Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 12

Kontak Admin.

email-kidemang

 (18) Kaca 137 – 144

 

( Bab Mragad Maesa Murih Dagingipun Babar - Bab Namanipun Daging )
1. Ki Pujangkara nêdhêng-nêdhingipun siyaga badhe mantu putra-putrinipun kanthi upacara mawarni-warni. Amat Têngara tuwin Mas Cêbolang katimbalan. Dhatêngipun pinuju Ki Pujangkara manggihi Nyai Cundhamundhing, jagal, kapasrahan lan sampun kulina nggarap daging maesa. Kangge pasugatanipun para tamu pancèn badhe mragad maesa. Nyai Cundhamundhing nêrangakên bab mragad maesa sarta murih dagingipun sagêd babar/dados kathah tur tumanja sadaya. Ngaturi katrangan sakalangkung jangkêp bab nama-namanipun daging ing awakipun maesa.
Kaca 137 - 144.

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 2 - Kaca : 137

124 Wirangrong

19.
Iku ujare kang tulis |
piridan kang wus kalakon |
iki uwis wayah lingsir dalu |
prayogane sami |
angaso benjang-enjang |
karone padha baliya ||

20.
Kang liningan mundur sami |
ing dalu tan winiraos |
nahan enjangira wangsul |
Ki Juru myang rabi |
lagya manggihi jagal |
Nyi Cundhamundhing juragan ||

21.
Mas Cêbolang wus mangarsi |
Ki Amat jèjèrnya lunggoh |
Pujastuti lingnya mila (m)bakyu |
(n)dika kula aturi |
pinarak mring wismamba |
yèn pinarêng dening Allah ||

22.
Benjing wulan ngajêng niki |
kula badhe ewoh-ewoh |
nglakèkakên anak nanging amung |
climèn datan mawi |
sêdhahan undang-undang |
tamune mung para kadang ||

23.
(m)Bakyu dhangana panggalih |
dados pangajênging pawon |
mênggah babing ulam ecanipun |
amidhe utawi |
amaragat piyambak |
kula amanut kewala ||

24.
Nyi Cundhamundhing turnya ris |
prayogi mragat kemawon |
babar ingkang ulam bilih ulun |
ingkang anênggani |
saèstu sagêd wijang |
sanès-sanès ingkang ulam ||

25.
Nyi Pujas ling kadi pundi |
kula èstu dèrèng wêroh |
namining kang ulam manggènnipun |
(m)bakyu yèn marêngi |
mugi kapratelakna |
dhandhang sranduning maesa ||

125 Dhandhanggula

1.
Nyai Mundhing aturira aris |
wijangipun sranduning maesa |
gangsal perangan cacahe |
sirah sasampunipun |
pisah lawan jangganirèki |
punika sagolongan |
gronggongan dwinipun |
jêrowan katiganira |
suku kalih ing ngajêng sakawannèki |
suku wingking gangsalnya ||

2.
Mapan sirah sasampunirèki |
pisah lawan jangganing maesa |
nami tuwin panggonanne |
cucal sirah puniku |
kang ngêmuli sirahirèki |
kuping sangandhap singat |
klambit sirah muhung |
kang ngêmuli pipinira |
bongos lambe ingkang nginggil manggèn (n)jawi |
gobog poking talingan ||

Jilid 2 - Kaca : 138

3.
Kang katingal ing kanan myang kering |
dhuwêr poking kuping lêbêt (ng)gènnya |
sluhan bêdhahan mripate |
koncèr gobog puniku |
wontên têngên ing kanan kering |
kalambit gulu apan |
kêmul daging gulu |
lambe gangsa (n)jawi apan |
lambe ing ngiringan cêlak êbam cringih |
kadhangan manggènnira ||

4.
Anèng ing lêbêt kang poking kuping |
kadhalan jamang lawan sabrangan |
samya nèng cêngêl ênggonne |
wayang ototing gulu |
ingkang nginggil jamang manggèn ing |
cêngêl wingkinging singat |
pipi kalihipun |
mripat kalih ngandhap singat |
gajih mripati buntêl tancêping kang manik |
kadhalan manggènnira ||

