Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 12

Kontak Admin.

email-kidemang

 (28) Kaca 203 – 207

 

( Wiwitipun tiyang Jawi damêl griya saking kajêng )

1. Wiwitipun tiyang Jawi damêl griya saking kajêng nalika jaman adipati Santan, jaman Prabu Jayabaya ing nagari Mamênang. ... kaca 202-203.

2. Jinisipun kajêng wontên 11 lan katêrangakên cara pamilihipun. Sarta wontênipun kajêng jati ingkang dados sirikan.


Kaca 203 - 207.

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 3 - Kaca : 203

223 Dhandhanggula

3.
Griya sela ing nginggilirèki |
aprayogi bilih sinantunan |
kajêng jati sasamine |
de kang taksih lêstantun |
saking sela mung pagêrnèki |
pramilane mangkana |
amrih ènthèngipun |
nir mutawatosing driya |
saha langkung gampil panggarapirèki |
tinimbang lawan sela ||

4.
Lamun sela lêstantun nèng nginggil |
(n)jing-anjingan tinurut we jawah |
lami-lami rênggang rèmpèl |
(n)jalari risakipun |
yèn wus risak gingsir ngoncati |
rêntahnya ambêbêkta |
ing sacêlakipun |
ambrol damêl kasangsaran |
pamanggihe Ki Dipati kang kadyèki |
kunjuk (n)jêng sri narendra ||

5.
Sakalangkung kaparênging galih |
adipati nulya dhinawuhan |
iyasa badhe santunne |
dalêm kadhatonnipun |
wit kapasang yogya marêngi |
kadhaton samya rêngka |
(n)jing-anjinganipun |
namung sanggyaning wangunan |
lumastari kadya duk ing nguni-uni |
mandragini panêngran ||

6.
Paripurnaning kanang pakarti |
wus tetela gampil myang paedah |
anulya ingundhangake |
santunning griya wau |
lami-lami griyaning alit |
pagêr sela binucal |
santun pagêr kayu |
sinigar-sigar blabagan |
ing panggarap ugi sakalangkung gampil |
tinimbang pagêr sela ||

7.
sarêng jumênêngnya sri bupati |
Widayaka ing Mêndhangkamulan |
karsa angadani rêke |
iyasa kadhaton gung |
saha yasa kalang bupati |
anama Kalangkaba |
panêkarnya catur |
golongan de namanira |
Kalangblandhong ugi Kalangkamplong nami |
dwi Kalangkobong nama ||

8.
Katri Kalang-apêk namanèki |
catur Kalangbrèt namanira |
wêktu puniku wontênne |
purwane punang dhapur |
griya-griya mawarni-warni |
sarêng ing sapunika |
Kalang kasbut ngayun |
ingkang dèrèng nungkul kathah |
kang wis nungkul lajêng kaparingan nami |
winastan Kalang-mêndhak ||

9.
Mangkya ulun mêdhar pamilihing |
kajêng jati êmpuk atos kathah |
sagêt gêng-agêng uwite |
puniku ingkang thukul |
nèng parêdèn tuwin wanadri |
nèng siti abrit krêsna |
dene ingkang thukul |
nèng siti abrit prayoga |
dhasar atos sêrat rêntêt alus klimis |
warninipun anglisah ||

Jilid 3 - Kaca : 204

10.
Ingkang thukul anèng siti langking |
dhasar êmpuk sêrat gopok miwah |
mrupuk ngêndhal lir pulute |
ananging nadyan jumbuh |
sami thukul ing siti abrit |
mawi tundha tri pangkat |
sapangkat winuwus |
jati abang dhasar kilang |
alus rêntêt anglisah iku prayogi |
awèt kangge dandosan ||

11.
Kalih jati-kêmbang ugi nami |
jati-sungu dhasaripun krêsna |
srat lêr-lêran lir sêkare |
utawi mirit sungu |
awèt kangge dandosan nanging |
kasor lan jati-abang |
katri jati-kapur |
dhasar êmpuk gopok kang srat |
miwah mrupuk wujudipun pêthak kusi |
yèku asor pribadya ||

12.
Pikajênge tiyang bangsa Jawi |
kajêng jati punika agadhah |
angsar awon miwah sae |
ingkang dènanggêp luhung |
anggadhahi angsar prayogi |
karêjêkèn raharja |
ing sasamènipun |
kang angsar botên prayoga |
anjalari kamlaratan gung prihatin |
punika wus dilalah ||

