Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434668
Hari ini     :Hari ini :68
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :134
Bulan ini   :Bulan ini :3297
s/d hari ini   :s/d hari ini :434668
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 5

Kontak Admin.

email-kidemang

 (37) Kaca 179 – 184

 

( Pahargyan prasaja botên siwah kalihan limrahipun tiyang gadhah damêl mantu )

Tumindakipun pahargyan prasaja botên siwah kalihan limrahipun tiyang gadhah damêl mantu: griya kabladhah, tarup jangkêp kanthi petang, sajèn, kêmbar mayang lss. Kathah tiyang ingkang tinanggênah ngrampungakên ubarampenipun mantu.

Nyi Malarsih kajawi siyaga pasêgahan, ulam-ulaman kanthi mragad maesa, ayam, banyak lss., ugi nata patanèn pinajang sarwi endah. Bingahing manahipun amarwatasuta wêkasan nangis mèwèk-mèwèk, lajêng sêmaput, dipun pituturi Kyai Bayi kathah-kathah.


Kaca 179 – 184

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 5 - Kaca : 179

356 Dhandhanggula

41.
Prandenipun kula dènwastani |
anisani karsane (n)jêng rama |
paduka punika dene |
mêdalkên gêdhigipun |
angluhuri karsane kyai |
dadya apagujêngan |
Ki Bayi gumuyu |
wus nora dadia ngapa |
wus muliha karo nambêlèha sapi |
maesa bèbèk ayam ||

42.
Nêmbah matur sandika nulya mit |
putra kalih lèngsèr sampun mêdal |
Ki Bayi lon andikane |
(m)bok rubiyah sirèku |
brêsihana wismanirèki |
galêthêkan singkirna |
êndi kang tan patut |
tatanên ingkang prayoga |
sacarane mêmantês sabarang kalir |
mêmajang kang murwèndah ||

43.
Matur sandika nyai Malarsih |
anulya nyorog pêthine giwang |
mundhut arta bolèng kabèh |
karsa kinèn tutuku |
animbali wadon Sumbaling |
sira mênyanga pasar |
tutukuwa bumbu |
uyah trasi brambang bawang |
kacang wose ijo kaluwak kêmiri |
asêm laos panjêlang ||

44.
Kang sarwa kèh tutukonirèki |
gula kahwa aja kukurangan |
bêcike borongên kabèh |
warnan pasar dènramut |
mumpung pasarmu dhewe Paing |
kang liningan sandika |
yata kang tutuku |
ambêkta rencang sadasa |
sigra mentar mring pasar wadon Sumbaling |
angêpak warnan pasar ||

45.
Yatra tigangdasa reyal ngênting |
age-age ingiring rêmbatan |
sigra katur bêndarane |
wus jangkêp dènnya ngetung |
Kyai Bayi sigra nimbali |
ingkang rayi Suharja |
lan Wiradhusthèku |
Panukma miwah Panamar |
Kulawirya sadaya prapta ing ngarsi |
santri Luci tan têbah ||

46.
Sira kabèh mila ngongtimbali |
apa saparentahe nakira |
Ki Jayèngraga kang angrèh |
gawene pulunanmu |
pan dadakan sadina iki |
bladhahên wismanira |
iya mupung esuk |
banjur têtaruba pisan |
si Panukma lan Panamar sunbubuhi |
ana sajroning wisma ||

47.
Ladènana (m)bokayunirèki |
mangsa bodhowa roro sira |
lan bojomu sakarone |
sandika kang tinuduh |
angling malih mring santri Luci |
gaweya kêmbar-mayang |
rong jodho kang patut |
kumpulna sapa kang bisa |
lan malihe mundhut tutuwuhan cêngkir |
pisang têbu rêjuna ||

Jilid 5 - Kaca : 180

48.
Marang para lurah santri-santri |
kang liningan Luci sigra mentar |
andhawuhkên pundhutane |
samya ngupaya gupuh |
pisang raja lan cêngkir lêgi |
têbu rêjuna angsal |
katur sadaya wus |
pinasang anèng sasaka |
sawarnine saka têtarup tan kari |
sinungan tutuwuhan ||

