Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 14

Kontak Admin.

email-kidemang

(31) Kaca 274 – 278 

 

( Dumugi ing Wirasaba njujug ing pêkên agêng )
V. Ing Wirasaba têrbanganipun Mas Cêbolang damêl kayungyunipun tiyang jalêr èstri. Pinuju puputan putranipun sang bupati kaul nanggap Mas Cêbolang.
1. Mas Cêbolang dalah para santrinipun dumugi ing Wirasaba njujug ing pêkên agêng. Sêsadeyan sakalangkung pêpak, wiwit sandhang, pangan, sayur, wowohan bumbu, pirantos pawon lan balegriya ngantos balunganing griya, wêlit lss, andhèr kadhasarakên kapantha-pantha. Ing pêkên kathah tiyang èstri kapencut Mas Cêbolang. Saking pêkên lajêng lêrêm ing srambining mêsjid
Kaca 274 - 278

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 4 - Kaca : 274

319 Mijil

29.
Mas Cêbolang miwah catur santri |
(n)dêdêr ngetan ngalor |
lumaksana nurut marga gêdhe |
datan nana sangsayaning margi |
laminya lumaris |
apan tan winuwus ||

30.
Praptèng kikis kitha wanci enjing |
pasaran tumawon |
kumaruwuk rame kumandhange |
sinêngkakkên dènnira lumaris |
praptèng pêkên pipit |
mèh tan bisa (m)laku ||

31.
Kagyat suka duk miyat pawèstri |
anom tuwa kêmpong |
amaratah samya ngangge-angge |
suwêng kalung gêlang gêlang sikil |
pupuran (n)jalirit |
amung anèng bathuk ||

32.
Kêmarange dènêmban kinardi |
wawadhah tutukon |
Mas Cêbolang lan catur rewange |
midêr pasar umiyat kang sami |
dhadhasar panarik |
gagandhèngannipun ||

320 Kinanthi

1.
Kang awade arum-arum |
konyoh sêkar lisah wangi |
adhaliyah anggrèk-wulan |
andong andul okrak ikrik |
argulobang jênar pêthak |
noja nala nagasari ||

2.
Calakêt cènggèr bang wungu |
capaka cuwis cêpiring |
rukêm ragina rêjasa |
kalak kanigara kapi |
kênikir kênanga krandhang |
kalilika kêkamuning ||

3.
Kasturi dalima dadu |
druju drèngès dongong tuwin |
dalongop dialêm dangan |
tunjung trate tlutur tluki |
tongkèng tanjung sumarsana |
sundêl-malêm sêdhêp sruni ||

4.
Sungsang soka sulastrèku |
srigadhing wungu warsiki |
wara-wari lara-kêndhat |
lara-wudhu landêp kuning |
pacar-kuku pacar-cina |
pacar banyu purbanagri ||

5.
Pudhak pancasuda pulu |
pancal pandul pandhan-wangi |
dhawe dhadhap dhuru jlamprang |
jangglêng janti mênur mlathi |
mandhakaki maya-maya |
gadhung gandapura gambir ||

Jilid 4 - Kaca : 275

6.
Bakung blanggrèng thêkêr pupur |
pilis parêm wêdhak mangir |
lênga-tuwa ratus mênyan |
jêruk-purut mawi warih |
sapetak malih woh-wohan |
jêruk kêprok kuwik bali ||

7.
Pacitan adas gumulung |
pêlêm lêngis pakèl kwèni |
jambu kaluthuk dêrsana |
klampok galar lumut-putih |
klampok-arum lêgèn-klapa |
bohèl mathokal karikil ||

8.
Pijêtan kokosan dhuku |
langsêp sêmak kleca manggis |
mundhu kêcapi bêsaran |
gowok sawo salak blimbing |
dhuwêt kalayu siwalan |
gêdhondhong bogêm talodhing ||

9.
Pundhung crême blimbing-wuluh |
nam-naman kamlaka slastri |
kêtos katès gandaria |
durèn nangka bêndha kluwih |
sarangan gayam kalathak |
dêgan krandhing kolang-kaling ||

10.
Pisang raja kusta talun |
raja-sèwu mas bêcici |
kluthuk gabu maraseba |
ambon wulan raja-wlingi |
pulut garaita saba |
cêmpa êbyar kêpok kêpik ||

11.
Sinambungan wade timun |
wuku watang wulan krai |
bêstru ceme pareayam |
ula belungan waloh tlik |
bokor bligo labu lawan |
sêmangka jingga myang putih ||

