Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434668
Hari ini     :Hari ini :68
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :134
Bulan ini   :Bulan ini :3297
s/d hari ini   :s/d hari ini :434668
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 7

Kontak Admin.

email-kidemang

 (21) Kaca 173 – 181

 

( Kawontênakên têrbangan lêlagon Jawi kanthi bêksan )
9. Ing griyanipun Nursubadya kawontênakên têrbangan lêlagon Jawi kanthi bêksan dening Mas Cêbolang sasantrinipun. Jalêr èstri ingkang ningali sami gandrung kayungyun kapengin sihipun Mas Cêbolang. Lajêng kasambêt janggrungan ngantos byar enjang, mawi tombok arta. Angsal kathah, kapasrahakên Nyai Nursubadya
Kaca 173 - 181

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 4 - Kaca : 173

294 Salisir

1.
lajêng kang arak-arakan |
praptèng panti sowang-sowang |
para tamu sinêdhahan |
manadhah myang binêrkatan ||

2.
Reyog lawan sarencangnya |
wus sinungan pasunggata |
tanapi opahan arta |
bubar mantuk suka-suka ||

3.
Para tamu wus bubaran |
Nursubadya Mas Cêbolang |
praptèng marga gya pamitan |
mapan ulun ayun wikan ||

4.
Kang sami nandhang kabranan |
wusanane kadiparan |
sarencangnya wus linilan |
ing lampah sewang-sewangan ||

5.
Wus dumugi ing (ng)gènnira |
kang samya nandhang sangsara |
pating glêrêng ngaruara |
Cêbolang sru wêlasira ||

6.
Cinatur kang samya tatu |
sadaya waluya tuhu |
gumrubyuk nyungkêmi suku |
gumrumung tur sêtyèng kalbu ||

7.
Cêbolang mèsêm lingira |
manira iku mung dêrma |
ora bisa apa-apa |
iku kuwasaning Sukma ||

Jilid 4 - Kaca : 173

8.
Lah ta wis padha muliya |
Kramaleya lon aturnya |
punika tiyang sadaya |
rencange Ki Nursubadya ||

9.
Sami Sêlaung kang wisma |
sampun sawatawis lama |
ngêlambrang ngupados têdha |
kalawan sukaning nala ||

10.
Paran kang dadi karêpmu |
apa mulih apa laju |
nutugkên sukaning kalbu |
nganti lali anak putu ||

11.
Yèn sira mulih ing panti |
barênga kalawan mami |
sun mondhok wismane Kyai |
sadaya dupi miyarsi ||

12.
Sukane kapati-pati |
ulun mantuk marang panti |
(n)dhèrèk sampeyan sayêkti |
sampun kangên anak rabi ||

13.
Ing batin agêng melike |
mring Nurwitri sadayane |
Cêbolang mring pondhokane |
[.
.
.
] ||

14.
Singanêbah Kramaleya |
kalawan sakancanira |
sapraptanira ing wisma |
anak rayat sukarêna ||

15.
Lapur marang Ki Subadya |
waluyaning nandhang brana |
Cêbolang kang sung usada |
wus katur sasolahira ||

16.
Ya sukur Alkamdulillah |
yaiku tulunging Allah |
sakadarmu kudu gêpah |
misungsung ingkang krana-Lah ||

17.
Wus mundur praptaning wisma |
parentah mring rabinira |
atur sunggata kang pakra |
ing tamu bagus janthara ||

18.
Namung sumanggakna Nyai |
tanggap rikang anak rabi |
sawusing sami miranti |
sêlur sinasrahkên Nyai ||

19.
Subadya dupi umèksi |
sêkul ulam amênuhi |
panganan mawarni-warni |
ngundhung-undhung pindha ardi ||

20.
Nulya mring pondhokanira |
Mas Cêbolang dènbêjani |
kang samya waluya jati |
punika atur ngabêkti ||

21.
Tangga têpalihnya mèri |
ngantos ngêbaki pandhapi |
prayogine mangke ratri |
trêbangan kados prayogi ||

22.
Cêbolang anayogyani |
mênggah parêngipun Kyai |
punapi Maulut nabi |
punapi lalagon Jawi ||

23.
(ng)Gih anggèr manut wêdale |
prayogi lagon Jawine |
dimène suka manahe |
tyang brangwetan dèrèng nate ||