49.
Nora kongsi sabêdhug gya dadi |
myang wismane Jayèngwèsthi purna |
rinayap dening wong akèh |
sakulawarganipun |
langkung sêngkut anambut-kardi |
lêlatar rinêsikan |
sadaya wus rampung |
Ki Bayi ibut parentah |
sawusira anulya ngingon-ingoni |
watara kulawangsa ||

50.
Sarupane santri bocah cilik |
kinumpulkên ngingonan sadaya |
dènadhêpi pêpangane |
suka dènnya andulu |
lamun kirang dipunimbuhi |
sêkul kêlawan ulam |
nutuk sami tuwuk |
kamituwa pra mumulang |
nèng pandhapa karya sujèn sapit abing |
miwah kang mupuk ulam ||

51.
Kyai Bayi Panurta siniwi |
nèng pandhapa pêpak nak putunya |
akêmul kampuh sindure |
kuluk cêmêng baludru |
dhêsthar bathik Arab wus putih |
nyamping kawung luwasan |
kang mêntas winasuh |
lênggah ing lampit dêmangan |
nyandhing têpsir Jalalèn lan Baelawi |
pan ngiras amumulang ||

52.
Para pinisêpuh anèng ngarsi |
yèn Ki Bayi amurati lapal |
kang nambut-karya amine |
tangane sami gathu |
sèlèh sujèn myang sapit abing |
atakwa ing pituwa |
wuwulanging guru |
yèn wus nulya nambut-karya |
lamun wêktu kèndèl salat bakdanèki |
nulya trap damêlira ||

53.
Kyai Bayi angling maring Luci |
sira kang dadi juruning pangan |
aywa kakurangan kabèh |
sakarêpe dèntuwuk |
rijêkine Allah marêngi |
mangsa sabêna dina |
mêmangan anutuk |
sakèhe kang nambut-karya |
samya sêngkut suka rênane kapati |
warêg mangan ambêta ||

Jilid 5 - Kaca : 181

54.
Bakda Ngasar wau Ni Malarsih |
lan kang rayi Panukma Panamar |
katri mantu lan ipene |
sadintên gya mêmangun |
anêlaskên rêrekan apik |
Malarsih karsanira |
nglangkungi kang uwus |
rumiyin duk darbe karya |
ngantos kaping kalih tan kadi puniki |
(ng)gyannya mêmangun tilam ||

55.
Patani gêng ing têngah tulya sri |
badhe panggènan pangantyanira |
kinarya putihan bae |
inendah mara sêmu |
sinalimut ing sarwa putih |
langse caweni pêthak |
(ng)galêr kunus alus |
wawaton lan sakanira |
tumpangsari pamidhangan sundukkili |
linapis mori pêthak ||

56.
Pelag lêlangitan sarwa putih |
pojok saka sakawan sinungan |
wiwiron lir worah-warèh |
mêdhok nyêkar kêcubung |
pan kinayu-apu aputih |
tinon lir kêmbar-mayang |
mungsêr sungsun pitu |
palisir kaywapu malang |
têpung gêlang sungsun katri samya putih |
kêlasa batu pêthak ||

57.
Tuwin kasur agêng lan guguling |
kajang sirah antêban pan seta |
tinundha agêng alite |
lawan kêkawalipun |
ing pajangan sri sarwa putih |
winingkis ing canthelan |
sinampiran kacu |
pêthak winiru araras |
karang ulu kinarang mêlok mêlathi |
myang kasur sinêbaran ||

58.
Jinêbadan amrik ganda minging |
patani gêng inendah ing seta |
tinon tuhu tanpa tandha |
tinon byar putih mancur |
pan sumilak asêmu wingit |
nêlahi jroning wisma |
sumunu dinulu |
Ni Malarsih kurmatira |
mring ulama pinasaja sarwa suci |
carêming karasikan ||

