| (02) Kaca 05 - 09 |
| ( Prabu Brawijaya ing Majapait ) |
|
Kaca 5 - 9 |
|
Jilid 1 - Kaca : 5 2 Kinanthi 6. datan sumêlang ing ati | sira kariya raharja | têtêpa (ng)gonmu mêngkoni | batihmu para sudagar | isining asramèng Giri || 7. sakèhe dunyarta mami | sidhêkahna kang warata | pêkir miskin anak yatin | lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari || 8. Ni Samboja nulya lalis | sawusira binêrsiyan | layon kinubur tinunggil | lan raka Kyai Samboja | ing mangkya titiyang Giri || 9. ing gusti Jêng Sunan Giri | samya kapanjingan iman | nglampahi sarengat Nabi | ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid || 10. tan ana kang laku juti | samya cêkap nyandhang mangan | adoh ingkang dadya miskin | têntrêm ciptane raharja | wong ngamanca kathah prapti || 11. kalajêng wisma ing Giri | raja pandhita Sètmata | jujuluk Susunan Giri | Gajah Kadhaton minulya | kawêntar ing liya nagri || 12. ing Suhunan Ngampèlgadhing | dhinaupkên lan putrinya | Nyai Agêng Ratu nami | atut dènnya palakrama | lêstantun ngantya sisiwi || 13. Nyi Agêng angrumiyini | kondur maring rahmatolah | layon sumare anunggil | marasêpuh èstri priya | garwa putra gung prihatin || 14. Brawijaya Narapati | mirêng pawartos sanyata | ing mangkya Susunan Giri | linulutan sakèh janma | nungkul tan kalawan jurit || 15. Gajahmada kyana patih | kinèn lumampah priyangga | mukul prang Giri Garêsik | tan cinatur lampahira | wus prapta jajahan Giri || 16. kang katrajang samya ngili | minggah kadhaton Prawata | Jêng Sunan Giri marêngi | anyêrat manêdhak Kur'an | kagyat mirêng suwaraning || Jilid 1 - Kaca : 6 17. sumêdya ngrisak ing Giri | kalam ingkang kagêm nyêrat | anulya binucal aglis | andodonga ing Pangeran | sinêmbadan ing sakapti || 18. cumlorot ngamuk pribadi | pra wadya ing Majalêngka | kathah ingkang angêmasi | sakantune kang palastra | pra samya lumayu (ng)gêndring || 19. sawusira mêngsah gusis | dhuwung wus wangsul pribadya | sumèlèh ing ngarsanèki | panyêratan sang pandhita | sarta akukuthah gêtih || 20. miyat dhuwung kuthah gêtih | dahat panalangsanira | dyan dodonga mring Hyang Widdhi | mugi Allah ngapuntêna | solah amba ingkang sisip || 21. marang ing wadyanirèki | kabèh padha piyarsakna | myang anêksènana sami | katgèki sun wèhi aran | si Kalammunyêng prayogi || 22. wus samya kalilan mulih | mring wismane sowang-sowang | lêstantun asramèng Giri | jumênêngnya Jêng Susunan | Prabu Sètmata linuwih || 23. saya wêwah wadyanèki | tan ana kang kasangsaya | nahan wus antara lami | Sunan Giri nandhang gêrah | kaparêng praptaning takdir || 24. gumêr tangis ing jro puri | wandu wandawa sungkawa | layon sawusing barêsih | sinarèkkên nora têbah | sangking padalêmanèki || 25. sadasa kakung lan putri | kang kalih sang king ampeyan | Pangran Pasirbata nênggih | kalawan Siti Rohbayat | wowolu sangking padêmi || 26. putra sêpuh sinung nami | Ratu Gêdhe ing Kukusan | nulya Sunan Dalêm nênggih | katrinira apanêngran | Susuhunan Têgalwangi || 27. panca Sunan Kidul nênggih | Ratu Gêdhe Saworasa | Sunan Kulon kang sumêndhi | Sunan Waruju ragilnya | wau ta ingkang winardi || Jilid 1 - Kaca : 7 28. kumpul para wadya Giri | angrêmbag ingkang gumantya | mandhirèng Susunan Giri | pra wadya wus golong rêmbag | Sunan Dalêm kang gumanti || 29. Sunan Giri kaping kalih | Susunan Giri Kadhatyan | garwa kakalih padêmi | tan mashur ing panjênêngan | Jêng Sunan wus praptèng jangji || 30. ugi sumare ing Giri | atilar putra sadasa | (m)bajêng Sunan Sedamargi | panênggaknya apêparab | Sunan Giri Prapèn Adi || 31. Nyi Gêng Ngulakan kang sukci | Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad | Pangran Bongkok nulya Nyai | Agêng Waru arinira | Pangeran Bulu sumêndhi || 32. paripurna kang wus swargi | rêmbag kang yoga gumantya | kêmpal sakèhe kang dasih | Sunan Parapèn ingangkat | linuwih lir eyang swargi || 33. jujuluk maksih lêstari | Sunan Giri Prapèn dibya | suyut kang