Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 21

Kontak Admin.

email-kidemang

(12b) Kaca 108 – 120

 

(Ngawontênakên wilujêngan pêndhak gêblagipun Ki Dêmang)

4. Mas Cêbolang dalah para santrinipun dhèrèk Haji Nurgirindra dhatêng griyanipun Nyai Wulanjar Dêmang ing Paricara ingkang ngawontênakên wilujêngan pêndhak gêblagipun Ki Dêmang. Mas Cêbolang ingkang katêdha têrbangan kanthi bêksan, sêngaja namur dados pawèstri nama Kèn Suwadi. Bêksan gêgêndhinganipun pêpujian salawat, nggêlarakên lampahan Dewa Ruci, ngèlmu raos tuwin pitutur. Bokmas Dêmang sakalangkung kapranan dhatêng Kèn Suwadi, mila katêdha nyipêng. Panamuripun Mas Cêbolang sakalangkung rêmit; ing dalu badhar sanyatanipun, ewadene malah dados pirênanipun Nyai Dêmang, lajêng posah-pasihan


Kaca 89 - 120
 

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 4 - Kaca : 106

32.
Lire mati sajroning ngaurip |
iya urip sajroning apêjah |
urip bae salawase |
kang mati iku napsu |
badan lair ingkang nglakoni |
katampan badan nyata |
pamoring sawujud |
pagene ngrasa matiya |
Wrêkudara tyasira padhang nampèni |
wahyu prapta nugraha ||

33.
Lir sasangka tawêng ima nipis |
praptaning wahyu ing ma nirmala |
sumilak ilang rêgêde |
angling malih tulya rum |
Dewa Ruci manis aririh |
tan ana aji paran |
kabèh wus kawêngku |
tan ana ingulatana |
kaprawiran kadigdayan wus kawingking |
kabèh rèhing ngayuda ||

34.
Têlas wulangira Dewa Ruci |
Wrêkudara ing tyas wus tan kewran |
wruhing namane dhèwèke |
hardaning swara muluk |
tanpa êlar anjajah bangkit |
sawêngkon jagadraya |
angga wus kawêngku |
pan tanpa matining basa |
saenggane sêkar maksih kudhup lami |
mangkya sêkar ambabar ||

35.
Wuwuh warnane lan gandanèki |
wus kêna kang Panca-rêtna mêdal |
saking ing guwagarbane |
wus salin alamipun |
angulihi alame lami |
Dewa Ruci wus sirna |
mangkana winuwus |
tyasira sang Wrèkudara |
lulus saking gandaning kasturi jati |
papanasing tyas sirna ||

36.
Ingkang emprak pra santri wus wradin |
gya sinuwuk samya maca slawat |
angaring-aring napase |
wanci mèh bêdhuk têlu |
Nurgirindra wacana maring |
para tamu sadaya |
ni panti kalangkung |
nuwun kanthi sukarêna |
de kêparêng jênêk pinarakan sami |
ngantos mèh (n)dungkap êbyar ||

37.
Kang sinung ngling (n)dhêku-(n)dhêku pamit |
linilanan mantuk èstri priya |
sarêng kalawan wêdale |
jalu èstri kang (n)dulu |
kèh tan mulih jêbêg nèng (n)jawi |
kang nandhang larasmara |
jumbuh sêdyanipun |
endrasmara graitèng tyas |
matur ririh mring marsêpuh Kyai mangkin |
Suwadi sakancanya ||

38.
Prayogine sipêng anèng ngriki |
bilih tumut mantuk dados beka |
kathah kang nandhang wirage |
tekatpraya saèstu |
iya jêbèng aja kuwatir |
sinarah ing sakarsa |
Kyai wus lumêbu |
pamit marang (m)Bokmas Dêmang |
rubiyahe endrasmara catur pamit |
myang Suwadi pamitan ||

 

Jilid 4 - Kaca : 107

39.
(m)Bokmas Dêmang wêling wanti-wanti |
sesuk bêngi poma aja lincat |
dak arêp-arêp marene |
sukur lawan kancamu |
kang padha yun mring Pranaragi |
Suwadi mèsêm lingnya |
sandika katèngsun |
dugi sampeyan pra kanca |
bilih sami panuju dhanganing ati |
kasmaran ing paminta ||

281 Asmaradana

1.
Kalawan kapasangyogi |
benjang (m)bèn ulun umangkat |
anglajêngkên ing lampahe |
gih ugi sasarêngan |
kalawan para kanca |
Nyi Dêmang sru sukèng kalbu |
adhuh yayi muga-muga ||

2.
Padha dhangana ing ati |
lêrêp anèng gubugingwang |
mung sadalu enjing bodhol |
sukur parêng rada lawas |
nahên ta sampun mêdal |
praptèng pandhapa gumuruh |
kang anèng jawining dhadhah ||

