Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434641
Hari ini     :Hari ini :41
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :107
Bulan ini   :Bulan ini :3270
s/d hari ini   :s/d hari ini :434641
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 11

Kontak Admin.

email-kidemang

 (10) Kaca 293 - 305

 

( Sèh Amongraga kalihan garwa Ni Selangbrangti )

12

V. Sèh Amongraga kalihan garwa Ni Selangbrangti ingkang wontên ing alam asamun gadhah osik kapengin jumênêng ratu, lajêng mêsat sowan Sultan Agung ing Mataram ingkang anamur jumênêng pandhita ing rêdi Telamaya jêjuluk Panêmbahan Nyakrakusuma Sidawakya. Gêgayuhanipun Sèh Amongraga sakalihan sagêd kalêksanan. Lumantar sami dados gêndhon jalêr èstri kadhahar Sultan Agung lan Pangeran Pêkik, nurunakên Sultan Amangkurat. Têmbenipun kaamuk dening kraman Trunajaya, kaplajêng dhatêng Banyumas dumugi sedanipun, kasêbut Amangkurat Têgalarum.

1. Sèh Amongraga gadhah osik kapengin dados ratu, mila sakalihan lajêng sowan Pandhita ing rêdi Telamaya ingkang estunipun Kangjêng Sultan Agung anamur dados pandhita jêjuluk Panêmbahan Nyakrakusuma Sidawakya, suka pitulungan dhatêng para kawula alit dumugi para abdidalêm ingkang atekad wilujêng. Sadèrèngipun Amongraga ngaturakên tekading manah, sang Pandhita sampun mangêrtos lan kaanggêp têka nyalênèh anggènipun mèri dhatêng kanugrahaning asanès, lan punapa botên prayogi jumênêng pandhita? Sèh Amongraga mantêp dhatêng tekadipun, nadyan sakit dumugining pêjah. Mila sang pandhita namung mituruti lan asung margi. Sèh Amongraga sakalihan supados dados gêndhon jalêr èstri. Punika dados sarana anggènipun badhe manunggal darah kalihan Sultan Mataram. Sasampunipun dados gêndhon, lajêng kalêbêtakên ing bumbung lan kabêkta kundur. Dumugi ing kraton Sri Sultan Agung nimbali Pangeran Pêkik sakalihan garwa Ratu Pandhansari. Gêndhon kadhahar dening Kangjêng Sultan lan Pangeran Pêkik. Têmbènipun Kangjêng Pramèswari pêputra kakung lan Ratu Pandhansari pêputra putri, lajêng kajodhokakên, wêkasan putra dalêm jumênêng ratu nggêntosi ramanipun kanthi asma Sultan Amangkurat. Nalika jumênêng ratu sampun kagungan putra kakung ingkang lajêng kajumênêngakên Pangeran Adipati calon anggêntosi

ramanipun. Kaelokaning Pangeran, Sultan Amangkurat tumindak daksiya dhatêng para abdi lan kawula, midana lan midana pêjah. Mataram gègèr, saengga Pangeran Adipati damêl kraman ingkang dipun pandhegani Trunajaya. Mataram bêdhah, Sultan Amangkurat kaplajêng dhatêng Banyumas, kadhèrèkakên putra Pangeran Adipati lan rayinipun Pangeran Pugêr. Sang Pangeran Adipati botên purun ngrêbat Mataram, wasana Pangeran Pugêr ingkang tumandang lan sagêd mimpang yudanipun, wêkasan jumênêng ratu asma Sinuhun Pakubuwana. Sultan Amangkurat dumugi ing sedanipun kasarèkakên ing talatah Têgal, katêlah kasêbut Amangkurat Têgalarum. Titi tamat cariyosipun Sèh Amongraga ing dalêm Sêrat Cênthini.


Kaca 293 - 305.

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 12 - Kaca : 293

721 Sinom

5.
Mangkana osiking driya |
yèn anggung mangkene iki |
amung ngumbara lalana |
tan yogya amulang ngèlmi |
kalamun dadya jalmi |
darbe pangawasa luhung |
nuntuni sakèh janma |
karya rahayuning bumi |
pupuntone arsa umadêg narendra ||

6.
Gadgadèng tyas kalihira |
umêsat arsa papanggih |
lawan (n)Jêng Sultan Mataram |
Nyakrakusuma sang Aji |
Mangkya nêdhêng mimidik |
anèng sapucaking gunung |
Telamaya kang arga |
lor kulon Marbabu wukir |
ananamur tan nana ingkang uninga ||

