Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 10

Kontak Admin.

email-kidemang

(03) Kaca 10 - 15

 

( Panguwaosing Tanah Jawi )

3. Panguwaosing tanah Jawi ing Dêmak lumintir dhatêng Pajang.
Ingkang jumênêng Sultan Adiwijaya, sowan Sunan Giri Prapèn ing nalika sineba para bupati Bang-wetan. Sultan Pajang kadhèrèkakên Kiagêng Pamanahan ingkang kawêca dening Sunan Giri bilih têmbenipun badhe nurunakên ratu mêngku tanah Jawi, kalêbêt Giri.
Sasedanipun Sultan Pajang, panguwaosipun tanah Jawi kaasta Panêmbahan Senapati ing Mataram.
Sasampunipun seda kagêntosan dening putranipun Sultan Anyakrawati ingkang lajêng kagêntosan dening putranipun, i.p. Sultan Agung Anyakrakusuma.
Kaca 10 - 15

Jilid 1 - Kaca : 10

4 Mijil

1.
Santun sarengatira jêng Nabi |

Muhkammad kinaot |

mila Kangjêng Sunan Giri Prapèn |

lajêng têdhak mring Dêmak nagari |

kumpul lan pra wali | mukmin miwah jamhur ||

2.
Wusing bêdhah nagri Majapait |

mekrad sang akatong |

jro kadhaton tan ana isine |

Sunan Giri nyêlani dadya ji |

mung pat puluh ari |

nênggih laminipun ||

3.
Anyarati supadi icaling |

labêting karaton |

ratu Budha gya jumênêng rajèng |

wusing antuk kawan dasa ari |

Jêng Susunan Giri |

masrahkên kaprabun ||

4.
Maring Radyan Patah anampèni |

wus jumênêng katong |

anèng nagri Dêmak angrèhake |

ing rat Jawi Jêng Susunan Giri |

sarampunging kardi |

wus linilan kundur ||

5.
Sawusira risak Dêmak nagri |

pindhah Pajang kraton |

adipati Pajang kang mandhirèng |

mantu sultan Bintara mungkasi |

ing Dêmak nagari |

ngrèh wadya sawêgung ||

6.
Kangjêng sultan Pajang kang winarni |

wusing madêg katong |

karsa nyuwun idi mring Parapèn |

Kyai Agêng Mantaram umiring |

sagunging bupati |

kêbut tan na kantun ||

7.
Sultan Pajang sarawuhing Giri |

kagyat ing tyas anon |

pasanggrahan (m)banjêng anèng ngare |

pra bupati kang samya sumiwi |

ing Jêng Sunan Giri |

pondhoke pinatut ||

8.
Sunan Prapèn duk miyos tinangkil |

Sultan Pajang gupoh |

asumewa sarêng bupatya kèh |

lênggah jèjèr ngarsane sang rêsi |

ingayap pra dasih |

nèng pungkuranipun ||

9.
Wusing pêpak kang samya anangkil |

sunan ngandika lon |

jêbèng Pajang di kaparêng kene |

wus alênggah cakêt lan sang rêsi |

angandika aris | winor manis arum ||

10.
Putraningsun kang padha anangkil |

ywa na walangatos |

dèn narima marang ing papasthèn |

ing samêngko ki Pajang dipati |

ingsun wus ngidèni |

ing jumênêngipun ||

Jilid 1 - Kaca : 11

11.
Sultan mêngku ing Pajang nagari |

sudibya kinaot |

binathara tan ana samine |

babundhêle ing satanah Jawi |

kalipahing Widdhi |

sarta ajujuluk ||

12.
Sultan Prabu Awijaya lêwih |

karsane Hyang Manon |

nêksènana pra sutèngsun kabèh |

atur paksi sakèhing bupati |

mangayubagyani |

dhawuhing sang wiku ||

13.
Nulya mundhut dhahar wus umijil |

saking jro kêdhaton |

tinata ing pandhapa madyane |

Sunan Prapèn sultan Pajang tuwin |

kang para bupati |

wus bujana kêmbul ||

14.
Sang pandhita angandika malih |

dhuh pra siswaningong |

sultan Pajang myang bupati kabèh |

ênggonira akêkadang kaki |

ywa salayèng budi |

di atut arukun ||

15.
Raharjèng tyas sukur ing Hyang Widdhi |

karsane Hyang Manon |

ana kang tinitah dadi gêdhe |

ana kang tinitah dadi cilik |

papasthèning Widdhi |

basane asnapun ||

16.
Datan luwih sun têtèdhèng Widdhi |

anak putuningong |

donya akir salamêta kabèh |

kang sinabdan samya saur paksi |

tutug dènnya bukti |

linorot mring wadu ||

17.
Sunan Giri tinarbukèng Widdhi |

waspadèng pangawroh |

datan samar lalakon ing têmbe |

ingkang tansah pinancêr ing liring |

