Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434668
Hari ini     :Hari ini :68
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :134
Bulan ini   :Bulan ini :3297
s/d hari ini   :s/d hari ini :434668
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 7

Kontak Admin.

email-kidemang

 (14) Kaca 124 -130

 

( Ki Darmayu nêrangakên wontênipun tumbal )
6. Dumugi dhusun Karang kapanggih Ki Darmayu ingkang ngrêksa tumbalipun tanah Jawi, Ki Darmayu nêrangakên wontênipun tumbal jalaran nalika tanah Jawi kaisi tiyang saking Rum, sami pêjah dados kurbanipun iblis, setan lan gandarwa. Wêkasan wontên sasmita, kêdah dipun tumbali. Lajêng kadhatêngakên tiyang-tiyang enggal dêdunung ing rêdi Kêndhêng, sami wilujêng bêbadra lan ngrêmbaka.
Tumbal wau wontên ing astana Gênthong, ingkang kalangse montên pêthak. Tumbal ing salêbêting gênthong wujud balung sajêmpol, panjangipun sakilan
Kaca 124 - 130

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 4 - Kaca : 124

284 Mêgatruh

4.
Mas Cêbolang miwah santrinira catur |
suka sênênging pangèksi |
saksana sami tumurun |
maring satêpining tasik |
sru karênan mulat ing jong ||

5.
Alit agung kêthap-kêthap anèng laut |
kadya gathuk lawan langit |
ingkang kinijap ing alun |
adangu datan kaèksi |
dupi katon cumalorot ||

6.
Wah kang labuh jangkar munggèng têpi laut |
pindha panti rinêngga sri |
sapantha-pantha tan jumbuh |
mawèh asrining jaladri |
lir sêkar sêtaman abyor ||

7.
Têpi laut tinanggul pasir amunggul |
kalih dêdêg winatawis |
lêmpêng tan mêndhak mêndhukul |
saking kodrating Hyang Widdhi |
tuhu elok karya gawok ||

8.
Lampahipun praptèng dhukuh Karang iku |
kabêkta namining wukir |
mangkana lampahnya laju |
Cêbolang sasantrinèki |
tumamèng dhadhah kapanggoh ||

9.
Kapala ing Karang nama Ki Darmayu |
panambramanira aris |
ki santri kang nêmbe pangguh |
pun bapa anlilakrami |
sangkan parane sang anom ||

10.
Lawan sintên sinambat sadayanipun |
kang sinung ngling anoragi |
kula sarencang sadarum |
santri saking ing Mantawis |
yun mring Pranaraga ngaos ||

11.
Kula nama Cêbolang de rencangulun |
Nurwitri Saloka tuwin |
Pala-Kartipala catur |
sadayanya dèrèng uning |
samargi-margi tatakon ||

12.
Kapalantrang dumugi têpining laut |
ki kapala (ng)guguk angling |
e (ng)gih lêrês anak bagus |
radi pangidulên kêdhik |
kintên tri ari kalojok ||

13.
Pancèn saking Wanagiri ngetan têrus |
dumugi ing Pranaragi |
têka mring talatahipun |
ing Pacitan tur pasisir |
sangêt nyêngklènging lalakon ||

14.
Yèn panuju ing karsa sadayanipun |
prayogi aso rumiyin |
rèrèh wontên sudhungulun |
niring rapuh têmbe gampil |
anglajêngakên lalakon ||

Jilid 4 - Kaca : 125

15.
Mas Cêbolang sukèng tyas anut sakayun |
nulya binêkta mring panti |
nèng pandhapa munggèng salu |
Darmayu malbèng wismèki |
paparentah mring kang wadon ||

16.
Asasêgah mring tamu kang nêmbe pangguh |
mêdal maring jawi malih |
amanggihi tamunipun |
sugata lumadyèng ngarsi |
êtapsirih upêt rokok ||

17.
Lêgèn klapa arèn siwalan ganda rum |
radi kasèp sawatawis |
kêraos sêmada kêcut |
sêgêr tumrap maring dhiri |
nyamikan kaspe ginodhog ||

18.
Wawi anak punika sasêgahulun |
sawontêne tyang pasisir |
tan misra mamuhung amung |
minangka jampi kalantih |
kang sinung ngling samya gupoh ||

