Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 14

Kontak Admin.

email-kidemang

 (15) Kaca 131 – 146

 

( Kapanggih rombonganipun Brahmana Sidhi

saking Hindhustan )

7. Kapanggih rombonganipun Brahmana Sidhi saking Hindhustan ingkang badhe nyantuni montên langsening tumbal. Sang Brahmana wawan rêmbag kalihan Mas Cêbolang, ngandharakên bab gêgêbênganipun Kabudhan, i.p. tatananing siswa dumugi guru, ajaran gêsang tumimbal, tanha, karma, cakramanggilingan, pambirating panandhang, gêgayuhan ing dalêm kasampurnaning Buddha, ilmu tuwin laku lan sanès-sanèsipun
Kaca 131-146

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 4 - Kaca : 131

285 Sinom

17.
Babo kulup ywa rinasa |
tutugna karsanirèki |
mung aywa uwas sumêlang |
sabarang kang dènlakoni |
puniku mungguh mami |
rèh Budha agamaningsun |
ananging ingsun rasa |
gathêke lan Islam sami |
ming tindake lan aranne rada beda ||

18.
sayêkti agama Budha |
nora (m)baèkkên sakèhing |
agama ing liyanira |
Cêbolang umatur ririh |
dhuh sang Brahmana Siddhi |
bilih kaparênging kalbu |
miwah kenging winêdhar |
pun patik sangêt kapingin |
amiyarsa derahe agama Budha ||

19.
Sang Brahmana mèsêm lingnya |
atut pamintanta kaki |
pêpacak wêwalêrira |
agama Budha puniki |
kudu anyêgah maring |
watêk panastèn anêpsu |
dahwèn salah-opènan |
kêmèrèn cêthil ajail |
cêngil kriwil muthakil srèi waonan ||

20.
Darêngki mêdhit nyêngitan |
anyarubiru basiwit |
anyêndhu mring samoanya |
sarupaning manungsèki |
de lakuning rahsèki |
kudu trêsna wêlas purun |
asih sakèh dumadya |
tindak kang sêdya pinêsthi |
kudu têtêp madhêp idhêp pangidhêpnya ||

21.
Dene lakune kang manah |
kudu lila lair batin |
trima nalangsa lêgawa |
mungguh pambudinirèki |
kudu mêncar sayêkti |
jêmbar sabar lan sumawur |
dene pandhêngannira |
kudu mindêng ênêng-êning |
lawan eling mung puniku papacaknya ||

22.
Pêpangkataning agama |
kaperang dadya kakalih |
golongan matang pangkat |
Upasaka arannèki |
siswa mara puniki |
kang isih cupêt ing kawruh |
iya iku manungsa |
kang ngagêm myang manut maring |
darma pituduhing Sang Buddha Gotama ||

23.
Srana ngucapkên sakèhnya |
ing têmbung-têmbung kang uwis |
padha dadi pasthinira |
apadene anglakoni |
mring prajangji kèhnèki |
limang prakara ginilut |
dene ingkang rong pangkat |
aran Sangha têgêsnèki |
siswa pipilihan wus kèh pangartinya ||

24.
Iya iku manungsa kang |
manggung mindêng amumuji |
marang ing salamêtira |
kaananing jagad iki |
lawan angambah maring |
marga wolung pakartèku |
myang amancik tataran |
siji têkan papat tuwin |
asarana nglakoni prajanji kèhnya ||

Jilid 4 - Kaca : 132

25.
Pantog sapuluh prakara |
de kang padha nglaksanani |
sinêbut aran Samana |
utawi Biksu wawangi |
mungguh ingkang prajangji |
limang prakara puniku |
kang padha linakonan |
pra Upasaka rannèki |
Pancasila pan mangkene têmbungira ||

26.
Satuhu-tuhu kalawan |
eklasing kang ati kapir |
nglairakên prajanjeyan |
kang rumuhun kita yêkti |
nyanyêgah tan natoni |
tanapi akarya lampus |
lawan tan nganiaya |
apadene anglarani |
marang ingkang padha kasandhangan gêsang ||

27.
Kapindho kita anyêgah |
anyênyolong angapusi |
ambujuk darbèking liyan |
anyanyêgah kang kaping tri |
nora bakal akardi |
susah ribêt myang pakewuh |
marang samèng tumitah |
apadene anyidrani |
marang ing pamuwus kang uwis winêdal ||

28.
Kaping pat kita nyênyêgah |
nora laku bandrèk tuwin |
jina sapadhanira |
mêrdi tan nêdya ngrêmêni |
myang dêdolanan maring |
wadon kang lyan wajibipun |
jablase nora liya |
muhung bojone pribadi |
ing jangkêpe lilima kita anyêgah ||

