Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434668
Hari ini     :Hari ini :68
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :134
Bulan ini   :Bulan ini :3297
s/d hari ini   :s/d hari ini :434668
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 7

Kontak Admin.

email-kidemang

 (29) Kaca 250 – 260

 

( Mbèbèr janturan ringgit gêdhog jêjêr Janggala )
Gêntos Nurwitri kadhawuhan mbèbèr janturan ringgit gêdhog jêjêr Janggala.
Lajêng kadhawuhan nêrangakên asmaning para ratu dalah patihipun, wiwit ratu ing Mêdhangkamulan, Majapait, Janggala, Ngurawan, Singasari
Kaca 250 - 260

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 4 - Kaca : 250

313 Salisir

42.
Kita durung tau krungu |
apa kèh bedane iku |
karo kang kawêdhar mau |
kathah kaote saèstu ||

43.
Ringgit gêdhog langkung panjang |
bubukanya Ilahèngan |
Nurwitri pamintaningwang |
wêdharêna aja wangwang ||

44.
Lagon pelog tandya buka |
Hong ilahèng awigêna |
mastu namas-siddhi ana |
aratu langkung sudibya ||

45.
Pranatèng rat pramuditya |
lila sêkaring buwana |
amastutiyèng jawata |
ing Sang Hyang Wisesa linang ||

46.
Cana-cana mastutiyèng |
jawata Sang Hyang Wisesa |
ya hong swasana pratistha |
makutha kathung kasiya ||

47.
Ya hong swasana pratistha |
makutha kathung kalapi |
iya wong witning musthika |
sari durung mantra-mantra ||

48.
Wetan angêndhanu kulon |
tatkala Ki Dhalang-jati |
nyritakake Sukma-jati |
anangsir rupa nir rupa ||

49.
Anggronjal sinung mayoga |
kawikannana dènnira |
ing satuhu-tuhunira |
kang amurbèng rat kapuja ||

50.
Bubukane dènnya nêdhak |
nukil Srat Kalimasada |
pan katêdhak ing dalancang |
dados ringgit bèbèr nama ||

51.
Kalampahan jaman purwa |
kang dados kalangênannya |
ingkang amêngku nagara |
ila-ilane punika ||

52.
Anggêmahakên ing desa |
barêkat mupakat barkat |
ing ratu tumrah sapraja |
babon maninjak(?) katêdhak ||

53.
Rontal dados ringgit purwa |
taksih lalampahannira |
jaman purwa inggih dadya |
kalangênannira ingkang ||

54.
Amêngku nagara Jawa |
ila-ilane punika |
angarjakakên nagara |
babonne maninjan(?) nulya ||

55.
Pan katêdhak ing wacucal |
dumadya kang ringgit purwa |
lampahan ing jaman purwa |
inggih dadya kalangênan ||

Jilid 4 - Kaca : 251

56.
Ingkang mêngku nagri Jawi |
ila-ilane mêwahi |
kartaning jaman sayêkti |
babonne maninjan(?) -jati ||

57.
Katêdhak wacucal malih |
santun wangunaning ringgit |
ringgit gêdhog wastanèki |
lêlampahanning narpati ||

58.
Akêkadang sami aji |
atut rukun dènnya sami |
akêkadang sri bupati |
(ng)gih dados klangênannèki ||

59.
Kang amêngku nagri Jawi |
ila-ilane mêwahi |
rarasing nagari Jawi |
babonne maninjan(?) -jati ||

60.
Katêdhak ing kajêng miring |
dados ringgit krucil nami |
utawi klithik namèki |
lampahannya ratu èstri ||

61.
Ing Majalangu kang nagri |
(ng)gih dados klangênannèki |
kang mêngku nagri Jawi |
ila-ilane mêwahi ||

62.
Sangkêpe lalangên tumrah |
sawadyabala sadaya |
têlas têpa palupinya |
anênggih kang dhalang Jawa ||

63.
Ing sangkane ana jalma |
ngêdhog dongèng nopèng ika |
ingkang kinarya lampahan |
