Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 12

Kontak Admin.

email-kidemang

 (38) Kaca 185 – 187

 

( Sèh Amongraga paring kêtrangan bab tekat Kadariyah tuwin Jabariyah )

Ing griyanipun Jayèngwèsthi, Sèh Amongraga paring kêtrangan bab tekat Kadariyah tuwin Jabariyah


Kaca 185 – 187

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 5 - Kaca : 185

356 Dhandhanggula

79.

Yata ingkang nèng wismanirèki |

Jayèngwèsthi Ki Sèh Amongraga |

Jayèngraga duk praptane |

saking masjid pan laju |

nèng ngarsane kang raka kalih |

sawusnya sêsalaman |

tata dènnya lungguh |

kang anèng ing ngarsanira |

ingkang paman Suharja Wiradhusthèki |

kalawan Kulawirya ||

80.

Ki Nuripin kinarsan nèng ngarsi |

Jamal Jamil anèng ngandhap têbah |

dene pra lurah pasantrèn |

bagus Yahya gus Dawud |

Amad Asra bagus Arpani |

Janodin Jayaniman |

Jalalèn gus Yusup |

miwah para bêkêl desa |

Wiratruna Jatruna lan Surakrêti |

Sadangsa Jayayuda ||

81.

Sêpuh anèm kapang nèng pandhapi |

lan santri kang dadi kasinoman |

miwah kang anambut-gawe |

mung sawêtaranipun |

datan kusung-kusung ing kardi |

mapan datan linilan |

rêkasaning bau |

mangkana Sèh Amongraga |

anèng dalêm kalawan kang rayi kalih |

kalawan para paman ||

82.

Sasaosan dhêdharan mawarni |

wedang êtèh lawan mêmanisan |

rinampat nèng ngarsa andhèr |

wedang bubuk tan kantun |

gula arèn lan roti kêring |

Amongraga tan patya |

dhêdharan anginum |

ukur wedang sacêcêpan |

tanpa gêndhis mung angsal satêngah cangkir |

kinurêpakên ing cawan ||

83.

Angandika mring kang rayi kalih |

yayi Yayèngwèsthi Jayèngraga |

mênggah ing tekat kang angèl |

kalih prakawis nêngguh |

apan kadiriyah kang dhingin |

lawan kajabariyah |

puniku yèn mungguh |

binudi para ngulama |

dèrèng wontên kang rikat angrarampungi |

saking angèling murad ||

84.

Lamun kadariyah tekadnèki |

apan kapir ngindallah punika |

yèn kajabariyah dene |

kapir ngindanas tuhu |

datan kenging lamun pinilih |

salah satunggilira |

pêsthinipun kupur |

yèn pinèt sadaya kopar |

lamun nampik kalih pisan pêsthi kapir |

tan kenging ginagampang ||

Jilid 5 - Kaca : 186

85.

Kajawi kang sampun ahli suni |

lah punika kang sampun sampurna |

kang wus tan ana cacade |

puniku ugêripun |

ing agêsang kêdah ambudi |

tekade kang santosa |

ywa nganti kêsandhung |

yèn têkiyur kêkandhangan |

datan wurung anarik apêsing budi |

badan anut kewala ||

86.

Gampil yayi sêmbahyang angaji |

sawab wontên lanjarane kitab |

tan wontên ngèlmu kang angèl |

anamung tekad nêngguh |

lamun sisip ambilaèni |

tekad dadya pratandha |

awon pênêdipun |

wande siyos saking tekad |

ingkang dados lêbêt-lêbêting ngaurip |

saking tekad piyambak ||

87.

Wiwinihe tekad saking budi |

nyataning budi katarèng tekad |

yèn sampun jomblah tekade |

kêlawan budinipun |

(ng)gih punika yayi kang kusni |

kang rayi kalihira |

tumungkul madhukuh |

nuhun-nuhun aturira |

datan purun anglawani aturnèki |

pan kaluhuran sabda ||

88.