29.
Anêdya ngombe utama |
nora pisan niyat bukti |
samubarang ingkang mawa |
pakarti wuru ngêndêmi |
mungguh kanang prajanji |
limang prakara ing ngayun |
yèku dadya wajibnya |
wong kang nêdya anglakoni |
ing agama Buddha Gotama minulya ||

30.
Kang dadi paedah lawan |
pikantuke wong nglakoni |
ing prajanji Pancasila |
tinartamtu bakal bangkit |
kajèn uripirèki |
adoh saking pakaryèku |
bilai myang sangsara |
sarta rukun ing sasami |
kadunungan cipta marang kautaman ||

31.
Mundhak-mundhak kawruhira |
kang sarta bakal amanggih |
enak lawan kapenak |
nèng jro urip têmbenèki |
kalawan saya luwih |
mungguh uwong iku sarju |
gêlêm sartane bisa |
anglakoni ing prajanji |
kang ingaran prajanji Asthakasila ||

32.
Têgêse wolung patrapan |
katrangane kang prajanji |
kang lilima Pancasila |
iya kang wus kasbut ngarsi |
pan winuwuhan ranning |
têlung prakara puniku |
kang dhingin nora nêdya |
mamangan sawanci-wanci |
de wêdhare lamun arsa amêmangan ||

Jilid 4 - Kaca : 133

33.
Samubarang kang pinangan |
kudu kang ajêg kang mêsthi |
tinartamtu ing wancinya |
lawan ing samurwatnèki |
wuwuhan ingkang ping dwi |
aninggal sarupanipun |
kabungahan ing donya |
kaya linggotbawa tuwin |
langên swara kasukan sapapadhanya ||

34.
Wuwuhan kaping tri nilar |
iya maring sarupaning |
rêrêngganing kabagusan |
lire nganggo sarwa adi |
gêganda wida amrik |
apapaès amamangun |
kêrik alis gumbala |
jenggot ing sasaminèki |
kang mangkono mungguh ta paedahira ||

35.
Angêkèhkên maring mala |
lalarane badan iki |
rêgêd lan susahing manah |
dene ingkang dènaranni |
Dasasila prajanji |
ingkang dènlakoni iku |
marang sakèhing Sangha |
sêpuluh patrapan janji |
katrangane iya janji Pancasila ||

36.
Kalawan Asthasasila |
ananging dipuntambahi |
rong prakara kang sapisan |
nora arêp turu mungging |
papan ingkang prayogi |
anêdya turu dumunung |
papan kang tan sakeca |
lawan ora arêp bukti |
sarupane iwak daging sasaminya ||

37.
Kang kapindho jroning gêsang |
nèng dalêm donya puniki |
sumêdya malarat dunya |
suka lila nrimèng ati |
mungguh pakolihnèki |
laku kang mangkono iku |
angêdohkên pakaryan |
kêsèt kalawan nyingkiri |
sarupane iwak daging sasaminya ||

38.
Jangji sadasa prakara |
mungguh rubeda kang bangkit |
ambatalakên kèhira |
tri prakara ingkang dhingin |
angên-angên utawi |
pikiran sasaminipun |
ping kalih pitêmbungan |
kalakuan katrinèki |
de bisane anglakoni prajanjian ||

39.
Sadasa prakara ika |
kudu ambuwang tataning |
kadonyan sabab yèn ora |
mangkono paran (ng)gonnèki |
bisane anglakoni |
mring tri golongan ing ngayun |
kang dhingin banjur ngambah |
marang dadalan kang kardi |
ing sirnaning sakèhe kang ran Sanandhang ||

40.
Dwi mancik tataran papat |
katri bakal anêtêpi |
mring janji dasa prakara |
awit kalamun tataning |
iya kadonyan iki |
ora tininggal saèstu |
tan bisa sumingkira |
saka panggawe panyobi |
lan panggodha ngêndi marganira bisa ||

Jilid 4 - Kaca : 134

41.
(m)Buka kawruh kasunyatan |
sabab mungguh rubedaning |
kadunyan iku sanyata |
kukuh lan lêbêt kêpati |
tan bisa gonggang saking |
wêwatêkan arannipun |
Massariya têgêsnya |
watêg mêdhit lawan cêthil |
têmahane Awidya bodho wardinya ||

42.
Sabab isih rupa raga |
têgêse trêsna kêpati |
iya maring ingkang donya |
wus titi papacak tuwin |
wêwalêring agami |
kalawan papangkatipun |
miwah rubedanipun |
myang bangkite anglakoni |
Gurisane Cêbolang matur manêmbah ||

286 Girisa

1.
Pun patik kawêdharana |
ingkang winastan Sanandhang |
sang Brahmana mèsêm lingnya |
jagad gyanning urip kita |
ing samêngko iki iya |
sajatine jagadira |
panasaran myang pralaya |
lawan jagading dumadya ||