19.
Angrahabi sadaya sasêgahipun |
kraos nikmat munpangati |
Mas Cêbolang tatanya rum |
mênggah sinambating wangi |
pilênggah namaning dhukoh ||

20.
Awon-awon kula palang Ki Darmayu |
ing dhukuh Karang puniki |
dene kawajibanulun |
ngrêksa tumbal tanah Jawi |
amardika botên paos ||

21.
Nèng nginggiling ardi Karang dunungipun |
bilih anak ayun uning |
kapasangyogi saèstu |
awit dintên benjing-benjing |
wontên bramana gung rawoh ||

22.
Saking Hindhu ambangun kalambunipun |
Cêbolang angling prayogi |
paran caritaning dangu |
têka mawa dèntumbali |
ing tanah Jawi anapon ||

23.
Inggih anak makatên caritanipun |
duk kalane tanah Jawi |
dèrèng wontên tiyangipun |
isi brêkasakan dhêmit |
setan eblis myang gandarwo ||

24.
Kangjêng Sultan Galbah ing nagari Ngêrum |
tampi sasmitaning Widdhi |
dyan dhawuh mring patihipun |
kinèn niti mariksani |
dhatêng sakathahing pulo ||

25.
Ingkang dèrèng isi manungsa puniku |
dyan patih andangu maring |
para nangkoda kang sampun |
sami lêpas purugnèki |
nangkoda nêmbah turnya lon ||

Jilid 4 - Kaca : 126

26.
wontên pulo kaprênah sakidulipun |
Hindhustan panjang nglangkungi |
watawis lampahanipun |
lalayaran siyang ratri |
caturdasa ri wangsul (ng)gon ||

27.
Wukiripun ingkang agêng-agêng langkung |
saking kalihdasa wukir |
alit-alit kèh kalangkung |
sêpên dèrèng isi jalmi |
kya patih munjuk sang katong ||

28.
Wusnya kunjuk ature juragan wau |
sang prabu dhawuh mring patih |
kinèn sasaosan gupuh |
kalih lêksa somah jalmi |
ingkang mawarni pirantos ||

29.
Wus samêkta lajêng mangkat kamot prau |
dumugi ing tanah Jawi |
wukir Kandha (n)jujugipun |
inggih wukir Kêndhêng mangkin |
wulan Rum nêm San kacriyos ||

30.
Taunning Rum amarêngi kawanatus |
tigangdasa-sapta tuwin |
ingetang taun Andanu |
wiwit kala kangjêng Nabi |
tinurunakên Hyang Manon ||

31.
Maring ngalamdonya ing dumuginipun |
tanah Jawi kisèn jalmi |
taun surya gangsal èwu |
satus sèkêt-gangsal warsi |
ing taun Candra kacriyos ||

32.
Gangsal èwu tigangatus-nêm warsèku |
wêcaning jangka winarni |
awit nungsa Jawi sinung |
jalmi saking ing Rum nagri |
têkèng ri kiyamat kubra ||

33.
Mung mênangi kalih èwu satus langkung |
sadasa ing taun Rawi |
utawi dwi èwu langkung |
satus pitungdasa katri |
ing taun wulan mancorong ||

34.
Kacariyos tiyang saking ing Rum wau |
lajêng sami ambabadi |
wontên ing saurutipun |
ardi Kêndhêng wus barêsih |
tan cinatur dènnya manggon ||

35.
Dupi antuk kawan taun laminipun |
sami tumpês pinrak ing gring |
kaarat eblis lalêmbut |
nir daya sakèhing jalmi |
tuwin minangsa ing sato ||

Jilid 4 - Kaca : 127

36.
Kantun kalihdasa semah kang rahayu |
malajêng anumpal-kèli |
mantuk dhatêng ing nagri Rum |
sapraptanira ing nagri |
kauningan ing sang katong ||

37.
Sultan Galbah tandya animbali gupuh |
raja pandhita sinêkti |
Ngusmanaji ajujuluk |
kanthi para pandhita di |
kang wus sudibya kinaot ||

38.
Kinèn sami numbali mrih sirnanipun |
singite kang tanah Jawi |
myang nitik badhe (ng)gyannipun |
tatumbal kang mrih basuki |
numpak baita wus bodhol ||

