Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434702
Hari ini     :Hari ini :102
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :168
Bulan ini   :Bulan ini :3331
s/d hari ini   :s/d hari ini :434702
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 14

Kontak Admin.

email-kidemang

 (17) Kaca 123 – 136

 

( Bab Petangan Dintên Ngêdêgakên/ndandosi griya, Bab Lairipun Jabangbayi lan Wataking Lindhu )

7. Kaajak dening Amat Têngara sowan Ki Pujangkara, kaparingan katrangan bab petangan dintên ngêdêgakên/ndandosi griya, bab lairipun jabangbayi lan wataking lindhu.


Kaca 123 - 136.


Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 2 - Kaca : 123

121 Gambuh

38.
Yayi bilih panuju |
myang tan wontên ing pakèwêdipun |
kula tumut sowan supadi mêwahi |
antuk kawanuhan luhung |
pra gêng sêpuh ahli raos ||

39.
Ki Amat sukèng kalbu |
kakang langkung prayogi saèstu |
uwa Juru saking ing pangraos mami |
bab etang-etang wus langkung |
mila kinathik sang katong ||

40.
Sanggyaning pra priyantun |
bilih badhe akagungan parlu |
tamtu nyuwun papetangan kang prayogi |
dhumatêng pun uwa Juru |
mrih lêstantun karahayon ||

41.
Cêbolang malih muwus |
wawi adhi kula èstu tumut |
wus umangkat santri papat kang umiring |
nèng ngênu datan winuwus |
kèndêl ing pintu sang anom ||

122 Sinom

1.
Kyai Juru Pujangkara |
bakdane waktu Ngasari |
angidêri têtanêman |
sasêkaran warni-warni |
nèng kiwa têngên panti |
ginula-gula binatur |
sêlane bêbaturan |
ingurug karikil langking |
pagêr luntas pinarak rampak-naracak ||

2.
Wadone lumakyèng wuntat |
sira Nikèn Pujastuti |
lugas tan mawi rasukan |
arimong kurasi kuning |
lading alit cinangking |
parêkan kalih nèng pungkur |
ambêkta panadhahan |
siji (m)bêkta talam alit |
isi gantèn tumumpang anèng sap asta ||

3.
Ki Juru angalap sêkar |
sinungkên marang kang rayi |
tinata nèng panadhahan |
nulya mring kêbonan wingking |
ngundhuhi kacang cipir |
boncis kapri myang katimun |
tanapi gêgudhangan |
wangsul mring plataran malih |
angundhuhi wowohan mawarna-warna ||

4.
Antuk kalih panadhahan |
Ki Juru ngandika aris |
Nikèn sira sadhiyaa |
saanane kang prayogi |
aja anguciwani |
kang patut kanggo susuguh |
kèndêl dènnya ngandika |
Ki Mat Têngara mangarsi |
wusing cêlak Kyai Juru angandika ||

Jilid 2 - Kaca : 124

5.
Jêbèng saka ngêndi sira |
wangune kaya wigati |
umatur Kyai Têngara |
ulun muhung saking panti |
pêrlu sowan mariki |
akaliyan (m)bêkta tamu |
pun kakang Mas Cêbolang |
kula tilar wontên (n)jawi |
Kyai Juru ngandika mring èstrinira ||

6.
Nikèn wus sira muliya |
banjurêna prentah mami |
mêngko sabakdane Ngisa |
ki tamu dak ajak bukti |
lèngsèr Nyi Pujastuti |
Têngara turrana gupuh |
putraku Mas Cêbolang |
ywa kadangon anèng (n)jawi |
Mat Têngara mundur praptèng paregolan ||

7.
Nulya ingirid mangarsa |
santri catur tansèng wuri |
praptèng plataran pinapag |
mring Ki Juru gya kinanthi |
sarwi nambrama manis |
padha bêcik sira bagus |
lami sun arsa-arsa |
kowe mau saka ngêndi |
kang liningan umatur pangèstu tuwan ||

8.
Muhung saking pamondhokan |
babasan kapasang yogi |
wus lami ulun yun sowan |
pun adhi wau sung uning |
badhe sowan mariki |
mila ulun lajêng klayu |
nahênta pinanggiyan |
nèng panti kilèn pêndhapi |
dhapur kampung wetan kilèn ing èmpèran ||

9.
Kori têngah trus pêngkêran |
patamanan kilèn panti |
têngah sinungan balumbang |
ingongonan wadêr abrit |
lalarèn angubêngi |
sinung sidhatan mangidul |
mring balumbanging langgar |
binatur ing sela putih |
toya wêning ganggêng mirut ngering nganan ||