3.
Suwadi umatur aris |
sami kèndêla sadaya |
gya rumiyin mring latare |
jêmpol suku ingkang kiwa |
cinêthikakên kisma |
asta têngên kang anjupuk |
jêmpol suku ingkang kanan ||

4.
Jinumput nèng ngasta kering |
siti kinumpul nèng tangan |
kanan nulya matêg mèlle |
Kulu saèin lajêngnya |
jaekatut mautta |
sinawurkên ngajêngipun |
kalawan ing kering kanan ||

5.
Kang nèng jawi dhadhah nuli |
sirêp tan ana nyuwara |
lir kawayon anglêgèyèh |
ana ngantuk rarenggotan |
wênèh ngorok sênggoran |
Suwadi mêndhak umatur |
sumangga lajêng tumindak ||

6.
Dumuginira ing jawi |
samarga-marga wong nendra |
suka kang mahawan kabèh |
wus kapungkur Paricara |
pajar sidik praptanya |
lajêng samya wêktu Subuh |
paragat mingip Hyang Arka ||

7.
Nahên ta kang samya guling |
kang kataman sasirêpan |
katlorong surya sumorot |
kagyat bingung garagapan |
sêmune radi wirang |
malêncing samya umantuk |
ngonggo-onggo nutuh mata ||

 

Jilid 4 - Kaca : 108

281 Asmaradana

8.
Mangkana Nikèn Suwadi |
wus aso nèng pamondhokan |
sak siyang tan ana katon |
sabakdane wêktu Ngasar |
Cêbolang sarencangnya |
sowan mangilèn wus pangguh |
lawan Kyai Nurgirindra ||

9.
Hendras lan rubiyahnèki |
anèng ing kilèn sadaya |
Mas Cêbolang awotsinom |
angujung sarwi pamitan |
dumugèkakên lampah |
atanapi santri catur |
samya ngujung gantya-gantya ||

10.
Gya mring Hendrasmara pamit |
kakang kantuna raharja |
tanapi catur (m)bok ipe |
sami kantuna raharja |
diatut nunggal karsa |
bêkti nastiti mring kakung |
kang ajrih trusing wardaya ||

11.
Manawi sagêd lêstari |
kadi kang wus kalaksanan |
insa Allah ing akire |
pakantuk margi kang padhang |
tanapi sinung swarga |
kêkêl ing salaminipun |
nèng kamulyan katêntrêman ||

12.
Sru muwus kang sinung angling |
mugi-mugi pikantuka |
ing pangèstu widadane |
kajawi punika dhimas |
suwawi kadiparan |
sarêng atanapi kantuk |
dèrèng wontên sanjangira ||

13.
Wau dalu dènbêjani |
wantos-wantos mring yu Dêmang |
sagêda sipêng pantine |
enjingipun lajêng bidhal |
sukur yimas kalawan |
Nurwitri sakancanipun |
parêng lêrêp kadêmangan ||

14.
Èstunipun kadipundi |
punapi pisan myang kêmpal |
Cêbolang mèsêm dêlinge |
sarèhning lampah wus têbah |
wah èstri taksih mudha |
kadiparan yèn tan kêmpal |
klêbêt patrap siya-siya ||

15.
Kiyai sampun nglilani |
sakecanipun lumampah |
ing wanci bakda Mahribe |
nêdhêng timbuling Hyang Candra |
ing tanggal gangsalwêlas |
rubiyah catur gumuyu |
ginagas wasananira ||

16.
Nurgirindra mung maringi |
pandongarja lêstaria |
Mas Cêbolang sampun lèngsèr |
maring pamondhokanira |
[... ] |
bakda Mahrib mangkat gupuh |
Hendrasmara sarabinya ||

17.
Ngatêr praptèng jawi kikis |
sasalaman (n)dum raharja |
mangu-mangu dènnira non |
dupi wus tan kawistara |
lagya wangsul mring wisma |
kêmba sêpi sêpên samun |
kadi kapêgatan trêsna ||

18.
Sigêg kang sih maring tami |
ingkang lumampah wus prapta |
karajan Paricarane |
tumamèng ing paregolan |
mandhêg nèng palataran |
nahên nyi panti winuwus |
saari ngrakit pondhokan ||

Jilid 4 - Kaca : 109

19.
Myang darbe sugatanèki |
wus samêkta sadayanya |
pinapantês sarirane |
busana sarwa pasaja |
nèng jarambahing wisma |
anon dhatênging tatamu |
madêg gita-gita mapag ||

20.
Kèn Suwadi kinapithing |
gandhèng asta malbèng wisma |
nolèh mring tamu santrine |
tan mindhak wêtah sakawan |
ing tyas sêmada cuwa |
ananging sangêt sinamun |
aywa nganti kawistara ||

21.
Nurwitri sarewangnèki |
wus pinarnah pondhokira |
jinaga kulawarga kèh |
pondhok sêgah tan kuciwa |
sênêng sadayanira |
kontên wisma wus tinutup |
pinanggihan lêmah jrambah ||

