Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434667
Hari ini     :Hari ini :67
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :133
Bulan ini   :Bulan ini :3296
s/d hari ini   :s/d hari ini :434667
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 5

Kontak Admin.

email-kidemang

 (29a) Kaca 208 – 222

 

( Bab Praboting Griya: Cagak, Usuk, Rèng, Pangêrêt )

3. Bab praboting griya: cagak, usuk, rèng, pangêrêt lss, ngantos tuntas. Wanguning griya: Joglo, Limasan, Kampung tuwin Masjid. Payoning joglo warni 7, Limasan warni 10, Kampung warni 9, lan Masjid warni 3. Ukuraning griya lan pêpetanganipun, Pancasuda. Bab cathokaning griya. Mas Cêbolang dipun sukani têrbang wacucal kidang 2 iji.


Kaca 208 - 235.


Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 3 - Kaca : 208

223 Dhandhanggula

36.
Rèhning mangsa katiga manawi |
kawan dintên kewala wus babar |
lajêng kula aturake |
dhumatêng anak-bagus |
rèh lunga nis tambuh kinapti |
inggih ta jêngandika |
wus sinêdyèng kalbu |
sarêng abdinta sakawan |
kadiparan bilih katalangso bukti |
punapi papariman ||

37.
Kados wirang pinalaur lalis |
myang ngênirkên sakèhing panyana |
lulus (m)bêbarang wastane |
sak (ng)gèn-ênggèn pikantuk |
botên wontên kang sangga-runggi |
lah mugi kagaliha |
ywa sandeyèng kalbu |
wong tuwa amurih nistha |
botên pisan-pisan kang makatên kapti |
tan lyan mung mrih widada ||

38.
Mas Cêbolang kalane miyarsi |
ing wuwuse Ki Wrêksadikara |
gumregah atrapsilane |
mrakati saha matur |
dhuh kiyai kang tuhu asih |
mring mudha kawlasarsa |
sabda kang dhumawuh |
kalangkung kalingga murda |
insa Allah saèstu kula lampahi |
lawan sarjuning manah ||

39.
Nadyan ngantos sawulan ngêntosi |
ing rampunge kakalih tarêbang |
botên wontên pakawêde |
wimbuh tyas sru kapencut |
nyumêrêpi lajêngirèki |
babaring pangandika |
kawruh kang kawuwus |
ki Dikara sru karênan |
sukur-sukur si anak anayogyani |
ing pamrayoginingwang ||

40.
Lah suwawi sasareyan malih |
lothung-lothung angsal saliyêpan |
amrih ywa prungsang enjinge |
nahênta wanci bangun |
Ki Dikara tandya lumaris |
angupados sasêgah |
tamu ingkang kantun |
ing satanginira nendra |
akarênan miyarsa swaraning pêksi |
kapungkur langên-praja ||

Jilid 3 - Kaca : 209

224 Pangkur

1.
Cocak kuthilang kapodhang |
kacêr punglor sikatan lan srigunting |
jalak-urèn jalak-pênyu |
dlèdukan salindhitan |
bèthèt dêruk sêpahan putêr dêrkuku |
bêkikèring ayamwana |
bêrkutut manggung rêspati ||

2.
Mèh rahina masêmu bang |
Ki Dikara prapta palanggrongnèki |
nyangking kahwa myang (ng)gonnipun |
kalawan ayamwana |
èstri madhêp wayah kumanggang kang jalu |
kalawan sakrênêng tigan |
satawana kang cêmani ||

3.
Kahwa jalu tinja-luwak |
gya ginorèng sangan wus mambêt gurih |
wêtahan datan binubut |
nulya kinarya wedang |
gêndhis arèn bêrsih kuning ganda arum |
linalapakên kewala |
sarapan tigan cêmani ||

4.
Mêntahan mung ingkang jênar |
inguntalan sarêm palêtuk bêrsih |
anuntumkên angga rapuh |
kêngkêng mathêngthêng kuwat |
dènnya samya sarapan langkung pikantuk |
ki wisma nglajêngkên kojah |
sambêtipun wau ratri ||

5.
Nêgor kajêng jati ingkang |
badhe sae awèt anggènnirèki |
kêdah katêrês rumuhun |
panêrês prênahira |
nèng pok kang wit kintên-kintên longkangipun |
tiga utawi sakawan |
kaki saking sitinèki ||

6.
Binacoka têmu-gêlang |
wiwit kulit dumugi warni abrit |
gya (ng)gègrègi êronnipun |
saha lajêng galinggang |
yèn wus wontên sataun panêrêsipun |
kenging tinêgor jalaran |
wus garing tan nguciwani ||

