Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434668
Hari ini     :Hari ini :68
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :134
Bulan ini   :Bulan ini :3297
s/d hari ini   :s/d hari ini :434668
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 4

Kontak Admin.

email-kidemang

 (28) Kaca 236 – 249

 

( Suluk janturan Prabu Ngamarta dalah

para kadang Pandhawa )

Enjingipun abdi pun Pangawe kadhawuhan suluk janturan padhalangan Prabu Ngamarta dalah para kadang Pandhawa kanthi katrangan têgêsing nama sarta watakipun piyambak-piyambak. Kasambêt janturan Prabu Mandura, lajêng Prabu Ngastina, Dwarawati akhiripun janturan Hyang Girinata, sadaya jangkêp tuwin runtut. Kasambêt jêjuluking nata ingkang kangge Wijjêr tuwin ada-ada nata ngadhaton
Kaca 236 - 249

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 4 - Kaca : 236

309 Pangkur

45.
Sèh Matyasta Mas Cêbolang |
sarewangnya wangsul mring tajug malih |
tumêkane bêdhug têlu |
antuk palaling Suksma |
sadaya wus cumêplong raosing kalbu |
kantun nglanjèhakên marang |
tindake Tanajul-tarki ||

46.
Sèh Matyasta lon lingira |
lah bubaran gya ngambil toyastuti |
nulya samya salat Subuh |
kadi ing saban-saban |
malêm Jumungah tan ana nendra puniku |
kang sami tampi nugraha |
ing siyang pantara ratri ||

47.
Kang ginita saraseyan |
Mas Cêbolang kalayan Ki Nurwitri |
wus srêg rasaning kang kalbu |
cahya wênês sumunar |
Sèh Matyasta sukèng tyas mèsêm lingnya rum |
dhuh pantèn Alkamdulillah |
ananging dèn-ngati-ati ||

48.
Isih kurang saangkatan |
tindak rucah kang ayun koklakoni |
nanging tan ngapa-a iku |
Cêbolang matur nêmbah |
tarlèn muhung nyuwun pangèstu pukulun |
rinêksa-a ing Pangeran |
tawêkal èngêt basuki ||

49.
Sigêg kyai wusing mulang |
Sèh Matyasta pinarak nèng pandhapi |
Pangawe madhêp mangayun |
myang dasih sawatara |
Mas Cêbolang Nurwitri sarencangipun |
tumurun marang pandhapa |
kanthi lagu sêmang-miling ||

310 Kinanthi

1.
Sèh Matyasta ngawe gupuh |
(m)bacuta marene kaki |
Cêbolang wus munggèng ngarsa |
babasan kapasang yogi |
Pangawe ku tilas dhalang |
wit bocah dhêmên angringgit ||

2.
Lawas nèng nagri Mantarum |
suwita Ki Panjangrukmi |
kang ginilut jajanturan |
blêjag-blêjag rada apil |
duk maksih nèng Wirasaba |
nganti tumêkèng samangkin ||

3.
Dhalang bang-wetan sadarum |
padha pruwita ananging |
wènèhan cêkak-cêkakan |
pantèn duk anèng Mantawis |
apa wus têpung kalawan |
Kyai dhalang Panjangrukmi ||

Jilid 4 - Kaca : 237

4.
Inggih ulun sampun têpung |
kulina Ki Panjangrukmi |
saking rêmên dhatêng wayang |
sabên ki dhalang angringgit |
ulun tumut cêlak kothak |
anyumping wontên ing kering ||

5.
Jajanturaning kadhatun |
èstunipun (m)botên apil |
lamun upami miyarsa |
dhalang kang (n)jantur upami |
pakêcapanipun lêpat |
lêrêsipun ulun uning ||

6.
Sukèng tyas mèsêm lingnya rum |
Pangawe lêkasa aglis |
janturane Prabu Krêsna |
ana kang ko(k)sarasèhi |
Pangawe sêmbah sandika |
dadya macak amiwiti ||

7.
Swara tètèh buntas arum |
nênggih nêgari ing pundi |
kang kaeka adi dasa |
purwa eka mring sawiji |
adi maring luwih endah |
dasa sapuluh jinarwi ||