39.
Pra pandhita lampahe datan cinatur |
pamariksanya wus titi |
katur sri nata ing Ngêrum |
antawise kalih warsi |
(n)jêng sultan utusan gupoh ||

40.
Maring tanah Jawi pasang tumbal wau |
pinaju pat têngah siti |
kilèn êlèr wetan kidul |
têngah lêrês kang satunggil |
duk wit masang cinariyès ||

41.
Ing wulan Rum Akyar angkaning kang taun |
kawanatus langkungnèki |
inggih kawandasa-catur |
sowangan pamasangnèki |
dhumatêng ing gangsal ênggon ||

42.
Jroning slikur ari paripurnanipun |
bumi orêg gonjang-ganjing |
pucuking arga lir pêcut |
tlaga sêndhang kali-kali |
lir kinêbur kawah (n)jêblos ||

43.
Swara umung gumalêdhêg pindha gludhug |
kèlês bêrkasakan gusis |
eblis drubiksa sumêmprung |
ngungsi têngahing wana dri |
myang mring pulo kang doh-adoh ||

44.
Antawising tri taun (n)jêng sultan ing Rum |
utusan amundhut jalmi |
pasomahan sadayèki |
dalah rajakayanèki |
pêpêg sakèhing pirantos ||

45.
Maring tanah Hindhusêtan ing Trêngganu |
Siyêm Kandhi Patani Kling |
Kasmir ing sasaminipun |
mikantuk tyang kathahnèki |
kalihdasa èwu jodho ||

46.
Sadaya wus kawrat ing baita laju |
binêkta mring pulo Jawi |
pinarnah pinantha nyèwu |
waradin satanah Jawi |
gya samya babat wana grong ||

Jilid 4 - Kaca : 128

47.
Tinanêman pantun wujut jawawut |
miwah sanès-sanèsnèki |
wiji-wiji bêktanipun |
wus têntrêm sakèhing jalmi |
tan ana winalangatos ||

48.
Pulo Jawi etange dwi kisèn manus |
têmbe dumugining ari |
kyamat kobra umuripun |
jagat etang taun Rawi |
kantun dwi èwu satus pot ||

49.
Taun Candra dwèwu satus swidak têlu |
punika criyos naluri |
saking pun bapa rumuhun |
mung sêmantên èngêtmami |
Mas Cêbolang lingira lon ||

50.
Nêmbe mangke ulun amiyarsa tutur |
sakawite tanah Jawi |
ingisènan sultan Ngêrum |
tumbal kang damêl basuki |
sru sangêt ulun ayun wroh ||

51.
Wêdharing kang cariyos èstu linangkung |
gung-gunge panuwun mami |
mêwahi indhaking kawruh |
uning criyos nguni-uni |
wit pulo Jawi isi wong ||

52.
Nyai wisma mêdal sung wruh lakinipun |
dènnya sadhya sêgah bukti |
wus rumat sadayanipun |
(m)bokne wêtokêna aglis |
dhahare wong bagus anom ||

285 Sinom

1.
Nyi wisma ngatag mring rencang |
sêgah wus binêkta mijil |
rampatan piring lancaran |
sêkul liwêt tigan pasir |
sakêndhile mangarsi |
krupuk têrung gêrèh sayur |
ulam loh warna-warna |
ginorèng lisah kalêntik |
sambêlgorèng urip-urip pas-êpasan ||

2.
Tinata tharik nèng ngarsa |
kinêdhuk liwêtirèki |
winadhahan panjang dhadhap |
ki wisma angancarani |
suwawi sami wanting |
manadhah sawontênipun |
rayoman mindhak eca |
kang sinung ngling samya wanting |
nulya nadhah pakantuk sadayanira ||

Jilid 4 - Kaca : 129

3.
Wus dumugi cinarikan |
pamangsêg lumadyèng ngarsi |
pisang êmas raja-jawa |
pulut cêklèk kêsêt wangi |
jêram gulung lit lêgi |
kêpêl jambu klampok arum |
swawi ta rinahaban |
minangka pambucal amis |
para tamu wus angambil sasukanya ||

4.
Nutug manadhah mangsêgan |
kyai wisma angling malih |
swawi ngasokkên sarira |
sampun pakèwêd ing galih |
ki wisma malbèng panti |
Cêbolang sarencangipun |
sakeca dènnya nendra |
enjing satangine guling |
wusing nadhah sarapan dyan minggah ngarga ||

