Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434667
Hari ini     :Hari ini :67
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :133
Bulan ini   :Bulan ini :3296
s/d hari ini   :s/d hari ini :434667
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 5

Kontak Admin.

email-kidemang

 (41) Kaca 203 – 219

 

( Sabibaripun dhahar lajêng têrbangan singiran lan emprak )

Sabibaripun dhahar lajêng têrbangan singiran lan emprak sinêling lêlucon gêr-gêran, kanthi ronggèng lare jalêr dados èstri sakalangkung damêl sênêngipun ingkang ningali, langkung-langkung emprak kanthi sihir (sulap) angedab-edabi. Kasambêt gamêlan angrangin rinêngga ing swantên nganyut-anyut tuwin jogèdipun ronggèng malêtêr, saya dalu saya ngangsêg emprak jêjogedan. Sasampunipun têngah dalu sami pindhah ing griyanipun Jayèngraga ingkang mandhegani jêjogedanipun, damêl sêngsêmipun ingkang ningali.


Kaca 203 – 220

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 5 - Kaca : 203

356 Dhandhanggula

197.
Tan wun catur sêmbère Sumbaling |
yata ingkang jagongan kidulan |
Jayèngwèsthi ing dalême |
sasontên kang winuwus |
namung ngèlmi saraking nabi |
murading kawiritan |
pêkih kang pakewuh |
sabaturing pasugata |
sadaya wus wanci satêngah satunggil |
Jayèngraga krêkuhan ||

198.
Sasontên mila dènyarsa singir |
nanging ajrih manawi dinukan |
mring raka dadya tyas mêne |
garêncêngan ing kalbu |
arsa munjuk-munjuk pan ajrih |
tag-tig widhag-widhigan |
tan saranta matur |
ing raka Sèh Amongraga |
kula nuwun pangapuntên ingkang mugi |
wontên lilah paduka ||

199.
Lamun parêng paduka lilani |
kewala pun sunat sisingiran |
dhikir maulud pedahe |
Amongraga amuwus |
inggih sunat-sunat utami |
kurmat (n)Jêng Rasullolah |
manpangat aplanlu |
Jayèngraga enggar ing tyas |
wus kalilan kêtêkan sru nêging ngati |
sênthot mêdal ing jaba ||

200.
Jamal Jamil lawan Jalalodin |
Nuripin tan kantun Jayèngraga |
lênggah ing pandhapa ngèglèh |
mundhut trêbang têtêlu |
lawan kêndhangira satunggil |
pra santri kang jagongan |
mire maro kêpung |
angandika Jayèngraga |
marang para lurah santri gus Arpani |
Jonadin Jayaniman ||

201.
Bagus Yahya gus Jalalèn tuwin |
gus Dawud gus Yusup Amad Darsa |
kinèn mêpak lèrèhane |
myang para bêkêl dhusun |
kang sami kewala agami |
dhalang topèng Ki Crêma |
-sana anèng ngayun |
kalawan Widilêksana |
Tunjangkara samya cêlak Jayèngragi |
para santri aberag ||

202.
Amongraga mèsêm aningali |
mring kang rayi sira Jayèngraga |
angling mring Jayèngwèsthine |
rayinta wus adangu |
dènnya arsa asunat singir |
Jayèngwèsthi turira |
inggih sakalangkung |
yèn ta sampuna kapalang |
jrih ing tuwan kêdah natap Cara-bali |
salendro myang pelogan ||

Jilid 5 - Kaca : 204

203.
Tan pae lan karsane (n)Jêng Kyai |
tuwin ibu sangêt brangtanira |
duk wingi kantaka supe |
kathah karasèng kalbu |
Amongraga nauri aris |
botên maibèn yèn ta |
cuwèng tyas pun ibu |
mugi Hyang kang ngapura-a |
inggih yayi prayogi andika mijil |
kalih paman sadaya ||

204.
Kawularsa sêpêning awêngi |
nulya tumurun Sèh Amongraga |
maring langgar panêpènne |
Jayèngwèsthi amêtu |
lawan ingkang paman kêkalih |
Suharja Wiradhusta |
praptèng pandhapa wus |
kang raka aris ngandika |
para iki nganggo (n)dadak têrbang katri |
aramèn nganggo kêndhang ||

205.
Jayèngraga mring raka turnya ris |
mapan tiyang sampun kinalilan |
punapa rinaos malih |
ngajrih-jrihi tiyang yun |
kang raka gumujêng nudingi |
andêlna yèn singiran |
rahabe kalangkung |
Jayèngraga angandika |
marang dhalang hèh Crêmasana sirèki |
undangên Widiguna ||

206.
Iya suwunên mring (n)Jêng Kiyai |
lan si Suratin yèn anèng kana |
anake pak Rajinah-e |
lamun tan anèng ngriku |
ampirana nèng wismanèki |
lan malih timbalana |
putumu si Sênu |
lan paman Ki Kulawirya |
aturana nulya kang liningan aglis |
mentar enggal-enggalan ||

207.
Praptèng jroning regol aningali |
wong gêr-gêran Ki Crêma wus nyana |
yèn Ki Widiguna kae |
pinaran tan asantun |
kagyat Widiguna kapanggih |
Crêmasana ajarwa |
lakune ingutus |
Widiguna saurira |
yèn makatên dawêg marêg (n)jêng Kiyai |
nulya nêmbah ing ngarsa ||