8.
Purwa kawitan puniku |
wênang ingucapkên yêkti |
titahing Hyang Girinata |
sanadyan kathaha ugi |
kang kunglulan ing ngakasa |
kang kasangga ing pratiwi ||

9.
Kang kapit ing samodra gung |
tan wontên kadi nagari |
Dwarawati nagri panjang |
apunjung mila kadyèki |
panjang mring ing adawa |
wus pranyata ing nagari ||

10.
Adawa pocapanipun |
atêbih kuncaranèki |
punjung mring luhur pranyata |
nagara luhur nglangkungi |
datan ana kang amadha |
kluhuraning karaton-di ||

11.
Tur nagari pasir gunung |
iya nagri loh jinawi |
basa pasir de nagara |
angajêngkên muara-di |
anêngênkên bandar arga |
basa nagara kawukir ||

12.
Dene ngungkurakên gunung |
basa nagara loh dening |
kaapit ing pasabinan |
basa nagri ajinawi |
de nagara tulus ingkang |
sarwa tinandur lêstari ||

13.
Murah kang sarwa tinuku |
tur murah sandhang lan bukti |
wadya alit datan ana |
kang dènkalarakkên sami |
nagri karta tur raharja |
apratandha wadya alit ||

Jilid 4 - Kaca : 238

14.
Myang wadya tan na kang ngingu |
maenda maingsa sapi |
menthok bèbèk miwah ayam |
raintên praptaning ratri |
aglar wontên ing pangonan |
datan wontên dènkandhangi ||

15.
Saking tan na dursilèku |
nangkoda kang dagang (ng)gili |
kang layar tan na pêdhotnya |
pramila ingaran nagri |
raharja mangka pratandha |
wadyabala agêng alit ||

16.
Ngèstokkên prentahing ratu |
tan wontên cêngil-cinêngil |
tur ratu gêdhe obornya |
adhuwur kukussirèki |
miwah adoh kuncaranya |
tan ngêmungkên tanah Jawi ||

17.
Ing tanah sabrang misuwur |
maring sakèhing nagari |
kaungkulan kasusilan |
-ning ratu ing Dwarawati |
babasan manglung kang têbah |
kang prak tumiyung ngastuti ||

18.
Ing bulubêktine tamtu |
sabên taun asrah warni |
glondhong pangarêng-arêngnya |
asung pupundhutan nagri |
sapa jujuluking nata |
Sri Bathara Krêsna tuwin ||

19.
Maraja Padmanabèku |
Maraja Kesawasiddhi |
ya Maraja Danardana |
ya Maraja Arimurti |
milane kadang manungsa |
pinunjung binathara di ||

20.
Pranyata titising Wisnu |
sirnaning Hyang Wisnumurti |
Bathara Krêsna kang ana |
sirnaning Krêsna narpati |
Bathara Wisnu kang ana |
upama lir suruh yêkti ||

21.
Lumah lawan kurêpipun |
dinulu seje kang warni |
ginigit tunggil rasanya |
Krês marang irênginèki |
na iku maring papadhang |
pranyata Sri Dwarawati ||

22.
Ratu irêng mulus têrus |
têkan bêbalungirèki |
yèn ayama cêmani ka |
Bathara Wisnu ing uni |
kêna ginawe sarana |
nadyan Prabu Dwarawati ||

23.
Samani samana jumbuh |
kêna ginawe srananing |
(m)besuk aprang Bratayuda |
sapa kang dènbêbotohi |
marang Sri Bathara Krêsna |
sayêkti unggul ing jurit ||

Jilid 4 - Kaca : 239

24.
Na: padhang pranyata ratu |
padhang paningalirèki |
têrus datan kêsamaran |
tur wruh durunge jinarwi |
mila juluk Padmanaba |
ratu de (ng)gadhahi sari ||

25.
Wijayakusuma luhung |
panguripaning kang jalmi |
mati kang mawa kabranan |
pramila jujuluknèki |
nênggih Maraja Kesawa |
dene ratu ingkang bangkit ||

26.
Triwikrama ingkang langkung |
pranyata Sri Dwarawati |
sagêd amancala putra |
bangkit amancala putri |
mila parab Danardana |
pranyata sri narapati ||

