| Makalah Komisi - B - (#11) |
|
Ungkapan Dan Sikap Jawa Sumbangannya Terhadap Pembentukan Budi Pekerti) (Oleh : Supardjo - Sastra Jawa - FSSR - UNS Solo) ABSTRAK
Ungkapan adalah perkataan atau kelompok kata yang khusus untuk menyatakan sesuatu maksud dengan arti kiasan (Poerwadarminta, 1986: 1129). Yang dimaksud dalam konteks ini adalah suatu idiom dalam bahasa Jawa, baik itu yang berarti anjuran, larangan, untuk melakukan/tidak melakukan sesuatu dengan harapan akan mendapatkan hasil yang diharapkan. Sikap adalah perbuatan dan sebagainya yang berdasar pada pendirian, pendapat, atau keyakinan (Poerwadarminta,1986: 944). Sikap Jawa yang dimaksudkan adalah suatu perilaku, perbuatan bagi masyarakat Jawa yang secara umum dianggap baik dan layak untuk dilestarikan dan dikembangkan.
1. Pangiring
Sengaja kula cuplik sekar pangkur kalih pada punika, kanthi pangajab saged hamimbuhi daya kekiyatan lan raos kandel anggen kula kumawantun matur ing ngarsanipun para sarjana sujaneng budi para lebda lan wasis ing reh budaya Jawi. Jalaran kula pitados bilih Gusti Allah Ingkang Maha Agung temtu kepareng nedhakaken barokah dhateng sedaya ingkang sami lenggah lantaran yasanipun tabik-tabik Sunan Kalijaga ingkang sampun cinandhi ing awiyat jinempana ing angin punika kula sekaraken. Satemah pangajab kula lan sedaya pandherek kongres murih pambudidaya nggegesang lan ngrembakakaken budaya Jawi kangge nyengkuyung pamanguning jiwa lan watak utami tumrap sedaya warganing bangsa Indonesia punika pikantuk sawab lan pangestunipun ingkang ayasa tumunten saged kasembadan. Amin.
2. Ungkapan, Sikap Jawa lan Bedhahanipun
Ana pocapanipun,
Sampun ngantos rumaos langkung kiyat, langkung kuwaos, langkung dene pinter, kepara kedah : sing bisa rumangsa, lan aja rumangsa bisa. Giri lusi janma tan kena ingina, sampun ngantos ngremehaken tiyang sanes. Jalaran sedaya ingkang wonten ing alam donya, bandha, donya, pangkat, drajat punika namung titipan, nyawa punika namung gadhuhan. Pramila wonten ing panggesangan tumrap bebrayan Jawi sampun dipun emutaken ISKS Pakoeboewono IV, ugi kados ingkang kaserat ing Wulang Reh Pupuh Wirangrong bilih dados tiyang aja dumeh ingkang ungelipun :
Den samya marsudeng budi
Manawi dipun suraos, pancen ukara ing nginggil namung isi supados dados tiyang boten sasekecanipun piyambak, dupeh saged ngendikan lajeng boten mawas wekdal lan panggenan, boten mirsani kaliyan sinten wawan rembag, kedah enget bilih ajining dhiri gumantung kedaling lathi. Malah kepara, sejatosipun ungel-ungelan aja dumeh punika saged dipun gandhengaken lan encokaken kaliyan bab punapa kemawon. Aja dumeh sugih lajeng sumugih, dumeh pinter lajeng kuminter, dumeh kuwaos lajeng kumalungkung.
Saestunipun tiyang gesang punika wiwit wungu sare, lenggah, jumeneng, lumampah, pangandikan, kendel, sare, lan sanes-sanesipun ingkang dipun tindakaken ing saben dinten punika sampun ngantos nilaraken sekawan bab, inggih punika deduga, prayoga, watara, lan reringa. Ing salebeting serat Wulang Reh Pupuh Pangkur pada kalih dipun sebataken :
Deduga lawan prayoga
Cetha sanget bilih ing panggesangan punika kedah tansah nglelimbang kanthi weninging manah saderengipun nindakaken samukawis (deduga); prayoga kedah nglimbang sae utawi awonipun, watara saged ninthingi lan nglelimbang saderengipun netepaken putusan, dene reringa tansah nengenaken pangati-ati apepayung budi rahayu. Sekawan bab punika, sok sintena ingkang saged hanjiwa, tartamtu badhe saged tumindak kanthi rereh utawi sabar, ririh ateges boten kesesa lan grusa-grusu, lan samubarang ing panggesanganipun badhe tansah ngati-ati.