10.
Sri kawuryan piniyarsa |
sauran ungêling pêksi |
kang samya anèng sêngkêran |
kadi sung pambage maring |
ingkang anêmbe prapti |
bêrkutut anduduk layu |
dêrkuku putêr pêthak |
blastêr dara gondhok Parsi |
nori atat miwah pêksi cèh-ocèhan ||

11.
Lir mamèrkên swaranira |
sru sakeca piniyarsi |
wus tata dènnira lênggah |
sugata lumadyèng ngarsi |
pasêsan gantèn wangi |
pateyan pangiringipun |
dhaharan rêrêmikan |
Kyai Juru ngacarani |
jêbèng kono saanane rinahaban ||

12.
Andhêku kang sinung sabda |
pasugatan dèntanggapi |
minum wedang myang dhaharan |
sinêlanan gantèn wangi |
Ki Amat matur aris |
gatosipun sowan-ulun |
badhe ngadêgkên griya |
nyuwun tanggal wulan ari |
nuwun benjing punapa prayoginira ||

Jilid 2 - Kaca : 125

13.
Ki Juru mèsêm ngandika |
upama aja (m)barêngi |
lan gawene (m)bakyunira |
sasi Bêsar kang prayogi |
ta besok bae kaki |
Rabingulakhir sutèngsu |
yèn wus cêdhak kewala |
sira ngêlingêna kaki |
Ki Têngara andhêku matur sandika ||

14.
Ngandika malih ki wisma |
marang ing tamunirèki |
iki ranne kabênêran |
sisan ulun asung uning |
Bêsar ing ngarêp iki |
manira yun amêmantu |
ngomah-ohamke anak |
wadon ran Rara Mustari |
dhaup lawan Gus Samsu atmajanira ||

15.
Ki Ngabèi Mangunarja |
Kadêmangan ing Pangasih |
lamun sira durung linggar |
êndak purih angrawuhi |
Cêbolang matur aris |
sêndika langkung panuju |
mênggah têmpuking karya |
wontên ing dintên punapi |
Ki Juru ngling sauwise bêdhol tumbak ||

16.
Ing tanggal kaping pat-bêlas |
Jumuwah Pon amarêngi |
pêcak sawêlas ningkahnya |
sorene bakda Mahribi |
pangantèn banjur panggih |
mung calimèn basanipun |
mulane rinira Mat |
anggone ngadêgkên panti |
dakkon mundur dadi tan bêbèncèng karsa ||

17.
Èh Ragaduta dandana |
ngunjukna lapuran iki |
(n)jujug Nyi Regol kewala |
katur Nyi (ng)Gung ingkang tampi |
sêrat wus dèntampani |
Ragaduta nulya mundur |
Cêbolang bêbêg ing tyas |
nanging ayun matur ajrih |
jroning minggu (ng)gagas badhe aturira ||

18.
Raraosan lan Ki Amat |
adêgipun wisma adhi |
punapi mawi piliyan |
tan prayogi janji sasi |
Ki Amat amangsuli |
makatên saèstunipun |
nanging kula tan wikan |
kajawi matur kiyai |
uwa Juru supadi têranging nala ||

19.
Uwa punika pun kakang |
atatanya dhatêng mami |
masalah adêging wisma |
paran katêranganèki |
Ki Juru ngandika ris |
adêging griya puniku |
lawan tibane pangkat |
pan padha petanganèki |
mula lamun (n)jêng sultan arsa misudha ||

20.
Sadurunge kalêksanan |
dhawuh marang ingsun dhingin |
mundhut palapuraningwang |
dina sasi kang prayogi |
lan lamun amarêngi |
kagungan putra sang mulku |
miyose atmajendra |
uga ulun angaturi |
pêpetangan atanapi pêpèngêtan ||

Jilid 2 - Kaca : 126

21.
Kalamun ana grahana |
kalawan teja kaèksi |
lintang kumukus bahingrat |
tibane laetulkadri |
ulun banjur ngaturi |
katrangan surat tinutup |
mau gawe lapuran |
arsa amisudha wrêsi |
piyarsakna kang bêcik lawan kang ala ||

22.
Iki lah mapan pratingkah |
ngadêg-adêgakên nênggih |
sabarang kang dènadêgna |
bupati utawi mantri |
miwah ta saliyaning |
kaya ngadêgakên iku |
ing wisma sapadhanya |
miliya sasi kang bêcik |
ingkang ala wajib sira singgahana ||