7.
Rêbahing panêgorira |
kaangkaha rêbah mangalèr tuwin |
mangilèn sartane sampun |
dhawah ing kajêng ingkang |
taksih gêsang kasangsang sasaminipun |
kantêp sapanunggilannya |
kang dadya tampikan ngarsi ||

8.
Tingkah amrih sumêrêpa |
dhawahipun pucuking kajêng nênggih |
kang yun dènrêbahkên wau |
nangguh ing wanci enjang |
utawine wanci sontên ingkang jumbuh |
wayangan sami wujud lan |
panjangipun ingkang uwit ||

9.
Upami kalêbêt ingkang |
panjangipun gangsal kaki mandhiri |
mangka wawayangannipun |
ingukur ugi gangsal |
pan wayanganing kajêng ingkang kinayun |
rinêbahkên kaukura |
sapintên panjangirèki ||

10.
Yèku badhe ukurannya |
saking bongkot dhawah ing pucuknèki |
pratikêl makatên wau |
ugi tumrap kinarya |
nêpsir panjang cêlaking kajêng kang ayun |
kangge dandosanning wisma |
kadi ta upaminèki ||

Jilid 3 - Kaca : 210

11.
Badhe dipun angge saka |
ingkang panjangipun dwidasa kaki |
manawi wayangan wau |
wontên utawi langkah |
saking kalihdasa kaki èstunipun |
badhe cêkap kangge saka |
panjang kalihdasa kaki ||

12.
Wondene panêpsirira |
gênging pucuk ugi kenging kapirid |
saking gênging bongkotipun |
upami kajêng ingkang |
nênêm kaki ubêngipun bongkot wau |
mangka wiyaring wayangan |
namung wontên kalih kaki ||

13.
Pucuking kang wawayangan |
pan ingukur wiyar wontên sakaki |
wus tamtu agênging pucuk |
tigang kaki ubêngnya |
panêpsir kang makatên ing adatipun |
inggih asring tuna-dungkap |
nanging amung sawatawis ||

14.
Pangangkah dhawahing wrêksa |
mrih sagêda prayogi dhawahnèki |
kêdah pinarnahkên dunung |
sêlaning kajêng gêsang |
sinrapatna pang alit-alit pikantuk |
supados ywa nêmah rêmak |
gêtêm kantêp tibèng siti ||

15.
Saupami ing pangangkah |
rinêbahkên mangalèr dhawahnèki |
ingkang êlèr miwah kidul |
ginêthak myang kapacal |
ingkang êlèr ing ngandhap panggêthakipun |
låbêtnya kalih bageyam |
kidul sabageyan naming ||

16.
Bêngganging gêthakan ngandhap |
lawan nginggil sarta ing nginggilnèki |
pamacal tamtu miturut |
agêng aliting wrêksa |
saupami samangsa agêngipun |
bêngganging nginggil lan ngandhap |
tinartamtu mung sakaki ||

17.
Ing nginggil pamacalira |
timartamtu amung sakawan kaki |
manawi gêngnya saprangkul |
bêngganging nginggil ngandhap |
apas namung saprapat kaki wus cukup |
de ing nginggil pamacalnya |
satunggal satêngah kaki ||

18.
Sanadyan wrêksa kang arsa |
rinêbahkên mangidul dhoyongnèki |
yèn patrap lir ngajêng wau |
tamtu ngalèr rêbahnya |
Mas Cêbolang tatanya wiwijangipun |
kang winastan gêthak pacal |
Ki Dikara lingira ris ||

19.
Anggêthaki ngêthok ingkang |
botên ngantos tugêl rêbah kang uwit |
dene kapacal puniku |
sanginggiling gêthakan |
dipun pêrang amancas kakruwêg gathuk |
têpang kalayan gêthakan |
kadi warah kasbut ngarsi ||

Jilid 3 - Kaca : 211

20.
Nahan sasampuning rêbah |
gya kaprèjèng utawi dènwastani |
kariban wiwadanipun |
ngiras anitik manah |
margi manah botên tamtu manggènnipun |
têrkadhang wontên ing têngah |
têrkadhang wontên ing pinggir ||

21.
Utawi manggèn ing manah |
minggak-minggok tan turut têngah pinggir |
mênggahing pangangkahipun |
ingkang sae piyambak |
pan binucal sampun wontên ingkang kantun |
winastan kajêng bèthètan |
tulus botên mutawatir ||

22.
Madyaning manah nèng têngah |
ingkang minggah-minggok manahirèki |
pinarnahna ênggènnipun |
ing pinggir lan ing têngah |
mênggah ingkang nami kaprèjèng winadung |
patraping wadung piwasang |
miring nèng sangkalirèki ||