7.
Kalamun kang mindha Tapa |
anèng sapucaking wukir |
sabên malêm ari Sukra |
Kêmisnya Nata tinangkil |
nêtêpi dadya Aji |
sajêngkarira sang Prabu |
mêmpên anèng jro tilam |
sajatinira niningit |
mindha Tapa mumulang anèng ing ngarga ||

8.
Nadyan kèh para punggawa |
nayaka lawan bopati |
sami samar pandulunya |
tan nana anduga sami |
kalamun (n)Jêng sang Aji |
kang namur ana ing gunung |
kinira tuhunira |
sang Tapa ingkang sajati |
apaparab Panêmbahan Nyakrasuma ||

9.
Sidawakya arannira |
wong desa ingkang ngaranni |
kèh janma kang sami seba |
warna-warna ingkang pinrih |
wênèh ana sujalmi |
nunuwun darbeya sunu |
wênèh minta darajat |
ana kang nuwun rijêki |
lan usada sarupane kang lalara ||

10.
Amung sang Rêsi tan arsa |
paring sarana mring janmi |
tuju têluh taragnyana |
kang gêthingan samya jalmi |
pinrih rukun prayogi |
narima satitahipun |
wênèh ana kang minta |
ngèlmu rasa karsa jati |
ngèlmu nyata kasampurnan kaprawiran ||

11.
Kèh wadya punggawa Nata |
bupati panèwu mantri |
marêk maring padhepokan |
ing Ngandongrukmi pra sami |
nunuwun warni-warni |
sinambadan sang Awiku |
tan nana kang kacuwan |
sagung kang nunuwun sami |
risang Tapa mung kalih cacantrikira ||

Jilid 12 - Kaca : 294

12.
Wasta santri kalihira |
pun Ngalim miwah pun Ngadil |
rumêksa dhedhepokira |
nèng dhepok dènnya papanti |
wau santri kakalih |
tyasira langkung sumungku |
nèng wukir Telamaya |
anyantrik marang sang Rêsi |
datan wikan kalamun wau sang Nata ||

13.
Para nayakaning praja |
kèh nuwun sarana sami |
kaprawiraning ngayuda |
amung sakêdhik kang mamrih |
sampurnaning dumadi |
kasunyatanirèng ngèlmu |
Ki Mênggung Wiraguna |
nyalênèh ingkang ingudi |
mrih siniyan dhumatêng ing Naranata ||

14.
Panglocitane sang Tapa |
èsmu gumujêng ing galih |
dene iki ta wong tuwa |
apangkat bupati ngarsi |
amung minta dènsihi |
marang risang Maha-prabu |
nanging sang pindha Tapa |
tan masgul dènnya paparing |
saciptanya sujanma tan nana cuwa ||

15.
Andikanira sang Tapa |
kalamun sira mung mamrih |
sinihan dening Narendra |
baya gampang kang pinardi |
sira dipun-tabêri |
marêg maring sang Aprabu |
di-sumungku tyasira |
kumandêl marang sang Aji |
amituhu apa ing sadhawuhira ||

16.
Dipun waspada ing karsa |
yèn bangkit nuju panggalih |
karênannira sang Nata |
aywa kongsi nyulayani |
dipun-trêsna-a kadi |
maring sudarma satuhu |
sumungkêm trusing nala |
yayah mring Allah sayêkti |
aywa mèngèng nglakoni ayahanira ||

17.
Abot ènthènging pakaryan |
tan nana agêng lan alit |
kabèh dhawuhing Narendra |
tan na rèmèh parlu ugi |
mungguh kabèh karsa ji |
inganggêpa sami parlu |
dipun-têmên ing karya |
aywa (n)daleya ing kardi |
di-lêgawa lara têkaning palastra ||

18.
Tan susah mawi sarana |
sarat masrute sadawir |
kalamun wus nêtêpana |
kadya warahingsun iki |
sayêkti yèn dèn-sihi |
sira marang sang Aprabu |
ywa sêmang-sêmang sira |
sihira Sri Narapati |
nora cuwa sira sumungkêm ing Nata ||

19.
Ki Tumênggung Wiraguna |
datan anyana sadami |
lamun kang marah punika |
tuhune Sri Narapati |
kinira tuhu Rêksi |
kang mumpuni sarwa putus |
suka nulya pamitan |
linilan mundur anuli |
tan kawarna kang mundur saking ing ngarsa ||