23.
Kalamun sasi Mukaram |
ala watêke tan bêcik |
mapan manggung kasusahan |
gêringan payah tan polih |
ing têtamba tumuli |
yèn ana durbala tulus |
yèn apêpadon kalah |
amung ngadêgkên narpati |
ingkang bêcik liyane iku pan ala ||

24.
Yèn ing sasi Sapar ala |
singgahana nora bêcik |
tan wurung lara kêsandhang |
nanging tan tumêkèng pati |
yèn nanandura bêcik |
iya ing wit-witanipun |
têngahan lan wêkasan |
wurung lire nora dadi |
tombok donya sirna nora ambarêkat ||

25.
Ing Rabingulawal ala |
agêringan wataknèki |
miwah ta kapatèn garwa |
yèn nênandur nora dadi |
lan alanipun malih |
kêrêp kadhêndhèng Hyang Agung |
Rabingulakhir wulan |
pilihan iku kang bêcik |
ing sabarang iku kang ingêdêgêna ||

26.
Mapan wahyune kapenak |
sabarang prentahe dadi |
barang karêpe katêkan |
yèn pêpadon mênang ugi |
ing sakarsanirèki |
yèn nênandur pasthi tulus |
lan nora na kandhêgnya |
têkan êmas lawan picis |
kang supangat (n)Jêng Nabi Nayakaningrat ||

27.
Lan sapolahe rinêksa |
dening Hyang Kang Maha Sukci |
de sasi Jumadilawal |
ala pan anggung prihatin |
pêtêngan atèn nênggih |
punika wawatêkipun |
yèn apêpadon kalah |
ananandur nora dadi |
kikirangan rijêki dening Pangeran ||

28.
Jumadilakir kang wulan |
singgahana nora bêcik |
akèh rijêki kang prapta |
nora nganti dipun bukti |
pan anggung dènmalingi |
kasayaban ngangguripun |
lawan kêrêp kadhêndha |
sathithik sukaning kapti |
apan kêrêp kasusahan ingkang manah ||

Jilid 2 - Kaca : 127

29.
Ing sasi Rêjêb pan ala |
arang sukane kang ati |
mapan akèh dukanira |
tininggal marang ing siwi |
nênandur nora dadi |
bawur angên-angênipun |
tan antuk kang sapangat |
(n)Jêng Nabi Duta sinêlir |
yèn ing sasi Sakban punika utama ||

30.
Sabarang kang dènadêgna |
punika pan luwih bêcik |
akèh rijêki kang prapta |
tur sasi kalal binukti |
kèdhêp parentahnèki |
akèh wong kang apitutur |
tur padha wèh manpangat |
sabarang karêpe dadi |
apan antuk kang sapangat Rasulollah ||

31.
Salalahu-huwasalam |
wulan Ramêlan tan bêcik |
tansah kangelan kang manah |
ing lair tumêkèng batin |
manggung kinirang ugi |
marang wong kang gêthing iku |
akèh wong ingkang ewa |
anênandur nora dadi |
prayogane padha sira singgahana ||

32.
Yèn ing sasi Sawal ala |
tur bangêt (ng)gonne tan bêcik |
ambarêngi prihatinan |
akèh kang wong angewani |
wong angalani malih |
akêrêp kataton iku |
tan kèdhêp parentahnya |
anênandur nora dadi |
pan ing wulan Dulkangidah watakira ||

33.
Sabarang kang dènadêgna |
pan asae wataknèki |
apan manggung kinasiyan |
mring sadulur anak rabi |
myang sapêpadhanèki |
atanapi mring wong sêpuh |
anandur prayoga |
mung sêdhêng petangirèki |
pan ing wulan Dulkangidah iku watêknya ||

34.
Akèh rijêkine prapta |
êmas atanapi picis |
saisine wismanira |
tumêkèng laladanèki |
tuwin prentahan sami |
sadaya yêm manahipun |
angsal ingkang supangat |
(n)Jêng Nabi Rosulolahi |
Salahu-wa-ngalai-hiwasalam ||

35.
Tamat gantya palairan |
petung sing nêptuning ari |
winor nêptuning pasaran |
duk rikalanira lair |
kayêktènira ugi |
mapan akèh cocogipun |
nadyan ta sulayaa |
mung sathithik kèh nocogi |
pinurwa sing wêktuning dina pasaran ||

36.
Kalamun kapanggih astha |
lairira jabangbayi |
bang-bang pring tur panas baran |
watake pan rada drêngki |
kurang marma kang ati |
akèh wong kang dènbarangus |
rêmên padu wong ika |
yèn nêpsu sok (m)bilaèni |
wus kayêktèn yèn mangkono watêkira ||