27.
Titising Bathara Wisnu |
ananging namung sapalih |
pama gêni lan urupnya |
lir sêkar lan sarinèki |
gênine Sri Danardana |
urupe Radyan Prêmadi ||

28.
Cangkoke Krêsna sang prabu |
sarine Arya Jahnawi |
ya lir satu lan rimbagan |
mila parap Arimurti |
Murti antêng Ari mudha |
pranyata Sri Dwarawati ||

29.
Titising Bathara Wisnu |
dados anèm tur nulusi |
ing kajatmikani miwah |
munjuli ngapapak tuwin |
mrojoling akêrêp lawan |
loma naha bathara di ||

30.
Pratandha pirsa saèstu |
saosike kang wadya ji |
nêting tyas tan kasamaran |
awon saening pangèsthi |
sadaya wus kauningan |
ingupamakkên sang aji ||

31.
Bangkit angilani mêndhung |
bisa anjaringi angin |
tur siniyan ing jawata |
kinêmulan widadari |
kinacèk samining nata |
tuwin lalabuhannèki ||

32.
Ratu Dwarawati èstu |
ngupadosan soring langit |
dasa tan antuk satunggal |
sanyut tan-tuk sadasèki |
ngobori kang papêtêngan |
(m)babadi kang sukêt singit ||

33.
Ratyambêg palamarta nung |
awèh pangan wong kalantih |
awèh sandhang wong kawudan |
awèh kudhung wong kang lagi |
kapanasan miwah suka |
songsong wong kataman riris ||

Jilid 4 - Kaca : 240

34.
Wèh têkên wong klunyon laku |
Sri luhur tan na ngungkuli |
ratu andhap tan kungkulan |
sasamining narapati |
sri miguna ing aguna |
tan ngêndhak gunaning jalmi ||

35.
yêkti ginunggung sang prabu |
kawibawaning narpati |
lan lalabuhaning nata |
sadalu pantarèng ratri |
datan wontên pêdhotira |
pinunggêl kang murwèng kawi ||

36.
Ratu Dwarawati nuju |
miyos siniwakèng munggwing |
sitinggil binata-rata |
ginarbêg ing wanodya di |
kang sami angganararas |
alênggah ing dhampar rukmi ||

37.
Pinatik nawa rêtna rum |
pinalipit ing sotyadi |
alêlèmèk tundha sapta |
kasur babut prangwêdani |
sirna kamanungsanira |
lir Bathara Wisnumurti ||

38.
Anganglang jagad sawêgung |
ginarbêg ing widadari |
salênggahirèng dhadhampar |
sang Prabu Dwarawati |
wadya kang sowan sadaya |
têka lêrêp sirêp sami ||

39.
Sidhêm pramanêm sadarum |
nir bawaning walang slisik |
gogodhongan tanpa mobah |
angin tan purun lumaris |
mung abdi kang nambutkarya |
kêmasan pandhe myang gendhing ||

40.
Kang taksih sami anambut |
pandamêlaning narpati |
cat kapyarsa ing cat ora |
kalawan swaraning pêksi |
êngkuk kang mencok ing gurda |
puniku kang kapiyarsi ||

41.
Saking paglaran satuhu |
têka mêwahi wingiting |
pasewakan pagêlaran |
Pangawe kèndêl turnya ris |
èngêt kula mung punika |
Lonthang janturan ngaringgit ||

311 Lonthang

1.
Cêbolang ngling kados wus turut sadaya |
datan wontên tumpangso-ning kang ukara |
nanging lamun jêjêr ratu ing Ngamarta ||

2.
Èngetulun radi wontên sanèsira |
Pangawe ngling lêrês ingkang pangandika |
wawatoning jajanturan nata purwa ||

3.
wontên catur Dwarawati wus kawahywa |
ing Ngamarta Madura lawan Ngastina |
wontên malih janturan Hyang Girinata ||

Jilid 4 - Kaca : 241

4.
Lamun jêjêr sanèse gangsal punika |
kêdah mirit saking ing salah sajuga |
mêndhêt saking pambêganing naranata ||

5.
Myang ya mirit gêng alite kratonira |
kantun ngêlih ing pundi aranning praja |
lan paraping kang dadya jêjêring nata ||