Ungkapan utawi ungel-ungelan ingkang gumathok lan mligi anggadhahi makna tartamtu sanesipun ing antawisipun : Gusti ora sare
Ungkapan Gusti ora sare, manawi dipun suraos kanthi saetu punika lebet sanget tancebipun ing pribadi-pribadining saben tiyang. Punika saestu badhe saged ndhapuk kapribaden lan jiwaning manungsa dados ajrih badhe tumindak ingkang nalisir saking bebener. Amargi punapa kemawon ingkang dipun tindakaken, sinaosa tiyang sanes boten mangertos, nanging priyantun wau tetep boten badhe saged uwal saking panguwaosing Gusti, jalaran Gusti mesthi pirsa. Kanthi makaten manawi ungkapan punika nyarira mbalung sungsum ing saben jiwaning manungsa, sinten kemawon tartamtu boten wantun nerak angger-angger utawi pranatan ingkang adamel kapitunaning asanes, jalaran pitados lan ajrih dhateng piwalesing Gusti punika ingkang mesthi dumadi, jumbuh lan punapa ingkang dipun tindakaken. Ngono yo ngono nanging aja ngono, ungel-ungelan punika ngemutaken bilih tiyang gesang sampun kesangeten ing samukawis. Ing tradhisi Jawi wonten budaya ewuh pekewuh, ora patut, ora lumrah. Pramila ing salebeting panggesangan dipun ajab tansaha tumindak ingkang prasaja jumbuh lan pranatan utawi norma-norma ingkang lumampah ing bebrayan.
Alon-alon waton kelakon, boten ateges namung sasekecanipun nanging pikajengipun bilih alon-alon punika nengenaken dhateng pangati-ati, waton tansah lumampah anut pranatan, lan kelakon tegesipun kasil. Dados sedaya punika saged kasembadan kanthi sae tur anut pranatan ingkang wonten. Makaten ugi ing bab mangan ora mangan waton kumpul, ing ukara punika boten nengenaken prekawis mangan utawi ora manganipun, nanging ingkang dipun tengenaken inggih punika ing bab raos saiyeg saeka kapti, manunggal nyawiji'
Among, amot, amemangkat; Amengku, amangku, amengkoni, minangka satunggaling pangarsa mesthi kedah wantun tanggeljawab dhateng sakathahing kewajiban lan samukawisipun, kedah saged angayomi, angayemi, saged nampi punapa kemawon kalebet ing bab ingkang boten sae (momot). Kedah wantun paring paukuman dhateng ingkang salah utawi lepat dhateng nagari boten mawas sinten priyantunipun; nanging kosok wangsulipun kedah rila lan ikhlas paring ganjaran dhateng ingkang sami anggadhahi lelabetan.
Dados satunggaling pangarsa mesthi kedah tanggeljawab ing bab punapa kemawon tanpa mawas papan lan wekdal, supados saged dados tepa tuladha ing gesang bebrayan. Ungel-ungelan Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani, sanget dipun betahaken dening pangarsa. Sawanci-wanci wonten ing ngajeng mesthi kedah saged kangge tepa tuladha, sae ing pangandika punapa dene ing tumindak. Manawi nedheng ing tengah, kedah tansah saged nuwuhaken raos greget, maringi panjurung mrih sangsaya grengseng para ingkang dipun pimpin. Makaten ugi manawi wonten ing wingking, satunggaling pangarsa mesthi kedah tansah manjurung lan ngawat-awati sarta mbombong manahipun ingkang dipun pimpin.
Ing nalika salah satunggaling pangarsa anggadhahi watak lan sikap ingkang sae, sampun tamtu para pandherekipun badhe anggadhahi Rumangsa handarbeni, wajib melu hangrungkebi, mulat sarira hangrasa wani (Tri Darma - KGPAA Mangkunagara I), ingkang mengku pikajeng bilih samukawis ingkang sae kawontenanipun dipun rengkuh dening negari upaminipun, badhe tansah dipun reksa dening rakyatipun kanthi sae, jalaran rumaos tumut handarbeni, lan manawi ngantos wonten ingkang badhe ngrisak tatanan ingkang sampun tumata, rakyat ugi badhe mbelani. Nanging sedaya kala wau sampun mesthi kemawon sasampunipun mangertosi leres lepatipun kanthi cara mawas dhiri.