2.
Lan jagade karusakan |
owah gingsir miwah cuwa |
kaaprihatinan nyata |
lawan cakra-panggilingan |
lair ingkang rambah-rambah |
tanpa kandhêg nir wangênan |
iku kabèh nora kêna |
disèlaki sadayanya ||

3.
Kalamun kita puniki |
durung bisa tumêka-a |
iya marang cahyanira |
kawruh ingkang sanyatanya |
Cêbolang dupi miyarsa |
tangèh (n)dungkap ing wardaya |
matur malih kawêdharna |
ingkang ngwontênakên Sanandhang ||

4.
Dingin dènaranni Tanha |
wêrdi cipta mring uripnya |
kadwi diaranni Karma |
de têgêse cipta ingkang |
nyamêktani wujud ana |
ing jagad iki sadaya |
myang ing jagad sunya rurya |
myang ngakerat lan sawarga ||

5.
Cêbolang malih turira |
mênggah sagêdipun sirna |
Sanandhang pati kalawan |
lair ingkang rambah-rambah |
kêdah sarana punapa |
kulup sirnaning Sanandhang |
pati lair rambah-rambah |
kudu-kudu sarananya ||

Jilid 4 - Kaca : 135

6.
Nyirnakake rong prakara |
kang ran Tanha lawan Karma |
yèn dhasar wus kabirata |
rong prakara satuhunya |
banjur bisa luwar nyata |
sangka ing kukume ika |
wêkasan ingaran arja |
apadene banjur bisa ||

7.
Angambah marang dêdalan |
katêntrêman langgêng ika |
sarèhning arang kang wikan |
lan nora mangêrti marang |
kasunyatan suci ingkang |
patang prakara punika |
dadi iya mêsthinira |
ing salawas-lawasira ||

8.
Bakal tansah kudu ngambah |
marga lair rambah-rambah |
tur sangsara apês nistha |
lawan asor nora pakra |
lah ta êndi rupanira |
ingkang dènaranni ika |
kasunyatan sukci mulya |
patang prakara ing ngarsa ||

9.
Yèku nyatane Sanandhang |
nyata uwiting panandhang |
nyata sirnaning panandhang |
lan kasunyataning marga |
sirnaning kanang panandhang |
ing kono wusnya mursudya |
lan ngêrti marang kaanan |
kasunyatan catur ngarsa ||

10.
Têmah wêkasaning Tanha |
iya iku cipta ingkang |
marang urip banjur sirna |
utawa kang aran Karma |
iya iku cipta ingkang |
nyamêktani wujud mulya |
sirêp kanang kara-kara |
apadene ing lakunya ||

11.
Cakra-panggilingan ingkang |
lair rambah-rambah ika |
banjur kandhêg tan lumakya |
yèn sira durung uninga |
iki gênahe kang aran |
Kasunyataning panandhang |
kayata ênom lan tuwa |
lair rambah-rambah lawan ||

12.
Lara tanapi palastra |
iku kabèh ran panandhang |
mêngkono uga kayata |
kaoncatan samubarang |
ingkang didhêmêni ika |
datansah kara-akêtan |
samubarang kang tan dadya |
ing tyas dènmohi kapatya ||

13.
Tunaning panggayuh ika |
yèku wujuding panandhang |
ing cêkake dumadinya |
wujud kita iku nyata |
yèn ta mungguh wêwatêkan |
nora liya-liya iya |
iku kabèh wus têtela |
kawujudaning panandhang ||

Jilid 4 - Kaca : 136

14.
Ingkang aran Kasunyatan |
mangka uwiting panandhang |
ana sapta dhingin Tanha |
wêrdi cipta kang mring gêsang |
kapindho kang mawêrdinya |
cipta kang nyamêktanana |
iya marang wujud-kita |
kabungahan tiganira ||

15.
Kasênêngan sakawannya |
kalimane karêm (ng)gènnya |
ambangun anyaring raga |
ping nêm karêp (ng)gonning sêdya |
nuruti mring hawa murka |
kasapta olèhe sêdya |
murih slamête raganya |
nèng jagad samêngkone ka ||

16.
Utawa anèng bawana |
sonya ruri ing têmbenya |
ika kang nununtun dadya |
jalaran dumadya marga |
lair manèh jalma ika |
kaping rambah-rambah tanpa |
wawangênan salaminya |
tangèh yèn bisa mandhêga ||

17.
Iki gênahe kang aran |
Kasunyataning sirnanya |
panandhang kang wus kawahywa |
iya pitung bab ingaran |
kabèh kang kudu pinêksa |
dikalahake sadaya |
binirata aywa ngantya |
kalabêtan manèh ika ||

18.
Lan gênahe ingkang aran |
Kasunyataning dêdalan |
ingkang bakal bisa karya |
marang sirnaning panandhang |
wolung pakarti kathahnya |
dhingin wêruh mring kang nyata |
dwi amikir kang prayoga |
tri panguripan kang mulya ||