Jilid 2 - Kaca : 128

37.
Kalamun kapanggih sanga |
lairira jabangbayi |
watakira baranjalan |
omah-omah asring ngalih |
sabanira atêbih |
amung ngungsèkakên gurung |
kalamun duwe japa |
watakira nora mandi |
nora wawang wong agawe karusakan ||

38.
Lamun kapanggih sadasa |
lairira jabangbayi |
antêng watake sambada |
yèn winuruk anitèni |
jêro nêptune yêkti |
abagus bisa mêrdhukun |
tan rêmên tinakonan |
juwèh-juwèh wong puniki |
sumèh ulat trisna marang kadangira ||

39.
Lamun kapanggih sawêlas |
lairira jabangbayi |
mapan barès tur pracaya |
wani ngambah ing wêwêdi |
kêndêl wani ngêmasi |
rêmên wèwèh wong puniku |
loma maring sasama |
alane yèn nandhang miskin |
sok calimut njupuk duwèking sasama ||

40.
Kalamun kapanggih rolas |
lairira jabangbayi |
kurang narima ing titah |
akèh pangarahirèki |
kasmaran ing asinggih |
èstri atanapi jalu |
gampang ngupaya pangan |
watakira kurang manis |
omah-omah wong ika asring kelangan ||

41.
Lamun kapanggih têlulas |
lairira jabangbayi |
rênyah pamicaranira |
gungan kapati-pati |
nanging atine bêcik |
runtut rukun mring sadulur |
tan darbe napsu ala |
bêtah mêlèk enggal mukti |
yèn nyudagar watake tabêri dagang ||

42.
Lamun kapanggih patbêlas |
lairira jabangbayi |
ing têmbe lare punika |
sabarang karya pan bangkit |
sakêdhap yèn tan bukti |
agangsar lamun winuruk |
tau sinungsung janma |
cacadira nora sugih |
lêmbah manah wong ika rada sungkanan ||

43.
Lamun kapanggih limalas |
lairira jabangbayi |
kaharjan rare punika |
bisa marentah sujanmi |
kêras tatag gêng ati |
cukup mring pambuktinipun |
nora kurang pamboga |
kathah mitranira asih |
mung cacade asring padu maring krama ||

44.
Lamun kapanggih nêmbêlas |
lairira jabangbayi |
sèdhêt maring silakrama |
angrêsêpkên lamun angling |
sugih apura yêkti |

juwèh padone wong iku |
sabarang kang cinipta |
nora luput pasthi dadi |
lamun bukti nora kêna pinalangan ||

Jilid 2 - Kaca : 129

45.
Lamun kapanggih pitulas |
lairira jabangbayi |
mênêng cêguk watakira |
yèn margawe sok niwasi |
glênas-glênês yèn angling |
yèn duwe karêp sok wurung |
asring sinungsung janma |
kêrêp dènpaeka janmi |
yèn kapadhan ing karsa kalangkung suka ||

46.
Lamun kapanggih wolulas |
lairira jabang bayi |
kaduk wani kurang duga |
kumalungkung sok panastin |
biyas ulatirèki |
yèn dinulu wong puniku |
padonira sêmbrana |
sumakeyan lamun sugih |
yèn tukaran dènantêp tumuli ngalah ||

47.
Titi petungan klairan |
mungguh sasi ingkang bêcik |
kang kanggo adêg-adêgan |
wusing pakantuk kang sasi |
kudu angetung maning |
kang prayoga dinanipun |
utawa nyingkirana |
tali wangke sampar mayit |
naas sangar myang kala wuku nèng ngandhap ||

48.
Dhêndhan-kukudan dhungulan |
uga kudu disingkiri |
Cêbolang aris turira |
langkung lêgane kang ati |
nahênta wanci Mahrib |
bêdhug ing langgar tinabuh |
santri lit kathah prapta |
samya muji salawati |
alalagon Tunggul munggah Paculgowang ||

49.
Ki wisma aris ngandika |
prayoga wêktu rumiyin |
tanggap ingkang sinung sabda |
samya ngambil toyastuti |
sawusing praptèng masjid |
kang maca salawat suwuk |
Nurwitri nulya adan |
swara arum mêthit alit |
amung kirang sakêdhik wilêtanira ||

50.
Suwuking angantya sunat |
sawusing sunat Mahribi |
Ki Nurwitri nulya kamat |
kèndêl kamat nulya Mahrib |
Ki Juru angimami |
têkèng bakda Ngisanipun |
sampat kang pupujian |
sunatira amêpêki |
bakda sunat Kyai Juru angandika ||