6.
Sèh Matyasta sukèng tyas bêcik bacutna |
kang minangka wawaton janturan ika |
Ki Pangawe manêmbah matur sandika ||

7.
Sapunika janturannya Sri Ngamarta |
wit anênggih dumugi kapit samodra |
cap-ucapan punika sami kewala ||

8.
Lajêngipun tan wontên kados nagara |
ing Batanakawarsa iya Ngamarta |
pranyata loh ajinawi tur nagara ||

9.
Gêmah ripah nagara karta raharja |
pramilanya ingaran lohe nagara |
kaapit ing pasabinan antuk toya ||

10.
Ajênawi tulus kang samya tinanja |
mirah ingkang sarwa tinumbas sadaya |
tur amirah sandhang lawan têdhanira ||

11.
Wadya lit sapraja Batanakawarsa |
tan wontên kang dipun karilakkên miwah |
ingaranan nagara gêmah satata ||

12.
Langkung kathahing wadya lit kang gêgriya |
ingkang saking nêgari ing manca praja |
pramilanya aripah mangka pratandha ||

13.
Wadya alit kang samya dagang tan ana |
kèndêlira raintên dalu tan pêgat |
datan wontên dènastaani(?) punika ||

14.
Pramilanya winastan nagara karta |
apratandha wadya lit tani kang samya |
ingon-ingon kêbo sapi bèbèk sata ||

15.
Siyang dalu aglar nèng panggonan samya |
botên wontên kang kinandhangkên mring wisma |
awit saking kalising juti dursila ||

16.
Pramilanya winastan nagri raharja |
apratandha kawula bala sadaya |
anuhoni ngèstokkên parentah nata ||

17.
Datan wontên ingkang sulaya budinya |
wadyabala sabiyantu abipraya |
tur ratu agêdhe murup oborira ||

18.
Dhuwur ingkang kukuse doh kuncaranya |
pae nagri kang kathah-kathah punika |
kang ginunggung kawibawanning narendra ||

