Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 14

Kontak Admin.

email-kidemang

 (13) Kaca 121 – 123

 

( Kabegal tiyang sadasa langkung jalaran kakintên kathah sangunipun )
5. Sawatawis dintên wontên ing Paricara lajêng dhatêng Pranaraga. Ing margi kabegal tiyang sadasa langkung jalaran kakintên kathah sangunipun. Mas Cêbolang tuwin Nurwitri namakakên sihir, barang bêktanipun kasawurakên dhatêng begal katingal dados tiyang sami nanggulangi, wasana begal sami mlajêng. Cêbolang nglajêngakên lampah, nanging kasasar mangidul dumugi têpining sêgantên kidul
Kaca 121 - 123

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

 

Jilid 4 - Kaca : 121

283 Gambuh

13.
Saking mangunahipun |
Mas Cêbolang budya trus rahayu |
datan pisan wèh saksêriking sasami |
ingkang wus kalakon namung |
karya sukane sakèh wong ||

14.
Sinigêg kang lêstantun |
lampahira Suwadi winuwus |
mèh raina sêmu bang ing ngawiyati |
Sang Hyang Bagaspati mungup |
bramani bawana abyor ||

15.
Suwadi wus rinacut |
angalela Cêbolang satuhu |
Ki Nurwitri ririh atatanya warti |
paran ing nalikanipun |
paduka apindha wadon ||

16.
Cêbolang mèsêm muwus |
wus winêdhar sadaya tinutur |
Ki Nurwitri gèdhèg-gèdhèg duk miyarsi |
èstu paduka kalamun |
kaluhuran sabda yêktos ||

17.
Tamtune rak pun sanggup |
lamun datan kalaksanan kusud |
iya kakang sawuse ulun miyarsi |
kalêpasaning sabda-yu |
dhadhaku kadi dhinodhog ||

18.
Sanalika tuwakup |
mèpèt maring kalaratullahu |
pinarêngna marang sih ring kaswasih |
kang dadya pamintanipun |
si mrakati mêlok-mêlok ||

19.
Ana antaranipun |
yèn kêparêng têrusing tyasipun |
têka rêsik ora ana kawis-kawis |
Ki Nurwitri matur sukur |
nahan ing lampah wus anjog ||

20.
Têngahing wana agung |
kèh swaraning satokewan manuk |
kawarna-a raroyomaning wong juti |
babenggoling begal kècu |
apan wus miyarsa wartos ||

21.
Kalamun tamunipun |
Bokmas Dêmang benjing bidhalipun |
tinartamtu kathah dènnya ambêktani |
barana tanapi sangu |
mring Suwadi ayu anom ||

22.
Sadaya wus ngalumpuk |
nèng wismane Ki Singasalukun |
Kaladhêndha Alugoro Jagagandhi |
Iragada Santalimpung |
Wiryapiling Trunakêplok ||

23.
Candrasa Kramadumuk |
Sêtrabindhi Yudakligi Puksur |
Samarajang Sutagranggang Citralori |
Mangunkunta Yasapalu |
Ki Nanggala Trunatowok ||

Jilid 4 - Kaca : 122

24.
Wangsapusara ngayun |
Nawangcakra Ki Nurtrisulèku |
Karyabajra Nitibêdhama pênyakit |
abipraya sabiyantu |
ing rêmbuk duk samya golong ||

25.
Anglari lampahipun |
saênggonne pinanggih gipêpuk |
mung Suwadi kewala dènbalèjèdi |
binêkta mring Laut kidul |
dèndol juragan kang laboh ||

26.
Rêmbag wangsitan putus |
wus mirantos gêgamaning pupuh |
arit bapang gobang wadung gêmbêl linggis |
pênthung galih tèsèk luyung |
bandhêm bandhil granggang towok ||

27.
Parênca wêdalipun |
ngetan ngulon têmpuking mangidul |
tan adangu kang lumampah wus kaèksi |
kang anèng lèr tandya kukuk |
gumarubyuk alon-alon ||

28.
Saloka nolèh pungkur |
langkung kagyat gugup aturipun |
adhuh anggèr wingking punika tyang juti |
babaya agêng saèstu |
tan petungan kathahing wong ||

29.
Cêbolang duk andulu |
kathahing wong kang ambêg laku dur |
lingira ris kaya ngapa yèn lumaris |
yêkti tan wande kapikut |
luwih bêcik ararêmpon ||

30.
Yèn wis pasthine lampus |
tan bêkakal sokur yèn rahayu |
Kartipala babêktaning lèmpèng mungging |
karênêng lambaranipun |
mêrang kandêl gya binodhol ||

31.
Sinawurakên sampun |
katon jalma akèh mandhi lawung |
magut ing prang pangrasane sakèh juti |
punika jalma satuhu |
gya manêmpuh ing prang popor ||

32.
Rame dènnira pupuh |
long-linongan Mas Cêbolang gupuh |
nguncalakên karanjang saisinèki |
yudane durmala unggul |
myat jalma pat siji wadon ||

33.
Para dur bingung wakul |
giyak-giyak kèndêl dènnya pupuh |
Mas Cêbolang suka sukuring Hyang Widdhi |
luwaring bêbaya ayu |
lajêng lumaksana gupoh ||

34.
Para dur kang angêpung |
samya muwus bangga apa nutut |
kang sinung ngling siji tan ana nauri |
kèndêl kadya lingak-linguk |
tan darana gya rinampog ||

Jilid 4 - Kaca : 123

35.
Catur jalu (ng)galêpung |
kantun sang dyah têka têguh timbul |
gya mêngrukêt Kaladhêndha Sêtrabindi |
nyêkêl saking ngarsa pungkur |
udrêg kuwêl gantya ruboh ||

36.
Wus sayah kalihipun |
angalokro wal pamithingipun |
Sêtrabindi ngathang-athang kêmpis-kêmpis |
Kaladhêndha maksih ngrangkul |
karênêng lèmpèng wus bobrok ||

37.
Sadaya ngungun gêtun |
pancabakah ing sadina muput |
badan cape rusak gagamanirèki |
antuke pituwas amung |
lèmpèng ajur krênêng bobrok ||

38.
Kinira kang kinayun |
wus tan ngukup utamangganipun |
sraping surya bibaran pra ambêg juti |
mantuk mring sasananipun |
nahên ta kang alunga(n)don ||

39.
Cêbolang santri catur |
dalu sipêng madyaning wanagung |
kadhang sipêng dhukuh têpining wanadri |
lampah kapalantrang ngidul |
laladan Pacitan anjog ||

40.
Minggah arga tumurun |
jurang têrbis ngambah siluk-siluk |
praptèng dhusun Pringkuku mangidul malih |
minggah arga alit munggul |
anduduk myat ing lalangon ||

284 Mêgatruh

1.
Ascaryambêg miyarsa swaraning alun |
gumalêgêr (ng)gigirisi |
kadi kanawa(?) galudhug |
jaladri kidul kaèksi |
kasongan surya sumorot ||

2.
Myang umiyat asrining kang dhusun-dhusun |
kawuryan ngêngrêng rêspati |
pasabinan têgal talun |
wênês ijo tharik-tharik |
kinothak-kothak agolong ||

3.
Jaladri kang anglojok dharatanipun |
kanan kering myang lor ardi |
katon (ng)gamêng pindhanipun |
sumêkan dyah têngah putih |
uwal nèng jroning kalangon ||


   kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (12b) Kaca 106 – 120
  • (14) Kaca 124 -130 >