandhanggula

 

6.
Gumêr swarane wong kathah ngaji |
papantêse wong alul sarengat |
angêsahakên rapale |
ana arêbut hukum |
manjing mêdal saking surambi |
tur padha (ng)gawa Kitab |
maring gurunipun |
aminta rasaning makna |
rare akèh amasuh sabak mring kali |
ana lagi nunurat ||

7.
Rara ngangsu rame ting saliring |
tuwa anom parawan wulanjar |
kang ngangsu akèh warnane |
miyos ing masjid iku |
saking kali pating suliri |
wênèh ana nênangga |
awêdhak apupur |
sawênèh anguncang tingal |
gêlung kêmbang ki santri dèn-kêndhèrèki |
tur sami anjêjawat ||

8.
Santri kathah ika padha angling |
ingkang gumuyu asuka-suka |
padha wikan ing sêmune |
Jatiswara winuwus |
lagya prapta jabaning masjid |
arsa atatakona |
ika karsanipun |
katuju ana wong mêdal |
Ki Marêbot karsanira maring kali |
jinabat (ng)gawa landha ||

9.
Dènnya lumaku tumungkul ririh |
nora wikan yèn ana dhatêngan |
angling ing wawayangane |
Jatiswara amuwus |
Ki Marêbot kagèt ningali |
kakêtêgira sumyar |
dènnya nyapa asru |
dènning nora asabawa |
nora wikan ing suba-sita wong iki |
mèsêm Ki Jatiswara ||

10.
Lah anêdha paman apurèki |
dipun agung paman martanira |
luput manira agêdhe |
sun singgih wikan mring sun |
kalingane tan angranuhi |
Ki Marêbot angucap |
ulate arêngu |
tur sarwi mengo angiwa |
karsanira lêstari marang ing kali |
Jatiswara lingira ||

11.
Lah ing pundi wastane puniki |
kya pa manira atanya |
dèn-agung pangapurane |
bênêr têkèng sirèku |
Ki Marêbot yata nauri |
nênggih ing Wanacandra |
wastane puniku |
tuwan ing pundi kang wisma |
Jatiswara yata sira anauri |
wong midêr anglalana ||

12.
Tanpa wisma manira puniki |
midêr-midêr saparan amoyang |
arsa taki-taki rêke |
marang kang sampun junun |
lamun ana kang sudi misik |
marang wong suwe ara |
kasiyan talimbrung |
wingi ingsun amiyarsa |
nênggih kene wartane ana wong ngarip |
manira yun uninga ||

Jilid 12 - Kaca : 265

13.
Ki Marêbot aris anauri |
kalingane arsa puruita |
marang kijaiku kene |
lah anêdha tumanduk |
maring masjid bilih kiyai |
pinarak sun-awarta |
mring kiyai guru |
lan anêdha tut-wurinya |
Jatiswara yata sira anauri |
paman manira nêdha ||

14.
Ki Marêbot age-age mulih |
nênggih rêke matur gurunira |
agya prapta ing wismane |
asung wruh gustinipun |
yèn dhatêngan wong anom pêkik |
guru lagya anendra |
nyaine sumaur |
paran karyanira baya |
age-age têka mamarasi ati |
lah ta apopoyana ||

15.
Ki Marêbot anauri aris |
nênggih rêke manira dhatêngan |
kiyai tinakèkake |
anjujug karsanipun |
bagus anom brangti ing Widdhi |
nyainipun angucap |
sêmbrana sirèku |
kiyai lagya anendra |
kang aguling alon dènnira alinggih |
pupungun sarya ngucap ||

16.
Sèh Ragamana wus angawruhi |
lamun sira rêke adhatêngan |
katon ing jro supênane |
Ragamana amuwus |
lah undangên kaki mariki |
ujarira dhatêngan |
mau sun-angrungu |
rabine mèsêm ing nala |
Ki Marêbot gupuh mêdal angaturi |
marang ingkang dhatêngan ||