5.
Sangandhaping pipi kanan kering |
tangkêp pinggir pipi lêbêt (ng)gènnya |
asinan ngandhap pipine |
tigasan pan ing gulu |
lambe gangsa lêbêt utawi |
cêthak agêng punika |
tumèmplèk ing balung |
otot adaini (ng)gènnya |
sirah gulu dumugi badanirèki |
dene kang balung mripat ||

6.
Ingkang tinancêpan mripat kalih |
balung uwang-uwang ingkang ngandhap |
dumugi janggut watêse |
untu pan kathahipun |
tamtu tigangdasa nêm iji |
lidhah cangkêm (ng)gènnira |
pok lidhah puniku |
anèng ing têlak manggènnya |
sanggar apan sambunganing lidhahnèki |
kaliyan gurungira ||

7.
Sêntil balung têlak ingkang nginggil |
asinan kang cakêt sêntil (ng)gènnya |
gurung anèng ing têlake |
utak salêbêtipun |
balung pathak warnanya putih |
sogokan pan ing jangga |
janur otot irung |
balung janur balung grana |
balung pasung ing irung manggènnirèki |
pêthak alit punika ||

8.
Pan ing gusi nglêbêt manggènnèki |
congor lambe ing lêbêt (ng)gènnira |
bungur tumèmpèl irunge |
pathak sanginggil bathuk |
curi balung kang dèntancêpi |
sungu kalih punika |
klampit curi muhung |
kang ngêmuli curinira |
sungu ingkang nèng sirah kanan myang kering |
tamat pisahing sirah ||

9.
Peperangan kalih kang winarni |
garonggongan wusing kinêlètan |
sarta kasampilan rêke |
cucal ingkang rumuhun |
angêmuli badaning mundhing |
wulu tumancêp cucal |
thèthèlan puniku |
kang tumèmplèk wontên cucal |
balung topèng pisahing sirah lan janggi |
êlêd-êlêd punika ||

Jilid 2 - Kaca : 139

10.
Ingkang jajar lawan gurungnèki |
daging êlêd cêlak gurung (ng)gènnya |
punuk pok gulu ngajênge |
jajalak ênggènnipun |
cènggèr ngandhap punuk (ng)gènnèki |
loloh kiwa têngênnya |
punuk ênggènnipun |
gigir loloh kering kanan |
iangkang punuk balung kolek sawingkinging |
ing punuk myang jalakan ||

11.
Klambit dhadha ingkang angêmuli |
daging dhadha koncèr dhadha (ng)gènnya |
kiwa têngêning dhadhane |
balung malang (ng)gènnipun |
satêngahê balung dhadhèki |
sandhunglamur unggyannya |
pucuking babalung |
wêkasan iga ing cêkak |
balung tutup dhadha pok balung dhadhèki |
klambit ngêmuli dhadha ||

12.
De sayadan tangkar kang ngêmuli |
lêmpèng kanan kering ênggènnira |
balung tangkar ing pucuke |
iga lêmpèng (ng)gènnipun |
tangkar ingkang tumèmpèl maring |
balung tangkar (ng)gènnira |
lêmungsir puniku |
gigir têngah ula-ula |
têkèng cêthik yam-ayam ngandhap lêmungsir |
kêlèt balung la-ula ||

13.
Walima pan sirahe lêmungsir |
ingkang cêlak bubuntut (ng)gènnira |
tlêcêr nèmplèk lêmungsire |
nèng kiwa têngênipun |
dene kèbèt ingkang lêmungsir |
pan sèsètaning iga |
kèbèt iga muhung |
tumèmplèk wontên ing iga |
de enggok-enggokan iga (ng)gènnirèki |
wontên pucuking iga ||

14.
Pan sayadan ingkang angêmuli |
iganira ing kering myang kanan |
balung kropyak la-ulane |
de olor isinipun |
balung kropyak kasêbut ngarsi |
balung iga (ng)gih ika |
sayadan kropyak mung |
lêd-lêd sambungan la-ula |
de palwalang yèka ta manggènnirèki |
ing sawingkinge têpak ||

15.
Ingkang ngarsa dumugi ing gigir |
ulur lêbêt anèng ula-ula |
kang lêbêt nèmplèk balunge |
gèmbèl daging binungkus |
ing sayadan lêmpèngirèki |
ginjêl ing garonggongan |
nging palwalang katut |
jambal ing lêmpèng (ng)gènnira |
planggodhong ing lêmpèng ragi ngandhap kêdhik |
de balung planggodhongan ||

