Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 12

Kontak Admin.

email-kidemang

 (22) Kaca 182 – 187

 

( Para warok sami ambêkta jathilipun ingkang

sami nyandhang èstri )
10. Para warok sami ambêkta jathilipun ingkang sami nyandhang èstri, nyuwun dipun dandosi dening Mas Cêbolang sarta supados kawucal ulah wiraga, ulat lan liring. Gêntos Mas Cêbolang nêdha dipunwuruki caranipun gêmblakan.
Dalunipun kabèbèr ing pandhapi, solah bawanipun para jathil sakalangkung nêngsêmakên para warok, malah lajêng sami anggêmblak Mas Cêbolang lan Nurwitri, kalintonan bojo lan anakipun èstri
Kaca 182 - 187

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 4 - Kaca : 182

296 Asmaradana

16.
Tanapi wiraganèki |
Cêbolang Nurwitri mulang |
pangucap liring pacake |
myang wiraga wus widagda |
tumancêp anèng nala |
Cêbolang lingira rum |
gênti aku wurukana ||

17.
Patrape dumadi èstri |
kalawan kang dadi lanang |
kapriye mungguh luwiye |
mara sira kandhakêna |
jathilan mèsêm lingnya |
kula botên sagêd matur |
bilih kêparêng sumangga ||

18.
Tingkah solah dènlampahi |
dados botên kaba-kaba |
Cêbolang (ng)glêgês lingira |
mring Nurwitri wus atampa |
lawange tinêtêgan |
Cêbolang nglocitèng kalbu |
paran kang dadi panggalak ||

19.
Jathil anulya minihi |
rekadayaning sahuwat |
Cêbolang Nurwitri (ng)glègès |
e lah dalah ngudubilah |
têka banjur (m)bêngkayang |
lah kêpriye bacutipun |
aku nurut saparentah ||

20.
Anulya mapan ngawiti |
rinampa-rampa ing kathah |
sami tan kèndêl ngacomèl |
kang dumadi kanikmatan |
têkèng ngirabkên sahuwat |
kalih sami manthuk-manthuk |
marèngès hêm nyata enak ||

21.
Jathilan ginanti-ganti |
wus warata kinaliyan |
kanikmatan dhewe-dhewe |
sadaya matur sawantah |
Cêbolang suka lingnya |
gênti aku dadi thuyul |
payo mara warahana ||

22.
Punika namung satunggil |
kang taksih wagêd banggelan |
sadaya wus sami peloh |
nir daya ati wanita |
datan rumaos priya |
pun Sadilah namanipun |
wus cakêt nulya tumandang ||

23.
Mas Cêbolang kang rumiyin |
wêdharing asmaragama |
(n)jingklak angling digêgojog |
dadi wadon lanang nikmat |
luwih tunggal wanita |
nulya Nurwitri kinêmbul |
ing nalika katêrêsan ||

24.
Barang kang lir kucing gandhik |
suka sakèhing jathilan |
kijab kabule wus pasèh |
lawang korine binuka |
sadaya pinupuran |
pinidiyan imbanipun |
cêlakan wida-rum jênar ||

25.
Arum-arume mêpêki |
waja putih tan cêmêngan |
tatahan kinêcik kinclong |
tangan têngên (ng)gêgêm kinang |
kang kiwa kêkêpêtan |
bakda Ngasar warok (m)brubul |
sami murugi jathilan ||

Jilid 4 - Kaca : 183

26.
Nalikanira udani |
kalintang ing sukarêna |
têtayungan jingklak-(n)jèngklèk |
mêndhêg matur mring Cêbolang |
bilih kaparêng mangkya |
kula bêktane rumuhun |
dibal paduka woting tyas ||

27.
Mangke bakdaning Ngisa-i |
wangsul mawi rak-arakan |
wus binêkta sadayane |
nahên ta bakdaning Ngisa |
pandhapa wus mirantya |
dhatênge kang para jadhug |
warok ambêkta jathilan ||