22.
Tapsirih lumadyèng ngarsi |
tinungka wedang dhaharan |
rêna tur mirasa kabèh |
lah yayi mara mucanga |
yèn wis kakurah waja |
sêdhêng asrêp wedangipun |
ngunjuk wedang myang dhaharan ||

23.
Kèn Suwadi ananggapi |
rinahapan trusing nala |
wisma tatanya alon |
yayi pira rencangira |
apa wus jangkêp gangsal |
nuwun kangbok sawêg catur |
kang satunggal nuju kesah ||

24.
Inggih awit kalawingi |
mêndhaning sakit pamitan |
sakêdhap mring Sama-jagong |
saguh nusul mring Dêmangan |
dumugi angkatkula |
têka tan wontên kadulu |
bokmanawi manggih aral ||

25.
Nanging kula sampun mêling |
dhatêng kakang endrasmara |
samangsa dhatêng rayine |
kewala lajêng nusula |
dhatêng ing Kadêmgangan |
kula sakanca sadarum |
ngêntosi nèng Kadêmangan ||

26.
Sukur yayi yèn wus mêling |
sira aja mangkat-mangkat |
ngêntènana satêkane |
Sama-jagong ngêndi baya |
aku durung uninga |
lagi samêngko sun ngrungu |
bakyu kabaripun cêlak ||

27.
Lawan Sama-catur ardi |
tyas kumêpyur Bokmas Dêmang |
sinamun lon wacanane |
gunêm mau bêngi ika |
Sahadat kang pramatya |
padha loro klimahipun |
nanging sabanjure beda ||

28.
Amahyakkên kaananing |
alus-alusing bicara |
winadi nèng jro kalbune |
iku yayi dèn-alila |
(m)bakyunta tètèsana |
sampurnaning kanang kawruh |
(m)bakyupara borong angga ||

Jilid 4 - Kaca : 110

29.
Suwadi tumungkul angling |
(m)bakayu kula sumangga |
namung darmi ngaturake |
èstu kagunganta dhawak |
mangke sirêping rarya |
nèng gêdhong wetan pakantuk |
lêga tyase (m)Bokmas Dêmang ||

30.
Rasulan sêga kêbuli |
wuduk ayam lalêmbaran |
apadene rêrangkènne |
apa kinêpung samangkya |
apa lamun wus bakda |
samangke kewala sampun |
gya tinata nèng pandhapa ||

31.
Ki Saloka kang dongani |
kinêpung rencang priyangga |
kalawan catur tamune |
wus paragat dènnya donga |
ambêng binage wrata |
gya nadhah satuwukipun |
satirahe binarkatan ||

32.
Nahan ingkang ayun wirit |
wus nèng gêdhong sakaliyan |
Ni Dêmang salin panganggo |
sadangunira busana |
mung Suwadi rencangnya |
anyinjangi miwah miru |
tanapi atrap sumêkan ||

33.
Ukêl tebokan ingapit |
puspagiwang sak-ronnira |
lalamatan tasikane |
waja mêntas sinisigan |
pindha laring brêmara |
yun mucang jambe ginilut |
kengis pindha wigyutmala ||

34.
Suwadi duk angrencangi |
busana (n)dêmok sarira |
alus lumêr kulitane |
kurang thithik kuwanguran |
kumyus karingêt mêdal |
kêkêtêg nêsêg kumrusuk |
ngunadika kasumukan ||

35.
Tan angrasuk sotya rukmi |
wusnya mucang kinêmonan |
mingis-mingis lêlathine |
cahya sumunar sumringah |
dhasar suluh wadana |
trapsila mêpês tumungkul |
apan wus ajêng-ajêngan ||

36.
Kalawan Nikèn Suwadi |
pêpegangan asta kanan |
sawêg sumangga ature |
supe lamun dumadya dyah |
kuning manising surya |
pindha wulan sunaripun |
dhèmês aruruh jatmika ||

37.
Anjait-jait alungit |
tingal lindri mêrakatya |
lir tinon jro supênane |
nyurêmakên diwangkara |
êlasing Paricara |
pegangan asta wus dangu |
nganti wahyaning pamêjang ||

38.
Pamêtêke tan wis-uwis |
riwening ngasta thur-thuran |
sarira marlupa cape |
sirna warnaning wanodya |
(m)bagêgêg Mas Cêbolang |
mêgang asta maksih kukuh |
(m)Bokmase dupi umiyat ||

Jilid 4 - Kaca : 111

39.
Kagyat nratap sênik-sênik |
ngèwèl mrinding sawatara |
samya (n)jomblong sakaliye |
wus sarèh tyasnya Cêbolang |
manis wijiling sabda |
dhuh babo jantung tyasingsun |
kula kang nama Cêbolang ||