208.
Matur kawula dipuntimbali |
ing putrapaduka Jayèngraga |
Crêmasana kang kinèngkèn |
dipun purih umatur |
Kyai Bayi gumujêng angling |
iku kanca kabudan |
dhumpyuk padha kasud |
dhêdhalang angundang dhalang |
sing kon (n)dhalang kang kinongkon dhalang sami |
padha dhalang-dhalangan ||

209.
Ana gawe apa dene gati |
Crêmasana umatur putranta |
karsa trêbangan rêramèn |
Ki Baywa ngling amuwus |
dènlilani mring Amongragi |
matur kados kalilan |
de suka kalangkung |
Ki Bayi gumujêng enggal |
ingsun nêmpil sadhela iya sathithik |
wong loro banyolana ||

Jilid 5 - Kaca : 205

210.
sarêng (m)bêngok anjêlih wong kalih |
samya kagèt sadaya alatah |
bêkêm-binêkêm karone |
Widiguna acucut |
Crêmasana lucu kêpati |
poyok-pinoyok samya |
gêr-gêran ginuyu |
(n)jêng Kyai gumujêng suka |
nulya mundhut rasukan sêmbagi abrit |
kalawan ikêt jingga ||

211.
Crêmasana kulambiku iki |
sun paringkên (ng)gonên Jumungahan |
ikêt (ng)gonên yèn anopèng |
Ki Crêmasana nuwun |
nêmbah-nêmbah langkung kapundhi |
nèng mustaka kacancang |
pupucuking rambut |
dahat ing kalingga murda |
sih (n)jêng Kyai dadosa jimat paripih |
dados ing kayuwanan ||

212.
Lah ya uwis dadak crita ringgit |
(n)jêng Kyai sarwi anggêgêm yatra |
sajêmpèl sinêbar (ng)gonne |
wong ro kinèn angrêbut |
Crêmasana Widiguna glis |
rêgêjêgan rêbutan |
brawuk binarawuk |
goh-ginogoh ing gêgêman |
rame wêngkang-winêngkang tindhih-tinindhih |
konthole Widiguna ||

213.
Ginujêngan sêt anjêlih-jêlih |
Widiguna kandhutane wutah |
kang dènmut ginêgêm dene |
kabèh kêna rinêbut |
Crêmasana bungah kapati |
dènculkên kontholira |
Ki Widi mimisuh |
Ki Bayi asuka-suka |
gumêr-gumêr gumêdêr jalu lan èstri |
(ng)guguyu Widiguna ||

214.
Crêmasana pan umatur aris |
inggih rayi dalêm Kulawirya |
ingaturan putra mangke |
Ki Bayi alon muwus |
ya wis sira ngidula aglis |
kang liningan sandika |
nêmbah samya mundur |
anakipun pak Jariyah |
gus Suratin si Sênu wus dèntimbali |
wus kerid sadayanya ||

215.
Tan adangu wus prapta ing ngarsi |
Jayèngraga ngling mring Crêmasana |
dene suwe sira monyèt |
Crêmasana umatur |
inggih sawêg dipunparingi |
ginanjar udhêng jingga |
sarasukanipun |
sêmbagi bang langkung pelag |
dipunkêmbar gêbal-dalêm tiyang kalih |
kula lan Widiguna ||

216.
Sarta pinaring arta dhik-udhik |
kang ngrêbat kula lan Widiguna |
ramanta sangêt sukane |
Jayèngraga gumuyu |
sukur sira karo pinaring |
si Sênu lan si Surat |
kon maju ing ngayun |
nulya majêng anèng ngarsa |
Jayèngraga anuduh marang Nuripin |
bocah ro wènèhêna ||

Jilid 5 - Kaca : 206

217.
Nyang si biyung konên anggêlungi |
karo pisan bae konên ngêmbar |
kang lir ronggèng busanane |
sigra ingirid mangsuk |
mring dalême Ki Jayèngragi |
yata Ki Jayèngraga |
trêbange ginêmbrung |
lêkas amaca sêlawat |
lan wong akèh salalahu ngalaihi |
wasalamu ngalaeka ||

218.
Nulya talu barung Bismillahi |
amana Bismillahi amana |
mana lilah gêr arame |
trêbang gobyog ambarung |
ajêguran gumuntur asri |
gumêmbrêng agêmbrungan |
abarung brêng-brong-brung |
angguguk gêndhunging kêndhang |
kêmpyung imbal atampèlan lan trêbang tri |
sênggukan magak-magak ||

219.
Samya kagyat kang wong jalu èstri |
wong sadesa kadi ginugahan |
tangi padha nonton kabèh |
dhêrakalan lumayu |
tuwa anom gêdhe lan cilik |
rare nangis amothah |
ting crêngèk kêmayu |
ginendhong nangis nèng dalan |
anggawa bor upêt colok myang didimik |
miwah êting daluwang ||

220.
Miwah kang anèng dalêm lèr sami |
mirud aningali ing kidulan |
jalu èstri age-age |
lumayu rêbut-dhucung |
mung kang anggêr kewala kari |
tunggu têngga dandanan |
lan kang sêpuh-sêpuh |
rarya lit gusis sadaya |
mring kidulan pêndhapa jêjêl apipit |
jalwèstri yèl-uyêlan ||

221.
Wus antara dangu talunèki |
nulya suwuk amaca sêlawat |
ngaring-aring sadayane |
ingonnira winangun |
kinang rokok wangèn lilinting |
nipah kalobot mênyan |
srotong lan kêlukuk |
rokok tanjung kapulaga |
wedang kopi jênang widaran krakkêling |
grubi ulêr-ulêran ||

