Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434706
Hari ini     :Hari ini :106
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :172
Bulan ini   :Bulan ini :3335
s/d hari ini   :s/d hari ini :434706
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 17

Kontak Admin.

email-kidemang

 (09) Kaca 288 - 292

 

( Jayèngrêsmi nggêntosi kalênggahanipun Ki Bayi )

12

2. Ingkang katilar, putra sêpuh Jayèngrêsmi nggêntosi kalênggahanipun Ki Bayi. Sasampunipun sèwu dintênipun sawêg purun pindhah dhatêng dalêmipun Ki Bayi Panurta. Pangrèhing santri botên beda kalihan swargi ramanipun, kanthi trêsna asih, mila dipun sujuti. Paprentahan sadintên-dintênipun katindakakên dening Jayèngraga, tata titi têntrêm.


Kaca 288 - 292.

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 12 - Kaca : 288

719 Mijil

49.
Ingadanan sinarêng kakalih |
kinamatan gantos |
Basarodin arum ngrês swarane |
katabêtan matrênyuhing ati |
sadaya kang myarsi |
kararantan wuyung ||

50.
Ingurugan wau kubur kalih |
mawa karas karo |
kongsi mungkrug wau urugane |
ingkang krêndha siningkirkên sami |
sinêbaran sari |
lir lurup angumbruk ||

51.
Sarampunge dènnira ngurugi |
Ki Pangulu manggon |
lungguh anèng kubur antarane |
dadaganing kang kubur kakalih |
watara kapering |
gya talkim-irèku ||

52.
Nutug tutug ucapirèng talkim |
sadaya rumojong |
angamini wau ing dongane |
wus paragat sacaraning mayit |
sadaya anuli |
mundur wangsulipun ||

53.
Mring pandhapa atata kang linggih |
wau sagunging wong |
nulya mijil kang kandhuri gêdhe |
dhudhulangang gotongang kandhuri |
tinala maripit |
jajar kapang kepang ||

54.
Kur-ungkuran tumpêngira sami |
sinigar dadya ro |
gya angingêr bêlah kakalihe |
kukuluban kêbak angubêngi |
lam-ulaman sami |
mawarna atêpung ||

55.
Nulya ngadêg wau Basaroddin |
(n)dongani tumlawong |
gumarênggêng aguyub amine |
praptèng wêkas wau donga amin |
anulya pra sami |
ing kandhuri andum ||

56.
Amoloni miwah nyapuluhi |
kang nadhah aroyom |
dènnya wanting kukucur koboke |
durung rêsik kasêlan nyowoki |
tumpêngira nuli |
rinurah pinuluk ||

57.
Angucapah ingkang samya bukti |
wau sakèhing wong |
gya dinuman kacu lalawone |
binuntêlan arta suku tali |
kêthip ingkang dadi |
ing salawatipun ||

58.
Wus warata antuk kacu sami |
agêng aliting wong |
jalu èstri datanapi lare |
datan ana kaliwatan siji |
nutug dènnya bukti |
(n)dum barêkatipun ||

Jilid 12 - Kaca : 289

59.
Gya binuntêl anèng kacu sami |
kongsi ambareyot |
nulya bubar sowangan ulihe |
tan antara ing wanci nêngahi |
bêdhug masjid muni |
pra santri sumungsung ||

60.
Ingkang adoh wismane tan kanti |
mantuk gya jumujog |
maring masjid ambêkta barkate |
ambalabar wong kang samya prapti |
(m)baludag surambi |
nèng ratar sor kayu ||

61.
Wusnya sunat kang sukri wului |
sunat masjid kang wong |
nulya kutbah arum suwarane |
mangasiralira wa mukminin |
ingkang anèng jawi |
tan bisa arungu ||

62.
Sawusira kutbah Basaroddin |
wacananira lon |
nêdha sakèh santri sadayane |
bar-jumungah pininta nyalati |
(n)Jêng Kyai lan Nyai |
kakalih kang lampus ||