Jilid 4 - Kaca : 242

19.
Lan agênging nagari sasaminira |
yèn ing praja Ngamarta Cintakapura |
tan mangkana kang dèn-gunggung labuhannya ||

20.
Naradipa lawan pambêkaning nata |
ngupadosa sawêngkoning ngarcapada |
cacah satus pan datan angsal sajuga ||

21.
Cacah sèwu èstu tan angsal sadasa |
ambêg paramarta pandhita kalihnya |
tur ta ratu darana sadana boga ||

22.
Ambabadi kang asukêt asung padhang |
angobori kang pêtêng wèh kudhung marang |
uwong ingkang kapanasên sartanira ||

23.
Awèh payung uwong kodanan punika |
awèh têkên wong kalunyon awèh têdha |
wong kaluwèn wèh sandhang uwong kawudan ||

24.
Abotêna Pandhawa punika gangsal |
sami gadhah watak priyangga-priyangga |
pambêgane ratu Ngamarta punika ||

25.
Wong sajagad dènaku sanak sadaya |
wong sajagad gêng alit padha warata |
êndaklakonane larane sadaya ||

26.
Wong sajagad padha suka asugiha |
aku ingkang anglakoni sêngkêlira |
pambêgane Radèn Arya Wrêkodara ||

27.
Sapa ala ya (n)dakalani pasaja |
sapa bêcik ya (n)dakbêciki sanyata |
mangkya pambêkane panêngah Pandhawa ||

28.
Radyan Arya Janaka anyamirana |
nyarambahi kang dhuwur kang êndhèk ika |
ingkang agêng kang alit kang cêlak têbih ||

29.
Kasrambahan sadaya mring Dyan Janaka |
miwah prawan wulanjar tanapi randha |
myang somahan dènakên bojo sadaya ||

30.
Bojomu ja bojoku aja pêpeka |
de bojoku bojoku dhèwè wruhanta |
pambêkane Radèn Nangkula Sadewa ||

31.
Dyan Nangkula ala-alamu priyangga |
Dyan Sadewa ala têmbe bêcik benjang |
lah punika pambêkane kang Pandhawa ||

32.
Sintên jululuking ratu ing Ngamarta |
Prabu Puntadewa Prabu Darmaputra |
Darmawangsa Prabu Guna-talikrama ||

Jilid 4 - Kaca : 243

33.
Prabu Darmakusuma Sri Yudhisthira |
pramilanya ajujuluk Puntadewa |
apranyata luwih andhap asorira ||

34.
Tur ta gêdhe apurane pramilanya |
ajujuluk Darmaputra pranyatanya |
de pinutra maring sang Bathara Darma ||

35.
Milanya ajujuluk Prabu Darmawangsa |
wus pranyata jênênge sri naranata |
angaubi ring kulawarga sadaya ||

36.
Mila parab Prabu Guna-talikrama |
ucul saking tatakramaning narendra |
pambêkannya ingkang kaloka ing jagad ||

37.
Tan angêndhak gunaning sasama-sama |
mila parab sang Prabu Darmakusuma |
nyata nglulusakên ing saciptanira ||

38.
Sakathahing ingkang lampah kapênêdan |
pramilanya parab Prabu Yudhisthira |
kang kacipta rahayunira bawana ||

39.
Tur narendra kang siniyan ing jawata |
kinamulèn widadari myang bineda |
sasamining ratu yèn ta ginunggunga ||

40.
Lalabuhanira ratu ing Ngamarta |
ing sadalu mangsa wontên pêdhotira |
pan pinunggêl kewala kang purwakanya ||

41.
Sang aprabu nuju miyos sinewaka |
nênggih wontên sitinggil binatarata |
ginarêbêg dyah kang sami angganararas ||

42.
Alênggah ing dhampar kêncana minulya |
pinatik ing mirah jumrut nawarêtna |
pinalipit sosotya-di mawa praba ||

43.
Alêlèmèk kasur babut prangwêdani |
sirna kamanungsane kadi jawata |
Sang Hyang Darma tumêdhak nganglang bawana ||

44.
Lênggahira ing dhampar Prabu Ngamarta |
salajêngnya lan janturan Dwarawatya |
cap-ucapan sami kewala asmara ||

312 Asmaradana

1.
Mangkya ta janturannèki |
ratu Madura winarna |
awit anênggih prajane |
kapit ing samodra samya |
lajênge datan ana |
kados nagri Madurèku |
babasan nagari panjang ||

2.
Punjung ngantu nagri pasir |
awukir loh ajinarwya |
nagri gêmah aripahe |
nagri karta tur raharja |
basa nagara panjang |
mring adawa pranyatèku |
nagri dawa pocapannya ||

Jilid 4 - Kaca : 244

3.
Basa nagri punjung maring |
ing aluhur wus pranyata |
luhur tan na ngasorake |
kaluhuraning karatyan |
tur nagri pasir apan |
ngajêngakên muarèku |
anêngênkên bandar arda ||

4.
Ana basa nagri wukir |
de ngungkurkên parêdènnya |
apa basa nagri êloh |
de nagri kapit sabinan |
nagri ajinawi ka |
tulus kang sarwa tinandur |
murah kang sarwa tinumbas ||

5.
Tur murah kang sandhang bukti |
wadya alit datan ana |
kang kinaranglakkên rêke |
apa basa nagri karta |
tandha wadya lit miwah |
wadya tani kang angingu |
kêbo sapi bèbèk ayam ||

6.
Raina pantara ratri |
angglar wontên ing pangènan |
tan wontên kinandhangake |
saking kalis ing dursila |
kang sami dagang layar |
raintên pantarèng dalu |
datan kèndêl ing pakarya ||

7.
Basa nagri karta nênggih |
apratandha wadyabala |
saking ing nagari sanès |
kathah kang lajêng gagriya |
basa nagri raharja |
pratandha wadyabala gung |
tan wontên salayèng budya ||

8.
Sumungkêm prentahing aji |
tan ana kang cacêngilan |
tur ratu gêdhe obore |
sarta duwur kukusira |
atêbah kuncaranya |
babasan kang cêrak manglung |
kang adoh tumiyung samya ||

9.
Ing bulubêktinirèki |
sabên taun atur asrah |
glondhong pangarêng-arênge |
miwah asung pupundhutan |
lalabuhanning nata |
padosa ngarcapadèku |
satus tan angsal satunggal ||