23.
Kajêng ingkang winadungan |
iringannya ing kanan miwah kering |
wondene karimban wau |
wadung methok pinasang |
kang winadung lumahing kajêng puniku |
kang nginggil miwah ing ngandhap |
ing panggarap kêdah wradin ||

24.
Yèn wus pinanggih manahnya |
gya kinêthok miturut manahnèki |
lajêng kasipat dhinapur |
pasagi nanging panjang |
gya ginêmbês pungkasaning bongkotipun |
gêmbês punika pêtholan |
ingkang dipun-trapi tali ||

25.
Kadamêl nyarat kang wrêksa |
gêmbês wau wontên kakalih warni |
bilih tanah ardi kidul |
Kaduwang saurutnya |
isthanipun wawangunan kadi ngluluk |
pundhaking gêmbêsan kadya |
dhapuring kang gêndul gilig ||

26.
Manawi gêmbêsan tanah |
rêdi êlèr Kêndhêng saurutnèki |
namung sapalih winangun |
kadi cènggèring ayam |
bilih sampun dados gêbêngan puniku |
utawi balok namanya |
sakarsa-karsa wus kenging ||

27.
De bilih badhe kinarya |
talang wuwung utawi dandosanning |
baita sasaminipun |
kêdah manah kabucal |
sarta cinalonan sadhapuring wuwung |
kalawan dhapuring talang |
baita sasaminèki ||

Jilid 3 - Kaca : 212

28.
Panyigaring kanang wrêksa |
naminipun kapaju patrapnèki |
rumuhun kakêncong mujur |
wit pucuk trus bongkotnya |
kiwa-têngên utawi ngandhap myang luhur |
kêncongan ing nginggil nulya |
katancêpan paju wiwit ||

29.
Pucuk dumugi bongkotnya |
longkangipun paju sami nyakaki |
sakathahing paju-paju |
ginandhènan dumugya |
ing kêncongan ngandhap têrusaning luhur |
wradin paju têkèng ngandhap |
gya sinigar langkung gampil ||

30.
Wondene ta kajêng ingkang |
agêng-agêng patrap panggarapnèki |
ing bongkot utawi pucuk |
kang labêt gagêthakan |
kakêncongan malang gya tinrapan paju |
mugi lajêng ginandhèna |
yèn kajêng gênge samundhing ||

31.
Gandhènipun sêmprong nama |
gênging sêmprong tinartamtu ngungkuli |
gênging kajêng kang pinaju |
sêmprong ginantung malang |
nèng wit-witan ingkang cakêt ngriku |
kinandhut tinarik ngangkah |
sagêt nuthuk paju sami ||

32.
Ing sasampunipun sigar |
dyan rinimbas utawi dènprèjèngi |
kadamêl saprêlunipun |
gêbingan myang balabag |
têrangipun ingkang sama kêncong mujur |
sakiwa-têngênning wrêksa |
utawi ing ngandhap nginggil ||

33.
Winadung amujur panjang |
awit bongkot dumugi pucuknèki |
kados kakalènan mujur |
wondene kêncong malang |
pêrnah bongkot utawi kapêrnah pucuk |
winadung supados krowak |
kenginga dipunsêsêli ||

34.
Ing paju sacêkapira |
mênggah paju wau ingkang kinardi |
kajêng jati ingkang burus |
ing bongkot wradin papak |
pucuk lancip radi gèpèng wujudipun |
dene agêng panjangira |
dinugi kang nguwawèni ||

35.
Kang nama kajêng kocoran |
panêgornya tan tinêrês rumiyin |
maksih gêsang angrêmbuyung |
gya tinêgor kewala |
patrap-patrap panêgor pangrêsbasipun |
pamrèjèng sasaminira |
kadi kang kasêbut ngarsi ||

Jilid 3 - Kaca : 213

36.
Mung wusing dadya gêbingan |
gya kinêthok ginambang tharik-tharik |
kadi ambèn isthanipun |
nèng panggonan kang banar |
laminipun tigang wulan para langkung |
punika sampun prayoga |
kaangge parabot panti ||

37.
Yèn kajêng badhe baita |
tuwin wuwung talang sasaminèki |
panggènan pamênthèngipun |
kang asrêp myang keyuban |
laminipun ugi tigang wulan langkung |
sanadyan kajêng kocoran |
sagêt awèt sawatawis ||

38.
Mangkya bab sirap winarna |
naminipun wontên sakawan warni |
sawarni Dumba rannipun |
wiyarnya ing ukuran |
kalih-têngah kaki sapaginggilipun |
panjang wiwit ukur tiga |
kaki sapanginggilnèki ||

39.
Kalih sirap Gupe rannya |
lawan Dumba gêng panjang botên sami |
ukur awit wiyaripun |
satunggal kaki minggah |
panjang kalih satêngah kaki ingukur |
minggah dumugi ukuran |
kirangipun tigang kaki ||