222.
Santri saya kèh mèlu alinggih |
samya lahab milu sêlawatan |
wong tuwa bocah sêdene |
Jayèngraga amuwus |
mring Nuripin lan Jalalodin |
karo mêngko êmpraka |
nuli gênti maju |
si Crêma lan Widiguna |
kang liningan sandika aturirèki |
berag santri sadaya ||

Jilid 5 - Kaca : 207

223.
Jayèngraga angandika malih |
Nuripin pundhutên têrbangingwang |
si Macan Garongan kae |
lawan mundhuta angklung |
têka lima gêdhe lan cilik |
mundhuta manèh trêbang |
têlu êngkas gupuh |
kang kinèngkèn sigra-sigra |
mundhut trêbang titiga tan dangu prapti |
kalawan angklungira ||

224.
Wusnya katur marang Jayèngragi |
nulya sinêntak Macan Garongan |
ginêmbrang arum swarane |
dadya trêbang pipitu |
angklung gangsal kêndhang kakalih |
ingkang sami narêbang |
Jayèngwèsthi mungguh |
lan kang rayi Jayèngraga |
Wiradhustha Suharja Kulawiryèki |
gus Dhaud Amat Asra ||

225.
Santri lilima ingkang ngangklungi |
Widilêksana lan Tunjangkara |
kang nabuh kêndhang karone |
arumat sêdaya wus |
Jayèngraga lêkas asingir |
bawa maca sêlawat |
lagu Sêkargadhung |
swara ngêlik arum mêmbat |
ya illaha illaha ya illahai |
ilalah Allah Allah ||

226.
Sinauran swara kèh gora tri |
sarta lan trêbang pitu barungan |
angklung lan kêndhang arame |
angguguk imbal gêdhug |
kêmpyang kipyah angklung angênthir |
klung klung thur nut irama |
pong ping pyêk prong prong brung |
thung thung dhah dhung grug bêng bung brang |
puk pêk ping pêk pong bung pèng pèng tong-ting tong-gring |
pêp pêp bah pung byang dhung brang ||

227.
Kang ngemprak Nuripin Jalalodin |
sarwi nyêkêl sumbu mubyar-mubyar |
mubêng kalangan ngalètèr |
sarwi angêmut sumbu |
tênggok karo dènbarongoti |
cicingklok cêcangklakan |
pan surung-sinurung |
brongot-binarongot gantya |
dangu dènnya bêng-ubêngan siring gênti |
kalangkung rahabira ||

228.
Lamun nuju tibaning ing singir |
Jayèngraga ngêlik abarungan |
wong pitu rêmpêg ungêle |
arum nuntung anuntung |
lir salendro munya angrangin |
kang senggolan kewala |
lulut wilêtipun |
singir dêling angêmanak |
tan sarênti lapal bisahri rabingi |
kad badan nurhul akla ||

229.
Payah badan badra bida kali |
mayujla anna rat bihil akla |
nusarkan wamagribane |
alussamai kalu |
umarkaban ahlan waulbi |
soban nur ngijan ripta |
tanpa mamis luhu |
kil ngatil niniyus tahlan |
wa la mar-ahul badrukarli kusnihi |
bah jata tlubu akla ||

Jilid 5 - Kaca : 208

230.
Anulya kang santri naurani |
tanpa rungwan barungan lan trêbang |
sawiji tan ana gèsèh |
kalangkung gêr gumuntur |
sinalahan sêlawat nabi |
wa salalahu ngala |
-ihi wasalamu |
salalah ngala Muhammad |
suwuk alon trêbangira angêpiping |
bêng bêng bêng sèlèh trêbang ||

231.
Jayèngraga nulya maca rawi |
tumèmbêl patitis kira'atira |
pasekat dawa cêndhake |
sêmbada êmpuk mêntul |
sajak Yaman wus angêsèhi |
wilête ambiyolah |
ngêmandhang alandhung |
anggalêndêm rum araras |
santri ingkang ahli kira'at tyase ênting |
myarsa pasekatira ||

232.
Wus bakda dènnira maca rawi |
nulya sasambèn udud anginang |
winêton panganan malèh |
inggih sakantunnipun |
suprandene misih prayogi |
santri samya nyamikan |
ing sasênêngipun |
nulya lêkas bawa Lêmpang |
Allahu ya Allahu Allah ya rabi |
na Allah kasbun Allah ||

233.
Tanggap barêng santri kèh nauri |
angantêp swara tan ngetang èrak |
sadaya samya rahabe |
gumêr gumrumung ngandul |
asauran gantya wus kadi |
Monggang lan Lokananta |
nganyut-anyut arum |
Ki Crêma lan Widiguna |
samya êmprak bêksa Kêlana-tinangkil |
karone ikêd jingga ||

234.
Cathokan sêt nyênthong asisinthing |
rambut pinuntir ngluwêr singsêtan |
cawêtan sabuk sondhère |
akawêng tali wangsul |
pan andhèglèg ambapang ngibing |
apasang pupu malang |
ngingkrang gêdrug-gêdrug |
hebat grudha anjingklak |
sêblak larap narècèt mundur sêrisig |
anglênggak langak-langak ||

235.
Tangan kipat-kipat ukêl tangkis |
dariji gêtêr ambuntut landhak |
andhêngklang manthêng mathènthèng |
maju banyak salulup |
anggêndhingdhang lambung klak-aklik |
pacak-gulu èjlègan |
manggut-manggut nyunguk |
angêmbyak akipyah-kipyah |
kêplok tangan lêmpêng aniba gionjing |
akiprah gidrah gidrah ||