28.
Pinondhong miwah jinênggi |
sarunên munggèng ing ngarsa |
kang ngapit-apit obore |
sawusing pêpak ngalêmpak |
salumprèt angklung kêndhang |
tarêbang kakêmong kêmpul |
pinarnah nèng èmpèr wetan ||

29.
Jathilan tharik nèng ngarsi |
warog ngrompol ngêl-ungêlan |
wus samêkta sadayane |
kang mulat uyêl pipitan |
sêpên ing rêrusuhan |
mung suwara kumaruwuk |
rare nangis cêcêngèran ||

30.
Asung sasmita Ki Panti |
tapuk Boyong Mas Cêbolang |
anglurahi niyagane |
Nurwitri kang among raras |
jathilan kalihwêlas |
sarêng manjing ngadêg gambuh |
jêjêran pindha badhaya ||

31.
Pacak lalagon ngèmpêri |
ing praja cingak kang miyat |
biyang iku kapanane |
(ng)gonne sinau de têka |
mundhak pacake padha |
wuwuh prigêl luwês bêsus |
kuciwane mung sapala ||

32.
Kang anjogèt wingi sêpi |
wong mrakati yèn lunga-a |
têka nora pamit mring ngong |
basane iki lir sêngkang |
pangarak byur barleyan |
ananging tanpa panunggul |
sêmune kurang ujwala ||

33.
Mas Cêbolang kang njêjêgi |
niyaga ngêndhang wus minggah |
kêplok sênggak bêbarêngan |
salomprète laliriyan |
angklung tan karopyakan |
kakêmong sêmada sêru |
kêmpul lir mêlunging gêmak ||

34.
Jumêngglung têrbang mêlingi |
kêndhang kakosèkan wijang |
dhaup kalawan jogède |
ronggèng (m)babar sampur kiprah |
malêtêr pakalangan |
rêmpêg tata lir prit ayun |
manêba uningèng jalma ||

35.
Cumlorot lir lintang ngalih |
wiraga mawarna-warna |
wus ginêndhing samaune |
ana kang mintonkên waja |
mathêt lambe kang ngandhap |
wênèh sêmune gumuyu |
ana èsême ècèran ||

Jilid 4 - Kaca : 184

36.
Ana tajêm lindri lungit |
wênèh ngincang-incang imba |
galak ulat dlera-dlere |
ri wusnya uli-uliyan |
sêsêg ingkang irama |
ngandhêlong anulya suwuk |
mundur kêpête binabar ||

37.
Watara napas wus aring |
majêng jathilan sakawan |
gantya-gantya gêndhing Bondhèt |
pasindhèn gantya-gantya |
sinêsêg gêndhing minggah |
malêtêr catur lir kupu |
yun ngisêp maduning sêkar ||

38.
Kinêtog jogèding ringgit |
ngandhêlong uli-uliyan |
sêsêg sinuwuk gêndhinge |
wus wangsul mring kaniyagan |
waroke gupuh nyêrak |
kringêt ingusapan kacu |
liniling myang kinêbutan ||

39.
Amajêng sakawan malih |
(m)buka gêndhing Pacarcina |
kang asindhèn gantos-gantos |
gêndhing minggah ronggèng kiprah |
mungsêr kêndhigêritan |
(m)babar sampur warna catur |
pindha langên ing angkasa ||

40.
Ima kasorotan rawi |
ing nalika arsa liyêp |
sigrak tarampil solahe |
sawuse uli-uliyan |
suwuke lon-alonan |
wus mundur waroke gupuh |
ngliling-ngliling asung wedang ||

41.
Masjêng sakawan mungkasi |
dènnira agêgambyongan |
wus ambuka gêndhing Genjong |
kêmbangan jogèding Klana |
sêkawan runtut rampak |
suwarane turun-turun |
kaote amung nyawilah ||

42.
Manglarap pindha jêmparing |
sêdhat-sêdhèt ulat galak |
sumèh kêladuk èsême |
tumut lêlagoning bêksa |
karyèram kang umiyat |
pangungune de wus gambuh |
(ng)galiyêng lir ronggèng praja ||