40.
Santri mêri mudha pingging |
pramila kadara-dara |
ayun mring Pranaragane |
mangudi kawruh kang nyata |
dumugi Girimarta |
katampêk ing lahar madu |
saking krajan Paricara ||

41.
Tampi panandhang gung branti |
kamirahaning Hyang Suksma |
sagêd parêg kawulane |
marang risang mawèh rimang |
namung sung kalyatingwang |
aksamanta ingkang agung |
kawula sumanggèng karsa ||

42.
Bokmas Dêmang duk miyarsi |
tyas sukur luh marawayan |
labêt kalêgan karsane |
samya sarèh ucul asta |
umatur pêgat-pêgat |
dhuh lae pangajapingsun |
kang sabda kabali-sura ||

43.
Lêrêsipun ingkang dasih |
kang minta gung pangaksama |
lan jêng kula babasane |
rèhning wus anunggal karsa |
ulun matur pasaja |
botên bèntên sêdyaulun |
samangke sampun akrama ||

44.
Myang wontên panuwunmami |
yèn asih dènwêdharana |
kang dadya prasêtyaningong |
bab masalahing akrama |
kang sagêt anarbuka |
putusa suraosipun |
dasihe sumanggèng karsa ||

45.
Manawi cabar ing kardi |
têtêp santri papariman |
eman dadi kêmbang-lambe |
mring Suwadi pamintèngwang |
gampil pinanggih wuntat |
Mas Cêbolang angling atut |
lah suwawi winêdharna ||

46.
Ni wulanjar wacana ris |
dhuh lae pinajarêna |
paran yun rabi maringong |
lan para akên punapa |
lan (n)dika gawe paran |
lamun ta (n)dika kêtêmu |
ing pundi (n)gènnya kapêdhak ||

47.
Kalamun tuwan apanggih |
punapa andika aras |
punapa dinulu mangke |
andika cêkêl punapa |
dènatut kula tanya |
rèh badhe panutaningsun |
lan sun-gawe guru pisan ||

48.
Upamane sêkar yayi |
ananingsun cêkêl ika |
sihe kang sunalap mangke |
Date suntingali ika |
lan Sipate kang mulya |
Suksmane sunaras iku |
apanggih ing rahmatolah ||

Jilid 4 - Kaca : 112

49.
Lan sunaku sira yayi |
kênyatahaning sihira |
lan sun-gawe sira mangke |
kênyatahaning sirolah |
punapa ta ing karsa |
punika pamanggihingsun |
ing kawruh ananing krama ||

50.
Bokmas Dêmang muwus aris |
wontên malih aturkula |
sampun salah cipta mangke |
kawula tanya ing tuwan |
punapa arannira |
yèn wus sare lawan ingsun |
andika aglis asiram ||

51.
Baya ta manira najis |
jiwaraganingsun ingkang |
yèn tuwan asiram mangke |
mila kawula kadusan |
[...] |
alumuh mangke wakingsun |
asare lawan andika ||

52.
Kang mèlu kadusan yayi |
sipat tulise punika |
kang sipat adam ta rêke |
sipat kang mulya kadusan |
apan ta wujud tunggal |
lan ana roroning wujud |
anging Hyang Jatiwisesa ||

53.
Milane dinusan yayi |
ngèstokkên turuning Johar |
kang ingaran Johar mangke |
banyu-urip pinangkanya |
tiba ing bumi rahmat |
iku mulane rumuhun |
karane wajib dinusan ||

54.
Lan tuwan jinabad iki |
pintên kèhe mukaranah |
pintên prakara ta rêke |
ingkang aran mukaranah |
lan parluning jinabad |
nuwun jinatèn wakingsun |
parluning jinabad ika ||

55.
Kang dhingin banyu kang suci |
angulapi najis ana |
ingkang akaram badanne |
kapindho tibaning niyat |
kaping tigane ika |
karêp maratakkên iku |
banyu sakèh badannira ||

56.
Ing mukaranahe singgih |
sakawan kathahe ika |
kang rumiyin iku mangke |
Ngalam Mutapèk punika |
lawan kaping kalihnya |
Ngalam Dakir ta puniku |
Ngalam Salap kaping tiga ||

57.
Ngalam Muni ta puniki |
jangkêpe patang prakara |
sakala anduduk alon |
ingkang suntênga punika |
marma sampun amisah |
wong èstri kalawan kakung |
ing donya têkèng akerat ||

58.
Aranning wong Dat kakalih |
milane tunggal saaran |
para lawan mara mangke |
ing wijine lanang ika |
lan paran ananingwang |
lan rêke ananirèku |
roro dadiya satunggal ||

59.
Ananira iku singgih |
klawan ananingsun ika |
upamane sêkar mangke |
asrah wawangine ika |
kaya anggane wayang |
tingale maring Datipun |
osike kanthi wong lanang ||