Awewaton ungel-ungelan ing nginggil, satunggaling pemimpin sangsaya tambah kawibawanipun lan saged ngrampungaken sadaya prekawis tanpa nuwuhaken prekawis enggal. Inggih awit kawibawanipun punika, satunggaling pemimpin anggadhahi daya kekiyatan, satemah wantun nglurug tanpa bala, menang tanpa ngasorake, ingkang mengku pikajeng bilih sedaya prekawis saged dipun rampungi tanpa adamel serik lan sakiting manahipun tiyang asanes, jalaran boten rumaos dipun asoraken drajatipun. Satunggaling pemimpin kedah kagungan watak lan sikap suka dedana dhumateng kawulanipun ingkang nandhang kacingkrangan.
Suka kudhung dhateng ingkang kepanasen, suka teken dhateng ingkang nandhang kalunyon, asung tetedhan dhateng ingkang kalupan. Pemimpin sejati mesthi kedah anggadhahi raos suka weweh tanpa kelangan, sugih tanpa bandha, ingkang werdinipun bilih peparingipun dhateng pandherekipun punika boten mesthi kedah awujud barang, nanging sinaosa awujud pamanggih, panggalihan, pamrayogi lan udhar-udharan, punika sampun wujuding pangentheng-entheng saking pangarsa. Andharan punika sinaosa dipun trepaken kagem para pemimpin, nanging saestunipun saged dipun cakaken dhateng sedaya warganing bebrayan.
Salajengipun ing bab sikap Jawi ingkang prayogi dipun persudi lan tansah dipun budidaya mrih saged nyarira mbalung sungsum ing salebeting panggesanganipun saben tiyang, ing antawisipun inggih punika, nrima ing pandum, rila legawa ing driya, tepa slira, rukun, lan gotong royong.
Nrima ing pandum boten ateges pasrah tanpa pambudidaya, kendel tanpa ikhtiyar. Ingkang dipun kajengaken inggih punika saged narimah lan nyukuri punapa ingkang dipun tampi sasampunipun mbudidaya kanthi pakarti ingkang leres, liripun kathah, sekedhik, saged nampi kanthi rila legawa ing manah jer punika pancen peparingipun Gusti. Sikap lan watak punika boten namung ingkang sipatipun tampi hakipun, sanadyan ingkang kedah ketaman, dipun ina ing asanes, kedah kecalan, ugi supados nrima, pasrah dhateng panguwaosing Gusti. Sampun dipun dhawuhaken wiwit kina mila, malah KGPAA Mangkunagara IV ing Serat Wedhatama Pupuh Pucung ugi paring dhawuh :
Lila lamun kelangan nora gegetun
Tepa slira, pikajengipun dados tiyang kedah saged mangertos swasana, mangertos semu, liripun kedah saged nepakaken pribadinipun “upama aku dheweke piye ? upama aku digawe lara ati, piye rasane” lss. Dados manawi saged ngukur pribadinipun, kados pundi rekaosipun manawi dipun damel dening tiyang sanes ing bab ingkang boten sekeca, tartamtu lajeng saged njumbuhaken. Manawi pribadinipun boten purun dipun cecamah ing asanes, sampun sak mesthinipun ugi boten badhe tumindak adamel sak serik dhateng asanes “ yen dijiwit lara, yo aja njiwit”.
Dados tepa slira punika kenging dipun anggep tetales tumrapipun gesang ingkang rukun “harmonis”. Jalaran kanthi tumindak boten adamel kuciwaning asanes, boten badhe tumindak punapa kemawon dhateng tiyang sanes ing bab punapa kemawon, saupami bab punika tumrap pribadinipun piyambak ugi boten prayogi. Sedaya tiyang punika beda, boten sami, punika kasunyatan; nanging kanthi beda ing bab punapa kemawon kala wau ing salebeting gesang bebrayan, mesthi kedah saged patembayatan, rukun. Gesang ing pabrayan, boten badhe saged namung piyambakan, mesthi merlokaken sesambetan lan pambiyantunipun tiyang sanes, pimpinan perlu wonten ingkang dipun pimpin, wonten bendara ugi perlu wonten kacung, lss.
