Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434668
Hari ini     :Hari ini :68
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :134
Bulan ini   :Bulan ini :3297
s/d hari ini   :s/d hari ini :434668
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 6

Kontak Admin.

email-kidemang

 (32) Kaca 279 - 282

 

( Ki Jamal manggihi Mas Cêbolang sami kaajak
dhatêng griyanipun )
2. Pêngulu Ki Jamal manggihi Mas Cêbolang sasantrinipun sami kaajak dhatêng griyanipun, lajêng dipunsukani pondhokan ing griya alit cêlak regol. Sasampunipun kêmbul nêdha kalêbêt semahipun Ki Pêngulu kalih pisan, Mas Cêbolang lajêng nyukani angsal-angsal sarêm plêtuk, trasi gèsèk, dhorang, gêrèh layur, tigan pasir lss. Adamêl gumunipun nyai pêngulu jalaran dhatêngipun botên katingal nyangking punapa-punapa
Kaca 279 - 282

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 4 - Kaca : 279

320 Kinanthi

49.
Pintên banggi yèn sarêju |
mondhok nèng pangulon wajib |
kiyai tan kenging selak |
mancêrêng Kyai Jamali |
sira iku tanpa etung |
durung tamtu (n)tuk lih-ulih ||

50.
Kelangane wus tartamtu |
rêkasa kanggo (m)baoni |
cikbèn sakarone ika |
Nyi Jamali angling malih |
kyai saking pamyarsèngwang |
cariyose dalêm Kadis ||

51.
(n)Jêng Nabi Brahim kalangkung |
asih ngormati têtami |
(m)botên mawi mawang jalma |
utawi kula miyarsi |
gotèking tyang sambiwara |
niku santri ing Mantawis ||

52.
Kasagêdanira mashur |
rapal makna murad wasis |
dhatêng raos wus sampurna |
gêndhing-gêndhing amumpuni |
ngèlmu singkir wus nêlas |
kathah kang sampun udani ||

53.
Criyose nalikanipun |
wontên kajoran utawi |
wontên krajan Paricara |
talatah ing Wanagiri |
angêdalakên mangunah |
langkung ajaib-ajaib ||

54.
Lawan sintên tiyangipun |
ingkang kanggenan gus santri |
wus dilalah karsa Allah |
andhatêngakên rêjêki |
kados pados pasugihan |
mila kang sampun miyarsi ||

55.
Ngucali pating bilulung |
pinrih aso wismanèki |
Ki Jamali duk miyarsa |
ulat ajèr wacana ris |
(m)bokne prakara katunan |
iku nora dadi ati ||

56.
Uwis dadi kwajibanku |
kudu (m)bêciki têtami |
sukèng tyas ling wau mila |
kiyai kula-aturi |
nuntên-nuntên manggihana |
iya (m)bokne dimiranti ||

57.
Saanane susuguhmu |
mung ywa nganti nguciwani |
ki pangulu gya tumindak |
mring masjid agung dèniring |
santri tri (m)bêkta padudan |
(m)bêkta epok kang sawiji ||

58.
Duk prapta taritisipun |
surambi pangulu myat ing |
warnanira Mas Cêbolang |
ngunandika jroning ati |
dudu santri sabarangan |
warnane bagus rêspati ||

Jilid 4 - Kaca : 280

59.
Lawan cahyane sumunu |
gya minggah srambi murugi |
tundhuk samya sasalaman |
ki pangulu lingira ris |
anak kula nilakrami |
dhumatêng sang anom pêkik ||

321 Sinom

1.
(ng)Gèr sintên ingkang sinambat |
miwah kawijilan nguni |
tanapi sêdyaning karsa |
[.
.
.
] |
Cêbolang namamami |
dene rencangulun catur |
Nurwitri Ki Saloka |
Kartipala Palakarti |
asal saking dhusun kabawah Mantaram ||

2.
Sakawit èsthining manah |
yun ngaos mring Pranaragi |
nanging marga dèrèng wikan |
têmah kasasar dumugi |
Pacitan pantog tasik |
dumadya tyasulun liwung |
manut krêdyating manah |
tumindaking suku kalih |
tanpa sêdya pindha katiup maruta ||

3.
Tan ketang bayaning marga |
palaling Hyang Maha Sêkci |
têtêping asih kasiyan |
lami-lami praptèng ngriki |
kyai pangulu mami |
linêpatna saru-siku |
sarèhning katambêtan |
kamipurun nilakrami |
sinambating kang sih tuwin kalênggahan ||

4.
Ki pangulu langkung eram |
miyarsa têmbung mrakati |
manis amamalating tyas |
wasana alon dènnya ngling |
ulun Kyai Jamali |
pangulu satlatahipun |
nagari Wirasaba |
kinasih sang adipati |
bilih wontên ruwêt rêntênging wardaya ||

5.
Ulun kagêm sarasehan |
sinorohan kang wawadi |
(n)dilalah karsaning Allah |
punapa saaturmami |
kagêm sagêd mudhari |
rupêg rêntênging tyas giyuh |
dhuh ênggèr yèn sambada |
sadayanya ulunpurih |
kaparênga lèrèh wontên wismaningwang ||

6.
Cêbolang mèsêm lingira |
dhuh kyai pandoming nagri |
saking ajrih bilih dadya |
rêrêgêd ribêting galih |
têmahan antuk sarik |
tangèh lamun damêl sarju |
mila panuwuningwang |
kaparênga ing panggalih |
ulun lèrèh wontên ing srambi kewala ||