Jilid 12 - Kaca : 295

20.
Amarêngi titi sonya |
ing wanci wus madya ratri |
sang Tapa pribadi lênggah |
anèng pacrabakan alit |
wisma dêling sasiki |
cagakira samya pêtung |
ginanjêl sela seta |
balunganira pring ori |
pagêr plupuh wuluh ginapit ing pucang ||

21.
Payon sruwa gaglamitan |
kadya gimbaling rasaksi |
sêmu wilis lumutira |
katuwuhan warni-warni |
bayêm latêng lan trêni |
karo kombang samya manglung |
rumambat ing papasan |
bolu galing bondot kèksi |
widasari sumlak seta sarinira ||

22.
Amrik minging gandanira |
kèntaring samirana ris |
mulêg kadya buratwida |
yayah gandaning apsari |
tumurun sing swarga di |
lalangên pucaking gunung |
wangun tajug kang wisma |
rong puluh pêcak pasagi |
angarompyoh pindha sisinoming kênya ||

23.
Suluring pakis ngarêmbyah |
lung jangga kang mobat-mabit |
katub dening samirana |
isthane kadya kênya di |
tangkis asta ing ngungsir |
pinrêping priya mrih lulut |
manêngkah-nêngkah jaja |
katrêsaning driya langit |
sirating (m)bun kadya swanitaning kênya ||

24.
Kumyus ingkang gêng rèwèyan |
sumirat kadya ngêpyuri |
mring priya kang mriyêmbada |
arsa mangrurahing sari |
sumribiting kang angin |
sung swara uswa winangun |
sêsêg sinrêg asmara |
lir kênya katêmbèn rêsmi |
jroning dhepok sidhêm tan nana sabawa ||

25.
Kèh janma kang sami nimpar |
tirakat marêg sang Yogi |
anging anèng Panataran |
wus samya kapati guling |
galasah jalu èstri |
natarira gasik adhum |
kayoman dening wrêksa |
nagapuspa angidêri |
sêdhêng sêkar angambar-arum gandanya ||

26.
Pucang marapit ing (n)jaba |
sami mayang amêkari |
mulêg gandanira kongas |
kang katub maruta ririh |
karya nyêming ati |
kataman ganda rum-arum |
mangkana sang Atapa |
wus wikan sajroning galih |
lamun arsa katamuwan ing utama ||

Jilid 12 - Kaca : 296

27.
Anggung manungku ing karsa |
pinêlêng sajroning galih |
palaling Hyang kasêmbadan |
wus purna pramana yêkti |
katon risang Palinggih |
ing ngarsa anèng tatamu |
sakloron tamunira |
priya kalawan pawèstri |
cahyanira sang kalih nawang sasangka ||

28.
Ririh uluk-salamira |
winangsulan sami ririh |
ngacaran lênggah satata |
anèng klasa pandhan wangi |
mangkana sang Ayogi |
ris wijiling pambagya yu |
rahayuwa kang prapta |
rahayu ing ngarsa wuri |
paran baya karaya-raya panggiha ||

29.
Wus nulya ngulari paran |
kumudu dahwèning jisim |
nyaruwe karya kang nistha |
mèri karyaning acêplik |
wong mudha sami kingkin |
labêt saking tyasnya punggung |
beda kang wus sampurna |
panaul panak dumêling |
têka (n)dadak lalayu karyaning jana ||

30.
Lamun kamuktèning dunya |
binujung anggung anêbih |
kawibawan saminira |
tan karya marêming galih |
dadya têlêng prihatin |
barubahing driyanipun |
baya andrêng andadra |
kalayu anandhang kingkin |
sangsorarda wus mulya agolèk apa ||

31.
Mangkana Sèh Amongraga |
dupi miyarsa kang wangsit |
sasmitanira sang Tapa |
akarya rudahing galih |
wus nyandhak kang ginusthi |
tuhu risang pindha Wiku |
waskitha saosiknya |
wicaksanane sang Aji |
saciptanya cinêda karya rubeda ||

32.
Têmbunge para nujêmba |
kang wus limpat ing pangèksi |
sinamun wawangsonira |
kacêtha sarasèng galih |
Sèh Mongraga nanduki |
kadhinginan karsanipun |
dadya ris aturira |
sêmu nalangsa dera-ngling |
dhuh sang Tapa kalèngane wus waspada ||

33.
Saosike sagung titah |
wus tan samara sayêkti |
satuhu Nata utama |
Pandhita ingkang linuwih |
marma bangkit nampèni |
nurbuwah kukumahipun |
nugrahanirèng Suksma |
prabawa wus angimpuni |
sahir kabir winêngku sajroning driya ||