Jilid 5 - Kaca : 209

236.
Jayèngraga tyasira mèh kêdhik |
sèlèh têrbang ambêksa Kêlana |
myat ing raka tyas jrih mêne |
mupus mung nrêbang bêsus |
angungkuli kang sadayèki |
ngapipir ngipat-asta |
imbal rangkêp baut |
ngagêm si Macan Garongan |
pan jumêngglung lir gong Siyêm matug bêning |
tan ana timbangira ||

237.
Aningali bungah sêdayèki |
myat kang êmprak lan ingkang narêbang |
sauran tiba singire |
angêlik tan akantu |
bi aslabi arbah sodadi |
kadis samsu pilibra |
jihatan akalu |
kulu wasirtu sarian |
pi butuni tasarapat li kamali |
pi lumuriltu ngawal ||

238.
Naurani santri kwèh gora ngrik |
sru asêsêg gibyok trêbangannya |
pong brung brang brung bêng tung tung grèng |
pêg pêg bah bah kur bah kur |
nguk nguk bêbêb clong clung thur thur thir |
tong ting thor bong pung pung brang |
tanpa rungyan ubyung |
Crêmasana Widiguna |
nyêkêl colok ngêngkêlang colok susumping |
colok nyakot amubyar ||

239.
Rame surung-sinurung sisirig |
bobrongotan pan bakar-binakar |
Kalana pêrang rekane |
atêlorongan sumbu |
[...]|
bar bêr mubyar-cinandhak |
gya kinarya cundhuk |
saingga lir pangabaran |
kang anonton ênting sukane kapati |
samya sumyah gêr-gêran ||

240.
Samya katêmbèn dènnya ningali |
nulya suwuk amaca sêlawat |
samya lèrèn sadayane |
Jayèngraga gumuyu |
ingkang raka gumujêng ririh |
dhasare tukang bêksa |
kinèn êmprak baut |
karya bungahe ngakathah |
anglêgakkên galihe para priyayi |
Ki Crêma Widiguna ||

241.
Tinimbalan maju anèng ngarsi |
pinaringan panganan sêgêran |
rujak kopyor jruk kêproke |
dèn-galundhungkên nêlu |
kang sawiji dipunisèni |
arta sêjampêl sowang |
kang pinaring nuhun |
mundur wangsul ing (ng)gènnira |
wus pinangan nulya kang pinindha ringgit |
si Sênu lan gus Surat ||

Jilid 5 - Kaca : 210

242.
Saking wetan padhang dènobori |
ingiring para rare jêjaka |
cingak wong nonton arame |
ngaruhi (ng)guyu-ngguyu |
uyêg kabèh samya anolih |
bilah nganggo ronggèngan |
merok-merok ayu |
ting balêkèr guligikan |
ham hèm ramya nêbut bilah setan rajin |
rajine pak Rajiyah ||

243.
Nulya piyak mire nganan kering |
pating kacêmut acukikikan |
kabèh marèngès andorès |
saking suka andulu |
kang pinindha ronggèng wus prapti |
ngarsane ing ngawirya |
mêpês sila panggung |
Jayèngwèsthi mèsêm mulat |
Jayèngraga gumujêng suka ningali |
Kulawirya alatah ||

244.
Pan kinêmbar busananirèki |
sinjang parangrusak kêmbên jingga |
rinenda pinrada adèn |
singsêt ngawêng ing pungkur |
asamêkan mêndhalagiri |
wangkong wingking taliban |
mancut adu mancung |
tapih sipat polok tinap |
asandhungan pangasih nêrampat wuri |
widi jênar gêbêgan ||

245.
Sêngkang uliran têmunggul siji |
pupur rinêmbug pêthak sumilak |
cêthik asangsangan kace |
gêmbaya brit kustalus |
gêlung sêdhêng bokoran jinggring |
pinalipit ing sêkar |
nganggit magêr-timun |
tinirahan oncèn muncar |
pinalangkan ing jungkat pênyu rinukmi |
cundhuk-mêntul tamèngan ||

246.
Jayèngraga angandika aris |
sapa ingkang andandani sira |
apa ya si biyung dhewe |
Surati nêmbah matur |
Nyai Daya ingkang (n)dandosi |
mijil (m)bêkta busana |
saking jro sadarum |
panuwunipun (m)bok inya |
iya ta lah Nini Daya dene apik |
bisa karya yu warna ||

247.
Lah wis ayo empraka kang bêcik |
kang liningan umatur sandika |
Jayèngwèsthi lon dêlinge |
si Jamal Jamil iku |
konên emprak dhisik wong kalih |
kang rayi nut ing raka |
nulya ngandika rum |
lah Jamal Jamil empraka |
bêrkat sira sabating guru linuwih |
ingong kang ngalap bêrkah ||

Jilid 5 - Kaca : 211

248.
Matur sandika Ki Jamal Jamil |
sarwi muwus sela itêm wawrat |
Jayèngraga suka tyase |
gya kinèn mundhut watu |
pan sakêndhil agêng wus prapti |
dupa mênyan rinumat |
adan lêkas gupuh |
sajak Karang-kabuyutan |
Bismillahi hiamana bismillahi |
amana mana lilah ||

249.
Sinauran gumuruh pra santri |
kadya bendrong sasra abarungan |
gumêr gumêdêr arame |
angklungira kumruwuk |
trêbang umrês barêngan singir |
Ki Jamal Jamil emprak |
lir ngalangi banyu |
sela sagênuk ingangkat |
rame antêp-ingantêpan gênti-gênti |
kadya kapuk salamba ||