Jilid 4 - Kaca : 113

282 Kinanthi

1.
Nyai dêmang Puspamrêdu |
kacondhongan ing panggalih |
wus lama pangantinira |
saking pratignyane nguri |
satilare lakinira |
Nyi Dêmang duhkitèng kapti ||

2.
Kacuwan sihirèng kakung |
wayang-wayung sru rudatin |
lami-lami darbe cipta |
prasêtya tan arsa krami |
kalamun tan antuk priya |
têtêpira gurulaki ||

3.
Bangkit mêjang ngèlmu luhung |
basan wêdharing akrami |
kang putus warna sambada |
wasis mangolahing rêsmi |
sawêg mangkya kapanggihnya |
Cêbolang tuhu wong sigit ||

4.
Kasoking tyas tanpa ragu |
lêga lêgawa ing galih |
sumungkêm ngrungkêpi pada |
mingsêg-mingsêg amlasasih |
lae gurunadiningwang |
dasihe sumanggèng kapti ||

5.
Ing wanci lingsiring dalu |
rencang sadaya wus guling |
sirêp tan ana sabawa |
mung adrênging senapati |
kawangwang mring mêngsahira |
paksa rumabasèng puri ||

6.
Cêbolang waspadèng sêmu |
Nyi Dêmang wus tadhah kapti |
nadyan wulanjar kang warna |
kadya kênya mêpêg mingis |
tan ana kuciwanira |
ing patrap miwah kang warni ||

7.
Katgadèng tyas mamrih tanduk |
tutut wus mêngani wingit |
tan was-was pamawasira |
sinambut ing jinêmwangi |
tumangkêp samiring tilam |
pinriyêmbada mamanis ||

8.
Ngungkih padoning kang pinjung |
tandya mangsah senapati |
nir wadya kang tumuntura |
ngamuk wikrama mawêrdi |
kridha ing samarga-marga |
lir taksaka sru mawêngis ||

9.
Kadi brêmara mamrih rum |
kang nêdhêng kuncuping sari |
dahat dènnya mangrêbasa |
ngungsêt majuning kang sari |
gapura di Paricara |
winasesa wus ngêngani ||

10.
Pra brêtya damanya ngumpul |
anunggil sri narapati |
ciptèng tyas nora kuwawa |
sri mungkul aris srah nagri |
risang jayèng rananggana |
sukèng tyas siram ing bèji ||

Jilid 4 - Kaca : 114

11.
Saya nêngah dènnya adus |
lara-laraning kinanthi |
kasrêg ronning tarate bang |
tinup ing maruta mingkis |
kagyat dening iwak molah |
amangka kalalar kèli ||

12.
Ganggêng ngirim-irim arum |
tunjung mirut nganan ngering |
dêlêgnya angrong ing sela |
lulumute angalingi |
kayu apune anamar |
katawêng unthuking warih ||

13.
Adan mêntas sinjang rambut |
lir endhang-endhang malatsih |
emanne lara tan dêrman |
kayungyun mangun-mangun sih |
yèn tinimbang layonira |
kasarah nèng parang rukmi ||

14.
Duk kataman ing wulangun |
katanggapan gunging kingkin |
sarêng wijiling asmara |
lir pêcat jiwangga kalih |
kênya sarira marlupa |
larut bayuning kang dhiri ||

15.
Ngadhuh ngêsês sambat lampus |
netra kêjêp mathêt lathi |
pramugari wlas tumingal |
kanang wastra pinapulih |
sinamirana srênggara |
swara rum angrujit ati ||

16.
Sun kakêmbange wong ayu |
sun kakêmbange wong adi |
argulo lan sumarsana |
cêpaka gambir malathi |
anrus gandaning kusuma |
baya dadauting dasih ||

17.
Sun wawas trasne wong luhung |
sun wawas trasne wong pèni |
dipangga cindhe puspita |
majêthi raras kumitir |
kapan baya sinawanga |
ing karsa rumêmbêsing sih ||

18.
Sun mamanuke wong rangkung |
sun manuke wong mrakati |
bayan nori lan manyura |
atat lawan êmprit wilis |
munya rum-arum mangajap |
ing dasih kabyataning sih ||

19.
Sun kakayune wong turut |
pantês kayu nagasari |
pangaubanning asmara |
ngusadèng dasih kaswasih |
arum-arume sumêbar |
sarining amilangoni ||

20.
Kasiliring maruta rum |
tuntum bayuning kang dhiri |
rinangkul lungayanira |
marsana tumèmpèl pipi |
linggar saking pagulingan |
mring paheran samya suci ||

21.
Brêsih rêrangkulan wangsul |
nèng jawining tilamsari |
lèngkèt kêkêt rênggang gula |
sanityasa linalingling |
sarêng mucang linton sêpah |
cêcêp-cinêcêp kang lathi ||