Panji kalawan Kirana ||

64.
Na wong tuwa nini-nini |
andongèngke putunèki |
ingkang anêmbe dumadi |
pangantèn anyar supadi ||

65.
Gêlis atut kang kinarya |
lalampahan datan liya |
Panji kalawan Kirana |
sigêg gya mocung Sèbêt byar ||

314 Pocung

1.
Katalika mangke wontên kapanuju |
kinarya bubuka |
anênggih nagri ing pundi |
kang kaeka ingkang adi dasa purwa ||

2.
Eka maring, sawiji adi mring luhung |
dasa ya sadasa |
purwa wiwitan sayêkti |
pan wênange ngucapêna titahing Hyang ||

3.
Girinata, sanadyan kathaha iku |
kang sami kasangga |
pratiwi kungkulan langit |
miwah ingkang kaapit-apit samodra ||

4.
botên wontên, kadi nagri ing Jênggala |
pramila ing praja |
Jênggala pinurwèng kawi |
dènirèstu nagri panjang apunjungan ||

Jilid 4 - Kaca : 252

5.
Tur nagari pasir awukir satuhu |
loh jinawe miwah |
nagri gêmah ripah tuwin |
karta harja punapa abêbasannya ||

6.
Winastanan nagari panjang puniku |
panjang mring adawa |
adawa pocapannèki |
de bêbasan winastan nagri punjungan ||

7.
Wardinipun, punjung maring ingaluhur |
de ngaluhur datan |
wontên ingkang angungkuli |
ing kaluhuranne nagari Jênggala ||

8.
Nagri pasir basa pasir samodra gung |
ngajêngkên muara |
nêngênkên bandar mawêrdi |
de nagari awukir ngungkurkên arga ||

9.
Winastanan nagri êloh wardinipun |
loh mring pasawahan |
kang tinandur tulus dadi |
tur amurah tinumbas sandhang lan pangan ||

10.
Wadya alit botên wontên ingkang dipun |
karanglakkên dèn ta |
gêmah ing akathah yêkti |
titiyang kang sami gagriya angrêdda ||

11.
Nèng sajroning nagara bêntêt pinatut |
winastan aripah |
tiyang kang sami gêgrami |
siyang dalu lumêbêt sajroning praja ||

12.
Anglur sêlur datan wontên pêdhotipun |
saking nagri manca |
awit tan wontên kuwatir |
ingkang dipun-sangsayakakên ing marga ||

13.
De winastan nagari karta punika |
marang kasantosan |
de wadya lit wadya tani |
ingkang sami ngon-ingon lêmbu maesa ||

14.
Miwah bèbèk ayam ing raintên dalu |
aglar nèng pangonan |
datan wontên dipun-giring |
kinandhangan saking kalis ing dursila ||

15.
Winastanan nagari harja puniku |
marang kapênêdan |
de abdidalêm kang sami |
mlampah damêl sabiyantu ring kabudya ||

16.
Tur angèstokakên parentahing ratu |
jrih asih mring nata |
tur nata gung obornèki |
myang aluhur kukuse doh kuncaranya ||

17.
Basaning kang pêrak mayuk doh tumêlung |
ing bulubêktinya |
sabên kalamangsa prapti |
asrah glondhong pangarêng-arêng kalawan ||

Jilid 4 - Kaca : 253

18.
Angaturi ing sapamundhutanipun |
lan lalabuhannya |
Brawijaya narapati |
ngupadosa sajroning kang madyapada ||

19.
Satus datan antuk satunggal yèn sèwu |
tan angsal sadasa |
(m)babati kang sukêt tuwin |
angobori kang pêtêng wèh sandhang marang ||

20.
Wong kawudan wèh pangan kang klantih asung |
kudhung kapanasan |
awèh payung wong kariris |
awèh têkên wong kalunyon amrih harja ||

21.
Tur ta ratu sinihan mring jawata gung |
kinamulèn para |
widadara widadari |
kinacèk ing sasaminira narendra ||

22.
Pan sadalu botên wontên pêdhotipun |
mangke pinunggêl kang |
amurwa mêdhar kakawin |
wus tartamtu wong agung ing jaman kuna ||