17.
Ingulatan kapanggih ing masjid |
Jatiswara rinubung wong kathah |
padha kanyaran tingale |
santri padha sih lulut |
aningali marang sang brangti |
padha amojakrama |
akathah kang ujung |
Ki Marêbot nulya prapta |
ris umojar Jatiswara dèn-aturi |
pinarêka ing wisma ||

18.
Yata tumurun saking ing masjid |
nulya kèring wau marang wisma |
dupi manjing ing wismane |
Ragamana amuwus |
saking panti tur anuruni |
lah rêke tumanduka |
dèn-enggal puniku |
sampun agêlar kalasa |
Jatiswara alon dènnira alinggih |
gya winijilan sabda ||

Jilid 12 - Kaca : 266

714 Mijil

1.
Lah bageya ingkang lagi prapti |
saking pundi kang wong |
ing ngarsa paran sêdyane mangke |
Jatiswara anauri aris |
tanpa wisma mami |
sêdya mring sirèku ||

2.
Ki Ragamana amuwus aris |
punapa kang gatos |
arsa panggih lan manira mangke |
Jatiswara alon wacana ris |
karan ingsun ugi |
panggih mring sirèku ||

3.
Dene tuwan kasusra ulami |
akathah kang wartos |
dèn karana amurah ambêke |
mapan kadunungan ngèlmu luwih |
upama wak-mami |
atut angguguru ||

4.
Ki Ragamana alon nabda aris |
yata awak-ingong |
pan dèn-sidhêp ngèlmuningsun kabèh |
Ragamana anguwuh ing rabi |
lah mundhuta nini |
pamucangan gupuh ||

5.
Rabinira sumaur agipih |
wus kèsthi dèningong |
sigra asung pawohanira ge |
wadhahira bokor kancana di |
sakêdhap gya prapti |
munggèng ngarsanipun ||

6.
Jatiswara nulya dèn-carani |
mucanga sang anom |
sampunnya mucang alon dêlinge |
Ragamana maring rabinèki |
ujare pan sami |
balakan satuhu ||

7.
Lah saosa sêkul dipun-aglis |
sasajiya gupuh |
rèhning wong lagya dhatêngan mangke |
adoh sangkane dhatêngan iki |
sadarbene miskin |
susuguha gupuh ||

8.
Jatiswara pan sampun atampi |
wiraos mangkono |
mapan manira anêdha rêke |
pan larangan ujar kang puniki |
kinasihan Widdhi |
pilih jatinipun ||

9.
Ing laku punika sun-miyarsi |
nèng dunyèku yêktos |
apan ta dadi susukêr bae |
alon mèsêm Ki Ragamana ris |
kang tinêdhèng Widdhi |
nutug siyang dalu ||

10.
Têkakêna ing duraka sami |
iku jatiningong |
pan ta dene yèn ipèn padhane |
Jatiswara alon wacana ris |
lah ta kadipundi |
ing karsanirèku ||

11.
Dening anêdha duraka yêkti |
pan kaya pa uwong |
Ki Ragamana alon èsême |
Ragamana tan wikan sêmuning |
marang ing Hyang Widdhi |
kèwuhan ing laku ||

Jilid 12 - Kaca : 267

12.
Ragamana yata sira angling |
undhangana gupoh |
para marbot ingkang kinon age |
undhangana anak-anak-mami |
mumpung wontên tami |
tur asugih ngèlmu ||

13.
Aja tungkul alul sastra ugi |
tan wruh wêkasing wong |
aja katungkul sêmbahyang bae |
Ki Marêbot wus linggar tumuli |
lan kaumirèki |
angundhangi gupuh ||

14.
Jatiswara wuwus sêmu wadi |
kadipundi ingong |
apan (n)jajaluk duraka bae |
ing jatinipun ta kadipundi |
Ragamana angling |
wus anèng sirèku ||