12.
Silah kang wade bêsusu |
têbu gêmbala gêmbili |
linjik bêntul widarapas |
uwi-lêgi abang kulit |
bêras wilus cacing ula |
randha-sluku mamayangi ||

13.
Glêpung kêtan kunir têmu |
uwi-alas padha warni |
kacang-pêndhêm kênthang tela |
bale rante blitung putih |
gêndhurak sênggani jingga |
jaran mênthik kunir konyit ||

14.
Kimpul bêntil bêton arum |
centhang lêmpuyangan pari |
jambon bêrèt bêlo gagak |
laosan tambra garigit |
garut gadhung walur suwak |
pohung sukuning mungkasi ||

15.
Kinang rokok kang sumambung |
wade crakèn anggi-anggi |
jampi parêm rêracikan |
sadhêg gandum dènbungkusi |
myang kantun nguyup kewala |
bras kêncur jram-pêcêl kuning ||

16.
Êmpon-êmponing tinêpung |
têmu glènyèh irêng lathi |
êpoh giring puyang gajah |
kapur êmprit jae sunthi |
dlingo kunir putih rêta |
bêngle laos kêncur kunci ||

Jilid 4 - Kaca : 276

17.
Gêgodhongan uyup-uyup |
tapêl bobok pupuk pilis |
lisah klêntik lawan jarak |
bumbon trasi cêmêng abrit |
sarêm asêm brambang bawang |
salam kalapa kêmiri ||

18.
Kaluwak krècèk karupuk |
tigan ayam bèbèk brati |
têrik kênyit cêmêng pêthak |
grèh pèthèk gatêl têngiri |
wadal gêmbung tongkol sêlar |
bandêng balur kutuk itik ||

19.
Lombok cangak tampar krupuk |
wudêl jêmprit ijo abrit |
kapri kacang buncis kara |
terong-kopèk terong-glathik |
mlinjo kroto ucêng miwah |
êso slèdri lobak kobis ||

20.
Jalegor kangkung lêmbayung |
bayêm kêmbang klenthang turi |
kêmangi cambah thokolan |
dhêle gudhe kacang ruji |
êbung pêtung bung bêkakak |
pête pêtêt jingkol pêtir ||

21.
Wosèn tlasih wijèk cabuk |
tempe bosok dhêle bungkil |
sampêt ron kang kukuluban |
wade bêras anambungi |
pêthak kobêr abrit cêmpa |
kêtan pêthak cêmêng mênir ||

22.
Gabah têpu dhêdhak katul |
pari ginèdhèng mawarni |
kêtan cêmêng pêthak rêta |
otèk canthêl pêthak abrit |
jêwawut jèpèn myang boga |
onggok pathi warni-warni ||

23.
Gya wade grabah klênthing jun |
gênthong wajan dandang kwali |
kêkêp pêngaron jêmbangan |
cuwo cowèk lèmpèr kêndhil |
layan krên anglo padasan |
layah cêcèlèngan kêndhi ||

24.
Sinambungan wade tumbu |
tenggok kêba pithi cêthing |
erok-erok tenong tampah |
garibigan kalo irig |
ulêg-ulêg irus tepas |
siwur susuk sajèn sapit ||

25.
Kukusan gawangan bandhul |
pikat kurungan mawarni |
gribig sèsèr ilir iyan |
anco jala krakat jaring |
lawung ambèn galar lincak |
kepang gêdhèg patangaring ||

26.
Alang-alang wêlit kayu |
-obong rèncèk arêng sambi |
godhong pisang jati plasa |
wuluh êpring rampal ori |
apus pêtung wulung dênta |
myang kayu balungan panti ||

27.
Kang wade iwèn sumambung |
ayam banyak bèbèk brati |
menthok myang sade suku-pat |
maenda maesa sapi |
kapal mawi tinumpakan |
kidul wetan amungkasi ||

Jilid 4 - Kaca : 277

28.
Wangsul ngalèr kang sêdya wruh |
myat ing para bakul rukmi |
wade cundhuk kalung sêngkang |
timang slepe bênik pênding |
ali-ali kroncong gêlang |
wade lêlêmês nambungi ||

29.
Cindhe plangi gunung-guntur |
solok limar polos dringin |
wadeyan sawitan wiyar |
ikêt kêmbên sarung bathik |
gya kang wade lêlurikan |
wiyar ciut bakal klambi ||