59.
Kanan kering kêkobong angapit |
mubyar muncar karone kinêmbar |
kang kinarya gubah cindhe |
corak jêlamprang wungu |
pinarada gumêbyar asri |
palisir garènjèngan |
tinurut kaywapu |
ing sutra ijo kuning bang |
sasukane sakawan pisan linapis |
garènjèng lir saka mas ||

60.
Kasur agêng sinamir mêndhoki |
guling êncit surati loro bang |
bantal antêp samya cindhe |
miwah kêkawalipun |
cindhe ijo sinêlan abrit |
bantal sinungsun sanga |
gêng alit tinurut |
karang ulu pinêlokan |
oncèn-oncèn anggitan gambir mêlathi |
kasur sari sinêkar ||

Jilid 5 - Kaca : 182

61.
Sunduk kili sinamiran kêling |
limar pêlung solok pandhan surat |
walulin lan palangine |
kêndhaga karang sungsun |
pêthi giwang kêbut angapit |
kêndhi pratola miwah |
kaca bênggala gung |
poponjèn lan parêsikan |
myang bothèkan cêncandhèn pinrada asri |
kêmbar-mayang ing ngarsa ||

62.
Pandam sèwu roro bonyo ngapit |
gênuk sajèn sampun pinêpêkan |
ila-ila sadayane |
asri kêdhung-kumêndhung |
Ni Malarsih bungah tan sipi |
suka sêngkêl sakala |
karaos tyasipun |
ningali rakiting tilam |
jroning wisma anglir kaswargan kaèksi |
mulêg ganda angambar ||

63.
Ni Malarsih sumumpêl kang galih |
saking kagêngên ing bungahira |
tambuh raosing manahe |
(m)barêbêl arawat luh |
prêmbèh-prêmbèh wusana nangis |
kami-sêsêgên supag |
anulya tan emut |
gugup Panukma Panamar |
jalêr èstri Rarasati anangisi |
gumrah tangis jro wisma ||

64.
Kyai Bayi kagyat myarsèng tangis |
gupuh dènnira lumêbèng wisma |
iku ana apa kuwe |
dene tangis gumrumung |
Ki Panukma umatur nangis |
kula (m)botên uninga |
ing prakawisipun |
ing sawusipun mêmajang |
apan kèndêl nulya mèwèk-mèwèk nangis |
lajêng niba kantaka ||

65.
Kyai Bayi manthuk-manthuk angling |
wis mênênga aja na karuna |
bêcik sarèhêna bae |
nulya sami anurut |
ingkang kantu nulya anglilir |
pan maksih marawayan |
tan adangu emut |
Ki Bayi alon lingira |
kêna ngapa (ng)gènira sira tan eling |
Malarsih aturira ||

Jilid 5 - Kaca : 183

66.
Inggih botên wontên ingkang mawi |
Ki Panurta alon wuwusira |
mring Panukma Panamare |
iya wruhanirèku |
wus bunuhe adat wong cilik |
yèn katêmbèn tuningal |
ningali kumêndhung |
nora bungah malah susah |
saking dening nora tau duwe apik |
mulane kênèng lara ||

67.
Ukur akèh thithik amadhidhig |
kêbungahên têmahane susah |
seje pancène wong gêdhe |
gadhah angundhung-undhung |
pangrasanya maksih sathithik |
iku lagi wadhagan |
bae ing wuwusku |
dene dalane agama |
yèn ujare sarak iku pan sinirik |
tan kêna kinarêman ||

68.
Lamun mungguh sira lawan mami |
nora kêna kulina ing donya |
wus angganthêng wêwalêre |
tan kêna mamak-mumuk |
yèn kêprècèt murungkên dadi |
angloro ing Pangeran |
akerate bukung |
cunthêl lir ganjarannira |
apan beda lan kang tinitah prajurit |
tan kêna kukurangan ||