16.
Katutaning iga pucuknèki |
balung dhikul ula-ula ingkang |
gigir têkèng jalakane |
olor isining dhikul |
de sayadan dhikil puniki |

sambungan tulang jalak |
têkèng gigir wau |
cêthik bundêr cêthik nyata |
dene cêthik panjang cêthik blèntrèng jêkti |
tutup cêthik punika ||

Jilid 2 - Kaca : 140

17.
Pupungkasan ingkang cêthik wingking |
kawêt ing sangandhap silit (ng)gènnya |
kêcèr pêdhotan sampile |
pakêm buthung gènnipun |
balung pakêm babalungnèki |
buthung kasêbut ngarsa |
olor isinipun |
ing balung pakêm punika |
dene cupu bênabêne balung sampil |
kang wingking kalih pisan ||

18.
Cucal buntut pok dumugi pêthit |
daging buntut ing buntut (ng)gènnira |
cicir balung ing buntute |
isi olor jronipun |
dene ulurgantung (ng)gènnèki |
tumèmplèk rongkong aran |
wujud daging alus |
kulung tumèmplèk ing tulang |
ula-ula ing lêbêt ênggènnirèki |
de balung kulung apan ||

19.
Ula-ula ing lêbêt nglêrêsi |
jajalakan olor isinira |
(ng)gih babalung kukulunge |
dene ulure rambut |
tumèmplèk ing cêthik (ng)gènnèki |
sayadan kêmulira |
ula-ulanipun |
ing lêbêt awit jajalak |
têkèng silit têlas pangundhuhirèki |
saranduning gronggongan ||

20.
Perangan tri ing mangkya winarni |
pangundhuhe ingkang jêjêrowan |
wusing gronggongan binêdhèl |
buntut ingkang rumuhun |
pungkasaning gugurung saking |
ing lidhahing maesa |
de tala puniku |
ngêmuli buntut kang cêlak |
lawan gurung de gurung pok ilat dugi |
tuntut kasêbut ngarsa ||

21.
Kêbuk limpa jajar tuntut sami |
ati agêng sawingkinging klamar |
dene ati pangasihe |
siwiling manah wau |
ati tanggal sami pangasih |
lamak-ati gantilan |
-ning manah puniku |
rêmpêlu tumèmplèk manah |
sambung ingkang kadi kalong warnanèki |
wontên gantilan manah ||

22.
Gajih sumbang wontên gantilaning |
ingkang sumbang kalawan ing manah |
klamar ngêlèti isine |
kalayan babat nurut |
pungkasaning iganirèki |
iso warni sasanga |
srêgan thithèk buntu |
bêngkok boyok lamak êpang |
kang sibobol manggèn ngrompol sawingingkinging |
kalamar ngajêng babat ||

Jilid 2 - Kaca : 141

23.
Dene babat wowolu kang warni |
galêng pudhak gunting lêngkong gawan |
tawon lunyu myang sumpinge |
ngadhudhuk ngandhapipun |
iso ingkang kasêbut ngarsi |
tlethong ing nglêbêt babat |
sayadan puniku |
ingkang angêmuli badan |
de thethelan kang tumèmplèk gantilaning |
babat kasêbut ngarsa ||

24.
Impês ing puyuhan ênggènnèki |
pajalêran kawadonan (ng)gènnya |
sami nèng ngajêng kawête |
konthol ingkang gumandhul |
wontên kawêt de isinèki |
winastan paringsilan |
klêpon ngajêngipun |
impês yèku wadhah anak |
kapur susu pucukipun nami pênthil |
tamat amung punika ||

25.
Peperangan sakawan winarni |
pangundhuhing sampil ingkang ngarsa |
kalih pisan datan pae |
babon ngajêng rumuhun |
panggènnya wontên pucuking |
têpak ingkang jalakan |
sangandhaping punuk |
bêdhudhug lan babon jajar |
sor jalakan tlusuk satêngahirèki |
bêdhudhug babon ngarsa ||