Jilid 4 - Kaca : 115

22.
Ngrompyoh sasinom dènêlus |
sunaring dilah nampêgi |
wadana pindha sasangka |
katawêng ing ima nipis |
wênês jênar maya-maya |
nênangi wênganing kingkin ||

23.
Wèh sêsêging magutpupuh |
anyênyongah senapati |
dhasar panas kabaranan |
sarira lir purasari |
tan kumêdhap kèhing mêngsah |
ngamuk punggung mrih pakolih ||

24.
Tan wus rinancanèng wuwus |
ri kang kapadhaning kapti |
wanci pajar gidib siram |
sakaliyan samya suci |
Mas Cêbolang nulya mêdal |
nèng jroning (ng)gyan kang piningit ||

25.
Palasthaning wêktu Subuh |
pupujian lagu èstri |
nganyut-anyut swara lêlah |
nasrun mawi dènsêlani |
maca slawat raras barang |
sarêng bakdaning Subêki ||

26.
Lan ing jawi santri catur |
Nurwitri sarencangnèki |
amiyarsa pupujian |
gupuh dènnya naurani |
rêmpêg runtut kang irama |
suka sênêng kang miyarsi ||

27.
Kang (n)don pupujian suwuk |
prabaning Hyang Bagaspati |
sumunar bra ngantariksa |
Nyai Dêmang wus umijil |
ngore rema ngandhan-andhan |
lalamatan tasik kuning ||

28.
Parentah atur susuguh |
wedang bubuk bêndha tuwin |
ron sruni gêndhis siwalan |
dhadhaharan jadah wajik |
jênang dodol mawi dêgan |
gêmblong lèmpèng abang putih ||

29.
Dhèndhèng mênjangan ginêpuk |
binakar binlonyo arih |
panggang ayam gêndhon rotan |
pinilah kang maring jawi |
wus rumanti gya lumadya |
sasêgah tamu pawèstri ||

30.
Bokmase kang anèng ngayun |
batih èstri kang nambungi |
praptèng gêdhong pipingitan |
batih kang samya ngladèni |
pandulune èstri nyata |
mila nir kang graitani ||

31.
Rampunging panatanipun |
sadaya wus kinèn mijil |
kori tinutup pinalang |
namung candhela rinuji |
binuka sinungan rana |
saking jawi tan kaèksi ||

32.
Mang mongtamu tandang tanduk |
bojakrama marêk ati |
manis kêdaling wicara |
sasolahe asah-ati |
katêmbèn wruh ing asmara |
pindhèstri wignyèng sarêsmi ||

Jilid 4 - Kaca : 116

33.
Dasihe atur susugun |
pundi ingkang dènkarsani |
wedang bubuk saking bêndha |
damêl kiyating kang dhiri |
wedang ron-sruni gung pedah |
tahan lapa tuwin arip ||

34.
Nyirnakkên ngalêntrih lêsu |
wacana ingiring liring |
sang mindha datan kuwawa |
(m)bokmase nulya tinarik |
tan lênggana wus nèng pangkyan |
astane kakung kang kering ||

35.
Nyiku sanginggiling lambung |
nèng ngamdhap cangklakan kering |
swa tumèmpèl pundhak kanan |
sruput wedang ngaras pipi |
gantya inum-inginuman |
dhinaharan andhahari ||

36.
Kuwêl lir anggana tarung |
kêlèt plikêt rênggang glali |
sang pindha garêgêt sêdhah |
pamidihe anêmêni |
prêmbayun minggah sabêlah |
sumunar lir lèn yun mijil ||

37.
(m)Bokmas Dêmang mingkat-mingkut |
asta kalih nyiwêl wêntis |
dhuh lae dènudhunêna |
pyantun kakung amalati |
dasihe yèn nandhang walat |
têmah gumuling tilam-mrik ||

38.
Sintên kang sotah tutulung |
dhumatêng ing jasatmami |
sang pindha mèsêm lingira |
babo yayi ywa kuwatir |
yèn ulun wus tiwikrama |
tate amungkasi kardi ||

39.
Pinondhong nèng tilam gupuh |
nulya tumangkêp kang samir |
tan cuwa sakarsa-karsa |
dènnira andon sarêsmi |
anutug sasolahira |
samya ngêtog ing ajurit ||

40.
Kang nêmpuh miwah tinêmpuh |
samya sarosa ing kapti |
wasis widagda ing solah |
tan ana ingkang kalindhih |
samya prawirèng ngayuda |
sudirambêg sura sakti ||

41.
Palastha kang unggul pupuh |
suka lêga kang kajodhi |
wusing raras karasikan |
pakasutan pinapulih |
wangsul anèng ing jarambah |
satata angêladèni ||

42.
Ririh (m)buka kancing pintu |
manguk ngawe para batih |
angundurakên sasêgah |
sadangunya amêndhêti |
sarwi nyawang Bokmas Dêmang |
mindhak wênês rungih-rungih ||