15.
Aja ana kang tinahan ugi |
jêbèng anak ingong |
apan sampun anèng sira dhewe |
Jatiswara alon dènnira ngling |
paman nêdha ugi |
pamulangirèku ||

16.
Mapan wontên pan ujaring Dalil |
pilih-pilih uwong |
ingkang awas maring Pangeranne |
mapan gêdhe dosaniku ugi |
iku sun-miyarsi |
Jatiswara muwus ||

17.
Atut paman yèn mangkana ugi |
pamiyarsaningong |
Ragamana nambungi sabdane |
yata wus wikan sêmuning wadi |
Ki Jatiswarèki |
alon èsêmipun ||

18.
Kaumira kabèh padha prapti |
Ragama-nabda lon |
pan ta padha kukulaka kene |
awarta-a ing laku ta ugi |
mumpung ana iki |
ingkang sampun luhung ||

19.
Mundhak kathaha kawruhirèki |
ngalapana gupoh |
ing sapangat pan mundhak kawruhe |
sumadinah(?) bapa ingsun iki |
maksih kurang ugi |
ing kawruhirèku ||

20.
Datan wikan ing jatine ugi |
sabat matur gupoh |
lah ta nêdha manira jatine |
pinarênga mundhak kawruhnèki |
mugi ingsun ugi |
dèn-idhêpna kawruh ||

21.
Jatiswara anauri aris |
têmên panêdhèng-ngong |
anggêguru sajatine mangke |
karane jêbèng tingkah puniki |
kongsi awak-mami |
tumêkèng sapurug ||

Jilid 12 - Kaca : 268

22.
Dening utama laku anênggih |
singgih pilih uwong |
ingkang purun narajang kunthunge |
amêgata balabar sirèki |
dadya ibu ugi |
tan sinungan wêruh ||

23.
Apan katungkul angolah tulis |
kang dèn-atos-atos |
mung Kitabe tiningalan bae |
tanpa gawe nyêkêl Kitab ugi |
Jatiswara angling |
èsême lir madu ||

715 Dhandhanggula

1.
Jatiswara wuwuse amanis |
kadipundi karsa pakênira |
laku ingkang sajatine |
dadine laku iku |
lawan paran dadine iki |
nora kalawan sastra |
kang jati puniku |
yèn nora lawan sêmbahyang |
kadipundi Ki Ragamana nauri |
dadi lawan duraka ||

2.
Upamane kang sarengat iku |
kadyangga-ning wong ulah sasawah |
anggaru maluku rêke |
karya lèlèrannipun |
yèn wus dadi tumrap kang wiji |
wiji pan saking ing Hyang |
ngèlmu arannipun |
mangkana dèn-tandurana |
yèn wus dadi lèlèrannipun sajati |
mangka dèn-banyonana ||

3.
Ingkang pundi rêke banyunèki |
ingkang toya ta rêke punika |
pangucaping wiji rêke |
Ragamana amuwus |
dipun-nyata ing rèhirèki |
iku minangka toya |
ngèlmining Hyang iku |
kalawan asangu aran |
sampun kandhêg ing sêmbah kalawan puji |
yèn ayun wruhing paran ||

4.
Yèn pinuwung sarengat puniki |
ingaranan rêke maksih bakal |
dèrèng wikan ing jatine |
nyatane maksih bingung |
ing nyatane tan wruh ing jati |
dening amisih bakal |
sangsaya kalurung |
misih kandhêg tatakrama |
pasthi gampang yèn kinarya papan-tulis |
manira amiyarsa ||

5.
Upamane ing laku puniki |
yèn katêkan kadi amimitra |
sarta lawan jarumane |
mapan jaruman iku |
yèn tininggal kathah ngirèni |
dhingin kalawan sastra |
pan ping kalihipun |
jaruman kalawan badan |
ping tigane jaruman Eroh puniki |
iku dadining lampah ||