19.
Catur ing patitisira |
pamicara wêrdinya |
calathu kang nora-nora |
tindak kang bênêr kalima |
pangudi kang pantês nêmnya |
eling têtêp kang kasapta |
pungkasane kaping astha |
panimbang kang jêjêg nyata ||

20.
Lah ta iku mau lagya |
mratelakakên prakara |
pangawruh kasunyatannya |
suci sakawan prakara |
liya iku misih ana |
prentahe agama Buddha |
Mas Cêbolang aturira |
dhuh mugi linajêngêna ||

21.
Ingkang winastan Tataran |
de kadi mènèk kalapa |
manawi kenging kawahywa |
ingkang mugi kaparênga |
mêdharakan pangandika |
sang Brahmana mèsêm lingnya |
iku kulup piyarsakna |
têmbange Pucung prayoga ||

Jilid 4 - Kaca : 137

287 Pocung

1.
Ah ta kulup kang dènaranni puniku |
Tataran kèhira |
lajêre patang pakarti |
ingkang kudu-kudu dianggo pancadan ||

2.
Wong kang padha sêngsêm marsudi satuhu |
marang kasuciyan |
lan mring kaslamêtanèki |
tataran kang sapisan mangkya winarna ||

3.
Dènaranni Patobat mungguh witipun |
ing patobat saka |
patang prakara puniki |
ingkang dhingin awit saka kukumpulan ||

4.
Sarawungan lan jalma kang wus kasêbut |
budiman utama |
kaping dwi jalaran saking |
krungu kang pituduh utawa papacak ||

5.
Katri awit saka prihatin kalangkung |
ping catur jalaran |
pan kapêksa sêngsêm maring |
bisanipun sêdya utama kang nyata ||

6.
Dene lamun ana wong kang ora ayun |
niyat amartobat |
luwih angèl bangêt mêsthi |
(ng)gonne ngambah marang ing dadalanira ||

7.
Kasucian marang kaslamêtan mau |
mulane mangkana |
sêbab jalma iku isih |
nandhang wujud ing rêrêgêd rupa dosa ||

8.
Nanging pama wong iku yèn wus sinau |
nyumurupi marang |
kawruh kasunyatan suci |
pat prakara ingkang winahya ing ngarsa ||

9.
Mung sawiji utawa loro kacakup |
sukur papat pisan |
dadi patobatirèki |
kang mangkono iku wus kêna ngaranan ||

10.
Jalma mau sikil wus mancik dumunung |
tataran wiwitan |
mungguh olèh-olèhnèki |
jalma kang wus mancik tataran wiwitan ||

11.
Tinartamtu bisa luwar manungsèku |
kang rumuhun saka |
ingkang aran Sakayati |
de têgêse apês cidrane kang raga ||

12.
Kapindhone bisa luwar manungsèku |
saka Wasikacca |
têgêse sêmanging ati |
(ng)gonne bakal nganggêp marang pituduhan ||

13.
Yèn wus gambuh marang rong prakara mau |
banjur bisa uncat |
saka ingkang dènaranni |
iya iku Sila bata-paramasa ||

Jilid 4 - Kaca : 138

14.
Têgêsipun piyandêle marang sagung |
tingkah bangsa srengat |
utawa tataning lair |
mungguh bakal pikantuke jalma ingkang ||

15.
Lumaksana ing tri-rupa wus kinumpul |
nuduhke kabêgjan |
kang ngluwihi sarupaning |
ing kabêgjan ing dalêm dunya puniki ||

16.
Myang ngluwihi kabêgjan ingkang tinêmu |
nèng jagad liyanya |
titi pancatan sawiji |
Mas Cêbolang manêmbah alon turira ||

17.
Kang winastan apês-cidraning ragèku |
paran dunungira |
sang Brahmana ngandika ris |
lah mangkene apês-cidrane kang raga ||

18.
Akèh wae manungsa kang mangka ayun |
lumakya mring paran |
sawatara adohnèki |
bangêt kêncêng sêdya nuli tumêka-a ||

19.
Nanging suku rencog awake ngalumpruk |
wis bangêt sayahe |
wêkasan lèrèn utawi |
kudu-kudu kêpêksa nginêp nèng marga ||

20.
Ana maning saupama manungsèku |
nglakoni puwasa |
tur kêncêng tekadirèki |
nanging wus tan kuwawa ambanjurêna ||

21.
Sabab wêtêng bangêt luwe ngêlih (ng)gêrus |
badan bangêt lungkrah |
nêmah batal sêdyanèki |
banjur amêmangan mrih kiyating badan ||

22.
Iya ingkang mangkono sapadhanipun |
kêna binasakna |
apês cidraning rêjêki |
dene ingkang tataran kapindhonira ||

23.
Iku tumrap-e wong kang anêdya amung |
abali sapisan |
maring ngalamdonya iki |
kajabane wus luwar saka tataran ||

24.
Kang kapisan tri prakara kasbut ngayun |
kudu banjur bisa |
nyunyuda marang karsaning |
pancadriya watêg jail sapadhanya ||