wadya gung alit | kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni || 3 Mêgatruh 1. sampun amiyarsa warti | lamun Sunan Giri Prabu | Sètmata wus angêmasi | mangkya wayahe gumantos || 2. lalajone kadya nguni | sang wiku tan arsa nungkul | marang nagri Majapait | dadya sru bêndu sang katong || 3. miwah kinanthèn pra siwi | angirid wadyabala gung | kinèn ngrabasèng ing Giri | wus samapta nulya bodhol || Jilid 1 - Kaca : 8 4. mring sang prabu Majapait | wus budhal carakèng prabu | kya patih myang rajasiwi | balane lir samodra rob || 5. karsanira nanggulangi | mring carakèng Majalangu | tan dangu mêngsah kaèksi | nulya pinapak prang popor || 6. kathah ingkang nandhang kanin | tanapi tumêkèng lampus | Sunan Prapèn angoncati | sagarwa putra wus lolos || 7. binasmènan kitha Giri | sadaya wus dadya awu | rajabrana dènjarahi | rajaputra tindak alon || 8. Sunan Giri kang wus swargi | ingkang rumêksa ing kubur | tyang kakalih samya dhêngkling | rawuhe sang prawira nom || 9. gya tumandang sagung dasih | halate sang maha wiku | cihnaning wali linuwih | singa cêlak anggaloso || 10. kang kantun kalangkung giris | bramantya sang rajasunu | tumandang pribadi ajrih | merang lamun tan kalakon || 11. kinèn andhudhuk dèn aglis | binilaèn yèn tan purun | pasthi tumêkèng ing lalis | kinarya coban kris waos || 12. dupi prapta blabak jati | tutuping tabêlanipun | binuka saking sakêdhik | nulya ana ingkang miyos || 13. mabur ngèbêki wiyati | maniyub lir langit rubuh | nêmpuh wadya Majapait | dènnya nanggulang pakewoh || 14. bingung wadya Majapait | ting bilulung rêbut dhucung | dènnira angungsi urip | sèlèh gagamaning pupoh || Jilid 1 - Kaca : 9 15. sirah rapêt ngroyok sikil | ngaruara sambat bingung | prapta nagri Majapait | kombang anglut datan kegoh || 16. tan kawawa nanggulangi | dadya tilar prajanipun | sawadya balanirèki | gusis praja tan ana wong || 17. wangsul mring nagrinya malih | siji tan ana kang kantun | sang aprabu Majapait | sawadya wangsul ngadhaton || 18. datan nêdya malih-malih | nyikara dhatêng sang wiku | ngamungêna ingkang uwis | ing tyas datan walangatos || 19. kanugrahan mantun dhêngkling | gagancangan lampahipun | anusul Jêng Sunan Giri | ingkang lagya amakuwon || 20. tyang kalih marêk tur uning | ing mangkya mêngsah wus larut | jalaran tinêmpuh dening | kombang ingkang mapak pupoh || 21. tilar gagamaning jurit | samya ngungsi gêsang (n)jrunthul | tan ana ingkang tinolih | swarane pating galêmbor || 22. dalah waluyaning dhêngkling | sang wiku kalangkung sukur | (n)dêdonga marang Hyang Widdhi | rahayu ywa na pakewoh || 23. wus paripurna ing nguni | eca tyase para wadu | satêngah ana kang kibir | sajêg tan na mungsuh rawoh || 24. lamun kraton Majapait | wus andungkap sirnanipun | jalarane sangking siwi | dyan Patah mijil karaos || |
Jilid 1 - Kaca : 5
6. Kulup wus padhang tyasingsun |
datan sumêlang ing ati |
sira kariya raharja |
têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |
batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||
7. Têmbe ing sapungkuringsun |
sakèhe dunyarta mami |
sidhêkahna kang warata |
pêkir miskin anak yatin |
lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||
8. Poma kulup wêkasingsun |
Ni Samboja nulya lalis |
sawusira binêrsiyan |
layon kinubur tinunggil |
lan raka Kyai Samboja |
ing mangkya titiyang Giri ||
9. Lastantun pamundhinipun |
ing gusti Jêng Sunan Giri |
samya kapanjingan iman |
nglampahi sarengat Nabi |
ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||
10. Gêmah arjane kalangkung |
tan ana kang laku juti |
samya cêkap nyandhang mangan |
adoh ingkang dadya miskin |
têntrêm ciptane raharja |
wong ngamanca kathah prapti ||
11. Kabanjur tan arsa mantuk |
kalajêng wisma ing Giri |
raja pandhita Sètmata |
jujuluk Susunan Giri |
Gajah Kadhaton minulya |
kawêntar ing liya nagri ||
12. Miwah wus pinundhut mantu |
ing Suhunan Ngampèlgadhing |
dhinaupkên lan putrinya |