40.
Tiga nama sirap Dhara |
wiyaripun pitung êdim manginggil |
dene ukur panjangipun |
pan kalih kaki minggah |
catur sirap gêdhong dene wiyaripun |
namung sêkawan dim minggah |
panjang gangsalwêlas êdim ||

41.
Kajêng kang kadamêl sirap |
tinartamtu awèt tan nguciwani |
têtêrêsan ingkang burus |
manawi bangsa ngandhap |
tiyang alit purun damêl sirap wau |
saking glinggang saha brungkah |
manawi pundhutan aji ||

42.
Tuwin para luhur samya |
kêdah nêgor saking têrêsan tuwin |
nêgor ingkang taksih idhup |
piliyan ugi ingkang |
burus mulus nir cacat saurutipun |
patraping panyigarira |
sampuning rêbah kang uwit ||

43.
Pinilih kang tanpa cacat |
sêrat burus kadi kasêbut ngarsi |
ginêthak sasisihipun |
sapanjanging kang sirap |
dipun-ancas angiras kadamêl lancur |
gêthakan gya kaanjingan |
paju lajêng dèn-gandhèni ||

44.
Paju kang kapara kathah |
patrapipun kapara krêp prayogi |
mila makatên liripun |
urut sêrating wrêksa |
saha botên pêcah nalisir myang rêmuk |
yèn wus dadya balèbèkan |
gya rinimbas dèncalonni ||

Jilid 3 - Kaca : 214

45.
Wangun sirap sakarsanya |
nanging taksih kandêl wujudirèki |
kinèndêlkên tigang tèngsu |
lajêng pinacas dadya |
botên kangge bilih manahipun katut |
watak ngulèt myang bênthètan |
apês mandhêlong ngowani ||

46.
Manawi kajêng kocoran |
patrap ingkang panggarap kadi ngarsi |
ananging pan lêrêsipun |
kêdah kalih rambahan |
sasampuning lêrêm sapisan punika |
karimbas dènalitêna |
lajêng kalêrêpkên malih ||

47.
Laminipun tigang wulan |
sampun kirang para langkung prayogi |
awit bilih kirang dangu |
badhe adamêl cuwa |
ngulèt ngelo mandhêlong utawi rêmuk |
tamat pangolahing wrêksa |
Kinanthi praboting panti ||

225 Kinanthi

1.
Sayogi sumrêp rumuhun |
nama miwah manggènnèki |
paraboting griya-griya |
kalawan manggènnirèki |
supadosipun uninga |
silahing dhapuring panti ||

2.
Ingkang nama Saka-guru |
punika sakanirèki |
guru de kang winastanan |
guru Pamidhangan yêkti |
Saka-pananggap sakanya |
Balandar pamanggapnèki ||

3.
Saka èmpèr sakanipun |
Balandar èmpèrirèki |
Saka paningrat sakanya |
Blandar paningrat puniki |
Saka-taratag sakanya |
blandar tratag manggènnèki ||

4.
Saka goco sakanipun |
Balandar pananggap tuwin |
Èmpèr paningrat taratag |
nèng pojok manggènnirèki |
dene ingkang nama Cagak |
sasaka kang botên sami ||

5.
Tanapi tan turut runtut |
lan Blandar pangêrêtnèki |
Bênthung punika sakanya |
duduring gajah utawi |
barunjunging joglo griya |
manjing nèng lumajangnèki ||

6.
Kang sarta saka ing lambung |
Srêntên saka alit gilig |
nyanggi Blandar pangêrêtnya |
tumumpang nèng sunduk kili |
de Dhanyang saka kang mayat |
angsal ingkang dèn-dhanyangi ||

Jilid 3 - Kaca : 215

7.
Ingkang winastanan Êsuh |
kuningan sasaminèki |
tumrap ing bongkoting saka |
kang tumumpang umpaknèki |
umpak lungguhing kang saka |
saking sela kang prayogi ||

8.
Saking banon saking kayu |
kangge umpak ugi kenging |
ingkang winastan Balandar |
kajêng panjang kang sinanggi |
ing saka wau dene kang |
nama Pangêrêt puniki ||

9.
Panyêlaking blandaripun |
anyathok lan blandar dhamis |
kang ran Guru-pamidhangan |
blandar pangêrêtirèki |
brunjungipun joglo wisma |
ingkang ing ngandhap pribadi ||

10.
Dhadha-pêksi kang winuwus |
pangêrêt kang manggèn munggwing |
satêngahing pamidhangan |
kang ran Sunduk nèng ngandhaping |
Midhangan pamanjang bênggang |
kaliyan Balandarnèki ||