5.
Karang angungkang samodra |
sapraptanira ing nginggil |
tumamèng panggenannira |
tatumbale tanah Jawi |
astana Gênthong nami |
wontên wisma pindha cungkup |
bêbalungan dêling dênta |
duk-kakapan payonnèki |
kawistara lir mêntas (m)babar kewala ||

6.
Linangse ing sinjang pêthak |
jroning langse tan kaèksi |
Mas Cêbolang lon tatanya |
sintên ingkang angyasani |
panti sawêg nigasi |
tuwin ingkang nglangse pingul |
nglêbêt isi punapa |
punapi kenging ningali |
Darmayu ngling inggih wus kina-kumina ||

7.
Bapa kaki tan uninga |
inggih kang ngyasani panti |
kintên sarêng klawan tumbal |
ngantos sapriki tan rêmpil |
kilap ta darunaning |
anakmas bilih ayun wruh |
wujude kanang tumbal |
langse gya binuka kèksi |
gênthong alit pratisthèng clowokan sela ||

8.
Tutuping gênthong binuka |
isi walêng agêngnèki |
sajêmpol panjang sakilan |
gantya-gantya aningali |
gênthong tunutup malih |
wus mêdal sadayanipun |
Darmayu mèsêm tanya |
kala sami nguningani |
balung tumbal lah sapintên agêngira ||

9.
Cêbolang panjang sakilan |
sajêmpol suku gêngnèki |
Nurwitri panjang satêbah |
gilig mêmêt kadi gandhik |
Saloka kadi bênthik |
Palakarti kadi puthu |
Kartipala lir singat |
tyang gangsal tan ana sami |
suka ngungun ing paningal beda-beda ||

Jilid 4 - Kaca : 130

10.
Angling malih Kyai Darma |
wus makatên adatnèki |
tan ana jumbuh paningal |
nêngêna kang wawan angling |
awak baita prapti |
matrus ing sasaminipun |
minggah mring arga Karang |
babêktane warni-warni |
pasang omah rinakit lir pasanggrahan ||

11.
Antara dangu kawuryan |
kang arsa minggah ing ardi |
Brahmana Siddhi nèng ngarsa |
ingiring pra sabatnèki |
praptèng anggraning wukir |
marêpêki maring cungkup |
kalambu thinèthèlan |
sinantunan kêsting putih |
paripurna nulya pinarak ing kemah ||

12.
Kang ngadhêp para sakabat |
ngawe Ki Darmayu aglis |
mangarsa angraup pada |
atur sêmbah pangabêkti |
sang Brahmana lingnya ris |
Darmayu sapa rowangmu |
katêmbèn ingsun mulat |
gawanên mring ngarsamami |
nêmbah mundur wangsul ngirit tamunira ||

13.
Cêbolang angaras pada |
lawan rencang catur santri |
sang Brahmana manêmbrama |
Cêbolang padha basuki |
lawan sira Nurwitri |
Saloka Kartipalèku |
Palakarti samoha |
apa ya padha basuki |
kang sinung ngling saur paksi tur raharja ||

14.
Pra sami ngungun sadaya |
sang Brahmana langkung kêsdik |
hèh Cêbolang paran karsa |
sira têmah tinggal panti |
tan tolèh yayah bibi |
ramanira wus linuhung |
kae Sèh Anggungrimang |
Akadiyat duk ing nguni |
amumpuni ing ngèlmu nora kuciwa ||

15.
Wus satêngah aoliya |
karamatira kaèksi |
saiba rudahing nala |
rèh atmaja mung sawiji |
marmaning Hyang Luwih |
sêngkêling tyas têka sinung |
rêrêming kang wardaya |
wuwuh santosaning pikir |
nora was-was santosane ing pamawas ||

16.
Cêbolang dupi miyarsa |
tumungkul konjêm ing siti |
waspanya drês marawayan |
èngêt kalêpatanèki |
ginagas angranuhi |
pinuntu rèh wus kabanjur |
tumênga matur nêmbah |
dhuh risang satuhu sidik |
botên sagêd umatur sumanggèng karsa ||


   kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (13) Kaca 121 – 123
  • (15) Kaca 131 – 146 >