30.
Sêmbagi dril kipêr kacu |
êtèh gula bubuk kopi |
gya kang sami kalithikan |
myang dolanan rarya alit |
saking daluwang suwèkan |
lêmpung kayu randhu êpring ||

31.
Gya wade sêtagèn bêngkung |
kuningan miwah têmbaga |
kêndhi cèrèt kêndhil dandang |
pangaron jun kèncèng klênthing |
bokor tapsirih kêcohan |
cêpuk gêntha carat beri ||

32.
Pangratusan canthing siwur |
cakêt lawan tukang patri |
tukang kulit wade lapak |
sarungan ambên camêthi |
sinambungan balapêcah |
cakêt lan tukang dondomi ||

33.
Mranggi pangukir sumambung |
tukang landheyan maranggi |
lêt marga lit pamanukan |
wade pêksi warni-warni |
sumambung wade ratêngan |
papanganan amêpêki ||

34.
Jagal mengsa menda lêmbu |
wade cangkokan myang wiji |
miwah wade tingi soga |
nila ênjêt gamping jobin |
sela kijing ompak lumpang |
wungkal pamipisan gandhik ||

35.
Jantra pangantih panênun |
gya piranti amongtani |
linggis pacul cucuk dhandhang |
bêndho arit kudhi wangkil |
pêthèl wadung pangot gobang |
garu waluku mungkasi ||

36.
Pandheyan têbih lêtipun |
Mas Cêbolang catur santri |
kèndêl ana ing pandheyan |
myarsakkên gunêmirèki |
ki pandhe lan jalma ingkang |
ayun nyêpuhankên kêris ||

37.
Dina iki tan pakantuk |
nyêpuhi gaman saliring |
lawan amacak ukiran |
apadene anyarungi |
kudu milih dina ingkang |
prayoga dimèn lêstari ||

Jilid 4 - Kaca : 278

38.
Rahayu sadayanipun |
agung paedahirèki |
pikantuk daulat bêgja |
sandhang rêjêkine mintir |
tumrap kang ngangge kang (ng)garap |
dene dina kang prayogi ||

39.
Mung ana lima panuju |
Slasa Paing Rêbo Paing |
Rêbo Pon Kêmis Paing |
Kêmis Pon padha prayogi |
mungguh kang prayoga dhawah |
ing dina Salasa Paing ||

40.
Nahan ana ari catur |
poma aja wani-wani |
nyêpuhi nyarungi macak |
dina iki Sênèn Lêgi |
sedane Pangeran Sêndhang |
Rêbo Kliwon amarêngi ||

41.
Sedane Pangran Sêdayu |
Sêtu Wage amarêngi |
sedane Pangeran Wêlang |
jangkêpe caturing ari |
Akat Wage sedanira |
Pangran Cindheamoh kaki ||

42.
Dina sesuk luwih atut |
nuju ari Slasa Paing |
sigêg kang samya raosan |
nahan ta ingkang winarni |
Mas Cêbolang sarencangnya |
salêbêtira kuliling ||

43.
Kathah jalma kang kapencut |
maring Cêbolang Nurwitri |
kang arsa samya têtumbas |
kalepyan samya tutwuri |
dene kang samya dhadhasar |
tinumbasan tan pinikir ||

44.
Ninggal dhadhasarannipun |
têmah ribêt kang lumaris |
saking uyêle kang jalma |
Cêbolang sarencangnèki |
nilap nora kawistara |
kèndêl nèng srambining masjid ||

45.
Kang anglut pating bilulung |
tita wus datan kaèksi |
sami wangsul sowang-sowang |
ngonggo-onggo angacêmil |
marang êndi ika baya |
lèrèhe wong bagus sigit ||

46.
Namun kang nèm rayatipun |
Kyai Pangulu Jamali |
ingkang nora katilapan |
kinodhol saparannèki |
wus têtela dènnya raryan |
anèng surambining masjid ||

47.
Gêgancangan asung wêruh |
marang ing lakinirèki |
kyai ulun atur wikan |
wontên dhatêngan ki santri |
cacahipun tiyang gangsal |
ambêkta tarêbang kalih ||

48.
Sêmunipun santri nglangut |
saking tanah kilèn kyai |
sakêlangkung mêlasarsa |
sami nèng srambining masjid |
kajawi karsa sampeyan |
prayogi dipunpanggihi ||


   kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (30) Kaca 261 – 273
  • (32) Kaca 279 - 282 >