Nyai Agêng Ratu nami |
atut dènnya palakrama |
lêstantun ngantya sisiwi ||
13. Wowolu èstri myang jalu |
Nyi Agêng angrumiyini |
kondur maring rahmatolah |
layon sumare anunggil |
marasêpuh èstri priya |
garwa putra gung prihatin ||
14. Sigêg gantya kang winuwus |
Brawijaya Narapati |
mirêng pawartos sanyata |
ing mangkya Susunan Giri |
linulutan sakèh janma |
nungkul tan kalawan jurit ||
15. Sang prabu utusan gupuh |
Gajahmada kyana patih |
kinèn lumampah priyangga |
mukul prang Giri Garêsik |
tan cinatur lampahira |
wus prapta jajahan Giri ||
16. Gègère kadya pinusus |
kang katrajang samya ngili |
minggah kadhaton Prawata |
Jêng Sunan Giri marêngi |
anyêrat manêdhak Kur'an |
kagyat mirêng suwaraning ||
Jilid 1 - Kaca : 6
17. Tiyang alok mungsuh rawuh |
sumêdya ngrisak ing Giri |
kalam ingkang kagêm nyêrat |
anulya binucal aglis |
andodonga ing Pangeran |
sinêmbadan ing sakapti ||
18. Kalam lajêng dadya dhuwung |
cumlorot ngamuk pribadi |
pra wadya ing Majalêngka |
kathah ingkang angêmasi |
sakantune kang palastra |
pra samya lumayu (ng)gêndring ||
19. Mantuk marang Majalangu |
sawusira mêngsah gusis |
dhuwung wus wangsul pribadya |
sumèlèh ing ngarsanèki |
panyêratan sang pandhita |
sarta akukuthah gêtih ||
20. Kagyat risang amanêngkung |
miyat dhuwung kuthah gêtih |
dahat panalangsanira |
dyan dodonga mring Hyang Widdhi |
mugi Allah ngapuntêna |
solah amba ingkang sisip ||
21. Sang pandhita ngandika rum |
marang ing wadyanirèki |
kabèh padha piyarsakna |
myang anêksènana sami |
katgèki sun wèhi aran |
si Kalammunyêng prayogi ||
22. Sakèh wadya saur manuk |
wus samya kalilan mulih |
mring wismane sowang-sowang |
lêstantun asramèng Giri |
jumênêngnya Jêng Susunan |
Prabu Sètmata linuwih ||
23. Gêmah arjane kalangkung |
saya wêwah wadyanèki |
tan ana kang kasangsaya |
nahan wus antara lami |
Sunan Giri nandhang gêrah |
kaparêng praptaning takdir ||
24. Kundur mring rahmatolahu |
gumêr tangis ing jro puri |
wandu wandawa sungkawa |
layon sawusing barêsih |
sinarèkkên nora têbah |
sangking padalêmanèki ||
25. Sedanira tilar sunu |
sadasa kakung lan putri |
kang kalih sang king ampeyan |
Pangran Pasirbata nênggih |
kalawan Siti Rohbayat |
wowolu sangking padêmi ||
26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |
putra sêpuh sinung nami |
Ratu Gêdhe ing Kukusan |
nulya Sunan Dalêm nênggih |
katrinira apanêngran |
Susuhunan Têgalwangi ||
27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |
panca Sunan Kidul nênggih |
Ratu Gêdhe Saworasa |
Sunan Kulon kang sumêndhi |
Sunan Waruju ragilnya |
wau ta ingkang winardi ||
Kacara 1 : 7
28. Sasampunira pangubur |
kumpul para wadya Giri |
angrêmbag ingkang gumantya |
mandhirèng Susunan Giri |
pra wadya wus golong rêmbag |
Sunan Dalêm kang gumanti ||
29. Gya ingangkat ajujuluk |
Sunan Giri kaping kalih |
Susunan Giri Kadhatyan |
garwa kakalih padêmi |
tan mashur ing panjênêngan |
Jêng Sunan wus praptèng jangji ||
30. Kundur mring rahmatolahu |
ugi sumare ing Giri |
atilar putra sadasa |
(m)bajêng Sunan Sedamargi |
panênggaknya apêparab |
Sunan Giri Prapèn Adi ||
31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |
Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |
Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |
Pangran Bongkok nulya Nyai |
Agêng Waru arinira |
Pangeran Bulu sumêndhi ||
32. Wragil Pangran Sedalaut |
paripurna kang wus swargi |
rêmbag kang yoga gumantya |
kêmpal sakèhe kang dasih |
Sunan Parapèn ingangkat |
linuwih lir eyang swargi ||
33. Mandhirèng Giri Kadhatun |
jujuluk maksih lêstari |
Sunan Giri Prapèn dibya |
suyut kang wadya gung alit |
kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||
3. Mêgatruh
1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |
sampun amiyarsa warti |
lamun Sunan Giri Prabu |
Sètmata wus angêmasi |
mangkya wayahe gumantos ||
2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |
lalajone kadya nguni |