63.
Amiminta aksamaning Widdhi |
mrih wau sakaro |
ananggapi wau wong sakèhe |
nulya adan parlunira masjid |
tamat wusira glis |
samya salat parlu ||

64.
Basaroddin ingkang angimami |
takbirira alon |
tundha-tundha ingkang nambungake |
anasibi kongsi praptèng (n)jawi |
mrih samya miyarsi |
parêng tindakipun ||

65.
Paragating salat parlu masjid |
salamira karo |
sagunging wong nulya nyalatake |
ingkang mayit jalu lawan èstri |
rong rakangat sami |
rong salamira wus ||

66.
Nulya bubar wau sakèh santri |
mring wisma ponang wong |
tan kawarna paragat parlune |
kang jama'ah lan layon kakalih |
wancinira lingsir |
wus sami anggambuh ||

720 Gambuh

1.
Mangkana kang tinutur |
Wanamarta nênggih krajan agung |
sasedane Ki Bayi Panurta nguni |
sarêng lawan garwanipun |
putranira kang gumantos ||

Jilid 12 - Kaca : 290

2.
Jayèngrêsmi pangayun |
ambakoni ing pasantrènipun |
analuri pamardine marang santri |
kalangkung dènnira ngugung |
marma sutrêsna sakèh wong ||

3.
Mangkana pra tumênggung |
siswanipun Ki Bayi sadarum |
wus sinungan warta sedane (n)Jêng Kyai |
marma kathah akikintun |
panjurung ragating layon ||

4.
Nanging datan winuwus |
parincène wijanganing catur |
mung Dipati Wirasaba kang maringi |
kintaka palilahipun |
nawala mangka wigatos ||

5.
Lêstarinira turun |
maring putra gumantya ing lungguh |
mangagêngi guru ngaji ing pasantrin |
dadya kang pangagêngipun |
Jayèngrêsmi pinitados ||

6.
Samana dadya bau |
tuwanggana ing pasantrènipun |
sabên ratri para santri kinèn ngaji |
dadarusan Kur'anipun |
sinunggata datan anggop ||

7.
Nyamikan wantu-wantu |
têngah dalu kandhurine mêtu |
royom bukti para santri agêng alit |
tan mêndha ing sabên dalu |
datan kêkurangan sugoh ||

8.
Laminira winuwus |
kongsi kawandasa dalunipun |
pamungkasing kandhuri wilujêngnèki |
kang tilar kadunyanipun |
sumungku wau sagung wong ||

9.
Kongsi petangan satus |
arinira pinurwa kang lampus |
pamumulèn winantu ing kang kandhuri |
para santri rahabipun |
angaji sucining batos ||

10.
Tri ratri laminipun |
samya ngaji anèng (n)dalêmipun |
Kyai Bayi samana Ki Jayèngrêsmi |
dèrèng karsa ngalih malbu |
marang dalême kang layon ||

11.
Sungkawanirèng kalbu |
dèrèng pulih maksih agagêtun |
sedanira kang rama miwah bu-nèki |
dèrèng wantala ing kalbu |
asru kararantan batos ||

12.
Saking gênging panuwun |
kongsi pêndhak kapisan ingetang |
winangunan malih ingkang rudatin |
mumulih kandhurinipun |
angaji malih sagung wong ||

Jilid 12 - Kaca : 291

13.
Dwi warsa pêndhakipun |
kang mumule angaji sadarum |
para santri sinunggata amênuhi |
rahabira tyas sumungku |
marang rèh wuri sang anom ||

14.
Para paman angrapu |
sungkawaning pra putra linipur |
Jayèngrêsmi pinrih ngaliha tumuli |
mundhak kadadawa anggung |
amangun ingkang wirangwrong ||

15.
Samana gya mituhu |
Jayèngrêsmi pindhah dalêm agung |
ambakoni sadaya santana sami |
ngayomi pra santrinipun |
duk prapta kang winiraos ||