250.
Kang ningali kagawokan sami |
sadaya sami asuka-suka |
Jamal Jamil mêndhêt lare |
pasuson dipun-rêbut |
dèn-agirkên rare nèng lampit |
lare alit (m)bêrangkang |
dèn-antêpi watu |
mring wong ro balag-balegan |
biyung anjrit biyang priye kuwe kyai |
wong akèh (n)jêlih samya ||

251.
Nanging rarene sangsaya aring |
gêlèntèran ingantêpan sela |
tan pitaya wong tuwane |
age-age rinêbut |
wus karêbat dipuntangisi |
nulya gêr samya latah |
langkung ramenipun |
Jamal Jamil dènnya emprak |
dènnya bandhêm-binandhêm sakênanèki |
rai wêtêng gigirnya ||

252.
Trêbang ajêngguran manêngkêri |
tinatap gêbyog kaya bêdhaha |
tung plêg tung plêg dhung brang dhung breng |
bêb bêb bah bah gur bah gur |
pang pêng ping bêng kêtongting tong gring |
grung grung byêg brang brung brung brang |
klung klung klur klur thir thur |
Jamal Jamil dènnya emprak |
saya rahab nêlaskên budayanèki |
nulya agêgabusan ||

253.
Nyuwun kalewang berang lan arit |
bapang sinungan kinarya emprak |
kang myat maras tyase kabèh |
nulya bacuk-binacuk |
myang amêcok garês pribadi |
bat-bêt datan tumama |
ngali-ali kêthul |
miwah dènnya babrongotan |
kang kinarya colok obor gêng kang gêni |
rame bakar-binakar ||

254.
Jamil kinarya têdhas ing gêni |
bêbêd saruwal kulambinira |
udhêng rambut lan jenggote |
pan dadya gêni murub |
mulat-mulat abadan gêni |
wong nonton eram-eram |
langkung sukanipun |
Jayèngwèsthi Jayèngraga |
gung gumujêng ningali Ki Jamal Jamil |
sadaya sumyak-sumyak ||

Jilid 5 - Kaca : 212

255.
Bêbêdira ki Jamal dèn-athing |
athingakên ngoboran kinarya |
anggorèng kacang kadhêle |
matêng samya inguntut |
kulambinya anggembol warih |
gênine ingoboran |
karya (ng)godhog kimpul |
matêng pinangan ing bocah |
nulya nyuwun linggis wêsi gilig kalih |
sinungan kinaryemprak ||

256.
Sigra gêgabusan Jamal Jamil |
pênthung-pinênthung ing linggis samya |
Jamal pinênthung raine |
sru banène kumêpruk |
bathuk pêcah tiba ing siti |
gêtih andêladag |
kêlosodan mujur |
pinindho ngantêpan sela |
sirah rêmuk balung rênyêk badannèki |
ngalumpruk gobrah-gobrah ||

257.
Kang ningali cêp gêtun tan sipi |
gumun samya manahe sumêlang |
sadaya pucêt ulate |
Jèngwèsthi manthuk-manthuk |
gèdhèg-gèdhèg Ki Jayèngragi |
Suharja Wiradhustha |
myang Kulawiryèku |
samya angungun sadaya |
priye kuwe mêngko akale ki Jamil |
agawe gêgawokan ||

258.
Ki Jamil nyuwun sinalip gêndhing |
Sêkar-gadhung kang landhung lon-lonan |
pan mangkana saurane |
ulung asambêr ulung |
ya maole si ulung mati |
ngêlayung ya maola |
roke pida yakun |
Jayèngraga gupuh mojar |
mring gus Surat Sênu lah ngadêga singir |
nuta Jamil kewala ||

259.
Matur sandika kang sinungan ling |
nulya ngadêg mring Jamil winulang |
wus linuruhan mangkene |
Jamil nèng wurinipun |
sarwi (m)bêkta angklung kêkalih |
kang jisim ingubêngan |
sindhên Ulung-ulung |
sambêr ulung ya maola |
si ulung mati ngêlayung mole rokin |
pindha ya kun mangkana ||

260.
sarêng ngêlik mêthit anjêlirit |
alantik lir pulung kang pipitan |
kadya nangisi isthane |
mring bangke kang amujung |
kang ningali samya kèh nangis |
trêbang lirih satunggal |
lan angklung têtêlu |
lawan kêndhange satunggal |
ukur jawil imbal angêpinjal bincil |
kêmpyang nyampyêng pincatan ||

Jilid 5 - Kaca : 213

261.
Ting salêntik pang pik pêk pak pik pik |
tung plêk tung plêk tong ting bung pang pêng byang |
nguk nguk dhung dhung thong thong thur thèr |
kutugipun kumêlun |
mayit obah nulya ngalilir |
lurube ingungkaban |
Ki Jamal wus lungguh |
ambêgane arênggosan |
ingadhêpan ronggèng ro lawan Ki Jamil |
Jamil lir mêlas mulat ||

262.
Nulya nyandhak bêndho lawan arit |
Jamal ngucap hèh ta bêndho sira |
lan si arit bapang kuwe |
lumakuwa sun utus |
padha mèka dawêgan aglis |
gya bêndho arit bapang |
kesah rêbut dhucung |
gumlothak kêtanggor cagak |
Jamil angling bok dènalon bêndho baring |
lunga tan ngarah-arah ||