Jilid 4 - Kaca : 174

24.
Uning gêndhing-gêndhing praja |
amborongakên pun bapa |
Cêbolang matur sandika |
minta busana wanita ||

25.
Nyai wisma wus nyukani |
sampêt paraboting èstri |
mancapat lima miyarsi |
gupuh-gupuh yun ningali ||

26.
Nahên suruping Hyang Rawi |
bakdaning wêktu Ngisa-i |
Cêbolang lawan Nurwitri |
wus samya busana èstri ||

27.
Cêbolang (m)branyak rêspati |
Nurwitri ruruh alindri |
sapraptanira pandhapi |
malbèng wisma marêk Nyai ||

28.
Minta gantèn lan wêwangi |
gya mêdal maring pandhapi |
orêg kang samya umèksi |
jalu èstri sukèng kapti ||

29.
tarêbang kalih miranti |
wêwah kêndhang kang (m)bakoni |
Ki Saloka Palakarti |
Kartipala kang nêrbangi ||

30.
Ki wisma asung sasmita |
kinèn awit tandya bawa |
rikang gêndhing Êla-êla |
jêjêran kakalih bêksa ||

31.
Ngadêg madyaning pandhapa |
kadya tugu sinukarta |
(n)jèngklèk miwir uncal wastra |
tumênga mêrêm netranya ||

32.
Driji kêjêr sinasotya |
kanan dhêngklang mênthang sweda |
gêtêr mawil-wilan samya |
ngalênggak nênggak mamatya ||

33.
Tan mingsêt saking panggonan |
lamun dèrèng ingêgongan |
gêndhing aniba sêsêgan |
ronggèng lêkas baberagan ||

34.
Larap nilap pindha kupu |
kirig tarincing kang suku |
lir tan ngambah bantalèku |
sêngklèh nampèl-nampèl pupu ||

35.
Parigêl ukêl cênthungan |
alalathèn lon-êlonan |
lambung obah ngula-lanang |
pacakgulu lat-ulatan ||

36.
Kang miyat jalu wanita |
suka rame nahan branta |
kèh solahe myang prabawa |
samya ajrih sinatmata ||

37.
Ronggèng kalih dènnya bêksa |
nyarimpi nutug solahnya |
gêndhing ngandhêlong anulya |
suwuk aso sawatara ||

38.
Nginum wedang myang nyamikan |
paladèn arêrêbutan |
amrih bisa asenggolan |
lawan ronggèng sakaliyan ||

39.
Wusing têntrêm kalihira |
wangsul têngahing pandhapa |
bawa sêkar Madurêtna |
ran-uran Narpati Darma ||

Jilid 4 - Kaca : 175

40.
-putra myang sang Dananjaya |
matur mring raka narendra |
Arimurti saha waspa |
ing madya wusananira ||

41.
Katur sadaya mring sang rèh |
Madurêtna nulya sèlèh |
dhawah Kuwung-kuwung nolèh |
trêbang gêng lir gong pakolèh ||

42.
Manêmbang sapada sowang |
swara arum angumandhang |
ririh nyênyês awèh rimang |
wus ngadêg lambung ongklèkan ||

43.
Molahkên sampur kalihnya |
gêndhing wus minggah anulya |
malêtêr kêkalih pindha |
Dyah Supraba Wilutama ||

44.
Kalanira langêntaya |
pinariksèng pra jawata |
mangkana sasindhènnira |
kinanthi mawa sarana ||

295 Kinanthi

1.
Wau kang murwèng (n)don luhung |
atilar wasita jati |
hèh manungsa sèsa-sèsa |
mungguh ing jamaning pati |
ing rèh pêpuntoning tekad |
santa santosaning kapti ||

2.
Nora saking anon ngrungu |
riringa rêngat siningit |
labêt asalin salaga |
salagune dènugêmi |
yèka pangagêming raga |
suminggah ing sanggarunggi ||