Jilid 12 - Kaca : 297

34.
Ing mangke prapta-manira |
sakoloron lawan rabi |
tuhu datan kalêmpitan |
warananira Hyang Widdhi |
sadaya wus kapusthi |
nanging mangke kang kinayun |
lamun paduka arsa |
paring sarana sayêkti |
ulun nêdya mangèstu darah paduka ||

35.
Anambung datan sumêla |
sabab paduka kaèsthi |
pinèta dadya sarana |
lantaranirèng dumadi |
titah ingkang linuwih |
mangsa kilapana tuhu |
parasdyaning kasidan |
paduka ing cipta-mami |
mung sumarah sarèh paduka kewala ||

36.
Sang Tapa mèsêm ing driya |
dadya angandika aris |
dhuh kisanak punapa-a |
sanyata karsa puniki |
mantêp cipta sayêkti |
datan ajrih srananipun |
tuhu sakit tinêmpah |
tumama marang ing jisim |
luwih lara laraning wong cuwa harda ||

37.
Nanging maksih langkung lara |
kadya angungudi dadi |
dadinira mrih kasidan |
dumadi janma utami |
ingkang ginayuh ngèlmi |
luwih sangsara pinangguh |
nanging andrênging driya |
datan rinasa kang sakit |
yèn sanyata aywa sambat angrêsula ||

38.
Mapan iku tinêmaha |
saking karsanta pribadi |
manira tan arsa-arsa |
midana angsung sasakit |
dosanira pinanggih |
kukuming angga tumanduk |
ing mangke karsanira |
nêmaha arsa ngadoni |
darah-ingong kalayu umadêg Nata ||

39.
Iku tujune manira |
amung arsa nambadani |
punagi sajroning driya |
singa ingkang nêdya apti |
minta-sarayèng kami |
sakawasa pan jinurung |
amung wêling-manira |
ajwa anunutuh benjang |
mring manira manawa anêmu papa ||

40.
Lan malih wêling-manira |
lamun wus sêmbada benjang |
jumênêng sri narendra |
ajwa kaduk nawung kibir |
amawas angruhuni |
ing pasthi dèrèng tumanduk |
sahir kabir lampahnya |
apan ta beda sakêdhik |
yèn ing batin dèrèng kêna pinidana ||

41.
Kalamun wus babarira |
anèng pakartining lair |
iku sêdhênge tampiya |
pidananira sang Aji |
kalamun dèrèng kèngis |
kasamnadan tindakipun |
kalamun pinidana |
dede kukucahing Aji |
gagantungan anèng karsaning Pangeran ||

Jilid 12 - Kaca : 298

42.
Sèh Mongraga duk miyarsa |
sakèh wulange sang Yogi |
sumanggêm sadayanira |
tan ana ingkang tinampik |
mangkana nauri aris |
pukulun sang maha Wiku |
sadaya dhawuh-tuwan |
sandika darma nglampahi |
wus tinêmah sakèh cobanirèng lampah ||

43.
Malih muwus sang Pandhita |
marang tamune linuwih |
dhuh ki-sanak piyarsakna |
wêling-manira puniki |
manira wus udani |
putus-para ing pangawruh |
wahyu ingkang nubuwah |
katitik cahya kaèksi |
papantêse jumunênga kang pandhita ||

44.
Nununtun agama mulya |
ngèlmu lair lawan batin |
wus datan ana kuciwa |
-para ing pamawas-mami |
nanging para ing mangkin |
têka (n)dadak kapiluyu |
mamèt wahyu kukumah |
apan arsa amumpuni |
wahyuning Hyang ginulung dadiya tunggal ||

45.
Mèri bêgjaning sasama |
winih saking panas sêrik |
lamun maksih nglabêtana |
kang rasa panas sak-sêrik |
dadya pamurung ugi |
karan mungguhing ratu |
sirna kamèrènira |
sak-sêrik datan (n)darbèni |
marmanira ing nguni manira karya ||

46.
Ambêdhah mring ramanira |
minulya (n)Jêng Sunan Giri |
karana ana dosanya |
nubuwahira kasilib |
takabur ambêg êdir |
sumêngguh angaku-aku |
Asmane Kang Kawasa |
amêngku kawasèng Aji |
kang sinêbut Narendra Kalipatulah ||