263.
Ginaguyu mring kang nonton sami |
tan adangu bêndho arit bapang |
kalung dêgan anyagandhèng |
barêng saking lèr kidul |
praptanira asèlèh ririh |
bêndho arit tumumpang |
nèng dawêganipun |
Ki Jamil muwuse sugal |
ora urus jamak banjur dènparasi |
sêpête buwangana ||

264.
Nulya tangi bêndho lawan arit |
ting galasrok marasi dawêgan |
polah dhewe ras rès ras rès |
kang myat suka gumuyu |
dawêgan dèninumkên aglis |
dêgan sakawan têlas |
bêndho arit gupuh |
ambuwang sêpêt bubuhan |
nulya Jamal wus bagas lir wingi uni |
nuwun salin lagunya ||

265.
Dhênggung Bantên bawa saurnèki |
dhênggung yahu daim dhênggung Allah |
daim Allahu daime |
sigra sinauran gur |
brong prong prung brang dhêng thung thung thung gring |
pyak pyok byêg pêp pêp bah bah |
nguk gruk bung thor thir thur |
umrês barung lan sauran |
Jamil Jamal aemprak nêlasakên gêndhing |
gênti nganciki sirah ||

266.
emprak pundhak kinarya cik-ancik |
samya banting-binanting bag-bêgan |
pra emprak tan kadya kiye |
kang nonton sakêlangkung |
cêkakakan hah hah huh hih hih |
kapingkêl kêl kasêlak |
pan kapêntut-pêntut |
kathah kêthuh ngêbrok (ng)gènnya |
akapricit arsa lunga bok dèn-nggoni |
mulane anggadidak ||

267.
Wus antara kasauran singir |
suwuk maca sêlawat lahuma |
sali wa salim ngalèhe |
lan wong kèh salalahu |
ngalaihi wa asalami |
salalahu ngalaya |
Muhammad cêp suwuk |
samya rèrèn sangêt sayah |
amêmangan kang sêgêr myang wedang kopi |
Jamal Jamil ngandikan ||

Jilid 5 - Kaca : 214

268.
Anèng ngarsanira Jayèngwèsthi |
pinaringan ingkang sêsêgêran |
sêmangka jêruk salake |
srikaya lèmèt mêdud |
wuwungkusan pipisan isi |
arta sareyal sewang |
kang pinaring sampun |
nuwun mundur ênggènnira |
asêsambèn sadaya angaring-aring |
nutug dhahar nyamikan ||

269.
Ki Kulawirya amaca rawi |
swara santak erak muluh rêmak |
grawul mung buru wanthène |
sêru rada mêrkutuk |
nanging marang sastra pêtitis |
maca lapal ruwiya |
wulingan kabibu |
salalahu ngalèhisam |
wa huwa ma kakalu ala nguyuni |
ma ka tungun suratan ||

270.
Wusnya tamat dènnya maca rawi |
Jayèngraga ngling suwawi paman |
paduka lajêng bawane |
witipun Carang-gantung |
miba Pêtung-wulung kang aris |
sigra Ki Kulawirya |
abawa swara sru |
ya lailaha ilolah |
ya Muhammad Rasullulohi tangalim |
Muhammad Rabibolah ||

271.
Santri sadaya anaurani |
rêmpêk tan ana mênèhi sajak |
angiyud-iyud swara kèh |
yèn nuju sèlèhipun |
tinanggapan ronggèng ro ngelik |
ngalik-alik araras |
nyamlêng nganyut-anyut |
lir sundari kapawanan |
lantik-lantik sumênut ambêlèr ati |
wong samya sir kumêsar ||

272.
Wilêting pasindhèn amulêt ati |
lir tinutu tan kêna tinata |
tetela lir èstri jiblès |
sasolahe wèh wuyung |
kabèh samya rêmên tyasnèki |
cipta sami kedanan |
mring gus Surat Sênu |
Sunu dhasar putu dhalang |
gus Suratin dhasar anake wong sugih |
ginulang wasis bêksa ||

Jilid 5 - Kaca : 215

273.
Bêkas gambyong mêsês ronggèng kalih |
tan ana sor-sinoran wus rimbag |
cangkêt-cangkêt kêkêncète |
cat-catan kengisipun |
lêntrêng kêsit mungsêr sisirig |
kêclap larap anilap |
lèngèk-lèngèk maju |
jariji kêjêr ling-lingan |
mênthung uwêd andhêngklang gêndhewa gadhing |
sèdhêt andhêdhêt ulat ||

274.
Pacaknya lir Srikandhi nèng kêlir |
lan Drêsanala aparibawa |
tandhing wilêt kalulute |
ulêt lir kupu tarung |
tan kuciwa baude sami |
Ki Crêma Widiguna |
ambadhuti cucut |
sarta enggake imbalan |
abêbanggèn prak-prak kêploke ngêdasih |
coronge mubyar-mubyar ||

275.
Ngêlik Pêtung-wulung kumalinthing |
lir suling wratsari abarungan |
kang tan sêlaya tutupe |
ngalêp-alêp mlasayun |
pan sêmbada sasolahnèki |
sangkêp tangkêpe limpat |
ilo ukêl cênthung |
ukêl lêlathèn tasikan |
inggêg jaja juwêt ngujiwat ngawêti |
Jèngraga kêguguran ||