3.
Marmane sarak siningkur |
karana angrurubêti |
manggung karya was-sumêlang |
êmbuh-êmbuh dènandhêmi |
iku panggonaning donya |
têkèng pati nguciwani ||

4.
Sajati-jatining ngèlmu |
lungguhe cipta pribadi |
pusthinên pangèsthinira |
dinêlêng dadya sawiji |
wijanging ngèlmu jatmika |
nèng kaanan ênêng êning ||

5.
Nahên kang sami angrungu |
mawarna kang dadi ati |
ana (ng)gilut surasanya |
ana lalagoning singir |
ana kenyut ing suwara |
wênèh kapencuting warni ||

6.
Saya ngangsêg sruning kayun |
èstri kang sampun udani |
punika jatining priya |
nglocitèng tyas adhuh mati |
kapan baya sinambrama |
nèng sajroning tilamsari ||

Jilid 4 - Kaca : 176

7.
Sru bêbêg têmah kawêtu |
sêsambatira ngrêrintih |
sêrêt luh drês marawayan |
sandhinga kang dèrèng uning |
mangungsêt minta pawarta |
paran darunaning kingkin ||

8.
Bokbilih jumbuhing kayun |
(m)bakayu kula belani |
binisikan kalih pisan |
puniku jalêr nom pêkik |
loma rarasing asmara |
kula miyarsa pribadi ||

9.
wontên èstri mindha bakul |
pipitu cacahing janmi |
saking tanah ing Pacitan |
mariki namung saratri |
nlungsur Nurwitri Cêbolang |
inggih kang (n)jèngklèk wèh kingkin ||

10.
Rêpêt-rêpêt dènnya mantuk |
kula ngodhol wontên wingking |
sayuk guyub rêraosan |
(ng)gonne sami (n)don karêsmin |
sajêge winêngku priya |
dèrèng nate anrênjuhi ||

11.
Raos kang kados puniku |
Mas Cêbolang narambahi |
srêg nyamlêng tan na kang rênggang |
gêmlêgêg têka marêgi |
tur dèrèng mêdhar asmara |
sak êmbuh raos trus ngati ||

12.
Kawit ing jêmpolan suku |
naratas pucuking rukmi |
mlêndêng nikmat tan amindha |
kinintên sampun kapilis |
lajêng sinantunan gêlar |
basane botên (m)bosêni ||

13.
Bèntên Nurwitri puniku |
malilit wilêt ngrakêti |
sakêdhap-kêdhap karasa |
ginramang saking sakêdhik |
praptaning lênglêng ulêngan |
têka angênyut pribadi ||

14.
Turene (n)dadak jumrunuh |
wêdharing rahsa nyarêngi |
kèndêl ngomèl gêgêblogan |
kabêlêt nguyuh kang katri |
kang sêkawan kakêrogan |
(ng)gêgêt ngêsês ngolèt mringis ||

15.
Sambat hut bathok anu-ku |
witne iki jêngil-jêngil |
kêmbroh sinjange kang kojah |
kang sinung ngling amarinding |
kringêt ing bathuk tès-tèsan |
gondhang salit lingira ris ||

16.
Allah (m)bakyu sampun-sampun |
mindhak angrêranta ati |
lah ta napa niki napa |
adhuh mati paran iki |
tuntas angunjal uswasa |
rumangkuling kang pawarti ||

17.
Hara prèhpun niki (m)bakyu |
ngacêmoh lir (ng)garapsari |
ngrikine makatên uga |
botên sagêd nanggulangi |
tuman yèn tan linaksanan |
(ng)gih (m)bakyu langkung prayogi ||

Jilid 4 - Kaca : 177

18.
Kula (n)dhèrèk sabiyantu |
pêjah gêsang tiyang kalih |
ah adhi sanès pabênan |
(n)dika wong winêngku laki |
badhe minihi prakara |
mendah awak dèkèng niki ||

19.
Lanjar sêkar basanipun |
sapisan thil tan dumugi |
laki (n)dawêg nandhang roga |
kalajêng prapta ing jangji |
dados sangêt ngangah-angah |
ngontog-ontog andon rêsmi ||