51.
Jêbèng payo marang wisma |
ibunta sadhiya bukti |
tumurun saking ing langgar |
Cêbolang Amat nèng wuri |
sapraptanirèng panti |
Pujastuti lon umatur |
dhahar sampun samêkta |
Ki Juru angacarani |
payo jêbèng padha mangan saananya ||

Jilid 2 - Kaca : 130

52.
Ibune sira mèluwa |
mangan dimèn aja ganjil |
kang sinung ngling wus mangarsa |
saha matur manganjali |
dasihe nyuwun uning |
lah sintên tamu puniku |
iku ran Mas Cêbolang |
asli sing Cilacap nagri |
atmajane Janggan Naradi Kang Ngusman ||

53.
Wus lawas nèng Ngèksiganda |
mondhok ing wismanirèki |
pulunanta Mat Têngara |
ingakên sudarawêrdi |
papat bature santri |
pinarêng ing wêktunipun |
slawase kapondhokan |
rijêkine ika mintir |
wus dilalah malah yun ngadêgkên wisma ||

54.
Pujastuti angandika |
sukur-sukur sira kaki |
muga-muga lêstarèkna |
andhêku kang sinungan ngling |
kulup kang anyar kèksi |
sanadyan nêmbe katêmu |
rasane atiningwang |
tan beda lan rinirèki |
kaya uwus kulina luwih sawarsa ||

55.
Mas Cêbolang aturira |
kalangkung nuwun kapundhi |
sapintên-pintên nugraha |
kang dhumawah jasadmami |
karêngkuh kadi siwi |
mênggah sotaning tyas ulun |
kadya rêna priawak |
sampun kirang pangaksami |
rèh tyang manca èstu kirang sila krama ||

56.
Anutug dènnira nadhah |
sadaya wus samya wanting |
ambêng nulya cinarikan |
linorodkên maring jawi |
Ki Juru ngandika mring |
garwa èh ibune sindhuk |
sesuk Nyi Padmasastra |
lawan Nyai Gundha mundhing |
aturana mrene jakên rêrêmbugan ||

57.
Pujastuti tur sandika |
bibar wangsul maring jawi |
santri papat lagya nadhah |
ki wisma ngling aywa isin |
banjurna (ng)gonmu bukti |
kang liningan matur nuwun |
mangsuli pinarakan |
wusing dhahar (m)buwang amis |
nulya sami êsês atanapi mucang ||

58.
Alon matur Mas Cêbolang |
paran katêranganèki |
takbirane kang grahana |
surya atanapi sasi |
mênggah ngalamatnèki |
sanès atanapi jumbuh |
myang ngalamating teja |
lintang kumukus utawi |
punang lindhu ulun nyuwun saêrêpan ||

59.
Kyai Juru mêdhar sabda |
grahana surya myang sasi |
iku ngalamate padha |
mangkene urutirèki |
yèn grahana amarêngi |
Muharam ing wulanipun |
ngalamate akathah |
ing pitênah lan bilai |
wong kang sugih-sugih samya karisakan ||

Jilid 2 - Kaca : 131

60.
Wong kang miskin samya saras |
yèn Sapar ika marêngi |
wêtuning punang grahana |
ngalamate udan angin |
yèn grahana kang sasi |
Rabingulawal anuju |
ngalamate pailan |
lan akathah kang ngêmasi |
lan akathah udan angin mangsanira ||

61.
Lamun panuju grahana |
ing wulan Rabingulakir |
ngalamat wong sugih samya |
akathah kang alih-alih |
wong ingkang miskin-miskin |
akathah kalalènipun |
lamun ana grahana |
Jumadilawal kang sasi |
lamat kathah kilat udan lawan gêlap ||

62.
Lamun anuju grahana |
ing wulan Jumadilakir |
nglamat tulus wong sêsawah |
tanduran padha andadi |
wowohan murah sami |
lamun grahana anuju |
nênggih ing wulan Rajab |
akèh wong luwe bilai |
akèh udan angin akèh wong palastra ||

63.
Yèn grahana wulan Sakban |
ngalamat manungsa sami |
akèh karya kabêcikan |
lan bêrkat mupangat sami |
sukur akèh kang muji |
ing Hyang Kang Maha Luhur |
lamun ana grahana |
wulan Ramêlan marêngi |
ngalamate pailan akèh wong rusak ||