276.
Karêkuhan tyasnya widak-widik |
dènyarsa ambêksa garêncêngan |
jrih ing raka isin ngakèh |
kadho-kadho angungun |
saking sangêt dènnya kapengin |
Jayèngraga umêdal |
totoya anguyuh |
mring sor jambu ing gêdhogan |
gus Suratin sigra (m)bêkta cèrèt mijil |
kang turas tinuruhan ||

277.
Tinakèn apa gêdhe ta iki |
inggih agênge botên kêjamak |
ah ngajêng sangêt mêdhoke |
Jèngraga sru gumuyu |
sèlèhêna cèrètmu dhingin |
mirêng Sênu sindhènnya |
ngêlik Pêtung-wulung |
cumêngkling bênêr lir pendah |
rêbab sêdhêng olih santêne gumrining |
Jayèngraga ambêksa ||

278.
Lan Suratin dènnira angibing |
pating karinggêk nèng pêpêtêngan |
antara têlung gongane |
lah wis payo anusul |
cangkingên cèrète yèn lali |
kasuwèn bok kênyanan |
wangsul ing (ng)gyannipun |
anutug dènnya trêbangan |
wusnya dangu kèndêl sinalahan sami |
samya so sadayanya ||

Jilid 5 - Kaca : 216

279.
Jayèngwèsthi angling mring kang rayi |
tutugêna manirarsa sunat |
kang rayi inggih ature |
kang raka nulya kundur |
Jayèngraga ombèr tyasnèki |
ngandika mring kang paman |
kadospundinipun |
putrandika kundur sunat |
prayogine bubaran kewala sami |
kula mantuk mangetan ||

280.
Paman kalih kantuna nèng ngriki |
mung suwawi paman Kulawirya |
kang paman alon saure |
lah iya sakarêpmu |
tutugêna iya prayogi |
bubaran sakarsanta |
Jayèngraga muwus |
pênêdipun abubaran |
nulya Jayèngraga lan Kulawiryèki |
samya kundur mangetan ||

281.
Ronggèng roro Sênu gus Suratin |
Crêmasana lawan Widiguna |
Widilêksana lan malèh |
Tunjangkara puniku |
Gandasana sami angiring |
Nuripin Imanarsa |
gus Dawud tan kantun |
kang nonton bubar sadaya |
wus mangkana atata dènnira linggih |
anèng têngah pandhapa ||

282.
Jayèngraga angandika aris |
mundhuta trêbang gêndèr lan gambang |
kalawan kêndhang sulinge |
kang kinarya gongipun |
trêbang bae kang nora sirik |
kang liningan sandika |
tan dangu prapta wus |
thêng thêng pinatut rêbabnya |
nêming gêndèr sinênggrèng ngèk wus pakolih |
nyamlêng nême araras ||

283.
Jayèngraga mèsêm ngandika ris |
sênggrèngên sêsêndhon pathêt sanga |
dèn-nutug lih-ulihane |
Widiguna kang suluk |
kang sinung ling sigra miranti |
Crêmasana angrêbab |
Widiguna suluk |
kang anggêndèr Gandasana |
Tunjangkara pênêt tutupane suling |
Widilêksana (ng)gambang ||

284.
Kulawirya ingkang angêgongi |
gong trêbange si Macan Garongan |
nulya lêkas sêsêndhone |
Crêmasana abêsus |
tutupira gêtêr amiwil |
jariji anglir pendah |
kalajêngking ngêntup |
akêsit lir anggang-anggang |
kosok lamba amuput alus alari |
yèn rangkêp rikat rata ||

Jilid 5 - Kaca : 217

285.
Crêmasana pacake amanjing |
ngik-ingike angèrèng lir garantang |
kawat pakolèh santêne |
ngês wilêt manis arum |
Gandasana gêndèr gumriming |
sêrênge anyalupak |
êmpuk ulêm arum |
bêbêngkakane ngêmanak |
pênabuhe apinjal pancêr mincati |
sêmune lir Unêngan ||

286.
Widilêksana pênggambangnèki |
apik dhasar gambang dadi anyar |
kayu rawan rum swarane |
kalêrêsan pikantuk |
grobog sêdhêng rong-rongannèki |
placak paku kuningan |
sasênthêng pinuntu |
apêsagi rarasira |
panabuhe narithil driji kumitir |
galêbêg tan carukan ||

287.
Abot kiwa kêbat alêstari |
têr gêtêr lir kupu prêt-uprêtan |
tan (ng)goling wiwilahane |
macalang wilêtipun |
baut bêsus anggunungsari |
Tunjangkara dènnira |
nyuling nganyut-anyut |
tiupan pakolih jamang |
wuluh tarang tuwa bobotsari tipis |
mencok unyêranira ||

288.
Tan bêlero laras nora silir |
mathis manis ènthèng swaranira |
bêning cengkok tutupane |
samya rêbut ngêsipun |
kèh uninya amêmêlingi |
sumêlèt athuthitan |
paniyupe landhung |
anglir pulung kapipitan |
pra niyaga kang samya sêsêndhon ngênting |
Sarayuda sabêman ||

289.
Jayèngraga angandika aris |
wanci punapa punika paman |
Ki Kulawirya saure |
pan iki bakda saur |
durung bêdhug têlu kang wanci |
sêtun satêngah tiga |
Jèngraga amuwus |
sainggane rong gêndhingan |
apan kanti Crêmasana matur aris |
kados botên kasêsa ||