Ki Agêng Mantawis |

cahyanya umancur ||

18.
Angandika Jêng Susunan Giri |

mring jêng sultan alon |

jêbèng Pajang lah ta sapa kae |

baturmu kang mangan angèrèni |

sapa aranèki |

kangjêng sultan matur ||

19.
Rencang amba patinggi Mantawis |

nami karan ênggon |

angrèh siti sadhomas karyane |

sang pandhita angandika malih |

dhawuhana kaki |

linggih jajar patut ||

20.
Lawan para siswèngsun bupati |

sandika kang kinon |

Kyai Agêng Mantaram wus jèjèr |

hèh sanggyaning siswèngsun bupati |

wruhanamu kaki |

turunne si kulup ||

21.
Ki Mantaram besuk wus pinasthi |

angrèh sakèhe wong |

ing satanah Jawa iki kabèh |

nadyan Giri kene têmbe ugi |

ngidhèp ing Mantawis |

kyagêng lajêng ngujung ||

Jilid 1 - Kaca : 12

22.
Konjêm siti nênêdha Hyang Widdhi |

widadaning dhawoh |

saha matur mring Sunan Parapèn |

sakalangkung sru nuwun kapundhi |

lulusing sabda ji |

têtêpe kang wahyu ||

23.
Dhuh pukulun patikbra ngaturi |

dhuwung wus mirantos |

amung dadya pratandha yêktine |

sungkêm amba timbalan sang yogi |

sunan ngandika ris |

sun tarima kulup ||

24.
Nanging ingsun paringakên bali |

apan kacariyos |

samya rêsêp pra dipati kabèh |

aningali Ki Agêng Mantawis |

raja pandhita di |

gya mucung dhadhawuh ||

5 Pocung

1.
Lah ta kulup para bupati sadarum |

ingsun iyasakna |

talaga kang luwih adi |

tur sandika pra wadya nulya tumandang ||

2.
Dhudhuk-dhudhuk tan pantara nuli rampung |

dados kang talaga |

luwih adi toya wêning |

gilar-gilar lir pendah kaca brênggala ||

3.
Wusing katur sinung ran Talagapatut |

jêng sultan kalawan |

sagunging para bupati |

wus linilan mring prajane sowang-sowang ||

4.
Tan cinatur nagri Pajang risakipun |

pindhah ing Mantaram |

ingkang jumênêng narpati |

putranira nênggih Ki Agêng Mantaram ||

5.
Risang Sutawijaya jujulukipun |

Kangjêng Panêmbahan |

Senapati ing Mantawis |

lulus wirya gêmah arja prajanira ||

6.
Panêmbahan Senapati ing Mantarum |

ngyêktèkkên wirayat |

dhawuhe Susunan Giri |

ing nalika sowannya jêng sultan Pajang ||

7.
Panêmbahan Senapati nulya ngutus |

abdi kinèn sowan |

maring Giri kanthi tulis |

praptèng Giri sang wiku lagya sineba ||

Jilid 1 - Kaca : 13

8.
Sêrat katur tamating pamaosipun |

mèsêm angandika |

hèh caraka ing Mantawis |

pakênira matura Ki Senapatya ||

9.
Lamun ayun nyatakkên wirayatingsun |

gustimu turana |

nglurug mring bang-wetan nuli |

wus pinasthi karsane Allah Tangala ||

10.
Lamun ratu Mantaram ing têmbenipun |

ngrata tanah Jawa |

sanadyan ing Giri iki |

uga têluk marang ing nagri Mantaram ||

11.
Lokilmakpul tan kêna owah sarambut |

jamane walikan |

kawula dumadya gusti |

ingkang gusti sayêkti dadi kawula ||

12.
Pratandhane wus katon Pajang Mantarum |

iku dadya cihna |

utusan wus nyuwun pamit |

mantuk marang Mantaram agêgancangan ||

13.
Wus sumiwi ing ngabyantara sang prabu |

wus katur sadaya |

wêlinge Jêng Sunan Giri |

tan pantara lami sri nata Mantaram ||

14.
Bidhal nglurug mring bang-wetan kang jinujug |

ing nagari Japan |

sagunging para bupati |

ing bang-wetan wus kumpul anèng ing Japan ||

15.
Kacariyos ing Giri sang maha wiku |

wus miyarsa warta |

lamun sang prabu Mantawis |

ngêpung Japan para bupati bang-wetan ||

16.
Pacak baris tutulung paguting pupuh |

Jêng Sunan ing Arga |

utusan akanthi tulis |

tyang sadasa gêgancangan marang Japan ||

17.
Praptanipun ing Japan nulya kinumpul |

wong agung Mantaram |

myang bang-wetan pra bupati |

wusing pêpak duta Giri aturira ||

18.
Dhuh wong agung Mantaram saha wong agung |

bang-wetan sadaya |