64.
Lamun ing malêm Jumuwah |
ngalamat akèh bilai |
asangêt agagêmpuran |
akathah tyang sami lalis |
yèn grahana ing sasi |
Sawal pan ngalamatipun |
akathah wong kang lara |
lan akathah wong prihatin |
yèn grahana nuju wulan Dulkangidah ||

65.
Lamat sangêt kang maruta |
bayu bajra angin-angin |
angrêbahakên kakaywan |
yèn grahana amarêngi |
Dulhijah wulannèki |
ngalamat akèh wong iku |
sami asuka-suka |
lan wong papakeyan sami |
lan wong kaji samya suka ing dadalan ||

66.
Lamun anuju grahana |
ing wulan Dulkijah nênggih |
lajêng ing wulan Mukaram |
ing sajrone kalih sasi |
ngalamat badhe ari |
kiyamat ing mangsanipun |
karsanira Hyang Suksma |
akarya ilapat jati |
dèn waspada tibane dudu lan iya ||

67.
Gantya ngalamating teja |
lamun ana teja kèksi |
ing wetan bênêr pratandha |
tulus panjênêngan aji |
suka sakèhing janmi |
tulus kang sarwa tinandur |
lan murah sandhang pangan |
dene yèn teja kaèksi |
kidul wetan pratandha aprang gêmpuran ||

68.
Lan wontên pakaryan awrat |
malih yèn teja kaèksi |
ing kidul bênêr pratandha |
larang bêras larang pari |
lawan akèh wong drêngki |
akèh wong kang samya lampus |
yèn teja katingalan |
kidul kulon mrantandhani |
para mantri pra samya akèh sungkawa ||

Jilid 2 - Kaca : 132

69.
Lan wong cilik akèh rusak |
kêbo sapi padha mati |
lan rêgane mundhak larang |
lamun ana teja kèksi |
kulon bênêr tan bêcik |
pra pandhita para ratu |
lawan kang alul lampah |
myang wong kang atèki-tèki |
sadayèku samyarsa kênèng sungkawa ||

70.
Teja lorkulon ngalamat |
kèh wong mati dening gêring |
wong gêdhe tatane rusak |
teja lor bênêr winarni |
wong cilik padha sêdhih |
wong agung tan ana atut |
nanging bras pari murah |
murah kêbo lawan sapi |
wêkasane larang sandhang lawan pangan ||

71.
Teja lorwetan ngalamat |
ratu katêkan prihatin |
para mantri akèh rusak |
wong cilik bingung kèh ngêlih |
saking wisunane sêdhih |
dene praja ura-uru |
kêbo sapi kèh pêjah |
larang udan mung dèneling |
kautaman kumambang bêkti ing Allah ||

123 Maskumambang

1.
Iki-jêbèng sasmitanira Hyang Widdhi |
sakèhe kang umat |
para ratu myang bupati |
kang miyarsa ngèstokêna ||

2.
Apan lintang kumukus panêngranèki |
lamun ana lintang |
kumukus lorwetan nênggih |
iku ngalamate ala ||

3.
Ana ratu aninggal para bupati |
lawan ana karya |
arane ambêbayani |
nging kèh desa padha rusak ||

4.
Lamun lintang kumukus lorkulon nênggih |
ngalamate ala |
ana ratu rêbut singgih |
lan malih yèn ana lintang ||

5.
Kulon bênêr lintang kumukus mèngêti |
ana madêg raja |
bupati agung ngurmati |
lan wong cilik akèh suka ||

6.
Kidulkulon kawuryan ngalamatnèki |
ana ratu seda |
para bupati prihatin |
samya karya kabêcikan ||

Jilid 2 - Kaca : 133

7.
Akèh udan angin murah bêras pari |
wowohan andadya |
amung kêbo lawan sapi |
kèh pêjah wallahualam ||

8.
Lamun mijil kidulwetan mêrtandhani |
ana ratu padha |
panjênêngan têkèng janji |
lan malih yèn ana lintang ||

9.
Kumukus yèn mijil wetan bênêr nênggih |
ngalamate ala |
sang ratu sungkawèng galih |
lan para bupati padha ||

10.
Kaewuhan desa rusak kèh pagêring |
lawan akèh udan |
nanging murah bêras pari |
wus titi walahualam ||

11.
Amarna rèh dalajate ingkang bumi |
karsane Hyang Suksma |
gonjingira ingkang siti |
tan lyan saking kodratolah ||

12.
Sagunging kang manungsa satanah Jawi |
obahing bantala |
ingaran lindhu puniki |
mangka dumadya pratandha ||

13.
Lamun lindhu wulan Mukaram marêngi |
wêktu Subuh nglamat |
ana prang ing tanah Jawi |
yèn lindhu ing wêktu Luka ||

14.
Jroning Sura murah pangan lan rijêki |
yèn têngange nglamat |
barkah lan rahmat (n)dhatêngi |
yèn wêktu Luhur ngalamat ||

