Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434667
Hari ini     :Hari ini :67
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :133
Bulan ini   :Bulan ini :3296
s/d hari ini   :s/d hari ini :434667
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 5

Kontak Admin.

email-kidemang

 (22) Kaca 135 – 138

 

( Sêrat Suluk Hartati, ingkang maos Nurwitri )

1. Kyai maringakên Sêrat Suluk Hartati, ingkang maos Nurwitri. Sêrat wau mawi aksara Pegon (Arab tanpa sandhangan), nyariyosakên: Ki Hartati mêdharakên ngèlmunipun bab asal-usulipun tiyang, wiwitipun saking "ora" lumantar bapa-biyung, nanging bapa-biyung botên sami niyat anak-anak, kajawi namung nuruti hardaning kêkajêngan. Dhawahing raos mulya andadosakên wiji ingkang saya agêng, wiwit ing guwa-garbaning biyung ngantos lairipun jabang bayi; katêrangakên bab "sangkan paraning dumadi" kanthi sadaya pêrlambang lampah-lampah anggayuh kasunyatan.


Kaca 135 - 138.



Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 3 - Kaca : 135

206 Salisir

29.
Mas Cêbolang aturira |
tilêman mangke kewala |
ki wisma manadukara |
angêmong mring tamunira ||

30.
Ki wisma ngling bilih karsa |
sambèn maos sawontênnya |
sêrat kang mawa surasa |
dènmirêngakên sakeca ||

31.
Cêbolang mangayubagya |
ki wisma ngambil nawala |
kakang Nurwitri kewala |
payo kakang lêkasana ||

32.
Ki Nurwitri wus atampi |
srat pegon Suluk Hartati |
mêdharkên rahsa sajati |
buka Pangkur têmbangnèki ||

207 Pangkur

1.
Ki Hartati mêdhar sabda |
sadurunge kaki sira dumadi |
anèng pundi dunungipun |
yêktine saking ora |
bapa biyung dadi lantaran tumuwuh |
tan nêdya yoga mring sira |
mung nêkakkên hardèng kapti ||

2.
Tibaning kang rahsa mulya |
nèng manikêm urip lawan pribadi |
bundêr samrica binubut |
kumêdut salaminya |
sumrambah ing ngangga bisa dadi wujud |
bayi lair sing wêtêngan |
dadi manungsa sajati ||

3.
Sadurunge pancadriya |
pamiyarsa pangganda lan pangèksi |
pangucap lawan cipta-nung |
nanging durung tetela |
awit durung kadunungan rahsa tuhu |
ri wusnyantuk rahsa tama |
mundhak-mundhak sabên ari ||

4.
Nganti prapta ing diwasa |
pancadriya jumênêng lawan titi |
bisa angambu angrungu |
wêruh lawan pangucap |
tampa saka Isbatu-jait liripun |
yèku warah saking liyan |
mula jimatun wus tampi ||

5.
Aran têtêp tinêtêpan |
luwih elok dayaning sanubari |
beda-beda ciptanipun |
kang aran joharngalam |
lamun sira nyipta barang kang durung wruh |
joharparid lamun sira |
nyipta barang kang wus uning ||

Jilid 3 - Kaca : 136

6.
Lawan Datu-maolana |
lamun sira nyipta angganta kaki |
pininta mlaku lan lungguh |
anèng panggonan liyan |
sakêclapan ing kene sayêkti suwung |
katon ngalih anèng kana |
byaring tyas wus krasa ngalih ||

7.
Jêbèng padha piyarsakna |
ingsun karya gita pralambang jati |
supadi nênangi sagung |
kang dahat punggung-mudha |
purwaning kang pralambang mangkya winuwus |
isining kang wuluh wungwang |
suwung obah kênèng angin ||

8.
Tapaking kuntul anglayang |
manuk mibêr muluk ngungkuli langit |
kalawan gigiring punglu |
kuda ngrap ing pandêngan |
wêkasane langit lan jaladri agung |
tanggal pisan kapurnaman |
sêntèg pisan anigasi ||

9.
Kabèh dayaning budaya |
anganakkên cipta lan siring ati |
pinindha na watêsipun |
lan ana tilasira |
apadene kinira sapisan tundhuk |
kalawan pancêring nala |
rampunge (m)babarpisani ||

10.
Pralambang bumi pinêtak |
duhkitèng tyas lumèngkèt tan ngindhani |
kanang pawana tiniyup |
yèku bantêring manah |
ciptèng nala lumaku rosaning bayu |
amèt gêni adêdamar |
wong ngangsu pikulan warih ||

11.
Yèku padhanging tyas tama |
gung ngupadi undhaking kawruhnèki |
atanapi banyu kinum |
[.
.
.
] |
angungkuli adhême kang tirta salju |
dahana murub binakar |
ya iku panasing ati ||

12.
Luwih panasing dahana |
lan srêngenge pine padhanging ati |
sumêblak nora kabêndung |
dening ima manampak |
lawan malih pralambang galihing kangkung |
iku hawa datan obah |
ngêndhêm sajroning ginaib ||

13.
Susuh angin ngêndi (ng)gènnya |
upadinên ing dalil Kur'an muni |
wa ladahu wa karibun |
min kabaril wa rita |
Gusti Allah rarakêtan dunungipun |
lan rahsa nikmat mupangat |
anèng (ng)gon rahsa winadi ||