47.
Lamun Pangeran wus karya |
wawakil Sri Narapati |
pagene tan pinarcaya |
ana malih kang ngayomi |
nênggih ramanta nguni |
kadya angakoni lugu |
Pangeran kang kawasa |
amêngku adil ing bumi |
lah ta para surasane piyarsakna ||

48.
Ing nguni ingkang ngong-patah |
ambêdhah marang ing Giri |
ipe-manira kawala |
kang aran Pangeran Pêkik |
mung sadarma lumaris |
awit saking pakaningsun |
marma ing mangkya para |
ajwa andunungi sêrik |
mring kaipe Pangeran Pêkik sanyata ||

49.
Mungguh ta wahyu kukumah |
sasangganing Narapati |
suci ngadil lawan trêsna |
marang sagunging dumadi |
tan mawi mèrang-mèri |
marang wahyuning tumuwuh |
kalamun tan ngrubeda |
marang jênênging Narpati |
dènnira mrih adil ayuning bawana ||

Jilid 12 - Kaca : 299

50.
Sang Nata wus apaparab |
panêtêp agama suci |
panuntuning janma mudha |
amlasi marang kaswasih |
tanapi amadhangi |
pêpêtênge tyas puniku |
marma mêngko manira |
sisinglon umadêg Rêsi |
anèng arga mung murih angayomana ||

51.
Sagunging kang wadyabala |
gung alit ingkang pra sami |
kacingkrangan gêsangira |
ing lair lawan ing batin |
lêgawèng tyas nulungi |
(ng)gwaningsun arsa mamayu |
karya ayêming jana |
warata ayu sabumi |
yèn wus wikan para sami nyanggêmana ||

52.
Sèh Mongraga duk miyarsa |
sakèh dhawuhe sang Yogi |
nalangsa atur mamêla |
pukulun amba wus tampi |
karsa-paduka sami |
wus samapta badan-ulun |
kalawan pun rubiyah |
sumangga karsa sang yogi |
tan (ng)grantêsa ing lara praptaning laya ||

53.
Mara sumêdya anuta |
sadhawuhira sang Yogi |
kakalihnya wus sanega |
sakarsa ulun tut-wuri |
sang Nata angling aris |
para wus pralêbdèng kewuh |
ngarah amangun raga |
angrasuk badan jasmani |
anyipta-a malih jasmani sarana ||

54.
Dadiya gêndhon samangkya |
siji sèwang ingkang warni |
apan dadya sarananya |
manukma ring jasat-mami |
para têmbea dadi |
suta-manira kang jalu |
ginadhang madêg nata |
mijil saking pramèswari |
rabinira dadiya gêndhon wanodya ||

55.
Arsa sun-paringkên ika |
ya marang Pangeran Pêkik |
supadya darbeya suta |
wanudya ayu linuwih |
benjang dhaupa ugi |
kadang nak-sanak puniku |
para lan rabinira |
dadya jatukrama malih |
ing satêdhak mawor lan darah-manira ||

56.
Gadgada sukaning driya |
wau risang Amongragi |
anolih mring rabinira |
sasmita arsa nêkani |
tanggap ingkang liniring |
sakala amalih lwujud |
dadya gêndhon kalihnya |
jalu lawan pawèstri |
ingkang jalu sêmu krêsna gêng sirahnya ||

57.
Kang èstri alit sirahnya |
ing ngarsa pan sêmu abrit |
waspada wau sang Nata |
kang gêndhon cinandhak aglis |
winadhahan anuli |
saêrosing bumbung wuluh |
amung srêg lêbêtira |
kalangkung pêtêng jroning pring |
nging tan sambat waspada pamawasira ||

Jilid 12 - Kaca : 300

58.
Saksana sang Wiku-tama |
wancinira bangun enjing |
sigra umêsat sakala |
wus prapta sajroning puri |
nulya Subuh sang Aji |
paragat sunating Subuh |
dhikir ratibanira |
byar raina nuli mijil |
Sri Narendra kasmaran mulat ing garwa ||

722 Asmaradana

1.
Bang-bang wetan sirat enjing |
kumênyar sunaring surya |
kadya kancana babare |
rame swaraning kukila |
wijah-wijah mawarna |
lir nambrama wijilipun |
pandaming kang prabudita ||

2.
Asri sabawaning paksi |
kang samya andon karoja |
ramya amyang pangocèhe |
thilang cocak miwah jalak |
kathik johan kêpodhang |
paparêngan uninipun |
paksi anggungan bêkuran ||