15.
Nênggih arsa angalih ênggèn sawiji |
yèn ing wêktu Ngasar |
ana prang ngalamatnèki |
yèn wêktu Mahrib ngalamat ||

16.
Kathah janma samya anêmahi lalis |
lamun wêktu Ngisa |
saisine bumi sami |
olèh rahmating Pangeran ||

17.
Gantya lindhu ing wulan Sapar marêngi |
wêktu Subuh nglamat |
ana pakaryan marêngi |
(ng)gonning ratune wong desa ||

18.
Iya iku olèh bumi kang sawiji |
yèn ing wêktu Luka |
ana pêrang lamatnèki |
yèn têngange ana pitnah ||

19.
Lamun wêktu Luhur ngalamatirèki |
sri nata sawadya |
tinêkanan nora bêcik |
yèn wêktu Ngasar ngalamat ||

20.
Samya asih siniyan sakèhing janmi |
wêktu Mahrib nglamat |
kèh alih-alihan panti |
kalamun ing wêktu Ngisa ||

21.
Ngalamate bilai agêng (n)dhatêngi |
dipadha prayitna |
ana dene saratnèki |
anganggowa sinjang pêthak ||

Jilid 2 - Kaca : 134

22.
Kang amulus kalawan ingkang asuci |
myang kita ngucapa |
kang bênêr santosèng ati |
ywa ngucap kang tanpa karya ||

23.
Dan maujud ing Hyang Ingkang Maha Sukci |
aywa sok ngucapa |
mangan nginum ngati-ati |
sabarang kang sarwa kalal ||

24.
Apadene padha sidhêkaha sami |
sakuwasanira |
sêga wuduk iwak pitik |
nanging ingkang wulu tulak ||

25.
Ujubira anulak sakèh bilai |
mangsa kèh bêbaya |
apan Kunut donganèki |
poma sami ngèstokêna ||

26.
Gantya wulan Rabingulawal marêngi |
wêktu Subuh nglamat |
apailan punang nagri |
kalamun ing wêktu Luka ||

27.
Ngalamate ana nugrahaning Widdhi |
yèn wêktu Luhur pan |
nglamat ayun ana rêsi |
prapta padesan myang praja ||

28.
Wêktu Ngasar nglamat kèh bocah kang mati |
wêktu Mahrib lawan |
wêktu Ngisa nglamatnèki |
nora ana kara-kara ||

29.
Gantya wulan Rabingulakir marêngi |
wêktu Subuh nglamat |
pailan myang larang bukti |
lamun nuju wêktu Luka ||

30.
Ngalamate murah bêras lawan pari |
wêktu Luhur nglamat |
datan ana kawis-kawis |
wêktu Ngasar ana pêrang ||

31.
Lamun wêktu Mahrib ngalamatirèki |
sakèh bumi desa |
antuk rahmating Hyang Widdhi |
yèn wêktu Ngisa raharja ||

32.
Gantya wulan Jumadilawal marêngi |
wêktu Subuh nglamat |
akèh prang de yèn marêngi |
wêktu Luka ngalamatira ||

33.
Sarwa tulus kang tinandur bumi-bumi |
wêktu Luhur nglamat |
olèh rahmating Hyang Widdhi |
lamun wêktu Ngasar ala ||

34.
Ngalamate bilai gêng andhatêngi |
kèh patyan-pinatyan |
kalamun wêktu Mahêrib |
ngalamat sangêt sangsaya ||

35.
Yèn ing wêktu Ngisa ngalamatirèki |
dahat tan prayoga |
dènsami prayitnèng wèsthi |
yogya padha sagahana ||

36.
Bubur warna iya ing sakadarnèki |
dene donganira |
Pina kalawan Basuki |
prayoga kaèstokêna ||

37.
Gantya wulan Jumadilakir marêngi |
wêktu Subuh nglamat |
kèh wong suka-sukèng ngati |
kalamun ing wêktu Luka ||

Jilid 2 - Kaca : 135

38.
Nglamat kèh wong karya pakaryan basuki |
wêktu Luhur nglamat |
akèh nugraha kang prapti |
kalamun ing wêktu Ngasar ||