sang wiku tan arsa nungkul |
marang nagri Majapait |
dadya sru bêndu sang katong ||
3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |
miwah kinanthèn pra siwi |
angirid wadyabala gung |
kinèn ngrabasèng ing Giri |
wus samapta nulya bodhol ||
Jilid 1 - Kaca : 8
4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |
mring sang prabu Majapait |
wus budhal carakèng prabu |
kya patih myang rajasiwi |
balane lir samodra rob ||
5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |
karsanira nanggulangi |
mring carakèng Majalangu |
tan dangu mêngsah kaèksi |
nulya pinapak prang popor ||
6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |
kathah ingkang nandhang kanin |
tanapi tumêkèng lampus |
Sunan Prapèn angoncati |
sagarwa putra wus lolos ||
7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |
binasmènan kitha Giri |
sadaya wus dadya awu |
rajabrana dènjarahi |
rajaputra tindak alon ||
8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |
Sunan Giri kang wus swargi |
ingkang rumêksa ing kubur |
tyang kakalih samya dhêngkling |
rawuhe sang prawira nom ||
9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |
gya tumandang sagung dasih |
halate sang maha wiku |
cihnaning wali linuwih |
singa cêlak anggaloso ||
10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |
kang kantun kalangkung giris |
bramantya sang rajasunu |
tumandang pribadi ajrih |
merang lamun tan kalakon ||
11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |
kinèn andhudhuk dèn aglis |
binilaèn yèn tan purun |
pasthi tumêkèng ing lalis |
kinarya coban kris waos ||
12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |
dupi prapta blabak jati |
tutuping tabêlanipun |
binuka saking sakêdhik |
nulya ana ingkang miyos ||
13. Warni kombang tan petungan kathahipun |
mabur ngèbêki wiyati |
maniyub lir langit rubuh |
nêmpuh wadya Majapait |
dènnya nanggulang pakewoh ||
14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |
bingung wadya Majapait |
ting bilulung rêbut dhucung |
dènnira angungsi urip |
sèlèh gagamaning pupoh ||
Jilid 1 - Kaca : 9
15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |
sirah rapêt ngroyok sikil |
ngaruara sambat bingung |
prapta nagri Majapait |
kombang anglut datan kegoh ||
16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |
tan kawawa nanggulangi |
dadya tilar prajanipun |
sawadya balanirèki |
gusis praja tan ana wong ||
17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |
wangsul mring nagrinya malih |
siji tan ana kang kantun |
sang aprabu Majapait |
sawadya wangsul ngadhaton ||
18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |
datan nêdya malih-malih |
nyikara dhatêng sang wiku |
ngamungêna ingkang uwis |
ing tyas datan walangatos ||
19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |
kanugrahan mantun dhêngkling |
gagancangan lampahipun |
anusul Jêng Sunan Giri |
ingkang lagya amakuwon ||
20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |
tyang kalih marêk tur uning |
ing mangkya mêngsah wus larut |
jalaran tinêmpuh dening |
kombang ingkang mapak pupoh ||
21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |
tilar gagamaning jurit |
samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |
tan ana ingkang tinolih |
swarane pating galêmbor ||
22. Sampun katur ing purwa wasananipun |
dalah waluyaning dhêngkling |
sang wiku kalangkung sukur |
(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |
rahayu ywa na pakewoh ||
23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |
wus paripurna ing nguni |
eca tyase para wadu |
satêngah ana kang kibir |
sajêg tan na mungsuh rawoh ||
24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |
lamun kraton Majapait |
wus andungkap sirnanipun |
jalarane sangking siwi |
dyan Patah mijil karaos ||




























2. Prabu Brawijaya ing Majapait botên rêna wontênipun kawaliyan ing Giri, mila utusan Patih Gajahmada sawadyabala nêlukakên Giri. 