13.
Wujud saha warni sawlas warni |
kang sawarni kajêng kang witira |
satunggal kalih pakahe |
punika namanipun |
ugêr-ugêr watakirèki |
kang ngênggènni raharja |
sarayatnya guyub |
prayogane manggènnira |
pan kinarya gêr-ugêr korining pasthi |
myang kori cêpurinya ||

14.
Togog ingkang nglêbêt pancaksuji |
atanapi grogol sasaminya |
kapindho tiga pakahe |
Trajumas namanipun |
watêg ngathahakên rijêki |
prayogi manggènnira |
kangge wisma pungkur |
bêbalungan lêluhuran |
kang gung-agung pangêrêt balandar tuwin |
molo sasaminira ||

15.
Katri kajêng kang dipunsusuhi |
paksi agêng tuwin kapondhokan |
sadhengah buron wanane |
kanamakakên Tunjung |
watêkipun botên prayogi |
angêndhakakên drajad |
sartane puniku |
angrusakakên ing sêdya |
manggènnipun kangge gêdhogan utawi |
kandhanging rajakaya ||

Jilid 3 - Kaca : 205

16.
Catur uwit utawi pangnèki |
kathukulan simbar nama Simbar |
pan asrêp adhêm sawabe |
prayogi manggènnipun |
kangge balungane kang masjid |
langgar surambi lawan |
balunganing cungkup |
tanapi sanggar planggatan |
sasaminya wisma panêpèn pan suci |
dhingin pasêmonira ||

17.
Kaping gangsal ing satunggal uwit |
pakahipun wontên cacah gangsal |
punika Pandhawa ranne |
watêkipun linuhung |
langkung rosa ingkang ngênggènni |
prayoga manggènnira |
kinarya puniku |
babalunganing pandhapa |
utaminya kangge sakagurunèki |
samubarang santosa ||

18.
Kanêm kajêng ingkang thukul munggwing |
ing pêpunthuk winastanan Monggang |
nginggahkên drajat watêke |
rajêkinya sêmpulur |
prayogine myang manggènnèki |
kinarya babalungan |
regol tuwin panggung |
bangsal miwah pasanggrahan |
sasaminya ingkang botên dèn-ênggonni |
myang katilêman janma ||

19.
Kaping pitu wit kinubêng warih |
dèn-namakkên Molo watêkira |
angasrêpakên sartane |
anyantosakkên kalbu |
prayogine manggènnirèki |
kinarya babalungan |
pandhapa puniku |
mèh sami kajêng Pandhawa |
nanging taksih kaanggêp dèrèng nyamèni |
lawan kajêng Pandhawa ||

20.
Wolu ingkang sinusuhan paksi |
alit-alit utawine bangsa |
gumrêmêt manggèn uwite |
nama Gêndas saèstu |
kang ngênggènni rijêki mintir |
sartane sugih rencang |
dene manggènnipun |
kaangge gêdhogan lawan |
kandhang rajakaya lir tunjung ing ngarsi |
ananging èstunira ||

21.
Kanggêp sae kajêng Tunjung ngarsi |
kajêng Gêndam malih prayoginya |
kangge pirantos kalane |
bubujêngan myang manuk |
glodhog tawon bêkungkung tuwin |
tangkêban pasangannya |
kêthèk tukang lutung |
pikat ing sasaminira |
asêrêpan saha botên nguciwani |
tur sumbon kêrêp angsal ||

22.
Sanga kajêng kang trubus saking wit |
winastanan Gendhong karêpira |
nyugihakên kaskayane |
saking ing ngandhapipun |
prayoginya myang manggènnèki |
kangge gêdhong simpênan |
tuwin wadhahipun |
arta bandha raja-brana |
warni bênèt garobog pêthèn myang pêthi |
têntrêma tambah-tambah ||

Jilid 3 - Kaca : 206

23.
Kasadasa kajêng ingkang mawi |
gimbol mungging dêlêg winastanan |
kajêng Gêdhêg de watêke |
anguwawèkkên sagung |
pasimpênan arta brana di |
prayogi manggènnira |
lawan Gendhong jumbuh |
kangge gêdhong pasimpênan |
rajabrana tuwin bênèt pêthèn pêthi |
jênêk awêwah-wêwah ||

24.
Kasawêlas ingkang amungkasi |
kajêng ingkang wontên gandhikira |
winastanan Gêdhug sae |
nyugihakên saèstu |
rajakaya sarta (n)jalari |
wilujêng sumarambah |
ing sakaliripun |
prayogi myang manggènnira |
kangge sawarnining wadhah barana di |
tuwin kang rajakaya ||