11.
Trap miring manjing sakèku |
ingkang winastanan kili |
sangandhaping pamidhangan |
gathuk sami sunduk ngarsi |
kalawan pangêrêt bênggang |
miring manjing saka ugi ||

12.
Kang nama Ganja puniku |
sopakaning saka mungging |
nginggil sunduk katumpangan |
Guru kaliyan kang nami |
ingkang ugi Pamidhangan |
Guru-pamidhangan sami ||

13.
Kang nami Tumpang puniku |
balandar pangêrêt inggih |
tumumpang ing pamidhangan |
ingkang winastan Panitih |
Tumpang ing wêkasanira |
kang anèng nginggil pribadi ||

14.
Tumpangsari kang winuwus |
Panitih nir tumpangnèki |
yèku pamidhangan mulya |
tinumpangan ing Panitih |
dumados amung balandar |
Pangêrêt asungsun kalih ||

15.
Kang ran Ulêng godhagipun |
pamidhangan tinêngahi |
dene Dhadha-pêksi ika |
kang nami Singup winarni |
Tumpang ingkang nèng lêbêtnya |
Ulêng kang kasêbut ngarsi ||

16.
De Lotèng balabag alus |
nginggil pangêrêt (ng)gènnèki |
wiyar sapanjanging blandar |
saha Pangêrêt-irèki |
mangkya kang aran Ga-iga |
yèku kajêng ingkang nyanggi ||

Jilid 3 - Kaca : 216

17.
Ing bababag amiturut |
ujuring pangêrêtnèki |
dene kang nama Cathokan |
anjing-anjinganirèki |
ing balandar akaliyan |
Pangrêt pucuk bongkotnèki ||

18.
De Gimbal langkungannipun |
Cathokan balandar tuwin |
pangêrêt sasaminira |
Cacathokan naminèki |
panjangnya sami kalawan |
kandêle kang dèn-gimbali ||

19.
Kang ran Payon sasabipun |
êmpyak twin usuking panti |
kang nami Brunjung punika |
êmpyakipun joglo panti |
ingkang ing nginggil piyambak |
nulya ngandhapipun sami ||

20.
Pananggap pyak ngandhap Brunjung |
de èmpèr êmpyaking panti |
sangandhapipun pananggap |
kang nami Paningrat yêkti |
êmpyak ngandhap èmpèr (ng)gènnya |
utawi èmpèr mêkasi ||

21.
Kang nama Gajah sadarum |
êmpyak ingkang dèn-èmpèri |
ingkang ing nginggil piyambak |
mung griya joglo pribadi |
gajahipun winastanan |
Barunjung kasêbat ngarsi ||

22.
Kang ran molo kajêng mujur |
ingkang ing nginggil pribadi |
yèku kang winastan Sirah |
kang nama Andêr cagaking |
Molo yèn joglo tumumpang |
manjing dhatêng Dhadha-pêksi ||

23.
Bilih limasan myang kampung |
tumumpang mring pangrêt manjing |
kang ran Dudur iku ingkang |
pucuk nyanggi Molonèki |
ngandhap tumumpang pojokan |
balandar pangêrêtnèki ||

24.
Kang ran Sirah-gada yèku |
molo gilig amandhiri |
manggènnya ing masjid langgar |
kang nami Bungkak wuwunging |
molonipun joglo wisma |
utawi limasan panti ||

25.
Mangkya ingkang aran Wuwung |
nutupi sirap sakêdhik |
tumumpang Dudur prênahnya |
kang ran Kopyah wuwungnèki |
sirahing gada punika |
ran Mastakamênur-nèki ||

26.
Kang nami Topèng puniku |
balabag kang nèng pucuking |
kêjèn ing Dudur tumumpang |
gathukan Molonirèki |
katumpangan myang kanjingan |
pucuking usuk kang nginggil ||

27.
Êmprit-gantil kang winuwus |
Dudur kang dhèmpèt puniki |
kang kiwa manjing Topèngan |
têngên manjing molonèki |
Blandèr-kêndhit kajêng panjang |
ing têngah papayonèki ||

Jilid 3 - Kaca : 217

28.
Kang nami Cukit puniku |
usuk sasambêtan mungging |
ing balandar kang pungkasan |
dene ta kang nami Tarib |
balabag miring kang tumrap |
ing usuk pungkasannèki ||

29.
Kang ran Gunting ugi usuk |
manjing ing topèngan yêkti |
ingkang nama Tadhah-êlas |
blabag panjang manut maring |
sapanjanging payonira |
lir topèng patrapirèki ||

30.
Kang nama Usuk-pinayung |
manjing ing takir myang manjing |
molo urut ing ujurnya |
dudur kang kasêbut ngarsi |
de Usuk-rigêrèh aran |
usuking serongan panti ||