3.
Bêrkutut ngayêr anèng wit |
drêkuku arang anèng pang |
sumêla thêruk bêkure |
ramening cèthi jro pura |
kang samya amèt toya |
wênèh adus raub |
kalawan mangun busana ||

4.
Besusan angadi warna |
kang sami arêbut endah |
datan winarna solahe |
wus watake para kênya |
kang anèng jroning pura |
karya asrining kadhatun |
kang samya angendah warna ||

5.
Kawuwusa Narapati |
lênggah madyèng dhatulaya |
ajajar lawan sorine |
anulya dènnya anduta |
cèthi kalih saksana |
kinèn animbali gupuh |
ing rayi Dyah Ratu Pandhan ||

6.
Sakaliyan Pangran Pêkik |
kinèn umanjing pura |
cèthi kalih mundur lèngsèr |
sang Nata malih ngandika |
maring (n)Jêng Pramèswara |
dhuh yayi manira mundhut |
pagênèn karya bakaran ||

7.
Anglo padupan prayogi |
lawan bumbu asêm uyah |
ingulêg lawan brambange |
(n)Jêng Ratu nulya dhawah |
marang Nyi Mênggung Soka |
sigra dènnira amundhut |
tan dangu sumaos ngarsa ||

Jilid 12 - Kaca : 301

8.
(n)Jêng Ratu matur wotsari |
marang raka Sri Narendra |
kadiparan ing karsane |
paduka Nata mundhuta |
pagênèn bumbunira |
punapa ta karsanipun |
dene tuhu nyala-wadya ||

9.
Paduka duk wingi tampi |
kang sêkar Wijaya-mulya |
taksih rinimat ing mangke |
punapa lamun adhahar |
mawi bumbu binakar |
dene kadya ulam tuhu |
sang Nata ris angandika ||

10.
Lah yayi pundhutna glis |
kang sêkar Wijaya-mulya |
saking Nusa Kambangane |
jumênêng Ratu Kêncana |
tan dangu wangsulira |
ngaturkên cêmung cucupu |
wadhahe Wijaya-mulya ||

11.
Wus sumaos anèng ngarsi |
cinandhak dhatêng sang Nata |
binuka wau tutupe |
kang sêkar maksih katara |
wangsulkên tutupira |
sinalahkên anêng ngayun |
anulya ris angandika ||

12.
Marang garwa Pramèswari |
dhuh yayi mundhut manira |
wedang kang pangunjukane |
pateyan sadhiyanana |
cangkir catur manawa |
arinira karo malbu |
kinarya kang pasunggata ||

13.
Kasaru ingkang umanjing |
Ratu Pandhan marêk ngarsa |
sakaliyan lon sêmbahe |
sêmu gugup lêbêtira |
dene enjing wus tampa |
timbalane sang Aprabu |
nulya wotsari mangarsa ||

14.
(n)Jêng Ratu Pandhan turnya ris |
pukulun paraning karsa |
dene agita dhawuhe |
animbali maksih enjang |
maring amba kaliyan |
langkung kumêpyur tyas-ulun |
paran wigatining karsa ||

15.
Manawi gêrah sang Aji |
dene maruput sih enjang |
duta tan sarèh lampahe |
mèsêm angling Sri Narendra |
arum wijiling sabda |
dhuh yayi (m)bok aywa gugup |
panggalih dèn-sarèhêna ||

16.
Wruhanira sira yayi |
ratri sun-supêna miyat |
jalu-èstri wahyu kaot |
kang jalu nêdya adadya |
iku putra-manira |
têmbe umadêga ratu |
dene ta ingkang wanodya ||

17.
Prasabên arsa umanjing |
têmbe dadya yoganira |
mijil wanita yêktine |
jinodho lan putraningwang |
marma iki manira |
animbali sira gupuh |
umanjing pura kaliyan ||

Jilid 12 - Kaca : 302

18.
Arsa prasabên wak-mami |
têmbe arsa bêbèsanan |
aja na kongsi kasupèn |
(n)Jêng Ratu Pandhan sakala |
lêjar sumèhing nitya |
dadya aris aturipun |
pukulun sumanggèng karsa ||

19.
Lamun ta tuhoning wangsit |
bêgja kamayangan amba |
antuk pratiknya sang Katong |
arsa bêbèsanan mulya |
punapa suminggaha |
datan gumingsir satuhu |
manira atadhah karsa ||

20.
Mangkana wau sang Aji |
ngandika malih pan sarya |
angunus bumbung wuluhe |
sinêlap anèng ing madya |
Narendra ris ngandika |
mring Pangran Pêkik ing ngayun |
dhuh yayi ana wahana ||

