Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 12

Kontak Admin.

email-kidemang

 (23) Kaca 139 – 142

 

( Bab: a. Petangan Bangas; b. Petangan Dintên sae, Cêkapan lan Dintên Pêjah )
1. Kyai maringakên Sêrat Suluk Hartati, ingkang maos Nurwitri. Sêrat wau mawi aksara Pegon (Arab tanpa sandhangan), nyariyosakên: Ki Hartati mêdharakên ngèlmunipun bab asal-usulipun tiyang, wiwitipun saking "ora" lumantar bapa-biyung, nanging bapa-biyung botên sami niyat anak-anak, kajawi namung nuruti hardaning kêkajêngan. Dhawahing raos mulya andadosakên wiji ingkang saya agêng, wiwit ing guwa-garbaning biyung ngantos lairipun jabang bayi; katêrangakên bab "sangkan paraning dumadi" kanthi sadaya pêrlambang lampah-lampah anggayuh kasunyatan.
Kaca 135 - 138.

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 3 - Kaca : 139

207 Pangkur

32.
Lawan kae ingkang ana |
lore cakêt kang (ng)gigit jambe wangi |
e e iya kalah bagus |
lawan kalah guwaya |
mau sore adan ana masjid agung |
swara rum rênyah ngumandhang |
cèngkêt-cèngkêt amantêsi ||

33.
Sing maca iku kang kamad |
ora bêsus lagune anyantrèni |
nahan pra dyah kèh kayungyun |
mumuji lêstarinya |
nèng Kajoran dumadya kêmbanging kidung |
wus kèndêl dènnira maca |
kang miyat wus samya mulih ||

34.
Mas Cêbolang lon lingira |
ulun uning Sêrat Suluk Hartati |
dèrèng mêningi satuhu |
ingkang kados punika |
sintên ingkang mêdharkên suraosipun |
ênggèr ing saèstunira |
inggih Panêmbahan ngriki ||

35.
Manthuk-manthuk Mas Cêbolang |
e lah kados murad raosnya mathis |
kalamun dèrèng linuhung |
sok kaduk kadhang kirang |
sanès ingkang kula aturkên puniku |
wontên ciri etang Bangas |
lawan etange kang ari ||

36.
Winastanan dintên gêsang |
dintên sêdhêng kalawan dintên lalis |
kadiparan etangipun |
sawêg nêmbe punika |
ulun uning etangan kadi puniku |
ki wisma mèsêm lingira |
sêkar Lonthange gumanti ||

 

Jilid 3 - Kaca : 140

208 Lonthang

1.
êtang Bangas duk ing nguni kalanira |
Kanjêng Nabi Muhkamad dinil Mustapa |
anglampahi ngluwêng nèng sajroning wisma ||

2.
Lamènipun anèng ing luwêng sawarsa |
malêbêting sawulan ngunjal uswasa |
sabên ngunjal uswasa Bangas namanya ||

3.
Wulan Sura tanggal ping sawêlas Bangas |
wulan Sapar Bangas tanggal kalihdasa |
Mulut kaping sapisan gangsalwlas Bangas ||

4.
Rabya-akir Bangas tanggal ping sadasa |
lawan kaping kalihdasa Bangasira |
mangkya wulan Jumadiawal Bangasnya ||

5.
Tanggal kaping sadasa lan ping sawêlas |
wulanira Jumadiakir panudya |
ping sadasa lan kawanwlas Bangasira ||

6.
Wulan Rêjêb tanggal tigawêlas Bangas |
lawan kaping pitulikur Bangas uga |
Ruwah ping pat lan ping wolulikur Bangas ||

7.
Siyam kaping sanga lan ping kalihdasa |
samya Bangas Sawale tanggal sakawan |
lawan kaping sadasa sami Bangasnya ||

8.
Sêla kaping dwi lan ping dwilikur Bangas |
wulan Bêsar kaping nêm lan ping sadasa |
samya Bangas jangkêp kalihwêlas candra ||

9.
Bilih ngriki yèn wontên kang darbe karya |
amamantu angislamkên èstri priya |
sasaminya gadhah damêl kang kadyèka ||

10.
Kêdah-kêdah nyingkiri Bangas punika |
wus katêlah tan wontên purun nêrak-a |
ingkang nêrak dilalah kirang sakeca ||

11.
Mas Cêbolang (n)dhêku mèsêm awacana |
kados pantês kalamun dèn-èstokêna |
wit wawaton sangking Kanjêng Nabi duta ||

12.
Kyai ingkang winastanan dintên gêsang |
dintên sêdhêng kalawan dintên palastra |
winêdharna kadiparan lampahira ||

13.
Ki wisma ngling kang dhingin kêdah uninga |
nêptunipun dintên myang pasaranira |
kinumpulkên ginunggung dadya sajuga ||

14.
Akat gangsal Sênèn catur Slasa tiga |
Rêbo sapta Kamisipun nêptu astha |
Jumungah nêm Saptu nêptu asêsanga ||

15.
Kaliwone punika nêptunya astha |
Lêgi gangsal Paingipun nêptu sanga |
Pon pipitu Wage sakawan nêptunya ||

16.
Gunggungipun nêptu dintên myang pêkênan |
bilih cocog kalawan tanggale candra |
lah punika winastan gêsanging dina ||