43.
Prabanira lir sitèngsu |
kasusul wijiling rawi |
ngudarasa jroning nala |
nyi lurah baya wus jampi |
ing rahsane ngèlmu nyata |
mêngko têka mandhan rawi ||

Jilid 4 - Kaca : 117

44.
Ijo royo-royo patut |
pindha mantèn-anyar uwis |
katêrêsan ing asmara |
bêrkahe talabul ngèlmi |
(m)bok lawas nèng Paricara |
mèlu nyuwun kawruh jati ||

45.
Wus tri ari tigang dalu |
Cêbolang kang mindha èstri |
ngêtog langêning asmara |
têmah kerut ing sarêsmi |
saking rêmiting pratingkah |
tan ana nyana samênir ||

46.
Tamu tan ngêpotkên wêktu |
ajêg jroning tigang ari |
Nurwitri sarencangira |
sinabawa nadhah guling |
Saloka èngêt ing nala |
lah Nurwitri paran iki ||

47.
Pedah duk nèng Tidhar gunung |
padhang tan na kêdhah-kêdhih |
iki nganggo sisinglonan |
lamun kabadharan pasthi |
gawe lingsêm binanjurna |
sakèh kang panasing ati ||

48.
ewadene puluh-puluh |
lamun garise mung iki |
ah kakang aja kainan |
mêngko bêcik diaturi |
kowe kang atuwa dhawak |
nora wang-wang asung peling ||

49.
Sokur lamun tan kalimput |
nahên bakdane Mahribi |
kang pindha warna dyah mêdal |
pinanggih Sloka Nurwitri |
Palakarti Kartipala |
Cêbolang ngandika aris ||

50.
Apa ta padha rahayu |
sajêrone tigang ari |
kalawan nora kapiran |
kang dadi tambak kêlantih |
Nurwitri mèsêm lingira |
barêkahe kang tampi sih ||

51.
Amanggèn sarwi pikantuk |
sasêgah ngantos ngêmohi |
kaotipun lan panduka |
tanpa sêgah anong-aning |
upama ngantos sawulan |
nèng riki kados kêbiri ||

52.
Nanging yèn wus niplak-nipluk |
ing wasana kadospundi |
ewa-samantên sadaya |
namung sadarmi tutwuri |
nadyan sakit praptèng pêjah |
tan wontên sêdya gumingsir ||

53.
Mangkana duk myarsa atur |
sumêntug raosing galih |
sinamun gujêng lingira |
kakang sesuk pajar gidib |
payo nutugake lampah |
kadi kang sinêdyèng kapti ||

54.
Ki Saloka manthuk-manthuk |
napa botên mulatêngi |
kakênyêring Partcara |
baya anêmahi lalis |
yèn umure panjang liwar |
labêt wus kalêbêt batin ||

Jilid 4 - Kaca : 118

55.
Adamêl risaking kalbu |
èstune kirang prayogi |
ginaliya ingkang panjang |
kacêkape ngrika-ngriki |
ngriki botên dados beka |
ing lampah sagêd lêstari ||

56.
Kakang kabèh pamuwusmu |
saèstu sidik patitis |
mêngko yêkti dakrah-arah |
padha samêkta-a sami |
lan aliman mring kang samya |
pinitaya among tami ||

57.
Sang pindha warna wus wangsul |
pinanggih lan nyai panti |
mèsêm alon atatanya |
punapi ingkang ginati |
ngantos dangu papanggihan |
lawan kang samya nèng jawi ||

58.
Dhuh jiwèngsun mila dangu |
Nurwitri sarencangnèki |
padha pratela prasaja |
rumangsa kawiryan jati |
panggonan myang sunggatanta |
tan ana kang nguciwani ||

59.
Bangêt sukuring Hyang Agung |
Alkamdulillahi rabil |
pamujine muga Allah |
angawikanana maring |
sira kang tuhu utama |
urmat gumati mring tami ||

60.
Tampiya nugraha agung |
ing donya prapta ing akir |
apadene jasatingwang |
rasa-rasa nora bangkit |
oncat saking Paricara |
apa ingkang dakgolèki ||

61.
Mung ana wagêl sadumuk |
lamun ora anêtêpi |
lair batin nandhang dosa |
sakawitne tinggal panti |
nyulayani rèhing rêna |
pangancas talabul ngèlmi ||

62.
Kalunta-lunta ngalangut |
yun mring Pranaraga nagri |
mangka kandhêg Paricara |
dadi cidra ing pangèsthi |
lair dosa mring wong tuwa |
batin dosa mring Hyang Widdhi ||

63.
Sapa sotah atutulung |
saking kirane tyasmami |
mring sira pujaningwang |
kang asih mring kawlasasih |
ambirat sanggyaning dosa |
nêtêpakên kang kinapti ||

64.
Lilanana kadibalmu |
mêngko wanci pajar gidib |
ulun sarewang umangkat |
sêmbari nahên prihatin |
mêlang-mêlang sêmang-sêmang |
nilar kêkasihing Widdhi ||