21.
Kang wujud wahyu kaèksi |
iki rupane sanyata |
gêgêndhon kalih warnane |
siji sewang binuktiya |
sira lawan manira |
aywa kongsi ragu-ragu |
manawa dadining sêdya ||

22.
Bumbung sinuntak gya mijil |
anèng bumbu asêm uyah |
lawan barambang lalangèn |
ing wadhah piring kancana |
wau ta duk tumingal |
Pramèswari lan (n)Jêng Ratu |
mring gêndhon kagyat lumajar ||

23.
Tanpa tata angabêkti |
kesah dinadak sru gila |
bubar sagung pawongane |
lumayu akitrang-kitrang |
kirig-kirig magila |
datan wantala andulu |
warnane gêndhon samana ||

24.
Wau sang Nata kang kari |
kalawan ipe-narendra |
Pangran Pêkik nèng ngarsane |
hèh yayi mangkya surupa |
iki gêndhon karonya |
pawèstri kalawan jalu |
kadadyan manungsa tama ||

25.
Kang arsa umanjing siwi |
sira kalawan manira |
siji sèwang pangalabe |
ingsun dhihin kang ngalappa |
amiliha ingkang priya |
Pangran Pêkik aturipun |
amung sumangga karsèndra ||

26.
Sang Nata nulya anyapit |
supit salakaning wangwa |
kang gêndhon sinapit age |
amilih gêndhon kang priya |
sirah sinapit sigra |
binakar ana ing latu |
padupan sumaos ngarsa ||

27.
Sasambate mêlas asih |
molak-malik solahira |
karêkêlan ing panase |
dhuh Gusti langkung panasnya |
kadi api naraka |
baya tan kawawa ulun |
nahên panasing pawaka ||

Jilid 12 - Kaca : 303

28.
Nata angandika aris |
lah paran ingsun wus mojar |
marang sira sayêktine |
wus nulya amamrih papa |
saking kamurkanira |
datan narima ing pandum |
wruhanta sakèhing karsa ||

29.
Samya anrang ing pangèsthi |
ujarira wus prasètya |
lara pati anut bae |
pagene têka sasambat |
amung gênining dunya |
datan sapira kang apyu |
tan paja api naraka ||

30.
Mèh matêng pinanggang agni |
kang gêndhon malih wacana |
kararantan ing ature |
dhuh Gusti lamun sambada |
kaparêng ing karsendra |
ulun arsa pindhah wau |
marang ing Wijayamulya ||

31.
Datan wantala wak-mami |
nahên panasing pawaka |
sang Nata ris andikane |
prayoga nanging tilara |
wujud gêndhon kang warna |
mring sêkar Wijaya-arum |
samana wus matêng sigra ||

32.
Gêndhon dhinahar sang Aji |
anulya dhahar kang sêkar |
Wijaya-kusuma age |
wus anukma yitmanira |
wau Sèh Amongraga |
marang rahsane Sang Prabu |
mangkana gantya kocapa ||

33.
Sang Nata maringkên nuli |
mring Pangran Pêkik saksana |
anglo kalawan gêndhone |
anulya sinapit sigra |
pinanggang nèng pawaka |
angiyêng tangis kaprungu |
sêsambat lir calapita ||

34.
Angrês ingkang amiyarsi |
sasambatirèng wanodya |
kadya anandhang kaninne |
ananging sigra sinêngka |
nênggih pambakarira |
saksana gêndhon wus lampus |
nulya dhinahar wus têlas ||

35.
Wus paripurnaning kardi |
sang Nata nulya dhadhawah |
kinèn ngundurêna age |
anglo miwah panjangira |
kantun ingkang pateyan |
kinèn animbali gupuh |
Pramèswari sigra prapta ||

36.
(n)Jêng Ratu Pandhan tan kari |
kalih wus umarêk ngarsa |
Nata aris ngandikane |
lah pagene padha lunga |
lumayu kitrang-kitrang |
(n)Jêng Ratu nêmbah umatur |
pukulun atadhah duka ||

37.
Saking tan wantala mèksi |
marang kakalih kang warna |
kang gêndhon langèn solahe |
anèng bumbu munggèng panjang |
kalihnya karêjotan |
amba karasa (n)jangkêrut |
kang angga kadya kasrêpan ||

Jilid 12 - Kaca : 304

38.
Nuri ring angga waradin |
datan datan sagêd angraosna |
(n)Jêng Ratu Pandhan ature |
tan prabeda lir mangkana |
rasaning kang sarira |
sang Nata ngandika arum |
iya wus datan ngapa-a ||