31.
Ingkang pucuk manjing dudur |
Usuk-panêrus puniku |
sawarnining usuk ingkang |
pungkasan ngandhap kinancing |
kang sami Usuk-pangarak |
ingkang botên dipun kancing ||

32.
De Usuk-dhadhan winuwus |
manjing ing topèngan inggih |
andêdêl manjing topèngnya |
ingkang nama Usuk-aling |
tumrap ing nginggil piyambak |
patrapipun kajêng miring ||

33.
Usuk-dhêmpèlan puniku |
tumrap bongkot dudur nênggih |
tumumpang maring balandar |
kinarya panjangkêpnèki |
usuk-ri-gêrèh supadya |
angsal petang kang prayogi ||

34.
De Usuk-pandêdêl yèku |
usuk kang kaprênah mungging |
ing têngah jèjèr kalawan |
usuk jêjêg atrapnèki |
nanging datan mayat kadya |
usuking sanèsirèki ||

35.
Usuk-lorog yèku usuk |
cêlaking dudur (ng)gènnèki |
kang nama Takir punika |
ingkang kaanjingan dening |
bongkoting usuk sadaya |
de Takir-gamblok puniki ||

36.
Kang kanjingan usukipun |
usuking pananggap tuwin |
usuk èmpèr myang paningrat |
angrangkêpi ponang takir |
dene kang nama Lumajang |
kang kanjingan usuknèki ||

37.
Usuk-pananggap puniku |
myang Usuk-èmpèr utawi |
Usuk-paningrat kaotnya |
akaliyan gamblok-takir |
patraping kajêng malumah |
ngamplok sangandhaping takir ||

38.
Purus-pathok kang winuwus |
purusing saka kang manjing |
maring pangêrêt balandar |
de Purus-sanggan winarmi |
pupurusing saka ingkang |
manjing ing ganjaning panti ||

Jilid 3 - Kaca : 218

39.
Dene Purus-oyot yèku |
purusing saka kang manjing |
maring sawarnining umpak |
de Purus-èstrènan nênggih |
purusing sunduk punika |
mangkya kang nama Purus-kip ||

40.
Punika badaning sunduk |
kang manjing sasakanèki |
kang ran Kêli pupurusnya |
sunduk-panylak purusnèki |
kang ran Jabung purusira |
sunduk kang têngah (ng)gènnèki ||

41.
Kang nami Warayang yèku |
purusira dhadha-paksi |
manjing marang pamidhangan |
patil Sapit-urang nênggih |
pupurusing Takir lambang |
manjing saka bênthungnèki ||

42.
Kang nami Gadhing puniku |
pupurusira kang takir |
manjing ing Pupurus-êbam |
têpanging pojok dumadi |
adu-mancung basanira |
ang-Gambuh ingkang gumanti ||

226 Gambuh

1.
Sapit-urang winuwus |
bongkot utawi ing pucukipun |
kajêng ingkang kaclèrèng kanjingan miring |
purus utawi puniku |
kakancingan adon-adon ||

2.
Kang nami Cirik-purus |
ingkang dudur manjing molonipun |
kang nama Bam purusing dudur kang manjing |
ngandhap bengkok wujudipun |
umanjing ing takir maron ||

3.
Ingkang winastan Bukur |
utawi Kruwingan wastanipun |
purus dudur ingkang ngandhap butul takir |
kang mandhukul nama Bukur |
nama Kruwingan kang krowok ||

4.
Kang nama Pèthèk yèku |
purus alit ingkang manjing purus |
utawine punika kaangge ngancing |
kang ran Kathèk gèpèng purus |
kangge (ng)gathukakên gêbyog ||

5.
De têtêsan puniku |
purus namung sasisih satuhu |
kang winastan Kêlam-gapit mung sasisih |
mangkya kang nama Tambu ku |
tadhah sabarang kemawon ||

6.
Sasanggan patrapipun |
tumèmplèk ing sasaka puniku |
myang tumèmplèk blandar turut dudurnèki |
Tadha prit-gantil winuwus |
kancing topèng angsal molo ||

Jilid 3 - Kaca : 219

7.
De Tadha takir yèku |
kancing ingkang takir apikantuk |
Takir-gamblok sarta lumajang pakolih |
ingkang nami Tadha-jantur |
kancing takir lambang manggon ||

8.
Kang nami Bèji yèku |
kancing usuk gilig sami mênthul |
ingkang sami bibis wêsi tutupnèki |
pakunipun punang wuwung |
tumancêp dudur myang molo ||

9.
Kang ran Ura-urèku |
dug utawi tosan tangsulipun |
ing lumajang ginandhèng kaliyan takir |
angsal ing blandaripun |
utawi panitih manggon ||