Manawi sedaya kala wau sami nglenggana bilih gesang boten saged ijen, perlu sesambetan lan tiyang sanes, kepara dipun lambari raos pitados bilih “rukun agawe santosa dene crah agawe bubrah” mesthi ing panggesangan punika boten wonten dredah jalaran rumaos sami-sami mbetahaken, sami urmat ing antawis setunggal lan setunggalipun.
Gotong royong lan sikap sami-sami kurmat dhateng asanes, mujudaken satunggaling warisan leluhur Jawi ingkang sae lan boten kadarbe dening bangsa manca. Ngrumaosi bilih gesang perlu nyekapi sedaya kabetahan, sae kabetahan sepele langkung-langkung ingkang rowa, awrat, boten saged piyambakan perlu pambiyantunipun asanes. Sadaya pakaryan badhe langkung gampil lan entheng manawi dipun tindakaken sarana gotong royong, jumbuh kaliyan kawontenan lan kekiyatanipun piyambak-piyambak.
Kanthi gotong royong, saestunipun mujudaken sipat suka tetulung dhateng sesami, sinten ingkang purun tetulung mesthi ing kalodhangan sanes ugi badhe dipun tulung ing asanes. Sanadyan wujuding piwales boten kedah sami kaliyan wujuding lelabetan, sinaosa boten dhiri pribadinipun piyambak ingkang tampi, saged kemawon kulawarganipun ingkang badhe tampi piwales saking tiyang sanes, ingkang cetha bilih ungel-ungelan “sapa nandur bakal ngundhuh” punika taksih lumampah. Gotong royong, langkung-langkung dipun lambari pangajab “sepi ing pamrih rame ing gawe” badhe sangsaya nuwuhaken raos raket supeketing kekadangan.
Mungkasi seratan punika, sarujuk lan nyengkuyung pangandika dalem KGPAA Mangkunagara IV ing Serat Nayakawara Pupuh II Dhandhanggula, pada 6 (enem) ingkang ungelipun :
Wardiningkang wasita jinarwi
Pitutur luhur punika badhe sangsaya nambahi raos kandel lan yakin bilih kanthi tansah nengenaken dhateng tatakrama, mangertos dhateng pranatan, ngecakaken kawruh utawi seserepan kanthi leres, tumindak ingkang sae, tartamtu ing panggesangan punika badhe eca lan sekeca.
3. Dudutan
Ing jaman ingkang sarwi majeng, budaya Jawi kaprabawan ing kemajengan donya, para warganing bebrayan boten saged uwal saking sedaya kala wau, kabukten ing wekdal punika langkung-langkung para kaneman kenging kawastanan sampun kathah ingkang nyingkur dhateng budayanipun piyambak kepara nyengkok budaya manca, jalaran anggadhahi pamanggih bilih budaya Jawi sampun kolot lan kina. Ing mangka sasampunipun dipun thinthingi kanthi premati, budaya Jawi boten kawon lan budaya manca ing bab kaluhuranipun.
Inggih awit kathahing kedadosan ingkang sampun singlar saking pitedah lan kaluhuraning budaya bangsa wetanan (Indonesia), pramila budaya Jawi mliginipun “Ungkapan” utawi ungel-ungelan ingkang gumathok lan anggadhahi pikajeng mligi lan luhur sarta sikap Jawi ingkang sanyata adi luhung punika kedah dipun rasuk mrih anjiwa anyarira dhateng sedaya warganing bebrayan. Manawi sedaya warganing bebrayan ing panggesanganipun tansah nengenaken dhateng tumindak kautamen, nebihi watak kanisthan, ing donya punika mesthi badhe tansah tentrem, ayem, aman lan sentosa boten wonten dredah, jer sadaya tiyang tansah “amemangun karyenak tyasing sasama” lan tansah “memayu hayuning bawana”.
Buku-buku Waosan
♦ ISKS Pakoeboewono IV, tt. Serat Wulang Reh ♦ Padmasusastra (penyalin), 1898. Serat Nayakawara ing Piwulang
Identitas diri 1. N a m a Lengkap : Drs. Supardjo, M.Hum. |