10.
Sèwu sadasa tan manggih |
(m)babadi kang sukêt miwah |
ngobori kang pêtêng rêke |
awèh sandhang wong kawudan |
wèh songsong wong kodanan |
wèh têkên wong klunyon laku |
wèh kudhung wong kapanasan ||

11.
Awèh pangan wong kalantih |
sapa jujuluking nata |
Sri Kakrasana parabe |
iya Prabu Jaladara |
ya Prabu Baladewa |
Kusumawalikitèku |
mila parab Kakrasana ||

12.
Pranyata sri narapati |
wus gagadhangane karsa |
pramilanya jujuluke |
sang Aprabu Jaladara |
tatkalanirèng tapa |
kwasa ngambah mega pingul |
mila parab Baladewa ||

13.
Pranyata sinung wawangi |
marang Sang Hyang Girinata |
kalane ngarak kramane |
ingiring marang jawata |
pramila apêparab |
Kusumawalikitèku |
pranyata titising mudha ||

Jilid 4 - Kaca : 245

14.
Ning dadya sêpuh tur maksih |
anêtêpi taklimira |
marang kang rayi pamase |
tur sri siniyan jawata |
kinamulèn wranggana |
kinacèk samining ratu |
manawa ta ginunggunga ||

15.
Kawibawaning narpati |
sadalu tan na pêdhotnya |
pinunggêl kang murwèng criyos |
nuju miyos sinewaka |
wontên ing siti bêntar |
binaturata pinatut |
ingayap para wanodya ||

16.
Binusanan sêsotya di |
kang sami angganararas |
ilang ing kamanungsane |
kadya Hyang Bathara Brahma |
têdhak anganglang jagad |
ginarêbêg para arum |
lênggah ing dhampar kancana ||

17.
Pinatik nawarêtna-di |
pinalipit ing sosotya |
salênggahira sang katong |
lajêngnya sami kewala |
lan janturaning Krêsna |
sampun tamat mangkya ulun |
mêdhar janturan Ngastina ||

18.
Wiwit anênggih dumugi |
kapit ing samodra samya |
makatên ing salajênge |
botên wontên kados praja |
Ngastina ya Wastina |
ya nagri Gajahoyèku |
nagri panjang apunjungan ||

19.
Tur nagri pasir awukir |
loh jinawi gêmah ripah |
nagri karta raharja |
ana basa nagri panjang |
panjang marang adawa |
pranyata nagri kacêluk |
adawa pocapannira ||

20.
Basa nagri punjung maring |
ngaluhur pranyata praja |
luhur tan ana padhane |
kaluhuraning karatyan |
pasir madhêp muwara |
anêngênakên bandar agung |
basa awukir de praja ||

21.
Ngungkurkên parêdèn asri |
basa êloh dene praja |
kapit ing pasabinane |
ajinawi tulus ingkang |
sarwa tinandur dadya |
murah kang sarwa tinuku |
tur murah sandhang lan pangan ||

22.
De gêmah pratandha jalmi |
kathah kang sami gagriya |
basa aripah tandhane |
dadya kang sami adagang |
rintên dalu tan kêndhat |
datan wontên kèndêlipun |
basa nagara akarta ||

23.
Wadya alit wadya tani |
ingkang sami ingah-ingah |
kêbo sapi ayam bèbèk |
rintên dalu glar pangonan |
tan wontên kinandhangan |
saking kalis ing jalma dur |
basa kang nagri raharja ||

Jilid 4 - Kaca : 246

24.
Wadyabala agung alit |
nir kang salaya ing budya |
mituhu parentahe rajèng |
tan ana kang cacêngilan |
tur gri gêdhe obornya |
miwah dhuwur kukusipun |
adoh ing kuncaranira ||

25.
Basan kang prak manglung tuwin |
kang adoh tumiyung samya |
atur ing bulubêktine |
sabên ing sataun asrah |
glondhong arêng arêngan |
asung pupundhutannipun |
tan tanah Jawi kewala ||

26.
Nadyan tanah sabrang sami |
ngaturi bulubêktinya |
ing sabên kala mangsane |
lan lalabuhane nata |
narendra ing Ngastina |
ngupados ngarcapadèstu |
satus tan angsal satunggal ||