25.
De tataran kang kaping têlu puniku |
tumrap maring wong kang |
nora liya bali maring |
dalêm donya urip sapisan kewala ||

26.
Kudu bisa (m)birat babarpisanipun |
kabèh karsaning kang |
pancadriya tan ngromèsi |
wus tumêka tataran kang kaping tiga ||

Jilid 4 - Kaca : 139

27.
De tataran kaping pat pungkasanipun |
iku tumrap marang |
manungsa kang uwis suci |
kudu kang wis bisa luwar mring pakaryan ||

28.
Kèhe limang prakara ingkang rumuhun |
datan kalêbêtan |
wus sirna katrêsnanèki |
marang ingkang panggawe dunya samua ||

29.
Pindha uwis sirna ing pangayun-ayun |
kapengin bisanya |
urip ana suwarga di |
utawane anèng jagad liyanira ||

30.
Katri uwis tan darbe watak kumingsun |
gumêdhe gumisa |
ping pat wawatêkan drêngki |
ambasiwit srèi ing sasaminira ||

31.
Kaping lima wus tan kadunungan èstu |
dening kang Awidya |
têgêse Awidya nênggih |
kabodhohan pantog tataran sakawan ||

32.
Sawusipun mangkono kêna winuwus |
ran wus luwar saka |
sarupaning dosa yêkti |
ing wêkasan bisa andunungkên lampah ||

33.
Ing bênêre pangaji-aji pangrêngkuh |
tumrap sarupanya |
samubarang kaananing |
dalêm dunya iki wus tan kasamaran ||

34.
Jalaran wus bisa sirna sadayèku |
wêwatèk kang ala |
dadi pamikir maring |
badan pyangga mung sarana kautaman ||

35.
De tumrape kang marang ing liyanipun |
ing wêkasanira |
mung kari thukulirèki |
kawlasane kalawan katrêsnanira ||

36.
Pangrêksane mring arjaning liyanipun |
nora aprabeda |
uga kaya pangrêksaning |
bapa biyung maring ing atmajanira ||

37.
De manungsa kang wus mangkono satuhu |
lêpas sing prabawa |
tanpa wangênan dohnèki |
nganti bisa sumarambah ing sajagad ||

38.
Sapandhuwur sapangisor nganti gadhug |
lan sakèhing keblat |
tan ana sêlanirèki |
padha kêbak kaèbêkan kwasanira ||

39.
Sartanipun saupama manungsèku |
bisa lumintuwa |
kaya ta ing sajêroning |
ing adêge ing lungguhe ing èsêmnya ||

40.
Myang guyune lakune andhêgerèku |
sapapadhanira |
mangka tanpa owah gingsir |
dènnya tumindak mangkono mau ika ||

Jilid 4 - Kaca : 140

41.
Iku kang kalêbu ing babasan èstu |
manungsa wus bisa |
nêmu katêntrêman mungging |
ing sajroning isih uripe ing donya ||

42.
Iki ana manèh wêwatêkanipun |
ati ingkang ala |
utawa dosanirèki |
ingkang kudu-kudu mêsthi sinirnakna ||

43.
Dening sang Yodyana wêrdine jalma nung |
kang wus ngambah Marra |
kasuciyan lan basuki |
mungguh kèhe ana sapuluh prakara ||

44.
Kapisan Sakaya-niti têgêsipun |
pês cidraning raga |
Wisikicca kaping kalih |
têgêsipun sêmang-sêmang ingkang nala ||

45.
Katri Silapbrata-paramasa yèku |
wêrdi piyandêlnya |
marang kalairan iki |
dene ingkang kaping catur nama Karsa ||

46.
Wêrdinipun karsaning pancadriyèku |
iya kang anyipta |
nyamêktani wujud iki |
kaping lima Pati jail têgêsira ||

47.
Kanêmira Ruparaga têgêsipun |
kang karênan marang |
kadonyan sakalir-kalir |
kang kasapta Aruparaga têgêsnya ||

48.
Pingin urip ana kang ran sawargagung |
utawa nèng jagad |
ing liya-liyanirèki |
ingkang kaping astha Manon têgêsira ||

49.
Wêwatêkan gumêdhe miwah kumingsun |
kasanga Okakkan |
têgêse watak (m)bêsiwit |
dene ingkang kaping sadasa Awidya ||

50.
Têgêsipun kabodhowan kêbluk kêthul |
wus jangkêp sadasa |
wawatêk alaning ati |
utawa kang aran dosa wus kawuntat ||

288 Pangkur

1.
Kalamun ana manungsa |
uwis bisa anyirnakakên maring |
wêwatêk alaning kalbu |
wiwit angka sajuga |
têkan lima iku têmbe lairipun |
iya sarambahan êngkas |
amêsthi bangkit dumadi ||