Jilid 4 - Kaca : 281

7.
Têkèng dalu enjang bidhal |
pangulu datan nauri |
Mas Cêbolang gya cinandhak |
kinanthi tandya lumaris |
rencang catur tutwuri |
praptèng pangulon jumujug |
pandhapa wus ginlaran |
klasa batu miwah lampit |
Nyi Jamali kang mudha ngrakit sunggata ||

8.
Pangulu myang tamunira |
wus pinarak ing pandhapi |
lumadi kang pangudutan |
pamucangan gantèn wangi |
tinungka wêdang kopi |
gêndhis têbu prêsan wêdhus |
nyanyamikan mawarna |
ki pangulu ngancarani |
lah sumangga (ng)gèr sakawontênannira ||

9.
Sunggatanipun ki bapa |
prayogi dipunrahabi |
mucang êsês gya gugurah |
waja lajêng minum kopi |
nyamikane sinambi |
Cêbolang sarencangipun |
ngrahabi pasunggata |
kyai pangulu ngling malih |
sêrêp ulun saking êmbok jêngandika ||

10.
Nyaiulun ingkang mudha |
cariyosipun taksih |
nalika wontên Kajoran |
sarta wontên Wanagiri |
saking kang sampun uning |
para sambiwara bakul |
Cêbolang mèsêm lingnya |
sampun pitados pawarti |
èstonipun ulun santri punggung laka ||

11.
Dayaipun mung pariman |
ki pangulu anyêblèki |
iyah kok sing ora-ora |
èstune ulun wus myarsi |
tanapi sang dipati |
sring raosan maring ulun |
sangêt ayun uninga |
dhatêng santri ingkang nami |
Ki Nurwitri lawan Kimase Cêbolang ||

12.
Saking adrênging kang karsa |
Gusti Allah anjurungi |
mangke sabakdaning Ngisa |
ingsun sowan atur uning |
Cêbolang lingira ris |
ulun sumangga sakayun |
kadi angganing ulam |
kang wus tinata nèng piring |
badanulun sakanca (n)dhèrèk kewala ||

13.
Pangulu nolèh mring wisma |
èh rubiyah lamun uwis |
(ng)gonmu ngrukti suguh nadhah |
mara ladèkna pribadi |
nyi pangulu gya mijil |
kang tuwa ambêkta bucu |
kang ênèm (m)bêkta ajang |
[.
.
.
] |
nyamikan lan wedang sumingkir nganan ||

14.
Rampung panataning nadhah |
pangulu angling mring rabi |
karo padha bagèkêna |
marang anakmu ki santri |
ywa taha-taha sami |
sanadyan nêmbe katêmu |
rasaning manahingwang |
wus kadi kulina lami |
kang sinung ling ganti-ganti sung pambagya ||

Jilid 4 - Kaca : 282

15.
Warata sarencangira |
nuwun kang sinung pambagi |
nyi padha mèlua nadhah |
ngiras pantês angladèni |
wawi (ng)gèr awêwanting |
nadhah ing sawontênipun |
(n)dhêku kang sinung sabda |
pakantuk kang samya bukti |
nyi pangulu mudha nora kobêr nêdha ||

16.
Uthi (ng)ladèni Cêbolang |
kalèjême mambu ati |
wus dumugi cinarikan |
sinungkên mring catur santri |
pangulu angling aris |
prayogi ngaso nak bagus |
punapi mondhok langgar |
punapi mondhok wismalit |
kidul langgar kidul regol mèpèt dhadhah ||

17.
Cêbolang alon lingira |
bilih kyai amarêngi |
wontên wisma lit kewala |
(ng)gih ênggèr langkung prayogi |
èh nyai dènabêcik |
piranti lan susuguhmu |
esuk wedang sarapan |
suguh nadhah siyang ratri |
nyi pangulu mudha ngling sampun samêkta ||

18.
Ah sukur Alkamdullilah |
lah mara iritên nyai |
Cêbolang sarencangira |
wus mundur saking pandhapi |
praptèng pondhok nyukani |
angsal-angsal sarêm plêtuk |
têrasi gèsèk dhorang |
gêrèh layur tigan pasir |
ayam ati nèng bumbung myang dhèndhèng sangsam ||

19.
Limang kêba jinaitan |
nyi pangulu wus nampèni |
santri gangsal wus ambêkta |
sisi kêba angisèni |
pangulu duknampèni |
langkung ajaibing kalbu |
sukèng tyas ngudarasa |
têkane tanpa nyênyangking |
nora cidra ujare wong sambiwara ||

20.
Iki wujude mangunah |
baya kanggo têlung sasi |
nora tuku iwak uyah |
nahan wancine ngabêkti |
Luhur Ngasar Mahribi |
atanapi Ngisanipun |
Cêbolang sarencangira |
amung anut Ki Jamali |
bakda Ngisa sowan marang kabupatyan ||

21.
Sang adipati alênggah |
nèng pojok kilèn pandhapi |
pangulu marêk manêmbah |
ngandika sang adipati |
dene ta bêngi-bêngi |
kaya wigati sebamu |
pangulu matur nêmbah |
gusti amba atur uning |
wau siang abdidalêm katamuan ||

22.
Santri anama Cêbolang |
sakawan rencange santri |
wus katur purwa wasana |
ngandika sang adipati |
rêksanên kang abêcik |
ywa kuciwa susuguhmu |
lah wis sira mundura |
nêmbah matur Ki Jamali |
nuwun inggih sandika lèngsèr sing ngarsa ||


   kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (31) Kaca 274 – 278
  • (33) Kaca 283 >