39.
Ngalamate akèh woh-wohan kang (n)dadi |
wêktu Mahrib nglamat |
kèh munapèk tan sayukti |
kalamun ing wêktu Ngisa ||

40.
Nglamat akèh pêrang sidhêkaha nuli |
sêga bêras abang |
iwak pitik wulu kuning |
donga Slamêt wirangrongan ||

124 Wirangrong

1.
Wulan Rêjêb kang gumanti |
kalamun ing wêktu Suboh |
nglamat tan prayoga awonipun |
winêdhar tan kenging |
mung kandhêg nglamat ala |
kalamun ing wêktu Luka ||

2.
Ngalamat asat kang tasik |
waktu Luhur ngalamat won |
satrunira arsa akarya dur |
ngira-ira ngati |
kalamun wêktu Ngasar |
ngalamate sarwa murah ||

3.
Kalamun ing waktu Mahrib |
ngalamat wong kang ngalih (ng)gon |
yèn ing wêktu Ngisa nglamatipun |
kèh wong sukèng galih |
tan ana sinangsaya |
ngene-ngene suka-rêna ||

4.
Gantya wulan Ruwah wanci |
waktu Subuh nglamat awon |
akèh uwong-uwong akaryèku |
pangira tan bêcik |
kalamun wêktu Luka |
ngalamate luwih ala ||

5.
Ana bêbênduning Widdhi |
waktu Luhur uga awon |
akèh bumi rusak sidkahipun |
sêga bras ayam brit |
dene dongane Balak |
iku padha kaèstokna ||

6.
Gantya wulan Siyam wanci |
waktu Subuh nglamat awon |
akèh bumi rusak yèn ing waktu |
Luka nglamatnèki |
pan ana papêrangan |
yèn waktu Luhur myang Ngasar ||

7.
Ngalamate awon sami |
waktu Mahrib uga awon |
lawan waktu Ngisa nglamatipun |
pan patin-pinatin |
mung wong agung kewala |
wong cilik katut kewala ||

Jilid 2 - Kaca : 136

8.
Padha sidêkaha nuli |
mung bubur dhawêt kemawon |
dene donganira donga Rasul |
tan pêgat mêmuji |
aywa na kara-kara |
wong agung tulus têntrêma ||

9.
Gantya wulan Sawal wanci |
waktu Subuh winiraos |
ngalamat ana satru yèn ing wêktu |
Luka ngalamatnèki |
ana lara mawarna |
myang akèh jalma palastra ||

10.
Yèn waktu Luhur marêngi |
ngalamate ana katong |
ingkang puput yuswa Ngasar wêktu |
ngalamatirèki |
akèh kang bumi rusak |
yèn waktu Mahrib ngalamat ||

11.
Kèh wong suka sukèng galih |
waktu Ngisa nglamat awon |
parêk ana pêrang ingkang agung |
sidêkaha sami |
bubur kang warna-warna |
donganê Êmas-kumambang ||

12.
Gantya Dulkangidah sasi |
lamun nuju waktu Suboh |
wowohan padha nuju |
uwohe andadi |
kalamun waktu Luka |
nglamat ana blai prapta ||

13.
Yèn waktu Luhur marêngi |
nglamat udan kêras rawoh |
lamun waktu Ngasar ngalamatipun |
ingkang bêcik-bêcik |
tan ana paran-paran |
yèn waktu Mahrib ngalamat ||

14.
Kèh wong suka-suka ngênting |
wêktu Ngisa nglamat awon |
akèh wong kang rawuh sidkahipun |
sêga liwêt nênggih |
sabarang iwak kêna |
donga Salamêt kewala ||

15.
Wulan Bêsar amungkasi |
nglamate kang palindhon |
lamun waktu Subuh nglamatipun |
akèh sato sami |
ingkang agalak-galak |
kalamun ing waktu Luka ||

16.
Ana pêrang nglamatnèki |
kalamun ing waktu Lohor |
nglamat kèh lalara Ngasri waktu |
pan ngalamatnèki |
kèh sato ingkang pêjah |
waktu Mahrib kang ngalamat ||

17.
Akèh janma ingkang prapti |
padha kaluwèn kalêson |
lamun wêktu Ngisa nglamatipun |
larang pangan yêkti |
sidêkah sêkul abang |
kalawan sêkul kang pêthak ||

18.
Warna papat iwak pitik |
dènolaha kang miraos |
irêng abang tulak lawan pingul |
Kubur donganèki |
bab palindhon wus têlas |
jêbèng kabèh kang kawêdhar ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (16b) Kaca 110 – 122
  • (18) Kaca 137 – 144 >