26.
êpang sirah ngandhap babon (ng)gonning |
cêngêl sangandhaping êpang sirah |
kados gêgandhik warnine |
kèthèng tlusuk puniku |
pinggir babon ênggènirèki |
kêris sor babon (ng)gènnya |
tunjung ngandhap dhuwung |
kisijangan ngandhapira |
ingkang tunjung kisitunjung jajarnèki |
kalawan kisijangan ||

27.
Dene dêlêg ing pundhak (ng)gènnèki |
dene lawanan dêlêg ênggènnya |
pundhak dumugi dhadhane |
koncèr dêlêg puniku |
ugi pundhak dhadha dumugi |
buncit pinggir sampil pan |
dumugi ing kulung |
agandhèng kalawan dhadha |
dene ingkang winastan asinan buncit |
ing gulu ngajêng pundhak ||

28.
Bangsêng-kèlèk ing dhadha kang ngarsi |
ampih-ampih pundhak clak jalakan |
dene sorog panggènnane |
krakêt tatêpak balung |
polok soring soroganèki |
de pupuk ngapit jalak |
mangkya gèthèng punuk |
sapinggiring punuk ngandhap |
janggut ampih-ampih nèng ngandhapirèki |
pupunuk krakêt tulang ||

29.
Kèbèt-pêlok ing dhadha (ng)gènnèki |
bencok sanginggil dhêngkul (ng)gènnira |
de balung suri pinggire |
balung têpak puniku |
balung pênthong têpakirèki |
balung sikut punika |

balung sampil ngayun |
sanginggil dhêngkul prênahnya |
sungsum apan sining balung sikut yêkti |
otot campur punika ||

Jilid 2 - Kaca : 142

30.
Otot tracak têkèng dhêngkulnèki |
otot gêgêr buntut têkèng jalak |
otot gung kêncèt prênahe |
otot gunting puniku |
salêbêting campur (ng)gènnèki |
sayadan garês ingkang |
nlakup garês balung |
sayadan curi jro tracak |
pan sayadan sapitan ingkang ngêmuli |
calakuthikanira ||

31.
De sapitan sangandhaping thithil |
sirah cêcak ing cingklok prênahnya |
ketelan manggèn têpine |
tracak ngandhap puniku |
cucal kikil ambuntêl kikil |
balung garês punika |
tracak têkèng dhêngkul |
isi sungsum lêbêtira |
tracak apan ingkang angêmuli curi |
de balung dalamakan ||

32.
Tinutupan ing taracaknèki |
balung gathèng ing tracak ngalela |
de balung clakuthikane |
têngah tracak (ng)gènnipun |
isi sungsum de balung wajik |
thithil tracak ing wuntat |
sungu wajik dunung |
pucuking wajik punika |
balung thêngklik ros-rosan dhêngkul wus titi |
sranduning suku ngarsa ||

33.
Peperangan gangsal amungkasi |
pangundhuhing sampil kalih wuntat |
wus sah klayan gronggongane |
sêlap ingkang rumuhun |
cêlak kawêt panggènannèki |
pênthul salêbêt sêlap |
tumèmplèk ing balung |
sumping sangandhaping sêlap |
de asinan cêlak ing cawêt (ng)gènnèki |
gitik sarta don (ng)gènnya ||

34.
Dene gèthèng sangandhaping gitik |
gandhik sanginggiling kêncèt (ng)gènnya |
kêpuh ngandhap gandhik (ng)gènne |
kising daging puniku |
sanginggiling kêncèt (ng)gènnèki |
limas cêlak kalawan |
buntut prênahipun |
angêtan sangandhap limas |
kumol ugi ngandhap limas ênggènnèki |
pinggire kijing rannya ||

35.
Dene pudhak manggènnipun nênggih |
nèng lêbêting lêmpèng kering kanan |
klambit pudhak kêkêmule |
sampil lêbêt puniku |
balung uling balunging sampil |
isi sungsum puniku |
daging kwalon muhung |
daginge kikil ing wuntat |
kikil wingking pêcahe sami ing ngarsi |
tamat blabak maesa ||

Jilid 2 - Kaca : 143

126 Balabak

1.
wontên malih kang dèrèng kasêbut ngarsa |
namane |
kang rumiyin irah-irahan punika |
kulême |
kang wontên ing lêbêting sirah sadaya
manggènne ||