20.
Lo (m)bakyu têka agathuk |
nadyan semahan wakmami |
sa Allah sawêg sêpisan |
tunggil tilêm lawan laki |
sawêg nginguk wus thur-thuran |
lajêng nglimprêk kadi cindhil ||

21.
Ing samêngko lakiulun |
pinalalah dadya jathil |
sanjang têng kula supata |
êbèng yèn sira kêpengin |
sabênêr-bênêre sahwat |
saksayahmu janji rêmit ||

22.
Sapuluh-puluh awakku |
nora bisa nêmbadani |
rak êmpun angsal wêwêngan |
manah datan mutawatir |
lah (m)bok sanadyan konangan |
têmtu botên dados runtik ||

23.
Kintên kula dhèwèkipun |
inggih kêpencut lir mami |
awit kulinèng gêmblakan |
e lah yèn makatên ugi |
wawi sami ingantosan |
dhumatêng pondhokanèki ||

24.
Kang samya non nêsêl maju |
wus anglês tiyang kakalih |
tan ana kang munasika |
susuci anulya maring |
pondhokane Mas Cêbolang |
de èstri sanèsirèki ||

25.
Ing panggagas akèh jumbuh |
myang jalêr kang niningali |
warastra kathah (m)bêngkayang |
kayungyun ananirèki |
tan prêduli èstri priya |
waton kalakon sarêsmi ||

26.
Sigêg kang samya (n)dêdulu |
nahên ta kalih kang ngibing |
nutug rarasing gambyongan |
sêsêg ngandhêlong kang gêndhing |
gya suwuk ingawe marang |
Ki Subadya lingira ris ||

27.
Ênggèr sêkaliyanipun |
prayogi aso rumiyin |
ngaring-aringakên napas |
êmbok jêngandika cawis |
wedang myang dharan sêgêran |
bokbilih èstu nyarêngi ||

28.
Miwah dèrèng kraos rapuh |
pun bapa badhe udani |
pambondhan lalagon praja |
saiba sukanirèki |
jalu èstri kang umiyat |
bêtèke nêmbe udani ||

Jilid 4 - Kaca : 178

29.
Cêbolang mèsêm lingnya rum |
punika langkung prayogi |
malah manawi kalilan |
bibar bondhan lajêng kawit |
gambyong mawi linêbêtan |
tombok ing sasukanèki ||

30.
Winatêsan bibaripun |
inggih wanci pajar gidib |
manawi taksih kuciwa |
benjing-enjing sontên malih |
ki wisma kapadhan karsa |
wus byawara marang dasih ||

31.
Ronggèng kakalih gya wangsul |
marang madyaning pandhapi |
tumindak singa kalêswan |
katon sarêntêg Nurwitri |
Mas Cêbolang dlêgang-dlêgang |
sarira gilig rêspati ||

32.
Buka Ginunjing anggambyung |
wusing gong gêndhèng Gumilir |
raras nême tan nalimpang |
swara milêt mulêt ati |
lir pênjalin ingongotan |
mêthit-mêthit arum-manis ||

33.
Medane kêkalihipun |
nèng kalangan angirupi |
marang sadhengah kang miyat |
gandrung-gandrung nginglung kingkin |
tapis laguning ngantaya |
sêsêgan tambak Ginonjing ||

34.
Kaliye anyandhak payung |
tinumpang musêr madyaning |
tangan têngên (ng)glintir gagang |
munyêt ubênge rêspati |
kakêncète kakicatan |
sarwi sinjangnya winingkis ||

35.
Kumêlap kentol kadulu |
kêlap-kêlap pindha thathit |
hoyêg payudaranira |
(m)balang tingal ngincang alis |
kang kasangkut liring berag |
suka (m)badhêdhêg (m)badhidhig ||

36.
Para wadon kang wus wêruh |
susupe kinarya bandhil |
jor-jinoran asrah sêngkang |
(m)blèjèdi praboting siwi |
slepe pênding kalung gêlang |
larene têka gumlinting ||