23.
Yèn amiyos siniwaka tarlèn amung |
ri Soma Rêspatya |
mangke nuju ri Rêspati |
pêpak wadyabala kang sami sumewa ||

24.
Bo agêlar wontên pasowanannipun |
piyambak-piyambak |
kang sowan nèng sripanganti |
iya para bupati gêdhong kaparak ||

25.
Sakaliwon panèwu myang mantrinipun |
kapdhak sakrakyana |
jagabaya ingkang sami |
têngga kori ing regol ing sripangantya ||

26.
Ambèr dugi kori kamandhunganipun |
ya abdi kaparak |
pinilih kanoman nênggih |
asisihan kalawan wong patrayuda ||

27.
Bo amèr ing sajawine kori mandhung |
sintên kang asowan |
(n)jawining mandhungan kori |
didalêm kaparak miji tanuastra ||

28.
Bo amblèbèr dumugi salêbêtipun |
kori brajanala |
sintên kang sowan sajroning |
brajanala ya abdidalêm kaparak ||

29.
Singamarta kalawan Kartiyasèku |
ambèr sajawinya |
kori brajanala nênggih |
kang asowan sajawining brajanala ||

Jilid 4 - Kaca : 254

30.
Abdidalêm kaparak wiryabrajèku |
lawan Brajanala |
dumugi ing Sitiinggil |
sapa sintên kang sowan ing sitibêntar ||

31.
Abdidalêm panèkêt panalawèku |
kabayan kaparak |
nirbaya nirbita tuwin |
jodhipati saragni wisapracandha ||

32.
Wadya nyutra astra nangga jagapurun |
mandhung maudara |
ambèr mangalèr dumugi |
saklering kang kagungandalêm witana ||

33.
Sintên kang asowan ya wadya kêtanggung |
ing gandhok kalawan |
gandhok mantri anom tuwin |
abdidalêm niyaga lawan majêgan ||

34.
Kadi dhoyong pancaksuji sitiluhur |
kalèndhèhan bala |
kang sowan ambèr dumugi |
sangandhaping sitinggil sintên kang sowan ||

35.
Kiwa têngên (n)dhak-undhakan sitiluhur |
didalêm kaparak |
Martalulut singanagri |
lawan wadya ngupacara priyantaka ||

36.
Kang angampil songsong bawating kaprabon |
lan waos sanjata |
ulêsan sangkêlat abrit |
jurudêmung bo ambèr ing pagêlaran ||

315 Jurudêmung

1.
Sapa sintên kang asowan |
nèng ing pagêlaran nênggih |
sira mantriwisesa nung |
Kyai Patih Kudanawarsa |
myang pra punggawa tumênggung |
sinang arya pandêlêgan |
kandhusuwan kiwanipun ||

2.
Andhaloi pêcattandha |
dêmang rangga ngabèi iku |
jajar lan para putra nung |
miwah kang para santana |
aglar ing paglaran wimbuh |
warna-warna busananya |
surêm sang Hyang Rawi kusut ||

Jilid 4 - Kaca : 255

3.
Kasênênanning busana |
bo ambèr sajuru-juru |
maring pakapalannipun |
pra mantri kang sami sowan |
sampun tartamtu wong agung |
ing jaman kina yèn arsa |
miyosi siniwakèku ||

4.
Ngungêlkên sanjata inggar |
ambal kaping tiga namung |
kang nyulêt bageyannipun |
para nyai narantaka |
punapa antawisipun |
tangara mungêl sapisan |
apratandha yèn sang prabu ||

5.
Arsa miyos siniwaka |
obah ingkang para wadu |
ingkang (ng)gadhahi puniku |
kawajiban cacêpêngan |
ngudhunkên cêpênganipun |
panah gandhewa sanjata |
waos tamèng towok tulup ||

6.
Yèn têngara mungêl ingkang |
ping kalih obah sadarum |
kawula wadyabalèku |
mirantos panggenannira |
rakit ing sajuru-juru |
yèn amungêl kaping tiga |
obah bupati tumênggung ||