25.
Sadayèku ingkang saupami |
akalintu patrap panganggènya |
anjalari ing awonne |
ananging jumbuhipun |
botên kadi ingkang nglênggahi |
manggèn ing kanang wrêksa |
winastanan dhaup |
mupangati kasaenan |
mangkya ulun mêdhar kajêng kang tinampik |
kang awon angsarira ||

26.
Èngêt-ulun wontên nêmblas warni |
jugar kajêng nglêbêtipun mawa |
kulit punika namane |
Klabang-pipitan èstu |
anggadhahi watêg pênyakit |
apan winastan panas |
dwi kajêng kang rubuh |
angrubuhi sami wrêksa |
winastanan Tundhung watêkira asih |
karya won myang pitênah ||

27.
Katri kajêng ingkang rêbahnèki |
malang lèpèn margi myang jujurang |
nama Sandha de watêke |
angêrêpkên kasandhung |
ing prakawis rinakêt sakit |
catur kajêng kang rêbah |
numpang tunggakipun |
yèku winastanan Sundhang |
watêkipun dhumatêng ingkang ngênggènni |
binancana ing ngandhap ||

28.
Panca kajêng ingkang rêbahnèki |
sumendhe nèng kajêng maksih gêsang |
watêkipun ingkang ngangge |
kalorot drajatipun |
kabêncana saking tanggèki |
sad kajêng Kèli nama |
sarah watêkipun |
kang ngênggènni kacuwan tyas |
sarta suda-suda rijêkinirèki |
dumadya kamlaratan ||

29.
Sapta kajêng Kala gêsangnèki |
bolong-butul sru awon watêknya |
sintên tiyange kang ngangge |
asring kataman èstu |
ing dadamêl tan dènniyati |
astha kajêng brodhol kang |
mêdal manahipun |
winastanan Wutah-mamah |
watêkipun tangèh sagêt simpên wadi |
nglacutkên pikajêngan ||

Jilid 3 - Kaca : 207

30.
Nawa kajêng sol rêbah pribadi |
winastanan Prabatang wataknya |
gagarkên barang sêdyane |
nyuda darajatipun |
kasadasa kakum ing warih |
myang kapêndhêm ing kisma |
Gombang namanipun |
watêg miwah angsarira |
kang ngênggènni kêrêp dipitênah maring |
satru angkara murka ||

31.
Sawlas kajêng kang pêjah pribadi |
winastanan kajêng Angga-linggang |
watêkipun ingkang ngangge |
tan kadugèn sakayun |
apês sarta nandhang gagêring |
kalihwlas kajêng ingkang |
kalane panambut |
angrêbahkên rêbahira |
damêl kagèt sakèhing kewan wanadri |
kang galak ngantos nywara ||

32.
Nama Gronang watêg kang ngênggènni |
angsal ginêm kang tan prayoga |
saking wong agung panggêdhe |
triwlas kajêng tarubus |
tumèmpèle êpangirèki |
winastanan Gandhongan |
dene watêkipun |
kang ngênggènni kathukulan |
pikajêngan ingkang awon nir prayogi |
nimpang mring karaharjan ||

33.
Kawanwêlas kajêng labêtnèki |
akabêsmèn winastanan Gosang |
watêknya asring kabêsmèn |
gangsalwêlas kang kayu |
kasangsang ing êpang anami |
Brogang de watêkira |
kang ngênggènni namung |
tansah kapambêng kewala |
sabarang rèh kang dadya karsanerèki |
tan ana kang kalakyan ||

34.
Kanêmbêlas ingkang amungkasi |
kajêng gapuk nglêbêting dagingnya |
yèku Buntêl-mayit ramne |
dene ta watêkipun |
kang ngênggènni supenan maring |
samubarang pakaryan |
ingkang parlu-parlu |
sarta asring-asring gadhah |
sakit lêbêt titi ingkang tan prayogi |
yèn sagêt siningkiran ||

35.
Sanès ginêm kula andarbèni |
kalowongan kakalih tarêbang |
kantun masang wacucale |
kajêng nangka kang agung |
kajêng rawan tarêbang alit |
kapasang yoga angsal |
kidang kalih wau |
lulang tinrap ing tarêbang |
angêntosi ragi garing sawatawis |
têmbe kinêrok iras ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (27) Kaca 199 – 202
  • (29a) Kaca 208 – 222 >