14.
Kusuma anjrah ing tawang |
pindha kumbang angajap talèng sêpi |
iku tirtaning kêmumu |
lamun têdhuh kawuryan |
lir angganing kapuk kataman ing banyu |
mratani madyaning jagad |
rasakna tumêkèng ati ||

Jilid 3 - Kaca : 137

15.
Sambunge kang wus kawêdhar |
sinukarta rinambahakên malih |
kodhok ngêmuli lèngipun |
raga mangka canthuka |
anèng ngêrong yèku nyawa isbatipun |
karsane kang karya gita |
raga angêmuli urip ||

16.
Kang rangka manjing curiga |
munggèng jiwa isbate punang ragi |
yèku anglungguhi suwung |
mangka lamun supêna |
antuk jaman sayêktine nora mêtu |
upama bisa umahya |
murut marang têpêt sukci ||

17.
Randhu-alas nut sèmbukan |
randhu-alas isbate punang ragi |
sèmbukan nyawa liripun |
kalamun raganira |
pisah lawan jiwanta sayêkti layu |
bali marang ananira |
yèku sampurnaning pati ||

18.
Ana manuk bango buthak |
lamun ngêndhog nèng ngênthak-ênthak sêpi |
dene kalamun jinupuk |
juga obah sadaya |
kang kadyèku awang-awang uwung-uwung |
kang dinumuk nora kêna |
anèng jagad anglimputi ||

19.
Suwunge amêngku ana |
kang winêngku udara lawan angin |
udara nora lumaku |
angin katon lumampah |
angin saka kasorotan Sang Hyang Bayu |
bisa nangèkakên panas |
udara obah dadya ngin ||

20.
Cublak suwêng suwêngira |
sigêlèntèr mambu ketundhung mundhing |
êmpak-êmpong lira-liru |
iyèku swasananta |
mlêbu mêtu ingaranan lira-liru |
ing suwung kang mêngku ana |
mungguh sajroning ngaurip ||

21.
Cebol arsa (ng)gayuh lintang |
jalma lumpuh bisa ngidêri bumi |
angên-angên jatinipun |
lan manèh ingkang wisma |
kang tan mambu gagaman apa liripun |
iyèku ciptaning manah |
nganakkên rupaning panti ||

22.
Beda ingkang aran wisma |
dudu wisma yêktine suwungnèki |
lawan malih suwalipun |
êndi guru sanyata |
tan lyan angin-anginira wit amêngku |
pangadilan amongraga |
jaksa patih pangulu ji ||

23.
Lan manèh ki bale-atma |
êmoh lara kalawan êmoh mati |
mangka raga kang katêmpuh |
kêna ing lara pêjah |
marma kaki dènawas tibaning sêmu |
nanggulang karsa murbèngrat |
wit raganta kang nglakoni ||

Jilid 3 - Kaca : 138

24.
Anadene kang udara |
jagat gêdhe kalawan jagat cilik |
yakti tan na bedanipun |
napas mêtu ing grana |
nupus mêtu tutuk abab yêktinipun |
tanapas mêtu ing karna |
anpas ing netra umijil ||

25.
Anpussakum mêtyèng raga |
rênggangane kanang swanita mijil |
wuta duduh marga tuhu |
pangambu antuk ganda |
katampan ing ati wêruh dunungipun |
sinidikkên datan cidra |
yêkti gandaning mamanis ||

26.
Kang aran talining gêsang |
swasananta tan kandhêg rina wêngi |
tanpa pakon lampahipun |
iyèku aran nyawa |
balik sapa iya ingkang ngajak turu |
lawan ingkang ngajak gêsang |
tunggale kang ngajak mati ||

27.
Sapa kang karya ambêgan |
wit udara mênêng datan lumaris |
obahe iku kêtundhung |
dening maujud liyan |
iya iku tunggale kang ngajak lampus |
nêbut ênênging udara |
dadyambêkan manjing mijil ||

28.
Lira-liru tan apêgat |
tuhu manjing Allah wêdalirèki |
apan Daim arannipun |
puji tan kênèng pêgat |
cêdhak lawan susuh angin dunungipun |
yèku marga parapatan |
kumpuling rahsa sakalir ||

29.
Sigêg ing pamaosira |
pangkur barang tumbuk rarasing gêndhing |
têtangga èstri myang jalu |
ingkang samya miyarsa |
sru karênan kang radi têbih angruruh |
labêt katêmbèn miyarsa |
swara rum amuluh rujit ||

30.
Lawan lagu jroning praja |
titih cêtha rèntès tatas dumêling |
kathah kang samyarsa (n)dulu |
marang kang darbe swara |
ana kandhêg ing plataran ana laju |
mring (n)dhapa tumut linggihan |
èstri jalu maring panti ||

31.
Panglocitaning wardaya |
timbang têmên swara lan warnanèki |
ki santri dhasare bagus |
bêsuse manut sarak |
ana ingkang kawêtu pangalêmipun |
rencange nambungi sabda |
iku durung animbangi ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (21) Kaca 132 – 134
  • (23) Kaca 139 – 142 >