37.
Kang sawênèh kari pinjung |
kêmbên salendhang kulambi |
pinasrahan mring kang nandhak |
warok gêgêg atanapi |
warok jlamprang myang wong lanang |
ngulungkên katimang kêris ||

38.
Wênèh ucul ikêt sabuk |
sinjang sêtagen kulambi |
kari sruwal sathim dhêngal |
dèn-mêg masjêng kantun niki |
kula aturakên pisan |
latah-latah (m)bêkik-(m)bêkik ||

39.
Kang ngabundhan ngikal payung |
munyêt pinalangkan wêntis |
sasidhènne têka ngalap |
manahe jalu lan èstri |
ngalètèr mubêng kalangan |
ngêdhuyuk nyêk-nyêk sisiring ||

Jilid 4 - Kaca : 179

40.
Mênthang payung mêgar mingkup |
muntup-muntup ngujiwati |
mintonkên madya saridhang |
gumêbyar pindha Hyang Sasi |
misih kinêcapan ima |
wangsuling sumêkan misih ||

41.
Sumunar sorot sumunu |
singa kang katiban liring |
kukuk ngakak giyak-giyak |
sabên ayun gong miranti |
kumaruyuk gora sabda |
jêng mas-jêng kene rumiyin ||

42.
Dènnira gondrong wus dangu |
kaliye tambuh pinilih |
jumbuh ing bawa tênaga |
kang sawiji kaduk manis |
sawiji gandês mraking tyas |
ngandhêlong suwuk Ginonjing ||

43.
Saananya para asung |
sinumanggakakên Nyai |
aso ngaring-aring napas |
Subadya lingira aris |
basane mêngko janggrungan |
kêna sadhengah nglêboni ||

44.
Tomboke sasukanipun |
nanging poma aja nganti |
pasulayan kakêrêngan |
lah iki bongkokan mami |
nèng bumbung padha (n)duduta |
kang dawa dhèwè rumiyin ||

45.
Tumurut nut panjangipun |
kang cêndhak pribadi kari |
yèn bêngi ki tan kacêkap |
sesuk sore wiwit malih |
tumandang kang sinung sabda |
kang kantuk panjang pribadi ||

46.
Ngakak mas-jêng nyuwun dhêngklung |
jrèng tombok sêlawe rispis |
wus (n)jèngklèk gya linariyan |
wedang kopi anèng goci |
sisihe cangkir gundhulan |
sabên linariyan ping tri ||

47.
Suwuk gantya ngandhapipun |
jor-joran têtomboknèki |
sukarêna kang umiyat |
tanapi kang samya ngibing |
sêpên ingkang kara-kara |
dumugi ing pajar gidib ||

48.
Nursubadya ngling wus mêtu |
bubaran niyaga aglis |
angêndhoni suhing kêndhang |
trêbang sêntake dènambil |
Ki Nurwitri Mas Cêbolang |
kaliye lumêbèng panti ||

49.
Tomboke antuk sawakul |
wus tinutup lawang kori |
Saloka sakanca samya |
mantuk mring pondhokanèki |
kacuwan kang nyêgat tandhak |
gusis sadaya wus mulih ||

50.
Mas Gêbolang lon umatur |
sadaya sumangga Nyai |
sadarma dados lantaran |
anjingipun kang rêjêki |
punika Kiyai Wisma |
ingkang wajib andarbèni ||

Jilid 4 - Kaca : 180

51.
(ng)Gih anak gampil ing pungkur |
Mas Cêbolang lan Nurwitri |
sawusing lukar busana |
mantuk mring pondhokanèki |
(m)buka kori kagyat mulat |
ana èstri ayu kalih ||

52.
Wanci mêmpênging pulanghyun |
myang dharan pêpêg sumaji |
kalih api-api nendra |
sawiji sêmada miring |
ngalowong ingkang sumêkan |
nyênal payudara kèksi ||

53.
Sijine malumah tanggung |
saridha kengis sapalih |
kataman sunaring pandam |
lir wulan purnama mingip |
Cêbolang ngling paran kakang |
rêjêki têka wèh branti ||