lampah kawula tinuding |

ing Jêng Sunan Giri akanthi nawala ||

19.
Ulun waos pribadi mrih têrangipun |

sami kapyarsakna |

suraose kanang tulis |

dutèng Giri manêngah maos nawala ||

20.
Layangingsun Jêng Sunan Giri dhumawuh |

marang putraningwang |

Senapati ing Mantawis |

lan mring putraningsun Pangran Surabaya ||

Jilid 1 - Kaca : 14

21.
Liring layang (ng)gonira ayun prang pupuh |

rêbut panjênêngan |

ingsun pan ora nglilani |

krana bakal kèh pêpati tan prayoga ||

22.
Têmbe lamun ana karsane Hyang Agung |

pamiyaking Sukma |

andhap luhur wus pinasthi |

pan tinêmu ing samêngko durung mangsa ||

23.
Balik padha nganggoa budi rahayu |

lêstari kêkadang |

sun asung babasan kaki |

wadhah lawan isi êndi piniliya ||

24.
Sun idèni salah siji pamilihmu |

isi apa wadhah |

sawusira samya milih |

prajanjiya sêtya susêtyaning driya ||

25.
Dèn asukur takdiring Hyang Kang Maha Gung |

singa piniliya |

iku wus tan kêna gingsir |

pan tinêmu ing wuri kaananira ||

6 Pangkur

1.
Yèn uwis pamilihira |

umantuka marang nagrinirèki |

ingsun sung raharjèng laku |

marang ing sira padha |

wus atiti kang sêrat nulya tinutub |
Senapati angandika |

lah yayi ing Surawèsthi ||

2.
Kadiparan karsanira |

andikane panêmbahan ing Giri |

mung yayi kalawan ingsun |

kang tumraping nawala |

kinèn milih wadhah lawan isinipun |

pundi ta ingkang kinarsan | yayi miliya kariyin ||

3.
Ulun narima tampikan |

duk miyarsa Pangeran Surawèsthi |

ing tyas samana pakewuh |

wusana angandika |

kakang Senapati Ngalaga Mantarum |

kêncênge manah kawula | ulun milih kanang isi ||

4.
Kakang kabageyan wadhah |

Senapati Ngalaga ngandika ris |

yayi kula wadhahipun |

inggih sampun narimah |

dutèng Giri atas pamiyarsanipun |

gya pamit mring panêmbahan |

miwah mring para dipati ||

Jilid 1 - Kaca : 15

5.
Panêmbahan Senapatya |

sampun kundur maring nagri Mantawis |

wong agung bang-wetan sampun |

umantuk sowang-sowang |

tan cinatur dutèng Giri lampahipun |

praptèng ngarsa atur sêmbah |

matur solahnya tinuding ||

6.
Dhuh gusti kawuningana |

putra tuwan Pangeran Surabanggi |

kinèn amilih rumuhun |

mring Kangjêng Senapatya |

Surawèsthi kang pinilih isinipun |

wadhahipun Panêmbahan | narimah atampi isi ||

7.
Mèsêm Jêng Sunan ing Arga |

wruhanira kodrat tan kêna gingsir |

basa wadhah nêgri iku |

isine apan janma |

têmbe nagri bang-wetan karèh Mantarum |

isi yèn tan manut marang | ingkang adarbe nagari ||

8.
Sayêkti tan kêna ngambah |

yèn ambadal sayêkti têkèng pati |

dadi kudu amiturut |

marang kang duwe wadhah |

ênêngêna ing Giri gantya winuwus |

nênggih praja-di Mantaram |

Panêmbahan Senapati ||

9.
Dènnira jumênêng nata |

laminira pan namung tigang warsi |

lajêng puput yuswanipun |

ginantyan ingkang putra |

Pangran Adipati Anom ing Mantarum |

jujuluk Jêng Susuhunan |

Diningrat Anyakrawati ||

10.
Amung kalih wêlas warsa |

laminira jumênêng narapati |

jêng susunan nulya surut |

ginantyan narpatmaja |

Pangran Adipati Anom ing Mantarum |

jujuluk Kangjêng Susunan |

Sultan Agung ing Mantawis ||

11.
Prabu Anyakrakusuma |

duk punika Pangeran Surawèsthi |

anyêdhahi pra tumênggung |

mancanagri bang-wetan |

wusing pêpak nèng Surabaya sadarum |

ngrêmbag arsa magut ing prang |

ngrabasèng nagri Mantawis ||

12.
Sabiyantu abipraya |

pra bupati tan ana nyulayani |

enjing gya budhal gumuruh |

sagunging balakuswa |

kampir ngujung astana Giri Kêdhatun |

undure sangking astana |
sowan ing Jêng Sunan Giri ||

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (02) Kaca 05 - 09
  • (04) Kaca 16 - 31 >