43.
Kedale pasindhèn salin |
tumèmplêg dhaup lan laras |
wilêt sêrênge tan dhompo |
wus ngandhêlong kang irama |
lir tirta kapawanan |
sêsêgan anulya suwuk |
mundur maring paniyagan ||

44.
Waroke gupuh nyêlaki |
karingêt kang marawayan |
tinutulan saptangane |
pupur bêlang tinambalan |
wusing aring kang napas |
amirantos Ayun-ayun |
ringgit kang majêng sakawan ||

Jilid 4 - Kaca : 185

45.
Ingkang sami angajoni |
miwah kang anglarih wedang |
sakawan ngarsa wingkinge |
kang sami darbe jathilan |
tan kenging ngajonana |
larih kewala tan antuk |
sawusing warata gantya ||

46.
Kang sakawan majêng malih |
miturut kadi ing ngarsa |
wusing warata kang (n)jogèd |
kèndêl sakawan pangarsa |
tombok tanpa wilangan |
uwang picis mung rinayuk |
pikantuk tri sênik kêbak ||

47.
Warok suka-suka ngênting |
raharja tan kara-kara |
gêndhing sasuka-sukane |
Ban-iringan Kêbo-gidrah |
Balewong Jagamarga |
Lêmpang-jawa Êlung-gadhung |
Pacarcina Gandhèng-asta ||

48.
Jangkrik-genggong eling-eling |
Loro-loro Paculgowang |
Sêkargadhung Sontoloyo |
Pêksi Kukuwung Calunthang |
Ginonjing Babondhètan |
Ladrangmanis Tunggujagung |
Gambirsawit Dyah-udrasa ||

49.
Pajar gidib wus waradin |
tan kacuwan wus warata |
Nursubadya lon dêlinge |
ênggèr suwawi bubaran |
(m)bungkuk Kemas Cêbolang |
warok sinasmitan gupuh |
amondhongi jêjathilan ||

50.
Arta picis tigang sênik |
pinasrahkên Nyai Wisma |
sasampunira tinampèn |
Cêbolang mring pamondhokan |
asone sawatara |
katungka ing wêktu Subuh |
samya ngambil toya kadas ||

51.
Wangsul wêktu nèng pandhapi |
paragate ing panêmbah |
Hyang Bagaspati mêncorong |
Nyi Wisma asung sunggata |
wedang myang nyênyamikan |
lir sabên lingira rum |
ênggèr Kemase Cêbolang ||

52.
Barang atanapi picis |
pun biyung sumanggèng karsa |
Mas Cêbolang lon dêlinge |
prayogi pinara tiga |
saduman jêngandika |
saduman dhumatêng wadu |
jalêr èstri kang warata ||

53.
Saduman dhumatêng mami |
namung tumitip sampeyan |
gampil masalah ing têmbe |
Nyi Wisma mangayubagya |
wus binage warata |
siyange datan cinatur |
andhangdhang bakdane Ngisa ||

Jilid 4 - Kaca : 186

297 Dhandhanggula

1.
Sakathahe warok myang pra santri |
samya dhatêng pondhoke Cêbolang |
dahat kabyatan wirage |
ing pangarsane asung |
panarimah indhaking jathil |
prigêling solahbawa |
wiraga pinatut |
nyumanggakkên wêka somah |
miwah kadang sakarsa ywa walangati |
lila donya ngakerat ||

2.
Mas Cêbolang tanapi Nurwitri |
tan kawawa kalèjêming sêja |
tinanggapan sakosike |
winatêg sikiripun |
sangsayarda kang darbe kapti |
lan sakèh mitraningwang |
ing saèstunipun |
ulun dahat sukarêna |
pangajabku mung aywa dadi pradongdi |
wawaton kasamban ||

3.
Prayogine mlêbêt kalih-kalih |
lamun ratri iki tan kacêkap |
tinutugkên sesuk sore |
èstuning raganingsun |
nèng Sêlaung pan maksih lami |
kang sami amiyarsa |
miturut sadarum |
warok kakalih tumanggap |
malbèng pondhok Cêbolang lawan Nurwitri |
wiraga mawèh branta ||