16.
Sèwu dina tinutup |
amumulèni layon wus tutug |
kèkahira sapi sadasa sinilih |
sadaya ingkang lalawung |
tan pinèt karyanirèng wong ||

17.
Kinêtog kang susugun |
santri jalu èstri samya malbu |
pinrih ngaji kang wadon anèng ing wuri |
garwanira kang tinuduh |
lawan pra santana wadon ||

18.
Ing pandhapa pra jalu |
santri ngaji sadaya gumuruh |
ingkang swara lir gêrah ngêbêki kuping |
arame umyung gumrumung |
gumrênggêng arum mring batos ||

19.
Sabên raryyan anginum |
warna-warna pangunjukanipun |
wedang sêrbat pokak adulima mawi |
nyanyamikanira ngumbuk |
salayah cêpat wiyah wong ||

20.
Rinayap nyamuk-nyamuk |
ginontoran wedang inum-minum |
nora lukak cèrètira dèn-êjogi |
kawandasa santrinipun |
ingkang piniji lalados ||

21.
Parèstri ingkang tugur |
anèng pawon rumagang abikut |
ngraratêngi lah-olahan warni-warni |
tri ari dènnya anambut |
ramud sampat praptaning (n)don ||

22.
Madya ratri gya mêtu |
gêgotongan kandhuri gung-ngagung |
sêkul wuduk kandhuri mawa pangiring |
ingkang lêmbaran markungkung |
ayam bèbèk banyak menthog ||

Jilid 12 - Kaca : 292

23.
Nèng tabung kêmplung-kêmplung |
kimplah-kimplah santênira kanyut |
wus tinata pinarênca awaradin |
dinum ing sajuru-juru |
pinetang sagolong-golong ||

24.
Basaroddin tinuduh |
andongani gadgada agupuh |
ngadêg pacak madhêp keblat andongani |
swara rum ngumandhang mulung |
paragat wangsul alunggoh ||

25.
Ngacaran samya kêmbul |
amèt papan pra santri sadarum |
gogolongan mèt kancuh dènnira bukti |
ngucapah kokoh asêngkut |
lam-ulam cinarup awor ||

26.
Sadaya sami nutug |
dènnya nadhah tan kêmba abikut |
takêr warêg wadhukira sami (n)jêmbling |
nulya cinarikan gupuh |
binarkat wuwungkus godhong ||

27.
Wus sami bubar mantuk |
para santri jalu èstrinipun |
sasarêngan pra samya dènnira mulih |
samana wêkasing wuwus |
Wanamarta guru anom ||

721 Sinom

1.
Nahan gantya kang winarna |
kang anggung nahên wiyadi |
Jayèngrêsmi Jayèngraga |
sedaning rama lan wibi |
samana kang gumanti |
angrèh wong Wanamartèku |
Jayèngrêsmi kang mangka |
guruning sagung pra santri |
jalu èstri pinardi ngaji sadaya ||

2.
Anêtêpi sarakira |
(n)Jêng Nabi Mustapa sami |
anging paprentahan desa |
tata-têntrêming prakawis |
Jayèngraga majibi |
akarya pranatanipun |
cara saraking Nata |
sagung wong kang apapanti |
laki-rabi cinarakakên agama ||

3.
Miwah nut tataning praja |
amrih widadaning jalmi |
wasisira Jayèngraga |
angrèh amirma sujanmi |
tan nana kang rudatin |
jrih-asih samya sumungku |
wajib panatanira |
caraning Wanamartèki |
wimbuh arja satata rêngganing praja ||

4.
Kunêng krajan Wanamarta |
gantya kawuwusa malih |
ingkang mahasêng sopana |
mangkana Sèh Amongragi |
lawan garwanirèki |
ingkang kulinèng ngasamun |
ningit nimpar ing wana |
lalana puncaking wukir |
sakarsanya ngidêri sapramudita ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (08) Kaca 274 - 287
  • (10) Kaca 293 - 305 >