2.
Arikat banjur abisa |
ngambah marang tataran ingkang kaping |
catur kasêbut ing ngayun |
apa manèh yèn bisa |
anyirnakkên sawiji têkan sapuluh |
iya iku banjur bisa |
jumênêng Aseka yêkti ||

3.
Wus tan bisa kalêbêtan |
marang sarupaning panandhang iki |
yèn manungsa lir punika |
pamancade ing tataran |
winastan wus Nirwana |
lan sing sapa manungsa wus bisa gadug |
kang kaping pat sarta bangkit ||

Jilid 4 - Kaca : 141

4.
Ngasorkên sakèh panandhang |
yêkti nora bangkit ngambah prihatin |
malah kang padha sinêbut |
Allah wong agama lyan |
padha mèri marang ing kamulyanipun |
marang wong ingkang mangkana |
iya jalma ingkang uwis ||

5.
Sirêp pancadriyanira |
gumêdhene wus sirna tan nglabêti |
myang pangayun-ayunipun |
urip manèh têmbenya |
lawan sirna kabodhowan cundhukipun |
kang murih mring pangadilan |
iya iku têtêp suci ||

6.
Saka sakèhing sangsara |
kadyangganing mungguh têmtrêmirèki |
kadi mênênging kang banyu |
talaga kang nirmala |
tumraping wong kang wus mangkonèku mau |
kandhêg saka pakartinya |
cakramanggilingan jati ||

7.
Lair ingkang rambah-rambah |
tur ajênjêm angên-angênirèki |
sabar ing wicaranipun |
lan solah bawanira |
mula dadi praptèng katêntrêmanipun |
sabab kang ingaran Tanha |
cipta marang maring urip ||

8.
Lawan Karma cipta ingkang |
nyamêktani ing wujud wus samya nir |
rèh wus tan klêbêtan iku |
pakarti tan akarma |
apa dene harda angkara wus surut |
ing wêkasan jalma ika |
sirêp kaananirèki ||

9.
Pindha sirêping kang damar |
pan wus titi mangkya gantya winarni |
dalan panasaran iku |
akèhe mung rong warna |
kang tartamtu kudu siningkiran iku |
dening kang kirang marsudya |
marang kasucian siji ||

10.
Lawan marang kaslamêtan |
ingkang dhihin tansah ngukura maring |
marêming kang hawa napsu |
myang pakarêmaning tyas |
iya ingkang mangkono ingaran èstu |
langkung asor nistha ina |
lawan anênuntun maring ||

11.
Karusakan kang sanyata |
iya iku dadalan ingkang maring |
kadonyan samêngkonipun |
kapindho gawe susah |
myang agawe sangsarane badanipun |
mangkonèku tan prayoga |
lawan datan maedahi ||

Jilid 4 - Kaca : 142

12.
Sajatine mung dadalan |
têngah-têngah nèng antaraning margi |
panasaran loro mau |
kang bisa madhangêna |
marang pramananing paningalirèku |
miwah ambênêrkên marang |
tumandukira kang budi ||

13.
Nununtun mring katêntrêman |
lawan marang ing kawaskithan sidik |
apa dene notogipun |
iya mring ing nirwana |
kang ingaran nirwana kaananipun |
cipta kalawan jiwanta |
kang wus tan kadunungan ring ||

14.
Pakartining tan akarma |
sasirnaning kabungahan sakalir |
myang sêrênging hawa napsu |
pangarêp-arêp pangangsa |
uwas-uwas grunêg karêntêg tan ayu |
lawan sirnaning panandhang |
dadya têmbung nirwana di ||

15.
Pan namung saèmpêr kaya |
kaananing katêntrêman basuki |
utawa ruwat puniku |
nirwana uga kêna |
ingaranan pati wus tanpa dosèku |
iya uga bab kaanan |
ingkang uwus nora kêni ||

16.
Ingucap kalawan lesan |
kang wus nora kêna dinugi-dugi |
kalawan pakartinipun |
ing pancadriyanira |
samonèku kajaba manungsa kang wus |
binuka lan panêmunya |
pribadi kalawan sukci ||

17.
Iku ingkang mêsthi bisa |
wruh dununge nirwana jatinèki |
katêntrêman langgêng tuhu |
kulup yèn tak banjurna |
sasorahe agama Buddha linuhung |
pitung ari datan tatas |
atusing surasanèki ||

18.
Bedane agama Buddha |
lan Kadewan utawa para nabi |
ana astha kang rumuhun |
anuduhake marang |
kalakuan kawaskithan myang linangkung |
nanging nora nganakêna |
Allah maujud kaèksi ||