10.
De Togog sanggan yèku |
pathoking kang dudur-gajahipun |
ingkang nama Togog-jalak pathoknèki |
sakèhing tumpang myang singub |
Togog-kancing kacariyos ||

11.
Pathoking sakèh usuk |
karan Sindik rarangkêpanipun |
kancing tuwin abên-abênan kang sami |
rênggang rapêt têmahipun |
tan wontên katon sumrowong ||

12.
Kang nami Patil yèku |
kancing gilig nèng lêbêting kayu |
ingkang nama Êrèng gèpèng myang pêsagi |
panjingira amiturut |
sapanjanging ponang payon ||

13.
Tinrapan sirapipun |
ingkang nami Rèng-kruwing puniku |
kang sasisih mawi waton prêlunèki |
nutupi bêbongkotipun |
sirap kang minangka payon ||

14.
De Êrèng-kisi yèku |
êrèng alit tumumpang rèng agung |
kangge anangsuli sirap kang supadi |
datan katingal kang tangsul |
saking sangandhaping payon ||

15.
Kang ran Rèng-plipit yèku |
rèng tumumpang blabag plisiripun |
angrangkêbi êrèng kang ngandhap anyanggi |
sanggiting kakêtêbipun |
nambahi sae pitados ||

16.
Rèng-alis-alis yèku |
rèng tumumpang lumajang myang dudur |
tumumpang ing takir kêtêp kang ngênggènni |
Rèng-gindhong tumumpang dudur |
utawi tumumpang molo ||

17.
Kang nama Kêtêp yèku |
sirap pinapak ingkang dumunung |
ngandhap pyambak de Kêtêp-gendhong puniki |
tumrap nginggil sirapipun |
kawitan nginggil pribados ||

Jilid 3 - Kaca : 220

18.
Kang nami Pyan winuwus |
blabag tumrap sangandhaping usuk |
utawine sanginggile usuk (ng)gènnèki |
dene wiyar panjangipun |
sawiyar panjanging payon ||

19.
Tutup-keyong puniku |
tutuping pyak griya dhapur kampung |
mangkya ingkang winastanan Patang-aring |
blabag kêrêp jèjèr gathuk |
ling-aling patanèn sênthong ||

20.
Dene kang nama Langkung |
langkahaning kori sadayèku |
ingkang nami Tèbèng blabag pinggir kori |
Gêbyog blabag jèjèr gathuk |
papagêring wisma manggon ||

21.
De Tlumpah kajêng mujur |
lênggahing kang pagêr gêbyog wau |
kang ran Kopyah kajêng mujur kang ngêkêbi |
gêbyog ing nginggil (ng)gènnipun |
kêkah wêwah asri tinon ||

22.
De kang ran Topèng-jamur |
blabag ciyut ingkang dadya tutup |
sambunganning gêbyog kang kasêbut ngarsi |
ingkang nama Janur-iring |
tutup inêp kori-kupon ||

23.
Ingkang nama Lis-payung |
Lis-kopyah ing patangaring wau |
ingkang nami Inêp blabag tutup kori |
Inêp-tangkêp inêpipun |
ing kori namung sawiyos ||

24.
De Kupu-tarung wau |
inêp-kori kalih cacahipun |
Inêp-lêmpit inêp langkung saking kalih |
ingkang nami Sêlèng yèku |
purusing inêp sayêktos ||

25.
Mangkya Srisig winuwus |
balabag kang kinarya puniku |
tamping siti sauruting griyanèki |
kang nama Slorok-trêmbuku |
kancing inêp apitados ||

26.
Kang nama Kêpêl yèku |
kancing inêp ing têngah myang luhur |
de kang nama Candhela saingga kori |
naming alit wujudipun |
ing pamasang (m)bêdhah gêbyog ||

27.
Pinantês manggènnipun |
mrih padhange ing wisma puniku |
mangkya gantya praboting gêdhogan tuwin |
Kandhang maesa myang lêmbu |
naminipun winiraos ||

28.
Palon ingkang rumuhun |
Saka-gêdhogan myang kandhang wau |
kang ran Palang pagêr gêdhogan kang manjing |
Palon saka kasbut ngayun |
rênggang mung ywa nganti (m)brobos ||

Jilid 3 - Kaca : 221

29.
Kang ran Wayang puniku |
pipi-kori gêdhogan puniku |
ingkang nama Sarak palanging kang kori |
dene Pacêl kancingipun |
salarak supados bakoh ||

30.
Sunduk-kili sanggannyung |
nyanggi gêdhongan jrambahipun |
ingkang nama Tarataban galarnèki |
gêdhogan ing ngandhap kêmput |
myang margining mlêbêt miyos ||