17.
Bilih datan cèplês lawan tanggalira |
nanging sami jangkêp utawi gathètnya |
lah punika winastan sêdhêng kewala ||

18.
Kang winastan dintên pêjah lah punika |
saupami gunggung gathèt dhawahira |
tanggal jangkêp utawi jangkêp gunggungnya ||

19.
Dhawah tanggal gathèt yèku pêjah uga |
tanggal pisan dumugi ping nêm punika |
amung dhawah sêdhêng utawi palastra ||

Jilid 3 - Kaca : 141

20.
Tanggal kaping sanga lan dumuginira |
tanggal kaping tigangdasa datan darbya |
dintên gêsang amung sêdhêng lan palastra ||

21.
Wit nêptuning dintên lawan pêkênannya |
yèn gunggung kang sakêdhik pyambak sapta |
ingkang kathah pyambak wolulas punika ||

22.
Slasa Wage punika kapanggih sapta |
bilih dhawah wontên tanggal kaping sapta |
(ng)gih punika winastan gêsanging dina ||

23.
Bilih dhawah tanggal gathèt sêdhêng rannya |
mangka dhawah tanggal lan jangkêp punika |
kang winastan anuju dintên palastra ||

24.
Sênèn Wage lawan Slasa Lêgi samya |
gunggungipun pan sami kapanggih astha |
dhawah tanggal ping wolu gêsang namanya ||

25.
Bilih dhawah tanggal jangkêp sêdhêng rannya |
mangka dhawah ing tanggal gathèt punika |
winastan panuju dintên palasura ||

26.
Akat Wage Sênèn Lêgi samya sanga |
ri kakalih bilih dhawah tanggal sanga |
lah punika dintên gêsang wastanira ||

27.
Mangka dhawah tanggal gathèt sêdhêng rannya |
bilih dhawah ing tanggal jangkêp punika |
wastanipun saèstu dintên palastra ||

28.
Akat Lêgi kalawan Salasa Ponnya |
tuwin ari Jumungah Wage punika |
nêptunipun sami nyadasa sadaya ||

29.
Dhawah tanggal ping sadasa dintên mulya |
mangka dhawah tanggal jangkêp sêdhêng rannya |
lamun dhawah tanggal gathèt ri palastra ||

30.
Sênèn Êpon kalawan Slasa Kliwon |
Rêbo Wage Jumungah Lêgi punika |
nêptunipun sami nyawêlas sadaya ||

31.
Lamun dhawah tanggal sawlas gêsang rannya |
dhawah tanggal gathèt sêdhêng ranning dina |
dhawah tanggal jangkêp yèku ri palastra ||

32.
Akat Êpon Sênèn Kliwon lan Salasa |
Paing miwah Rêbo Lêgi Kêmis Wage-nya |
nêptunipun sami ngalihwlas sadaya ||

33.
Dhawah tanggal kalihwlas gêsanging dina |
bilih dhawah tanggal jangkêp sêdhêng rannya |
dhawah tanggal gathèt ran dintên palastra ||

Jilid 3 - Kaca : 142

34.
Akat Kliwon Sênèn Paing Kêmis Gula |
myang Jumuwah Êpon Saptu Wage samya |
nêptunipun nigawêlas sadayanya ||

35.
Dhawah tanggal tigawlas gêsanging dina |
dhawuh tanggal gathèt pan sêdhêng kewala |
dhawah tanggal jangkêp ri pêjah punika ||

36.
Akat Paing kalawan Rêbo Ponnira |
myang Jumuwah Kaliwon Saptu Lêgi-nya |
nêptunipun pan ngawanwêlas sadaya ||

37.
Dhawah tanggal kawanwlas ri gêsangira |
mangka dhawah tanggal jangkêp sêdhêng rannya |
dhawah tanggal gathèt ran dina palastra ||

38.
Rêbo Kliwon kalawan Kêmis Êponnya |
myang Jumuwah Paing ri katri pan samya |
nêptunipun anggangsalwêlas sadaya ||

39.
Nuju dhawah ping gangsalwlas gêsang rannya |
dhawah tanggal gathèt sêdhêng namanira |
dintên pêjah yèn dhawah jangkêp tanggalnya ||

40.
Rêbo Paing Kêmis Kaliwon kalawan |
Saptu Êpon katri ari iku samya |
nêptunipun apan nêmbêlas sadaya ||

41.
Dhawah tanggal nêmbêlas gêsang rannira |
bilih dhawah tanggal jangkêp sêdhêng nyata |
dhawah tanggal gathèt ran dintên palastra ||

42.
Kêmis Paing kalawan Saptu Kliwonnya |
nêptunipun ari kakalih punika |
etangira apan ta mitulas samya ||

43.
Dhawah tanggal pitulas gêsang rannira |
lamun dhawah tanggal gathèt madya rannya |
dhawah tanggal jangkêp pêjah ingkang dina ||

44.
Amungkasi ing dintên Sabtu Paing-nya |
nêptunipun wolulas tan wontên nyama |
bilih jêntus tanggal wolulas punika ||

45.
Winastanan ing dintên gêsang punika |
dhawah tanggal jangkêp sêdhêng ranning dina |
dhawah tanggal gathèt ran ari pralaya ||

46.
Sampun titi etangan dintên waluya |
lawan dintên ingkang winastanan madya |
atanapi dintên winastan palastra ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (22) Kaca 135 – 138
  • (24) Kaca 143 – 145 >