Jilid 4 - Kaca : 119

65.
Nanging yèn wus praptèng dunung |
bokmanawa nora lami |
balik marang Paricara |
wit wus sangu putêr-giling |
dhuh babo dipun-pracaya |
insa Allah ujar mami ||

66.
Nyi Dêmang sadangunipun |
tumungkul waspa drês mijil |
sumungkêm pada lingira |
pêgat-pêgat marêk ati |
dhuh lae pangajapingwang |
kang abdi sumanggèng kapti ||

67.
Rumaos pês ing tumuwuh |
tangèh sagêd misesani |
muhung manggung winisesa |
baya wus takdiring Widdhi |
botên namung anarimah |
ing papasthèn tan gumingsir ||

68.
Saking sru sih trêsna anrus |
tumancêping manah suci |
anjalari nir sumêlang |
yèn ngantosa jasatmami |
manggih papa kasangsara |
wirang samining dumadi ||

69.
Rèh paduka wus pinutus |
kasujanan amumpuni |
kados botên kakilapan |
dhumatêng kodrating èstri |
punapa malih rinêmbag |
mila sampun walangati ||

70.
Tan langkung sumêngka atur |
pamuji mugi Hyang Widdhi |
aparinga karaharjan |
kadugèn ingkang kinapti |
atampiya kanugrahan |
langgênging kamulyan siddhi ||

71.
Mas Cêbolang duk angrungu |
rêmêg tyase lir jinait |
katamaning sabdatama |
merang lamun nora bangkit |
amung jumbuh ing paminta |
kang tan kawijiling lathi ||

72.
Madêg pamanthênging kalbu |
tumèmpèl klaratullahi |
sêrêt wijiling wacana |
wunguwa sang condhong kapti |
yèn pinarêng ing Pangeran |
sakarsanta wus marêngi ||

73.
Tandya wungu pungun-pungun |
Cêbolang gupuh ngusapi |
waspa kang nèng pangarasan |
kalihe lêjaring galih |
sumèh wènès kang ujwala |
cundhuk gambuh ing pamanggih ||

283 Gambuh

1.
Nyi Dêmang mêdal gupuh |
paparentah maring batèhipun |
nyadhiyani nyunggata sarapanèki |
tamune kang arsa nglangut |
pajar gidib dènnya bodhol ||

2.
Wusing parentah laju |
manjing wisma kori gya tinutup |
nora nana labêtè nahên prihatin |
Mas Cêbolang ngrangkul gapyuk |
kinanthi maring paturon ||

Jilid 4 - Kaca : 120

3.
Samirè wus tinutup |
tan cinatur dènnya andon-lulut |
praptèng wanci ngajêngakên pajar gidib |
mring pahèran kalihipun |
Suwadi wangsul gya dandos ||

4.
Nyi Dêmang prentah gupuh |
ngladosakên sasarapanipun |
kang mring jawi batèh jalêr kang ngladosi |
kang mring pamingitan nêngguh |
nyi panti lan batèh wadon ||

5.
Kang busana wus rampung |
panataning rampatan kumêndhung |
Nyai Dêmang gupuh nyandhak asta sarwi |
angling manis dhuh riningsun |
lah mara wijika dhenok ||

6.
Suwadi wus tuturuh |
angling malih payo kakênyêrku |
lan dhahara sarapan saananèki |
rèh sira ayun lumaku |
têbih tan adarbe pawong ||

7.
Gya nadhah kalihipun |
wus dumugi cinarikan gupuh |
Ki Nurwitri Saloka sarencangnèki |
nadhah sarapan wus rampung |
samêkta dènnya yun bodhol ||

8.
Nahên ta Nyai Mêrdu |
lawan tamu kêkanthènan mêtu |
saking wisma ingiring pra batèh èstri |
praptèng (n)dhapa pamit gupuh |
dhuh kakangbok kadangingong ||

9.
Aksamanta kang agung |
ulun nyuwun pangèstu rahayu |
kakang êmbok kantuna suka basuki |
pinaringan iman luhung |
lastantun dadya pangayom ||

10.
Rencangnya santri catur |
sampun sami pamitan sadarum |
gumarubyug linggar saking ing pandhapi |
praptèng paregolan ngayun |
lajêng kang samya lunga (n)don ||

11.
Ngonggo-onggo kang kantun |
anglir pendah tinilara lampus |
wangsul maring wisma maksih pajar gidib |
saliyêpan trima lowung |
samya tilêm lanang wadon ||

12.
Enjing satanginipun |
Bokmas Dêmang lan sabatèhipun |
nambutkardi kadi sabên-sabênèki |
datan ana labêtipun |
lair anrus praptèng batos ||

   kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (12a) Kaca 89 – 105
  • (13) Kaca 121 – 123 >