27.
Sèwu sadasa tan olih |
(m)babadi kang sukêt miwah |
ngobori kang pêtêng rêke |
awèh payung wong kodanan |
wèh têkên wong kalunyyan |
kapanasên sinung tudhung |
awèh sandhang wong kawudan ||

28.
Awèh boga wong kalantih |
sintên jujuluking nata |
Jayapitana pamase |
ya Prabu Gandariputra |
ya Prabu Kurupatya |
ya Sri Duryudana iku |
lire Sri Jayapitana ||

29.
Nata kalilan-ing Widdhi |
apa ing sapanêdhanya |
mila jujuluk sang katong |
Prabu Anggêndariputra |
pranyata ingkang putra |
Dèwi Anggêndari tuhu |
mila parab Kurupatya ||

30.
Pranyata ratunirèki |
Kurawa satus sêlapan |
mila malih jujuluke |
Sri Narendra Duryudana |
nyata suyut sadaya |
wadyabala kadangipun |
saking kaungkulan dana ||

31.
Ratu kinasiyan dening |
jawata kinamulènan |
wranggana widadarine |
kinacèk samining nata |
lamun ta ginunggunga |
ing kawibawaning ratu |
sadalu tan na pêdhote ||

32.
Pinunggêl kang murwèng kawi |
nuju miyos sinewaka |
nèng sitinggil binature |
ginarêbêg ing wanodya |
kang samya (ng)ganararas |
pinarak dhampar masta tur |
pinatik ing nawarêtna ||

Jilid 4 - Kaca : 247

33.
Pinalipit ing sotya di |
ilang kamanungsanira |
lir Hyang Bayu tatkalane |
tumêdhak anganglang jagad |
ginarêbêg waranggana |
salênggahing dhampar prabu |
ing salajêngipun samya ||

34.
Apan kadi janturaning |
narendra ing Dwarawatya |
Mas Cêbolang lingira lon |
lêrês turut sadayanya |
sampuning pasewakan |
kocap kang nèng ngarsa prabu |
salisir-ipun ki dhalang ||

313 Salisir

1.
Sèh Matyasta lon lingira |
hèh Pêngawe wêdharêna |
janturane Hyang Prawata |
manêmbah matur sandika ||

2.
Anênggih pundi ingkang ka |
-eka adi dasa purwa |
eka mring sawiji nyata |
adi mring luwih punika ||

3.
Dasa sapuluh wêrdinya |
purwa wiwitan jinarwa |
mangke ta ing Suralaya |
ingkang kinarya bubuka ||

4.
Iya ing Jonggringsalaka |
iya ing Papagyawarna |
pae ratu marcapada |
kang ginunggung wibawanya ||

5.
Lan pambêganing narendra |
sugihe jajahan lawan |
agênging ing nagararja |
ing Suralaya ta boya ||

6.
Namung ing wisesanira |
awênang lamun misesa |
tan wênang yèn winasesa |
awênang lamun amurba ||

7.
Datan wênang yèn dènpurba |
wênang ayoga tan wênang |
lamun yèn dèn-yogyakêna |
sartane wênang akarya ||

8.
Datan wênang yèn kinarya |
sapa jujuluking jawata |
kang ngadhaton Jonggringslaka |
ya Bathara Girinata ||

9.
Bathara Siwahabuja |
ya Bathara Nilakantha |
ya Bathara Gurutama |
mila parab Girinata ||

10.
Giri dhuwur wêrdinira |
nata ratu dhasar nyata |
ratu kang luhur pribadya |
pramila jujulukira ||

11.
Bathara Siwahabuja |
nyata astane sakawan |
mila parab Nilakantha |
apranyata ciri (ng)gènnya ||

Jilid 4 - Kaca : 248

12.
Ing tênggoke bêlang seta |
pramila bêlang kalanya |
ngunjuk toya clêkuthana |
mila jujuluk Bathara ||

13.
Guru nyata gurunira |
para jawata sadaya |
kalamun tan ginunggungan |
kluhuran lan wisesanya ||

14.
Sadalu tan na pêdhotnya |
pinunggêl kang murwèng kawya |
Bathara Siwababuja |
nuju miyos sinewaka ||

15.
Munggèng bale Martyukundha |
siniwèng para jawata |
lawan para rêsi samya |
wiku nèng ngarsane nata ||

16.
Sampun tamat mung punika |
janturan Hyang Girinata |
Matyasta malih ngandika |
jujuluking para nata ||

17.
bêcik sira wêdharêna |
kang kanggo jêjêr kewala |
mupung ana sêksinira |
Pangawe nêmbah sandika ||