31.
Blandar-kiping puniku |
langkunganing blandar pangrêtipun |
saking Palon ing ngarsa miwah ing wuri |
kang nama Koplok puniku |
ka-anjingan palang manggon ||

32.
Kang nama Tarib yèku |
blabag ingkang dadya tutupipun |
gulu mêlêt myang ling-aling talangnèki |
kang nama prabot wus putus |
Asmaradana gumamtos ||

227 Asmaradana

1.
Dhapuring griya winilis |
ugêr mung warni sakawan |
sawiji ran dhapur Joglo |
kaliye dhapur Limasan |
dhapur Kampung tiganya |
dene ta sakawanipun |
dhapur Masjid wastanira ||

2.
Dhapur Joglo pinarinci |
wontên wiwijanganira |
warni pitu pratelane |
sawiji Joglo-kêpuhan |
dwi warni Taraju-mas |
katri warni Lambang-gantung |
utawi Pangrawit rannya ||

3.
Catur Joglo-wantah nami |
kalima Joglo-cêblokan |
kanênêm Tawon-boni-ne |
Sêmar-tinandhu saptanya |
de sadaya punika |
kalih warni wangunnipun |
nanging warni botên ewah ||

4.
Kalamun ujurirèki |
kinarya kapara panjang |
kapara inggil sakane |
dados inggil dêdêgira |
payonira kapara |
ngadêg basane tumurun |
katêmbungakên nèm ika ||

5.
Balungan kandêl rêspati |
yèku ran wangun Lanangan |
dene manawi ujure |
kapara cêlak sêmbada |
sakanya ugi cêlak |
dados andhap dêdêgipun |
papayon kapara nadhah ||

6.
Katêmbungkên sêpuh yêkti |
para tipis balungannya |
yèku wangun Èstri ranne |
utawi Daringan-kêbak |
mangkya kang kawursita |
anênggih parabotipun |
Joglo Padaringan-kêbak ||

Jilid 3 - Kaca : 222

7.
Ukuran ingkang kinardi |
waton guru pamidhangan |
yèku blandar pangêrête |
brunjung kang ngandhap piyambak |
sadaya babalungan |
utawi parabotipun |
griya sanès-sanèsira ||

8.
Agêng alit sami ugi |
mirit saking pamidhangan |
kang saupami panjangè |
pamidhangan kakalihnya |
mitulas kaki samya |
sadasa dim wiyaripun |
wolung êdim kandêlira ||

9.
Panylak pamidhangan kalih |
panjang dwiwlas kaki samya |
wiyar sadasa êdimè |
wolung êdim kandêlira |
wasana prabot wisma |
piridannira puniku |
ugi botên tilar petang ||

10.
Mangsuli parabotnèki |
Joglo Padaringan-kêbak |
sakawan saka-gurunè |
sunduk-kili kalih samya |
dhadha-pêksi satunggal |
de tumpang-lumajangipun |
wontên nênêm cacahira ||

11.
Tumpang-panitih kakalih |
nênêm tumpangnya panyêlak |
panitih panylak kalihè |
singup pamanjang nêmbêlas |
singup panylak nêmbêlas |
dwi blabag tutuping singup |
andêr molonya nyatunggal ||

12.
Catur suhing sakanèki |
takiring brunjung pamanjang |
apan kakalih kathahè |
dwi takir brunjung panyêlak |
usuk dêdêl sakawan |
tigangdasa nênêmipun |
kathahè usuk pangarak ||

13.
Usuk lorog catur iji |
dudurnya ugi sakawan |
kêjèn kiwa myag têngênne |
kalih usuk dêdêlira |
usukipun pangarak |
sadayanya wolulikur |
usuke lorog sakawan ||

14.
Rèng barunjung ngajêng-wingking |
dwi alis-alis takirnya |
nêmlikur êrèng pènèke |
dwi alis-alis molonya |
rèng kêjèn kering-kanan |
dwi rèng alis-alisipun |
rèng pènèk dwidasa astha ||

15.
Sirap barunjungirèki |
dwidasa dim panjangira |
kawanwêlas dim wiyare |
ingkang saêdim kandêlnya |
cacahira ingetang |
apan nênêmatus langkung |
sakawandasa titiga ||

16.
Wuwung bungkaknya satunggil |
palisire wuwung bungkak |
sakawan iji cacahe |
wuwung barunjung sakawan |
palisirira astha |
paku-bibis bungkak wau |
mung kakalih sampun cêkap ||

17.
Paku-wuwung brunjung nênggih |
cacahipun kalihwêlas |
kancing bèji barunjunge |
sadasa iji cacahnya |
tadha têr barunjung lawan |
lumanjang pananggapipun |
kathahipun pan wolulas ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (28) Kaca 203 – 207
  • (29b) Kaca 223 – 235 >