7.
Myang mantri kang sami sowan |
kang leyangan gandhagèku |
ngundurkên gêndhaganipun |
kang leyangan êpokira |
angundurkên êpokipun |
kang lênggah ing lante samya |
angundurkên lantenipun ||

8.
Pratandha yèn Brawijaya |
wus têdhak saking kadhatun |
mangke kang gathita têrus |
mungêl kang sanjata linggar |
salêbête kadhaton gung |
orêg kawula sadaya |
kang samya sowan sadarum ||

9.
I prikanca amêndhaka |
sila braja makidhupuh |
aja awor aja campur |
têngaradalêm wus munya |
arsa umiyos wong agung |
kawula kang samya darbya |
cacêpêngannya sadarum ||

10.
Angudhunkên cacêpêngan |
mungêl kalih têngarèku |
kang sanyata linggar gur |
orêg bala kwula wadya |
priyayi kanca dene sru |
têngaradalêm rinambah |
arsa umiyos wong agung ||

11.
Sakèhe kawula bala |
kang sami jajar ing ngayun |
amirantos prênahipun |
sowang-sowang rakit tata |
Patih Kudanawarsèku |
kakang Mênggung pangêncanan |
wontên punapa nindya-nung ||

Jilid 4 - Kaca : 256

12.
Pêkênira pirsa kakang |
kang sun-jajari sadarum |
tinata-a manggènnipun |
ywa kalèru panggênannya |
pan arsa miyos wong agung |
inggih ki lurah sandika |
dhawuh punapi wus atus ||

13.
Ênggèh nuli kapirsa-a |
kanca kabayan sadarum |
prênahna kang padha ayun |
anjajari manggonnira |
aja na nganti kalèru |
panggonanne kadi saban |
mungêl malih têngara gur ||

14.
Obah kwula wadyabala |
kang leyangan gêndhagèku |
ngundurkên gêndhaganipun |
kang leyangan êpoknya |
ngundurkên êpokipun |
kang lênggah ing lantenya |
angundurkên lantenipun ||

15.
Tan antara kang para dyah |
kakalih anyothe dhuwung |
mudhun saking sitiluhur |
(n)dhawuhkên timbalan nata |
praptèng ngarsaning nindya nung |
Ki Patih Kudanawarsa |
dhawuh dalêm sang aprabu ||

16.
Ijêngandika ngandikan |
(ng)gèh sandika aturipun |
bocah kapatiyan mêdhung |
lajêng sarta mamêndhapan |
kapêthuk ing pra gustiku |
kerit minggah sitibêntar |
miyos siniwaka prabu ||

17.
Brawijaya ing Jênggala |
wontên siti inggil binatur |
rana ginarbêg sadarum |
kang sami angganararas |
lênggah ing dhampar mas murub |
pinatik ing nawa rêtna |
tinarètès sosotya-nung ||

18.
Ujwala pindha sudama |
alêlèmèk kasur alus |
babut prang wêdani luhung |
têka nir kamanungsannya |
kadya Hyang Cakra tumurun |
nganglang jagad ginarbêg dyah |
widadari kang linangkung ||

19.
Salênggahira dhêdhampar |
Brawijaya sang Aprabu |
ingkang sewaka sadarum |
têka lêrêp sirêp samya |
tidhêm pramanêm mabukuh |
botên wontên prabawanya |
walang salisik tan purun ||

Jilid 4 - Kaca : 257

20.
Gigodhongan tan obah |
samirana tan lumaku |
tan wontên swara karungu |
saking ing paglaran tan lyan |
swaraning abdi kang nambut |
-karya ya abdi kêmasan |
gêndhing pandhe cat karungu ||

21.
Kadhang cat botên kapirsa |
lawan swaraning pêksi êngkuk |
myang kang paksi jalak-pênyu |
kang mencok nèng kajêng gurda |
têka amêwahi mungguh |
wingiting kang pasewakan |
sintên jujulukipun ||