Sangêt kontragira ingkang galih |

Jayèngwèsthi lawan Jayèngraga |

myat ingkang raka wingite |

dadya tumut mangun kung |

datan kolu wedang sacangkir |

miwah kang paman-paman |

dhêdharan kur-ukur |

tan kaur ngraoskên tekad |

têpangipun murade kadariyahi |

lawan kajabariyah ||

89.

Amongraga sêmune awingit |

angandika mring ari kalihnya |

kadipundi ing karsane |

kyai kalawan ibu |

dènnya nambut karya nglangkungi |

mêmantu rowan-rowan |

tingale agupruk |

dene kula wus prasambat |

nuwun riringkêsan kemawon utami |

pasaja karana Lah ||

90.

Sasat sagêd nimpêni ing mami |

inggih ta lah de botên kadosa |

kyai lan ibu karsane |

Jayèngwèsthi umatur |

inggih kula sampun ngaturi |

aywa ngantos rinowa |

dede parêngipun |

nanging ibu jêngandika |

ingkang adrêng kêdah kurmat sawatawis |

bêrkate wong puputra ||

91.

Ciptanipun putrèstri satunggil |

inggih botên niyat rowan-rowan |

rampunga sêkul salèmpèr |

namung niyat majêmuk |

lawan brayatipun pribadi |

inggih sakulawarga |

mung tiyang sadhusun |

datan ngaturi uninga |

ing priyayi nagari saking satunggil |

piyambakan kewala ||

Jilid 5 - Kaca : 187

92.

Mugi dènapuntêna pun bibi |

kamipurunipun apêpeka |

saking sangêtipun sihe |

inggih dhatêng (m)bokayu |

mila mugi tuwan alimi |

Amongraga ngandika |

sumangga ing kayun |

sinampun dhahar juwadah |

mung sacuwil ginalintir kang ginigit |

dangu panggilutira ||

93.

Sarwi ngancarani mring kang rayi |

yayi suwawi sami dhaharan |

kang rayi nanduki age |

dhahar nyamikan sampun |

linorodkên mring Jamal Jamil |

agêpah dènnya nadhah |

wong roro athêkul |

yata kang sami jagongan |

nèng dalême Kyai Bayi Panurta ngling |

sakèhe kulawangsa ||

94.

Ing latri lagya midadarèni |

pan pêpakan kulawarganira |

miwah pra lurah santrine |

Ki Bayi dènnya lungguh |

pinggir kang lèr têngah (ng)gènnèki |

anyamping godhong jarak |

kêmul kampuh sindur |

dhêstharira mori pêthak |

kuluk cêmêng luwas sadaya arêsik |

lênggah lante dêmangan ||

95.

Sasaosan dhêdharan mawarni |

ingkang cêlak dènnira alênggah |

ri kalih kanan keringe |

Panamar Panukmèku |

myang pangulu Ki Basarodin |

Talabodin kalawan |

Nursukidin wau |

murid Jaki Pranaita |

santri Luci Jumêna lan Ki Sêmbagi |

prênah paman lan uwa ||

96.

Pan tinata lulungguhanèki |

ingkang têngên lan sêpuh nèmira |

akapang têpung lungguhe |

Amadiman sumambung |

Amadolah lan Amadtahir |

kêlawan Amadbadar |

miwah Amadarum |

bagus Imran bagus Ilyas |

gus Suhada Murtaja bagus Nawawi |

Janawi lan gus Nurya ||

97.

Gus Nuryani Nurjani Jumjani |

gus Tabrani Jaelani miwah |

Ngabdul-sudur Dul-sukur-e |

Ngabdul-tamsur Dul-gapur |

Duljuwahir Ngabdul-Ngajujir |

nulya pêtinggi desa |

samya bêkêl têpung |

Wrêgaita Wrêgatruna |

Wrêganaya Kêrtayasa Wangsakêrti |

Kêrtinala pak Sawa ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (37) Kaca 179 – 184
  • (39) Kaca 188 – 195 >