Ramayana - 
 
12. WIBISÅNÅ GUMANTÓS DADÓS RATU WÓNTÊNÍNG NGALÊNGKÅ, DUMUGI KAPANGGÍHIPÚN RÅMÅ KALIYAN SINTÅ, TUWÍN WANGSULIPÚN RÅMÅ DHATÊNG NAGARI NGAYODYÅ.

Sasampunipún ambêsmi layónipún íngkang råkå sakaliyan, Råmå angandikå dumatêng Wibisånå kapuríh jumênênga ratu wóntên nagari íng Ngalêngkå, anggêntósana Prabu Dåsåmukå. Wibisånå ngêstókakên karsanipun Råmå, lajêng amulang pratikêlipún íng ratu, tuwin wajibipún dhumatêng pårå abdi, punåpå déné dhumatêng pårå santånå. Sarêng sampún têlas wulangipún anuntên sawarniníng kêthèk íngkang pêjah íng paprangan, sami kagêsangakên malíh dhumatêng Råmå, isarat gódhóng Sandilåtå.

a. Sintå kasukanan sumêrêp karampunganíng pêrang.

Sarêng sédanipún Prabu Dåsåmukå sampún antawís satêngah wulan, såhå Råmå bótên angandikå bab Dèwi Sintå, Anóman lajêng angèngêtakên, såhå matúr pitakèn mênggah íngkang dadós karså íng ngatasipún íngkang garwå.
Wangsulaníng pangandikå, Anoman kapuríh lumampahå dhumatêng Tamansokå, amatêdani uningå dhumatêng Dèwi Sintå, yèn Dåsåmukå sampún pêjah, såhå Wibisånå kakarsakakên anggêntósi jumênêng ratu wóntên nagari íng Ngalêngkå.
bathara-bramaAnoman énggal lumampah, dumugi íng Tamansokå kapanggíh akaliyan Dèwi Sintå, såhå andawahakên timbalanipún Råmå. Dèwi Sintå sakalangkúng sukå pirênaning galíh. Anoman kapuríh maturå dumatêng Råmå, yèn sang Dèwi kålå rumiyin apunagi, bilíh Råmå unggúl íng pêrang, badhé angabêkti dhumatêng íngkang råkå wóntên íng paprangan. Íng mangké karsanipún badhé angluwari punagi wau.
Anoman wangsúl sowan íng ngarsanipun Råmå, såhå angaturakên íngkang dadós pangandikanipún Dèwi Sintå. Råmå parêng, anangíng Dèwi Sintå kakarsakakên sêsuci rumiyín.
Anoman énggal wangsúl malíh dhumatêng íng Tamansokå, såhå andawahakên pangandikanipún Råmå dhumatêng Dèwi Sintå.
Sang Dèwi lajêng asêsuci, såhå abusånå éndah. Anuntên tindak dhumatêng pasanggrahan, kadérékakên déníng Dèwi Trijåtå sartå Anoman.

b. Sintå dipún tambuhi dhatêng Råmå.