22.
Ajujuluk Brawijaya |
iya Lêmbu Amiluhur |
Brawijaya Jayèngpupuh |
Anjayèngpati pêparab |
ya Andewakusumèku |
têgêse kang Brawijaya |
kang basa Bra têgêsipun ||

23.
Anyarambahi ing kathah |
têgêse wi luwih langkung |
jaya mênang wardinipun |
wêrdinipun Brawijaya |
ratu linuwih satuhu |
kathah kawicaksanannya |
tuwin kadikdayanipun ||

24.
Lêmbu Amiluhur ika |
lêmbu kang kuwasa mabur |
angambah ing madya luhur |
têgêse Anjayèngrana |
asring mênang ing apupuh |
Anjayèngpati wêrdinya |
kang digdaya ing apupuh ||

25.
Tur mênang arêbat pêjah |
de Andewakusumèku |
basa dewa pan linangkung |
kusuma sêkar kang warna |
adi gandanira arum |
mila miyos siniwaka |
Sang Prabu Brawijayèku ||

26.
wontên kang ginalih mila |
animbali sang nindya nung |
minggah maring sitiluhur |
pinandêng ing tingal dadya |
tumungkul amarikêlu |
kaya konjêm ing pratala |
wadanane sang nindya nung ||

27.
Nurwitri alon lingira |
mung samantên èngêtulun |
Matyasta suka lingipun |
apa ana bedanira |
janturanne angêdhatun |
wayang gêdhog lawan purwa |
inggih wontên sanèsipun ||

Jilid 4 - Kaca : 258

28.
Kalamun sira kèngêtan |
kadhatonan gêdhog jantur |
iya saeling-elingmu |
reyang kapengin miyarsa |
Nurwitri anulya (n)jantur |
awit jêngkar angadhatyan |
dumugi ing kèndêlipun ||

29.
Sabdaning pandhita nyata |
pangandikaning sang prabu |
tan kêna amindho wuwus |
barang kang dènandikakna |
sapisan tan kenging wangsul |
têdhak saking ing dhêdhampar |
arsa kondur angêdhatun ||

30.
Sinongsongan kêrtas jênar |
mubyar pinarada êbyur |
para biyada gumuruh |
kang sami ngampil pacara |
talêmpak landheyan wargu |
sinulam kancana mulya |
myang waos agêm sang prabu ||

31.
Kang ngampil capuri jajar |
lawan gandhèk anèng ngayun |
lawan pangunjukanipun |
kêndhi pratala kancana |
nèng bokor kancana murub |
lan dhampar kancana mulya |
kêbut lar manyura luhung ||

32.
Munggèng kering miwah kanan |
pantês tan na wingwang tuhu |
Brawijaya Janggalèku |
ayun kondur angêdhatyan |
lampahe lir macan angluh |
lembehan korakan kontal |
riyakan gajah aliwung ||

33.
Ginarêbêg ing badhaya |
kawan lajur sisihipun |
pra wanudya ayu-ayu |
kang sami endah warnanya |
sajari tlapakanipun |
kang samêkan têngahira |
payudara mandul-mandul ||

34.
Kang mlok-mêlok wadananya |
rompyoh-rompyoh sinomipun |
ngampil upacara prabu |
sap-asta mas banyakdhalang |
kukuthuk sababonipun |
sawunggaling rêndhi-kidang |
liman ardawalikèku ||

35.
Lantaran sopal kancana |
pakêcohan rukmi murub |
kang cakêt ing ngarsa prabu |
têka nir kamanungsannya |
kaya jawata tumurun |
amilanglang ing bawana |
widadari grêbêg pungkur ||

36.
Kèndêl ing pundi sri nata |
dènnira arsa ngadhatun |
kèndêl wontên madyanipun |
ingkang bale sokasana |
ajumênêng sartanipun |
leyangan lare wujul myang |
nolèh kiwa têngênnipun ||

Jilid 4 - Kaca : 259

37.
Sapa sintên kang atampa |
sêdu malêm sang aprabu |
iya nimbok Sêpêtmadu |
myang (m)bok Madu-pinasthika |
nêmbah gya lumajêng gupuh |
dhatêng ing wana Pucangan |
angaturi ing wong agung ||