2.
Ingkang nami sarehan tatal wangunan |
ulame |
daging sae dene kang nami pêthilan |
tatale |
daging awon pancèn dadya darbèkira |
gubêle ||

3.
Ingkang nami thethelan saugi tatal |
daginge |
abrit pêthak ingkang katut wontên cucal |
sartane |
wontên babat dene kang nama cacahan |
daginge ||

4.
Ingkang taksih kêlèt wontên ula-ula |
balunge |
awit cêngêl dumugi ing pucakira |
buntute |
ingkang nami olor gajih isinira |
balunge ||

5.
Ingkang nami dhèndhèng (ng)gih punika ulam |
ginawe |
tipis-tipis apan lajêng pinêcakan |
kaêpe |
dene ingkang nama paru (ng)gih punika |
kêbuke ||

6.
Sasampunipun ginodhog lajêng dhinèndhèng |
kaêpe |
dene dhindhih êrah ingkang taksih mêntah |
lajênge |
sarinipun dhidhih sinaring ing irig |
ginodhog ||

7.
Kang saringan winastanan sarèn pêthak |
namane |
ampasipun winastanan sarèn abrit |
de cècèk |
cucal kang ginodhog lajêng dènris-iris |
kaêpe ||

8.
Ingkang nami krècèk sami ugi cècèk |
kaote |
wusing pine lajêng kaungkêp kalawan |
lisahe |
pangolahnya ginorèng krupuk namanya |
gurihe ||

9.
Ingkang nami rambak wontên warni gangsal |
cacahe |
saking sikil cucal agêng pajalêran |
dhigule |
myang sayadan agêng kandêle tan racak |
wujude ||

10.
Ingkang nami gajih topong wontên babat |
sumpinge |
dene gajih tigawêlas warninira |
namane |
walêr wadhuk dhadha ginjêl cêcangklakan |
tangkare ||

11.
Ulur jambal impês buncit tênggok limas |
palwalang |
dene grabyas sasayadaning sadaya |
gajihe | wus sêlêsih nama badaning maesa |
srandune ||

Jilid 2 - Kaca : 144

12.
Lagya kèndêl kasaru Nyi Padmasastra |
dhatênge |
ingaturan pinarak cakêt ki wisma |
lungguhe |
sawusira sinambrama myang sinêgah |
gantène ||

13.
Pujastuti matur mring Nyi Padmasastra |
têmbunge |
uwa kula saèstu mêling sêkaran |
diangge |
para rencang utawi wayah sampeyan |
pangantèn ||

14.
(ng)Gih sandika ingkang dènpundhut punapa |
namane |
o lah uwa saèstune kirang têrang |
rikine |
lah ta uwa mugi kapangandikakna |
warnine ||

15.
Nyai Padmasastra lajêng mêdharsabda |
têmbunge |
langkung kathah mênggah sêkaran punika |
cacahe |
ingkang kula aturkên kang wus kalimrah |
kaangge ||

16.
Sindur wlaka dhasar jingga sèrèt pêthak |
kaliye |
sindur êmas sèrètipun ijêm dhulang |
sanèse |
de siwalan copot wungu byur sèrètnya |
pêthake ||

17.
Dewa-yuwa wungu sèrèt ijêm dhulang |
sanèse |
mangkya dhasar gadhung sèrètipun jingga |
namane |
klabang-antup yèn sèrèt wungu gêndholak |
namane ||

18.
Panji pilis bilih sèrètipun pêthak |
namane |
(ng)gih punika pandhanbinêthot wus têlas |
kang sèrèt |
mangkya ingkang sêkaran mawi têngahe |
namane ||

19.
Gulaklapa têngah pêthak pinggir jingga |
kaliye |
podhangnusup sari jingga têngah jênar |
tigane |
pacingtawa têngah jambon pinggir jingga |
ing mangke ||

20.
Pareanom dhasar gadhung têngah jênar |
kaliye |
gadhungmlathi dhasar gadhung têngah pêthak |
tigane |
mayangmêkar dhasar gadhung ijêm dhulang |
têngahe ||

21.
Sakawane papasan-matêng punika |
warnine |
dhasar gadhung êbyur têngahipun jingga |
maliye |
kêmbang-kangkung dhasar wungu têngahira |
pêthake ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (17) Kaca 123 – 136
  • (19) Kaca 145 – 146 >