290.
Lah ya payo muni Lompong-kèli |
nuli Pêtung-wulung ingkang mêmbat |
nulya buka gêdhingane |
êgong trêbang jumêngglung |
pan ambaung lir gangsa yêkti |
rêbab ngêcêg ngak-ngikan |
gambang kumlunthung thur |
suling mêrit atilêpan |
gêndèr nal-nil Widiguna angêndhangi |
Rara-ciblon kosekan ||

Jilid 5 - Kaca : 218

291.
Rarasnya rum nyundari ngrêrangin |
ingkang nabuh samya bautira |
adu wilêt yatmakane |
ing gêndhing ngêsês bêsus |
Crêma Widi kalok pasisir |
niyaga Wanamarta |
kang komuk mumuruk |
ronggèng ro Sênu lan Surat |
sarêng ngêlik mêdêd lêmpêng Lompongkèli |
saya wèh kalinglungan ||

292.
Dhasar wus ênggone anèng gêndhing |
kang anabuh ambantu tog-togan |
rêmpêg mrih padha rasane |
ronggèng sangsaya bêsus |
pêngibinge dipun-gêndhingi |
kang myarsa nunjang-nunjang |
lumayu andulu |
asukup padha sadhela |
ing pandhapa gêdhe cilik jalu èstri |
apipit yêl-uyêlan ||

293.
Saya karênan ingkang ningali |
Jayèngraga ngatipung pangpungan |
sarwi alon ngandikane |
paman supaminipun |
punapinggih punika kenging |
lamun dèn-emprakana |
kang paman gumuyu |
patute bae ya kêna |
dene ingkang ora nganggo ênggonnèki |
namung trêbang kewala ||

294.
Wah mêngkana ing kono Nuripin |
Dawud Amad-arsa priye sira |
kang sinung ling lon ature |
sumangga karsanipun |
langkung ajrih matur kumawi |
Kulawirya lingira |
kèh-akèh rinêmbug |
wis payo têka empraka |
ngarah apa mêngko manira labuhi |
Jayèngraga alatah ||

295.
Nging yèn wontên dukane (n)Jêng Kyai |
ngong tan uning mangsa borong paman |
Ki Kulawirya (m)bêgènggèng |
ya wis ana ing aku |
kang nadhahi dukane kyai |
kang putra dhasar karsa |
ana kang ananggung |
Jèngraga cucul rasukan |
nyamping dhêstar ingêlus ingkang alêngking |
ngusap-usap kumbaya ||

296.
Adan jumênêng lêkas angibing |
Kulawirya ngadêg asêrigag |
Nuripin Jalalodin-e |
kinèn anyêkêl sumbu |
wong kêkalih lir ambadhuti |
Jayèngraga abêksa |
pacake asaguh |
bêksa Panjinom Madura |
miwir nyamping agêtêr jêmpol klak-aklik |
atanjak kêbo-mênggah ||

297.
Mêdhi-kèngsêr ngalêsêd narisig |
angikal ukêl asta ngrajungan |
midak irama tindake |
parigêl egol lambung |
aluk-lukan ula ngêlangi |
narèdhèt asigêgan |
pacak-jangga manglung |
amênthang asta andhêngklang |
pan haebat naga kabunton anolih |
alaras riringgitan ||

Jilid 5 - Kaca : 219

298.
Kang ningali kathah samya linggih |
myat kang bêksa sadaya asênggak |
kêplok lir gêrah swarane |
samya suka andulu |
bêndarane suka angibing |
pasêmone awayang |
lir Wirun abagus |
sarira lurus ajênar |
brêngos têpèn kêkêtogan lir minangsi |
waja tètèsing toya ||

299.
Langkung bungah-bungah kang ningali |
samya eram-eraming kedanan |
sakèhe kang nonton kabèh |
micarèng jroning kalbu |
dhuh bêndaraningong wong sigit |
lae-lae saengga |
mêmundhuta mring sun |
ngong-rewangi raya-raya |
numbuk bêntus datan etang kinarikit |
tyasingwang tan sumêlang ||

300.
Sangsaya berag dènnira ngibing |
ronggèng ro pêncar mubêng kalangan |
kumpul prêpêt nindur age |
sarwi anêngkah lambung |
golang-galing ling-lingan liring |
cêthik methok apasang |
nampèl-nampèl pupu |
Jèngraga lir pinagolan |
jaja mungal manglung ing jangga angliling |
kadya grudha kasêlak ||

301.
Hebat kêclap kumalebat kêsit |
lir paksi prit mêsat sing pangundhan |
alon akalangan kangsèn |
kêjêr gambrêt aniyub |
mencok maring pangundhan wêntis |
uwal muwêr nèng ngasta |
sisirig ngandhuyuk |
mathêt ngalêtêr ting-tingan |
larap marang ngarsa nindur sarêng ngêlik |
amanis gêtas rênyah ||

302.
Apupunton swara rum amanis |
mirut sakwehning ulon animbang |
anyamlêng mathis manise |
tan malèsèt sarambut |
ngês wilête amêthêt ati |
ati pêthot thêl gigal |
gêlêng golong linglung |
kairup langên kalangwan |
Jayèngraga mênthang ukêl angêtibing |
nangkluk klêg pacak-jangga ||

303.
Wus adangu luwar dènnya ngibing |
nulya lênggah sadaya atêrap |
sinung wedang panganane |
ngaso-aso sadarum |
amêmangan myang nginum kopi |
nutug dènnya nyamikan |
Jèngraga amuwus |
yèn wus aso sasêndhonan |
pathêt manyura Widiguna nyuluki |
wusnya banjur gêndhingan ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (40) Kaca 196 – 202
  • (42) Kaca 220 – 223 >