38.
Guruning putri wus tamat |
samantên kèngêtanulun |
ya Nur saka pangrasaku |
cukup turut kang ukara |
priye Pangawe sirèku |
lah (m)bok iya angapalna |
têmbe yèn ana kang ngangsu ||

39.
Pangawe nêmbah turira |
kajawi wontên kalaku |
wêgah saking panjangipun |
Sèh Matyasta malih mojar |
Nurwitri yèn sira emut |
jujuluking para nata |
lawan patih Gambuh-ipun ||

316 Gambuh

1.
Nurwitri nêmbah matur |
saking rêmên dadya maksih emut |
jujuluking ratu jêjêring kang ringgit |
gêdhog mênggah para ratu |
umpak-umpakaning katong ||

2.
Brawijaya rumuhun |
de wêrdinya wus kasêbut ngayun |
lajêngipun punika namining aji |
Mêndhangkamulan rumuhun |
Jayalêngkara sang katong ||

3.
Wardi sangêt satuhu |
nganggit tingkah kapênêdan luhung |
ratu Majapait kang sêpuh winarni |
Teja-alêngkara prabu |
wêrdi nguningani yêktos ||

4.
Panganggit tingkah tanduk |
kapênêdan Sri Tejangkarèku |
têmbung wancah wardinipun sami ugi |
ing Janggala Amiluhur |
ing wau sampun kacriyos ||

5.
Sri Kadhiri winuwus |
Lêmbu Amijaya têgêsipun |
lêmbu ingkang mêjahi samining sapi |
ya Jayanagara èstu |
lalananging nagri yêktos ||

Jilid 4 - Kaca : 260

6.
Sri Ngurawan winuwus |
Lêmbu Amisani têgêsipun |
lêmbu ingkang amisesa ya sang aji |
Lêmbu Sangara pan lêmbu |
sagêd ngambah ing toya rob ||

7.
I Jayasana prabu |
sagêd manggènnakên sliranipun |
mangkya jujuluking ratu Singasari |
Lêmbu Mangarang sang prabu |
lêmbu kang sagêd basa wong ||

8.
Ya Lêmbu Amêrdadu |
wêrdi lêmbu kang lêmês kang alus |
ya Sri Anjawantaka têgêsnèki |
kang digdaya ing prang pupuh |
mangkya para patih gumantos ||

9.
Ing Janggala prajagung |
Kya Kudanawarsa têgêsipun |
kuda aran titihan na awêning |
warsa tuduh ingkang jawuh |
pikir lir dhawah ing jawoh ||

10.
Tur padhang rosa pêngkuh |
gantya patih Kadhiri winuwus |
nindyamantri Jayabadra têgêsnèki |
kasagêdan pindhanipun |
padhanging wulan mêncorong ||

11.
Ngurawan patihipun |
Jayasinga mênggah wêrdinipun |
jaya mênang singa macan kajêngnèki |
sagêd tur mênang apêngkuh |
ing Ngurawan winiraos ||

12.
Jayakacêmba èstu |
winardènan bangkit awor lêmbut |
miwah kasap tilas namanipun patih |
Ki Matyasta manthuk-manthuk |
wasana ngandika alon ||

13.
Pangrunguku wus dangu |
unine kang bêdhug iku mau |
wus sêdhênge wêktu sêmbahyang Luhur-i |
prayoga ngasoa kulup |
nadhah banjur wêktu Lohor ||

14.
Ingkang kinèn wus mundur |
maring tajug nadhah tuwin wêktu |
tan cinatur ratrinya lir sabênèki |
enjinge sawusnya muruk |
samya nèng pandhapa (n)jagong ||

15.
Matyasta lingira sun |
nutugake wingi kang kacatur |
janturanne wayang gêdhog waduaji |
akèh kang nora kasêbut |
kang padha sumiwèng katong ||


   kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (28) Kaca 236 – 249
  • (30) Kaca 261 – 273 >