39.
Wus paripurna kang kardi |
sira ro sami ngacaran |
parêng angunjuk wedange |
ing watara lênggahira |
ari nulya liningan |
kalilan wangsul akondur |
wus nêmbah lèngsèr kalihnya ||

40.
Ratu Pandhan Pangran Pêkik |
undure saking jro pura |
anggung rarasan kalihe |
sarwi ascaryaning driya |
antuk dhawuh pratignya |
arsa bèsanan ing pungkur |
(n)dhèrèk nêrahkên narendra ||

41.
Kawarna-a Narapati |
ing ratri sare lan garwa |
dadya Sori (ng)garbinine |
Pangran Pêkik miwah garwa |
Ratu Pandhan samana |
adrênging driya salulut |
wus (ng)garbini sasarêngan ||

42.
Sinigêg wuryaning kawi |
Sêrat Cênthini carita |
makatên ing puwarane |
rancaganing kang carita |
babaring para putra |
putra Nata mijil jalu |
ginadhang gumnatyèng Nata ||

43.
Ratu Pandhan ingkang siwi |
mijil wanita yu-endah |
pinacang awit timure |
pinundhut anèng jro pura |
praptèng mangsa diwasa |
anulya putra dhinaup |
atut rukun kalihira ||

44.
Karya sukaning Narpati |
miwah ibu Pramèswara |
tanapi Ratu Pandhane |
mantunira wus dinadya |
Pangran-dipati nama |
sasurude sang Aprabu |
agya gumantyèng Narendra ||

45.
Sambada ing warna pêkik |
duk Nata jumênêngira |
sampun puputra priyane |
wau risang Rajaputra |
madêg Pangran-dipatya |
mangkana wau sang Prabu |
ngubalakên kaelokan ||

46.
Kawaspadaning pangaksi |
kèh wadya punggawanira |
ingkang pinidana mangke |
winawas darbe tyas cidra |
wênèh ingkang culika |
ana cêlak pêjahipun |
ginege kukum Narendra ||

Jilid 12 - Kaca : 305

47.
Saya dangu sang Narpati |
adrêng dènnya amidana |
mamati mring punggawane |
horêg sanagri Mataram |
papatih lan nayaka |
makêtêr tyas asmu giyuh |
wingwrin karsane Narendra ||

48.
Datan (n)dungkap ing karsa Ji |
mangkana sang Rajaputra |
ginubêl ing punggawane |
kawêkèn pangrèhing tata |
ajrih matur ing rama |
dadya tyas karya panamun |
amatah santananira ||

49.
Trunajaya kang piniji |
mangetan madêg karaman |
sinung nawala karsane |
angege ing rama Nata |
saking èmênging driya |
para bupati wetan sayuk |
rinèh dening Trunajaya ||

50.
Mangulon (m)bêdhah nagari |
Mataram dadya bêdhahnya |
sang Nata mangkya linggare |
mangilèn marang Toyamas |
lawan putra kalihnya |
Pangran-dipati tut-pungkur |
tan arsa kinèn ngrêbata ||

51.
Nênggih ing Mataram nagri |
dadya sumèrèn arinya |
Pangran Pugêr wangsul age |
angrêbat nagri Mataram |
anundhung Trunajaya |
wus madêg jujuluk Prabu |
(n)Jêng Sunan Pakubuwana ||

52.
Anèng Mataram nagari |
kawuwusa Sri Narendra |
ingkang linggar ing lampahe |
mung lawan putra sajuga |
nênggih Pangran-dipatya |
nèng Banyumas sang Aprabu |
nandhang gêrah têkèng seda ||

53.
Sumare nèng Têgalwangi |
mangkana wêkasanira |
ing nguni mangka wêlinge |
(n)Jêng Sultan mindha Tapa |
patraping kang Narendra |
kukumira sang Aprabu |
atilar pitungkasira ||

54.
Midana wadya kang silib |
dèrèng kababaring dosa |
têmah karya ing gègère |
dadya satru lawan putra |
binêdhah Trunajaya |
katiwang-tiwang sang Prabu |
sedanira anèng paran ||

55.
Titi tamat ingkang tulis |
têlas ingkang cinarita |
Sèh Mongraga lalakone |
kongsi umadêg narendra |
kendhang têkèng pralaya |
karan Sunan Têgalarum |
kapisah sumarenira ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (09) Kaca 288 - 292