Jilid 12 - Kaca : 269

6.
Jatiswara alon anauri |
kasinggihan karsa-pêkênira |
sambada lawan têgêse |
angèl ujar puniku |
lamun dudu jarumanèki |
iku marga sampurna |
kanugrahan kawruh |
wontên kari jakat badan |
pira-pira larane dènnya nglampahi |
coba lawan bancana ||

7.
Kang duraka ta kadi punapi |
kang ingaran lampah kang sampurna |
punapa rêke têgêse |
Ragamana amuwus |
nênggih rêke manira manggih |
iku mulane awas |
ananing Hyang Agung |
sawuse kêna ing coba |
iya iku mulane duraka jati |
manira amiyarsa ||

8.
Apan wontên ing ujaring Dalil |
anukupi coba lan rêncana |
damare wong Arab rêke |
iku manira ngrungu |
Jatiswara alon nauri |
nyata lamun mangkana |
ing wuwus puniku |
sabate padha angucap |
kadipundi jatining warta puniku |
manira mas tan wikan ||

716 Maskumambang

1.
Nênggih wontên anake wadon sawiji |
dene wastanira |
Ni Sakati yu linuwih |
ayu anom dèrèng krama ||

2.
Pan akathah wong anglamar samya bali |
mring Ni Sakati ka |
nèng têpas dènnira linggih |
lan arinira satunggal ||

3.
Tansah tinurunan arinira mangkin |
ngarsaning ibunya |
ing nguni bêngi sun-ngipi |
aturu lawan wong lanang ||

4.
Anging biyang sampun ngandika baribin |
manawi amirsa |
mring rama pasthi sun isin |
ibunira aris mojar ||

5.
Bokmanawa têmên ipèn iku ugi |
lan sun-pajarana |
dèn-tetela kang sayêkti |
tan adoh lan jatinira ||

6.
Ni Sakati alon tutur ipènnèki |
biyang wong punika |
kang katon jro supênèki |
patute mèmpêr si rama ||

7.
Jatiswara punika wastane singgih |
kang katon jroning tyas |
lawan Ki Jatiswarèki |
katon sumandhing anendra ||

8.
Malah mangkin biyang masih dadi ati |
tansah awèh rimang |
Ki Jatiswara wong sigit |
katon sapari-polahnya ||

Jilid 12 - Kaca : 270

9.
Ibunira gumuyu pan sarya angling |
anakingsun baya |
mandah wêruha sayêkti |
dening brangta ing supêna ||

10.
Ni Sakati ibunira dèn-jiwiti |
biyang atiningwang |
bungahe kapati-pati |
pinuliran lambenira ||

11.
Ibunira gumuyu pan sarya angling |
anakingsun sira |
apan sêdhêng wus birai |
Ni Sakati nulya mêdal ||

12.
Saking wisma ulate asawang sasi |
asêngkang kancana |
sisinom mijil awilis |
remanira ngandhan-andhan ||

13.
Pan ing wayah sirêping janma pra sami |
lanang wadon samya |
sirêp kabèh samya guling |
Ni Sakati mudhun enggal ||

14.
Panggonanne Jatiswara dèn-paranni |
tan ketang ing wirang |
têka sumandhing alinggih |
pan sarwi atur pawohan ||

15.
Lah nginanga kakang-êmas jatining sih |
ingsun (ng)gantènana |
mara iki kadipundi |
atiningsun cipta-cipta ||

16.
Mung andika kang katon jroning kang galih |
paran wisayanya |
wikan maring awak-mami |
warassêna dèn-waluya ||

17.
Mara iki lara têka ing sirèki |
angling Jatiswara |
amicorèng jroning galih |
raganingsun duk agêsang ||

18.
Pan akathah bêncana saindêngnèki |
anulya angundang |
lah Cili lunga-a yayi |
kang rinêksa ing bancana ||

19.
Iku mapan dadi bênduning Hyang Widdhi |
agawe cilaka |
wus mantuka kusuma di |
dèn-wikan ing èstrinira ||

20.
Iya kakang karsanira angaranni |
mangsa ta dèdèya |
têka ing karsanirèki |
ingsun iki wêlasana ||

21.
Ing sakarsanira ingsun tan amulih |
lah suwawi kakang |
umantuk ing wisma aglis |
sampun dangu anèng (n)jaba ||

22.
Manawi kauningan mring rama mangkin |
suwawi mring wisma |
tan purun kesah ing ngriki |
siyang ratri tan suminggah ||