18.
Narendra nagri Wiratha |
Sri Basukêthi wêrdinya |
pratandha ratu kang bisa |
gawe swara pamicara ||

19.
Sri nata ing Durgandana |
ewuh yèn ginawe ala |
iya Prabu Masyahpatya |
tandha tan wêdi palastra ||

20.
Sri narendra ing Madura |
Sang Aprabu Kunthibuja |
tandha sri bêtah nastapa |
Sri Basudewa Madura ||

21.
Tandha sri lwih wicaranya |
Prabu Bismaka Kumbina |
tandha ratu kang nganggya |
gêm-agêmaning pandhita ||

22.
Sri narendra Nglesanpura |
Prabu Satyajit parabnya |
pratandha sri naranata |
sêtya tuhu ciptanira ||

23.
Maha prabu Ugrasena |
ratu amêngku wêrdinya |
de nata Cêmpalarêja |
jujuluk Prabu Sucitra ||

24.
Ratu lwih sêsêratannya |
paparap Ratu Drupada |
pratandha sri naradipa |
tan prayoga watêsira ||

25.
Sri narendra Mandaraka |
Sang Aprabu Narasoma |
pratandha ratu kang sonya |
jujuluk Narpati Salwa ||

Jilid 4 - Kaca : 249

26.
Apratandha ratu ingkang |
gèsèh punika wêrdinya |
nuwun sampun mung punika |
lêpat lêrêse sumangga ||

27.
Cêbolang alon lingira |
saking ing pangraoskula |
pan sampun lêrês sadaya |
Sèh Matyasta angandika ||

28.
Pangawe lah wêdharêna |
ada-adane sri nata |
ngadhaton kandhêg gapura |
manêmbah matur sandika ||

29.
Lumiyating kawiryawan |
kadhaton pindha kaswargan |
gapura lir merutula |
pattyaka manik dumilah ||

30.
Sênênning kumala muncar |
kasorotan ing raditya |
inêping gapura gêdhah |
rineka jalma pasihan ||

31.
Lumiyat wêrdi ningali |
de ing kawiryan têgêsnya |
kawiryaning kraton ika |
lir ingga tumrun kang swarga ||

32.
Wêrdi kadhatone kaya |
swarga ngalih ngarcapada |
gapura lir merutula |
têgêse rikang gapura ||

33.
Yèn sinawang kadi arga |
mahamèru gêng inggilnya |
patyaka manik dumilah |
kasorotan ing raditya ||

34.
Wêrdi pucaking gapura |
manik agêng kang kinarya |
dumilah mancorong ika |
amadhangi kasorotan ||

35.
Dening Hyang Pratanggapatya |
pama lir surya tumiba |
kasangga pucak gapura |
inêping gapura endah ||

36.
Wêrdi inêpe gapura |
kaca kang digawe ika |
rineka jalma pasihan |
wêrdi inêping gapura ||

37.
Kaca dèntulis sujalma |
jalu kalawan wanudya |
lamun minêp kadi lagya |
papasihan de yèn mênga ||

38.
Kadi jalma sasêmayan |
nahan ta kaya mangkana |
upa-rêngganing gapura |
tliti pan namung punika ||

39.
Cêbolang mèsêm lingira |
sampun kacêkap punika |
angling malih Sèh Matyasta |
Pangawe kalamun sira ||

40.
Kaelingan janturane |
ratu ing wayang gêdhoge |
nuwun kathah ingkang supe |
awit botên nate kangge ||

41.
Cêbolang matur manawi |
punika kakang Nurwitri |
apil ing sadayanèki |
wit rêmênira nglangkungi ||


   kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (27) Kaca 234 – 235
  • (29) Kaca 250 – 260 >