19.
Kapindho nuduhkên ika |
ing langgênge kaanan kita iki |
nging tanpa nganakkên êruh |
utawa kang ran nyawa |
ingkang nora kêna ing pati puniku |
katri anuduhkên marang |
ing ananing sangsarèki ||

20.
Nanging tanpa nganakêna |
naraka wèl api sasaminèki |
dene ingkang kaping catur |
anuduhkên marang |
katêntrêman langgêng ing salaminipun |
nging tan nganakkên sawarga |
kalima nuduhkên maring ||

Jilid 4 - Kaca : 143

21.
Bisane sukci dumadya |
nanging tanpa nganakkên para nabi |
kang dadi juru rahayu |
sad anuduhkên marang |
ing bisane luwar saka sangsarèku |
ananging mêntase saka |
pakartinira pribadi ||

22.
Kasapta anuduh marang |
ing luware saka sarana iki |
tan linakon lawan laku |
atatapa sêmbahyang |
kurban salamêtan sasaji susuhun |
nir pangulu agama |
tanpa srana samukawis ||

23.
Barang kang dènanggêp sutya |
apadene datanpa idi saking |
kamurahaning Allahu |
astha wèh piduduhan |
marang kasampurnan kang minulya luhung |
kang uga kêna rinangsang |
ana ing uripirèki ||

24.
Dumunung ana ing jagad |
samêngkone iku prabedanèki |
Mas Cêbolang nêmbah matur |
saking pangintênkula |
ingkang nama agama Buddha tartamtu |
inggih agami lan dewa |
lêlajêre Hyang Pramèsthi ||

25.
Têrang dawêg ing samangkya |
amangsuli bab karma raosnèki |
sami lawan lohkilmakpul |
takdir lan pêpêsthènnya |
Brahmana ngling kulup ana bedanipun |
lohkilmakpul lawan Karma |
mangkene kaotirèki ||

26.
Sing sapa kang ngandêl marang |
ananing kang lohkilmakpul myang takdir |
papasthèn iku tartamtu |
awit kinarya saka |
kawasaning Allah kang sipat Ngalimun |
de adile kodrat ika |
kadadeyan kabèh iki ||

27.
Wus mêsthi kanggonan sêbab |
nora nana kang tanpa sêbab yêkti |
balik kawruh bab karmèku |
kabèh sarupaning kang |
kadadeyan kang sinêbut bêcik iku |
kayata bagusing raga |
luruse sarira ramping ||

28.
Enak kalawan kapenak |
apadene kasênêngan lan bukti |
wibawa sasaminipun |
tartamtu nora liya |
wus tartamtu iya saka sêbab mau |
panggawe ing kautaman |
ing mêngko timbangane ||

Jilid 4 - Kaca : 144

29.
Ala cacate kang raga |
kang sangsara cilaka wirang isin |
nora liya marganipun |
sabab saking pakarya |
nistha êdur nanging rong prakara mau |
lohkilmakpul lawan karma |
rasane uga mèh sami ||

30.
De karone sami darbya |
rumangsa yèn uripe manungsèki |
iki kaananing wujud |
apadene lakonnya |
ing kabêgjan kalawan cilakanipun |
iku sajatine saka |
panggawene wênangnèki ||

31.
Upamane ana jalma |
ingkang nora rumangsa andarbèni |
dosa atanapi luput |
nuli kinaniaya |
maring jalma de kang nganiaya mau |
lalakoning dalêm donya |
manggih kabêgjan basuki ||

32.
Yèn wong kang dènkaniaya |
ngandêl marang lohkilmakpul takdir |
utawa papasthèn mau |
tartamtu banjur darbya |
ing pamikir mangkene panlangsanipun |
aku iki tan rumangsa |
(n)duwèni dosa samênir ||

33.
Iya maring dhèwèkira |
ing wêkasan dènkènèkake iki |
kudu narima katèngsun |
kawula mung sadarma |
anglakoni atas-ing sadurungipun |
dumadi tulis wus ana |
ing lohkilmakpul tinakdir ||

34.
Pinasthi karsaning Allah |
nanging mungguh sapira gêdhenèki |
kacilakan sangsara sru |
iku wus mêsthi ana |
kabêgjan têmbe (m)buh tumibanipun |
kawula tan bisa wikan |
dumadi tekadirèki ||

35.
Wong ingkang kinaniaya |
(ng)gonne nrima kataman ing bilai |
patrap kang tan adil iku |
mung sumendhe takdirnya |
sarta ngarêp-arêp kabêgjan ing pungkur |
ingkang wus cinorèk ana |
ing lohkilmakpul tinakdir ||

36.
Kang wus tan kêna kinira |
têmbe bakal tumibane kang takdir |
iku ngandêl lohkilmakpul |
dene kang saupama |
jalma ingkang dikaniaya puniku |
ngandêl mring arane karma |
sarêng kataman bilai ||