69.
Ki Panukma Panamar samya jrih |
kaluhuran sabdane kang raka |
tumungkul (m)brêbês waspane |
sangêt kraos tyasipun |
Ki Panurta muwus mring rabi |
iya Malarsih sira |
dèn-narimèng wuruk |
aywa pêgat dhikirira |
lan istigpar salawat atasing Nabi |
têpakur kang santosa ||

70.
Ni Malarsih tumungkul langkung jrih |
amituhu wuwulanging raka |
suka sukur ing kalbune |
winêjah wus tuwajuh |
wuwuh tajêm anjatmikani |
sawusira mangkana |
Ki Bayi amuwus |
wis padha atrapa karya |
ingkang rayi sadaya anyandhak kardi |
Ki Bayi nèng pandhapa ||

71.
Wanci Ngasar akir Kyai Bayi |
kinèn kèndêl ingkang nambutkarya |
dhawuh mring santri Luci-ne |
kinèn amundhut sêkul |
angingoni kang nambut-kardi |
watara kulawarga |
tan ana kang kantun |
jalwèstri apantha-pantha |
pan authi santri Luci angidêri |
ngimbuhi sêkul ulam ||

72.
Wus luwaran dènnya samya bukti |
tuwuk sakèhe tan ana kirang |
sadaya pan mènthèh-mènthèh |
surya wus tunggang gunung |
samya ngangkat wêktu Mahribi |
santri nabuh kênthongan |
goprake kumrusuk |
pra santri kathah anjêprah |
sami gupuh lumajêng pating tharêklik |
prak-prakan abarungan ||

Jilid 5 - Kaca : 184

73.
Amèt banyu wulu ting kacuwik |
kêrabyukan lir bendrong grahana |
saking kathahing santrine |
salêmprotan kêkêmu |
kang wus wulu manjing ing masjid |
andonga yat-ayatan |
nulya adan barung |
swara sora rum arampak |
wusnya innalaha wa malaikati |
lajêng sadaya sunat ||

74.
Sawusira sunat samya muji |
Jayèngraga kang dadi mubalah |
alêlagon istigpare |
swara ubyug gumrumung |
umyang arum rêmpêg kapyarsi |
kang cilik kang sêdhêngan |
kang agêng ambarung |
ngêlik andul-andul padha |
tumalawong tan ana barênjul siji |
dalah êmèle rampak ||

75.
Astagpirulah halngalim min kulli |
danbin ngalim lakpir ayuman |
ila rabilngalamine |
barung arum aruntut |
gumarênggêng asri amanis |
wus manjing nulya kamat |
ngangkat parlunipun |
(n)Jêng Kyai Bayi Panurta |
nulya majêng karsa ngimami pra santri |
tangawut lajêng niyat ||

76.
Wusnya usali praptaning têkbir |
lajêng tasbih nulya maca wajah |
Patekah mukaranahe |
tamat Patekahipun |
surat Waluka awalnèki |
akire Alamnasrah |
nuli tahyat lungguh |
awal praptèng akir tahyat |
nulya mawa sêlawat atasing Nabi |
miwah ing kulawarga ||

77.
Nulya salaman ing awal akir |
wusnya bakda amaca ibtitah |
lajêng pupujiyan akèh |
swaranira gumrumung |
wus pujiyan anulya dhikir |
rêmpêg ambata-rêbah |
swara sru gumuntur |
wus atusan antaranya |
bakda dhikir andodonga ing Hyang Widi |
rahab donga tinumpa ||

78.
Jayèngraga rahab dènnya nasib |
swara muluk mêmêt mêmbat-mêmbat |
sinauran amin kabèh |
ramya asru gumuruh |
wus pêragat ing wêktunèki |
prapta ing bakda Ngisa |
sêsalaman sampun |
lan santri kathah sêlawat |
nuli kundur Ki Bayi saking ing masjid |
ingiring santri kathah ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (36) Kaca 175 – 178
  • (38) Kaca 185 – 187 >