296 Asmaradana

1.
Upama banjur tan mawi |
ginugah kurang utama |
nanging iki wus kasompok |
payo banjur kinêlonan |
sira kang bentrok jênar |
ingkang irêngmanis aku |
nanging mêngko gêgêntenan ||

2.
Dwi èstri duk amiyarsi |
jumbuh ing panganta-anta |
kalih sarêng (ng)gloso alon |
tangan kiwa ngayuh jangga |
têngên tumèmpèl dhadha |
grana gathuk sami pucuk |
jaladara sipat wokan ||

3.
Api-api kagyat angling |
iki priye ta mangke ta |
iya nora priye-priye |
wong wis ngene arêp apa |
rara (m)bangunturuta |
aja mikir marang iku |
jangji mêrêm nora wikan ||

4.
Sinjange sampun kawingkis |
lumastari ring-iringan |
ungkur-ungkuran wadonne |
bêbonggan ngêsês angadhuh |
malumah sêsarêngan |
adhuh bagus nyuwun lungguh |
cangkêm kêcut arsa nginang ||

5.
Wus linggih sisihe miring |
nginang sinambi yod-yodan |
rêm-rêm-ayam maripate |
purusa ngayuh gêgana |
kaliye gumaledhag |
marinding badan sakojur |
sarêng sambat-sambat pêjah ||

6.
Kaliye kalêgan sami |
riwe kumyus karênggosan |
radi kêndho warastrane |
Mas Cêbolang tandya mlembar |
Ki Nurwitri aliyan |
sêngkut malih kalihipun |
nutug tingkahing asmara ||

Jilid 4 - Kaca : 181

7.
(n)Dungkap wanci pajar gidib |
ginêlak wusing luwaran |
malêncing nylimpêt wêdale |
Cêbolang Nurwitri marang |
patirtan wus jinabat |
toyastuti nulya Subuh |
anèng pondhokan sadaya ||

8.
Bakda Subuh mijil maring |
plataran pinanggih maring |
Nursubadya lon dêlinge |
sokur tan ngêpotkên wêkdal |
Subêki pamondhokan |
rèh dalu sayah kalangkung |
pangintên kula kêrinan ||

9.
Barêkahipun kyai |
botên wontên kraos sayah |
sukur Alhamdulilah (ng)gèr |
warok sami nyuwun bêrkah |
jathilan ingaturan |
(m)busanani anggagêlung |
ngayu-ayu cara praja ||

10.
Mangke ratri nyuwun bêkti |
binabar anèng pandhapa |
Cêbolang suka manahe |
kapasangyogya yun wikan |
tingkahe jêjathilan |
wus wangsul mring pondhokipun |
wisan-gawe samya prapta ||

11.
Warog gêng lit (m)bêkta jathil |
lawan busana wanita |
pinasrahkên mring Kimase |
ginêlung mawarna-warna |
kondhe sèntêg puntiran |
malang gèndhèl kêling gêlung |
bokor mêngkurêp tebokan ||

12.
Kadhal-mènèk puntir gilig |
jungkat pênyu jungkat sotya |
pinantês-pantês lungguhe |
teplok panêtêp sasanggan |
cundhuk-mêntul kuponan |
sêmyok susuk sêkar tanjung |
ulan-ulan kinjêng êmas ||

13.
Sêkar malathi rinujit |
sinêling argulo mawar |
sêkar gambir abang putèh |
taluki sruni kinarya |
borokan salêmpitan |
cêpaka pangapit gêlung |
myang mèpèt wingkinging karna ||

14.
Sêngkang bapang nata brangti |
cêplik abyur sêling mirah |
jamang-mas lawan sumpinge |
kêlatbau gêlang-gêlang |
supe tajug jênthikan |
driji manis myang panuduh |
cèrè gancèt ulan-ulan ||

15.
Kalung mas intên sungsun tri |
kalung panjang sinêsêran |
pênding êmas cathok slepe |
sisinjange lêlêmêsan |
pinantês kang sumêkan |
tanapi sasampuripun |
mawarna-warna binara ||


   kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (20) Kaca 166 – 172
  • (22) Kaca 182 – 187 >