37.
Wus tartamtu banjur darbya |
ing pamikir anêtêpkên maring |
adiling kodrat pinuntu |
mangkene pamikirnya |
mungguh kabèh-kabèh ing tumimbulipun |
kaanan iku tan liya |
saka panggawe pribadi ||

Jilid 4 - Kaca : 145

38.
Ya êmbuh enggal lawasnya |
nguni-uni wus mêsthi kita iki |
andhêdhêr sabab tan patut |
lagi ing wêktu mangkya |
tumimbule nandhang mangkene wakingsun |
mula ing kawruh bab karma |
pêrlu (m)buwang rong prakawis ||

39.
Ingkang dhingin kudu datan |
ngandêl lamun sajroning urip iki |
ana kang ingaran iku |
êroh utawa nyawa |
kapindhone kudu anyingkiri iku |
uwong kang nora pracaya |
mring adiling kodrat yêkti ||

40.
Tamat bedaning bab karma |
lamun lohkilmakpul papasthèn takdir |
iki kawruhana kulup |
ran laku kabêcikan |
iku sawiji-wijining tindakipun |
kang thukule saka nyata |
sakarêpaning tyas sukci ||

41.
Sarta ingkang mrih slamêta |
marang sarupaning kang padha urip |
lan nyunyuda sakèhipun |
kang manjing kasusahan |
lawan kasangsaraning kang liyanipun |
wêkasan mung nêdya karya |
bungah sênênging sasami ||

42.
Kang ran kalakuan ala |
iku apan sawiji-wijinèki |
kabèh tindak kang tan arus |
kang kalakone karya |
karusakan saksêrik sangsaranipun |
maring ing sapadha-padha |
manèh kawruhana kaki ||

43.
Samubarang kang dumadya |
iku kabèh wus mêsthi anêmahi |
(ng)gawa mring karusakanipun |
pribadi dhawak-dhawak |
mula aywa êsah ing sajroning idhup |
(ng)gonnira marsudi marang |
katêntrêman kang sajati ||

44.
Matur malih Mas Cêbolang |
ing Kabudan paran kang sami ngèlmi |
kulup têgêse pangawruh |
iku upama iwak |
dene laku iku upamane bumbu |
yèn ta munggah upamanya |
kudu ganêp rong prakawis ||

45.
Dadi enak rasanira |
prabeda yèn salah siji tan mawi |
kayata yèn iwak muhung |
aluwung yèn pinangan |
isih ana rasane enak sadumuk |
balik mung bumbu kewala |
pinangan rasa punapi ||

Jilid 4 - Kaca : 146

46.
Mangkono papadhanira |
sucining tyas bêcike sêdyanèki |
iku ingkang aran laku |
pituduhe kang marang |
dadalaning kaslamêtan iku ngèlmu |
karone kudu tumindak |
bokmanawa bisa dadi ||

47.
Kulup kabèh kang dakandhar |
kang cêkake durung bisa ngaranni |
mring pêsthine kahnanipun |
lalakoning palastra |
mula aja kadara-dara ing kalbu |
mamikir prakara iku |
balik ta padha-a mikir ||

48.
Marang kabêcikan ingkang |
lalakone ing têmbe bakal bangkit |
tinêmu ana ing kubur |
utawa yèn pinanggya |
anèng kubur iku ta sapa kang wêruh |
mung laire kanyataan |
ana ing dalêm donyèki ||

49.
Jalma ingkang padha karsa |
anglakoni panggawe ngumum bêcik |
iku sayêkti sinêbut |
jalma-di martotama |
Mas Cêbolang manêmbah lon aturipun |
mugi angsala sapangat |
ulun sagêd ngirib-irib ||

50.
Mring kang winastan prayoga |
anyingkiri dhumatêng kang tan yukti |
Brahmana Siddhi lingipun |
kulup nastapaningwang |
pujastuti ayu-ayu marang kulup |
kala kala suminggaha |
yuwana sakalir-kalir ||

51.
Sira duk nèng Ngèksiganda |
apa wanuh lan gunawaning nagri |
Sujanapura rannipun |
Cêbolang matur nêmbah |
inggih têpang kêrêp tinimbalan ulun |
kinèn maos Rama Kawya |
lajêng winursitan Jawi ||

52.
wontên kang dadya tyasingwang |
satriya-di ing Ngalêngka kakalih |
Sang Wibisana linuhung |
oncat saking ing praja |
Kumbakarna ngrungkêbi ing prajanipun |
Wibisana duk prang lawan |
Mitragna ngujar-ujari ||

53.
Kumbakarna prang kalawan |
Sri Sugriwa samya imbalan angling |
ratuning wre nguwus-uwus |
lah ka kawêdharêna |
jarwa sêkar macapat bae pikantuk |
ingsun arsa amiyarsa |
laguning têmbang Mantawis ||


   kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (14) Kaca 124 -130
  • (16) Kaca 147 – 149 >