4.
Warok kalih tan daranèng kapti |
ambêkayang Nurwitri Cêbolang |
anulya dèn-jêngkingake |
sasambat ngadhuh-adhuh |
bok dènsarèh babo wong bênthing |
dasihe tan suwala |
sumanggèng sakayun |
sarira sapa darbeya |
sarpa krêsna mung sira kang dadi ati |
tangèh cipta-a liya ||

5.
Wus anjathok malèsèt kinêmpit |
amêngthongol sangandhap saptangan |
sangsaya sru pandêdêle |
tatkalane ginalur |
pamipite dipun kêndhoni |
pinolah mêndat-mêndat |
srêg pangraosipun |
têmah lalu kanikmatan |
gatining kang asmara badan marinding |
datan kêna ingampah ||

6.
Mancur kadi kêndhi kêbak warih |
ingêthurkên kalihe èstrènan |
samudana sasambate |
sarwi anyiwêl pupu |
adhuh mati thik ngene iki |
bisa têmên si kakang |
wèh tamba lara kung |
ki warok tyas sru sumêngka |
purusane kaduk mukok-mukok tajin |
ngalumpruk tanpa daya ||

Jilid 4 - Kaca : 187

7.
Tandya (ng)gêblag palarasan mijil |
kang wus anèng sangajênging lawang |
trangginas lumêbêt age |
tan siwah lir rumuhun |
cacangkoke praptèng katitih |
wanci pajar gidiban |
antuk wong rongpuluh |
galare ambèn binênggang |
pramilane ambène katon gumrining |
mung longan lir ler-leran ||

8.
Kang wus samya kasêmbadaning sih |
anak bojo atanapi kadang |
rinubakkên sakarsane |
sarwi nyangking pisungsung |
saanane adining wukir |
yèn ana sinênêngan |
sinangonan lulut |
utawi sinungan basa |
nyênyês arum manis angenaki ati |
myang sinungan branarta ||

9.
Siyang ratri giliran (n)dalidir |
kawanguran têtangga parapat |
guyub jumbuh pikajênge |
trêsna sih mring Masipun |
atanapi maring Nurwitri |
kaliye kakêmatan |
mung têrkadhang èstu |
mila tan na antaranya |
yèn laka-a mangsa ngukupa kang jisim |
anjajah jinamahan ||

10.
Wêkdal ajêg bae mring pandhapi |
bakda wêktu wangsul mring pondhokan |
kadhang jagong lan kyaine |
(n)jawi pondhok supênuh |
jalêr èstri sami ngêntosi |
nuju bakdaning Ngisa |
mung santri kang wangsul |
Nurwitri miwah Cêbolang |
mung Ki Wisma pinarak anèng pandhapi |
Cêbolang lon lingira ||

11.
Mring Ki Wisma tiyang tanah ngriki |
amaratah bandhol kawarisan |
tan wangwang marang patine |
têguh timbul agêcul |
tatag têtêg anglalanangi |
paran ta marmanira |
Ki Wisma lingnya rum |
laila pajar pasaja |
saking ulun jatose ingkang mijèni |
mênggah krêdyating manah ||

12.
Muhung kinarya-a jagi dhiri |
rèhning asring kêkesahan têbah |
supadi kêndêl manahe |
nanging wusananipun |
botên kadi ciptanirèki |
kinarya sasongaran |
gêgêmblungan gêndhung |
kados kang sampun kawuryan |
sisip sêmbiripun amlarati dhiri |
konyoh upamenira ||

13.
Mirid lamun angandêlkên yêkti |
anglimputi marang kaèngêtan |
rèhning ngagêsang tuhune |
nèng donya sakaratul |
tan bêbakal praptaning lalis |
luhung angraosna |
carita linuhung |
pathake narendra Ngêsam |
duk puniku kêpanggih lawan (n)Jêng Nabi |
Ngisa mangka Rohullah ||


   kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (21) Kaca 173 – 181
  • (23a) Kaca 188 – 203 >