Sadumuginipún íng pasanggrahan, Råmå éwå aningali íngkang garwå, amargi sampún lami wóntên íng mêngsah, tinarkå sampún ginggang sakíng kêsêtyanipún dhumatêng íngkang råkå. Panggalíh makatên punikå sangêt andadósakên prihatósipún Dèwi Sintå, såhå sangêt íng pamuwún tuwín pasambatipún. Sakathahíng aturipún Dèwi Trijåtå, íngkang anélakakên sucinipún Dèwi Sintå, bótên kaanggêp dhumatêng Råmå.
Dèwi Sintå sarêng dipún éwani dhumatêng íngkang råkå, lajêng sumêdyå anganyút tuwúh, amargi sakíng óbóng. Anuntên nêdhå pitulúng dhumatêng Laksmånå, akaklêmpakå kåjêng.
Råmå angèjêpi dhumatêng Wibisånå, kapuríh andhawahnå paréntah anglêmpakakên kajêng. Sêsampuné kathah kajêng íngkang dhatêng, katumpúk wóntên íng paprangan, lajêng kasumêd. Latu andadós såhå mulad mulad.
Sarêng Dèwi Sintå badhé óbóng, Bathårå Bråmå katingal pinarak íng dhampar wóntên salêbêtíng latu íngkang murúb wau, angawé dhumatêng sang Dèwi. Dèwi Sintå énggal lumêbêt íng latu, atimpúh íng ngarsanipún Hyang Bråmå. Bótên antawís dangu Hyang Girinåtå têdhak dhumatêng pasanggrahanipún Råmå, kadérékakên íng pårå déwå.
prabu-barataAnuntên Bathårå Bråmå angandika dhumatêng Råmå, yèn Dèwi Sintå saèstu taksíh suci. Pårå déwå anyambungi pangandikanipún Bathårå Bråmå, sami anêtêpakên kasucianipún Dèwi Sintå.
Dèwi Sintå lajêng kadhawahan íng Bathårå Bråmå mêdal sakíng latu, såhå alênggah cakêt Råmå. Sang Dèwi anglampahi, pårå déwå lajêng sami músnå.

C. Sami 1umêbêt dhatêng nagari Ngalêngkå.

Råmå akaliyan íngkang garwå, sarta Laksmånå tuwín Wibisånå, punåpå déné sakathahíng punggåwå, sami nitíh råtå dhumatêng kithå íng Ngalêngkå, lajêng sami akasukan. Anuntên Anoman kadhawahan dhumatêng Råmå, angrumiyinana dhumatêng nagari íng Ngayodyå, såhå amratélaknå sakathahíng lampah dhumatêng Baråtå, wiwít tindakipún Råmå sakíng nagari íng Ngayodyå, angantós dumugi bêdahipún nagari íng Ngalêngkå. Anoman lajêng mangkat.

d. Råmå wangsúl dhatêng Ngayodyå.

Bótên antawís lami Råmå akaliyan íngkang garwå tuwín Laksmånå, sami kondúr dhumatêng nagari íng Ngayodyå. Prabu Wibisånå såhå Prabu Sugriwå punåpå malíh Dèwi Trijåtå andèrèkakên, lampahipún sami nitíh råtå mêdal íng ngawang awang.
Kacariyós Anoman, íngkang kautús lumampah angrumiyini. Lampahipún sampún dumugi nagari ing Ngayodyå, sowan íng ngarsanipún Prabu Baråtå, såhå ngatúrakên íngkang dadós lampahipún.
raden-satrugnaPrabu Baråtå sakalangkúng sukå pirênaning galíh, lajêng amêthuk rawuhipún Råmå akanthi íngkang ibu tuwin Dèwi Sukåsaiyå, punåpå déné Dèwi Sumitrå såhå radén Satrugnå. Sasampuníng kapanggíh akaliyan Råmå, lajêng sami kondúr angadatón. Sarêng sampún sami anêntrêmakên sarirå, Råmå kagungan karså akasukan. Dalasan kêthèk tuwín danåwå alít alít kakarsakakên bingah bingah.
Prabu Wibisånå kaliyan Prabu Sugriwå, sasampuníng antawís lami anggènipún kèndêl wóntên nagari íng Ngayodyå, lajêng sami anyuwún lilahipún Råmå, badhé kondúr dhumatêng nagarinipún piyambak piyambak. Råmå anglilani, Ratu kêkalíh tumuntên sami bidal, Prabu Wibisånå dumatêng nagari íng Ngalêngkå, Prabu Sugriwå dumatêng íng Guwå Kiskêndhå.


 kds penutup
wangsul-manginggil

broker mfxкакую сковороду лучше купитьникоса сайт

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

9937262
  Hari ini     :  Hari ini :1001
  Kemarin     :  Kemarin :1686
  Minggu ini   :  Minggu ini :6761
  Bulan ini   :  Bulan ini :36887
Kunjungan Tertinggi
04-17-2020 : 6517
Online : 6

Kontak Admin.

email-kidemang