23.
Jatiswara nauri sabdanira ris |
kèmêngan ing driya |
lah ta Cili ari-mami |
kusuma yu pagulingan ||

Jilid 12 - Kaca : 271

24.
Gya kinanthi Ni Sakati lon lumaris |
wus prapta ing wisma |
anjujug ing jinêm-wangi |
tan adangu tangkêp gubah ||

25.
Ni Sakati manahe bungah kapati |
têka pyuh ujarnya |
kakunge tansah dèn-jawil |
dèn-parêk kakang alênggah ||

26.
Anglanggati Ki Jatiswara mrêpêki |
alênggah ajajar |
ingaras-aras arungih |
sarya ngayuh payudara ||

27.
Tansah dèn-rarêpa anèng tilam-sari |
sawusnya mangkana |
mèh raina wayahnèki |
apan wayah tabuh tiga ||

28.
Alon wungu wau ta ingkang karon-sih |
marang ing patirtan |
kêtêmu arsa susuci |
karsanira pan sêmbahyang ||

29.
Wusnya bakda samya linggih ing surambi |
alon Jatiswara |
karsanira arsa pamit |
marang ing Ki Ragamana ||

30.
Ragamana gupuh-gupuh dènnira-ngling |
lan babo nak-ingwang |
aja lunga têka ngriki |
têka wisma-a nèng kamal ||

717 Sinom

1.
Manira arsa mit kesah |
Ki Ragamana mangkya angling |
adhuh nyawa anak-ingwang |
punapa karsanirèki |
ayun dhatêng ing pundi |
sampun kesah anak-ingsun |
asru pangampahira |
gilang pasir kari sêpi |
dalêmira asamun sêpi asunya ||

2.
Yyan sira ta mangkoa |
supaya manira iki |
dadosa anak-manira |
lêng-lêng sakèh wong ing ngriki |
nêhêr kang sida brangti |
sampun lèngsèr dènnya lungguh |
lumaris lampahira |
katiwang-tiwang samargi |
wus alêpas tan kandhêg ing lampahira ||

3.
Lumampah sarya lon-lonan |
dening marga limut wêrit |
tan etang ing wana pringga |
dening lampus manahnèki |
sira subrangtèng Widdhi |
birai marang Hyang Agung |
rêna satitahing Hyang |
warnanên kang kari agring |
Ni Sakati kalawan Ki Ragamana ||

Jilid 12 - Kaca : 272

4.
Ênêngna kang anggung brangta |
Jatiswara kang winarni |
kang lagya antuk nugraha |
lampahe tansah ing wukir |
tan arèrèn ing margi |
raina wêngi lumaku |
kandhêg mangu ing marga |
sumêngka lampahirèki |
pan sadina lampahe datan araryan ||

5.
Wus lêpas ing lampahira |
narajang parang asungil |
anut ing têpining arga |
wus tumurun sing marga writ |
sampun ngungkang jaladri |
asri wau kang kadulu |
lampah kalunta-lunta |
prapta têpining jaladri |
apan wontên dhukuh asri katingalan ||

6.
De kang darbeya samodra |
Kyai Sèh Baka anênggih |
panggènanne anèng guwa |
punika tansah prihatin |
tan mangan tan aguling |
nèng guwa têpining ranu |
warna tan kadi janma |
singa myarsa sami wingwrin |
ing padhukuhane Kiyai Sèh Baka ||

7.
Pilih ta ingkang uninga |
maring Ki Sèh Baka lêwih |
singa kang arsa uninga |
pan tapa puniku dhingin |
yèn tan atapa ugi |
pilih uwong kang awêruh |
yata Kiyai Baka |
wus ngawruhi polahnèki |
maring wau saosiking Jatiswara ||

8.
Tan ana samaraneya |
sira Ki Jatiswarèki |
umure pan satus warsa |
datan abukti aguling |
mung patra kang binukti |
sajêge umur puniku |
iku tan mawa brama |
têmên tahan lampahnèki |
têmên tahan puniku lampah utama ||

9.
Yata sira Jatiswara |
apan maksih anglumaris |
wau ta ing sêdyanira |
arsa ngampir-ampir margi |
anulya alêstari |
umampir mandhêg ing pintu |
yata wontên wijilan |
puniku amêgat warih |
sitinira alêbak parang pancuran ||

10.
Kumrusuk swaraning toya |
panggènanne langkung asri |
kacaryan Ki Jatiswara |
Ki Sèh Baka mulat aris |
yèn wontên tamu prapti |
bagus anom warnanipun |
dangu datan sinapa |
alon Ki Jatiswarèki |
Ki sèh Baka alon dènnya (ng)gula-drawa ||

Jilid 12 - Kaca : 273

718 Dhandhanggula

1.
Anêmbrama ing tamunirèki |
lah ta jêbèng sira lumajuwa |
padha-a linggih ing kene |
Jatiswara mituhu |
lan anêdha marang Kiyai |
Ki Sèh Baka madhapa |
dènnira alungguh |
punapa lanang sinêdya |
lan ing pundi sasana ingkang kawuri |
Jatiswara angucap ||

2.
Jatiswara lingira amanis |
tanpa wisma Kiyai manira |
wong amoyang tanpa ênggon |
tan wontên kang jinujug |
wong kasiyan manira iki |
aran Ki Jatiswara |
saênggèn adunung |
angucap Kae Sèh Baka |
tan prabeda lanang lan manira iki |
atut lan sabdanira ||

3.
Ki Sèh Baka alon muwus aris |
Jatiswara babo anak-ingwang |
yèn sira arsa ing mangke |
pawong sanak lan ingsun |
mindha ina tuna ing budi |
pun bapa atatanya |
ing karsanirèku |
punapa kang dera sêdya |
anglalana amatèkkên raganèki |
Jatiswara angucap ||

4.
Anampani ing sêmunirèki |
ing rarasannira Ki Sèh Baka |
manira anêdha rêke |
sabda tuwan puniku |
kang sun-têdha raina wêngi |
êndi ta coba tuwan |
Ki Sèh Baka muwus |
Ki Lanang sun-têdha sira |
lamun sira atakon cobaning Widdhi |
malêbuwa jro guwa ||

5.
Ing jro guwa samarre kapati |
pilih-pilih lanang kang wikanna |
pan ana sosotya rêke |
tan sirna yèn sira wruh |
lah pundhutên gawanên mijil |
Jatiswara angucap |
lah anêdha tèngsun |
ing pundi marganing guwa |
Ki Sèh Baka amuwus wacana manis |
lah bapa mareneya ||

6.
Ki Sèk Baka yata muwus aris |
lah ta iku margane kang guwa |
lawang mênga minêb dhewe |
pilih-pilih kang wêruh |
bangkit têmên kang anginêbi |
iku ta kawruhana |
dèn-awas andulu |
ing guwa kang katingalan |
gêbyar-gêbyar gêbyare awor lan thathit |
sigra malêbu guwa ||

7.
Têkèng guwa wijil kang kariyin |
nulya pindho wijil kaping tiga |
prapta tundha kaping pate |
têkèng wijil ping pitu |
aningali padhang nêlahi |
ana mancur katingal |
Jatiswara mangu |
apikir ing nalanira |
anênêdha ing Sukmanira kang asih |
ing dunya ing akerat ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (06) Kaca 256 - 263
  • (08) Kaca 274 - 287 >