Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434702
Hari ini     :Hari ini :102
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :168
Bulan ini   :Bulan ini :3331
s/d hari ini   :s/d hari ini :434702
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 13

Kontak Admin.

email-kidemang

 (42) Kaca 220 – 223

 

( Sasampunipun bibaran Jayèngraga tilêm ing paningrat )

Sasampunipun bibaran Jayèngraga tilêm ing paningrat anganthi ronggèng kalih ingkang kadhawuhan ndongèng pêngalamanipun dipun gandrungi têtiyang jalêr.

Wêkasan ronggèng angladosi Jayèngraga dumugi ubaling nafsu sahwat.


Kaca 221 – 223

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 5 - Kaca : 220

304.
Pêtung-wulung tibakna Ginonjing |
niyaganya sigra pêpathêtan |
nutug olèh-olèhane |
lan buka Pêtung-wulung |
Jèngraga ngling paman sumawi |
Kulawirya agêpah |
sabuke dènulur |
ngiras sondhèr singsêt pisan |
dhêstharira tinêtêpkên kacêp alis |
nyamping cancut serongan ||

305.
Kawêng sondhèr tali wangsul prêkis |
tandang saguh asinggah agagah |
bêksa Dhadhap krêta cèkèh |
tanjak alaras maju |
nyidhang mundur kicak narisik |
majêng siblak tayungan |
lajêng nrisik mundur |
anampa manggêl amagang |
ngingkrang nyidhang manggêl majêng anaricig |
jêglig apacak-jangga ||

306.
Pêtung-wulung aniba Ginonjing |
nulya kiprah abêksa Kalana |
pacak-gulune aèjlèg |
ronggèng ro angrêrubut |
nindur gêndhèng mungsêr sisirig |
gulêt ulêt-ulêtan |
mubêng maju mundur |
lincak-lincak kicat-kicat |
amêtènggèng mathènthng lir Bima-kunthing |
manggêl thêg macak-jangga ||

307.
Nulya sampun dènnira angibing |
kêringêtira apêruntusan |
lèrèn aso sadayane |
sêsambèn nyamuk-nyamuk |
wusnya nutug amacit sami |
Jayèngraga ngandika |
dhunêna rêbabmu |
kêndhonana kêndhangira |
payo padha bubaran sêdhênge arip |
kang liningan sandika ||

308.
Angling malih amundhuta dhuwit |
têlung reyal paringna niyaga |
tan dangu praptèng ngarsane |
gya pinaringkên sampun |
pra niyaga nêmbah nuwun sih |
nyamikan binêrkatan |
sigra samya mundur |
Kulawirya apamitan |
kang anonton wus samya bubar tan kari |
mung Sênu lan gus Surat ||

309.
Ingkang datan kinalilan mulih |
anata pasareyan nèng paningrat |
wus miranti saulêse |
Jayèngraga duk wau |
nèng paningrat dènnya aguling |
Sênu lan bagus Surat |
angêloni pupu |
dangune akalêsikan |
Jayèngraga èsmu (ng)guyu angling ririh |
sarwi narik pipinya ||

310.
Sira karo dèn manjuluk thithik |
samya manjuluk dumugèng jaja |
angêkêp lambung kalihe |
[...] |
ronggèng roro dèntêtakoni |
sarwi kinèn nêkêma |
ing kagunganipun |
ronggèng ro agaligikan |
samya nêkêm rong têkêm panjangirèki |
watês galêng kewala ||

 

Jilid 5 - Kaca : 221

356 Dhandhanggula

311.
Sira iku wis padha nglakoni |
kêlampokan lawan bocah-bocah |
gêdhe êndi karo kiye |
ronggèng roro gumuyu |
matur dèrèng tate dènwori |
maido Jayèngraga |
apa munga aku |
cêkake bae uwis sira |
gus Suratin matur inggih sampun mami |
kang kadugi ing manah ||

312.
Sami sutaning sudagar singgih |
ingkang asih lir tiyang kedanan |
kewala kang sami dene |
santri (ng)gih kathah wuyung |
nanging datan kula-langgati |
namung rayi paduka |
gus Kanjir kang sampun |
putrane Ki Wiradhustha |
yèn kang sêpuh mung paduka lawan malih |
kiyai Kulawirya ||

313.
Jèngraga ngling paman lawan mami |
gêdhe êndi matur kang liningan |
gêng panjang paduka kiye |
kiyai mung saêcu |
yèn punika saêcu luwih |
kurang kêdhik sakilan |
Jèngraga gumuyu |
sapa manèh kang anggarap |
matur sampun ora satêmêne maning |
inggih namung punika ||

314.
Lah si Sênu kapriye sirèki |
aywa kumbi matura pasaja |
Sênu nêmbah lon ature |
inggih kathah kang wuyung |
mring kawula kedanan sami |
santri myang sudagaran |
kathah pawèhipun |
sami ing ngriki kewala |
mèh wêradin akathah kang sami brangti |
inggih dhatêng kawula ||

315.
Kalih ki pangulu Basarodin |
dipun kaluthuk namung sapisan |
kapok kinalampok malih |
Jayèngraga gumuyu |
guligikan gêroyok angling |
kadèkne kêlirikan |
nyat bocah rumusuh |
bagus kang suluh wadana |
mas pangulu ulate angincih-incih |
nora mambu wong tuwa ||

316.
Saliyane ing kene wong êndi |
Sênu matur pan inggih kawula |
nuju katimbalan nopèng |
dhatêng kitha rumuhun |
kinêrsakkên dhatêng (n)Jêng Kyai |
dipati Tintên sowan |
gêng ganjaranipun |
busana arta kandêlan |
bunton jêne kawula ngantos tri ari |
tan sinung mêdal-mêdal ||

Jilid 5 - Kaca : 222

317.
Tuwin para putra santanèki |
kathah kang kedanan mring kawula |
mila wit kawula wade |
(ng)gih sapikantukipun |
tiyang nistha ngling Jayèngragi |
manira lan kakangmas |
gêdhe êndi iku |
umatur agêng paduka |
angling malih iku pan goroh sirèki |
lan sun gêdhe kakangmas ||

318.
Sarwa ngoncori lawan ing mami |
kêrana aku duk maksih jaka |
kangmas tumênggung sring mrene |
kadhang sun kang lumêbu |
anèng kana tan pisah mami |
kongsi sêtêngah wulan |
tan kalilan mantuk |
mring wang karsa kêlampokan |
pan pinêksa makênêng lagya sakêdhik |
mopo aku tan kuwat ||

319.
Mung sun-kêmpit ing pupuku mipit |
kanti angganjêl anèng wêlakang |
linulur pêgêl raose |
badhe iya satuhu |
matur namung kaot sakêdhik |
sarwi gelo ingogak |
Jèngraga gumuyu |
sapa kang ngluwihi kangmas |
matur botên wontên sarwi anggaligik |
ora têka balaka ||

320.
Matur ngênthêt-ênthêt asmu isin |
inggih wontên nglangkungi rakanta |
agêngipun myang panjange |
gêbaldalêm puniku |
Kaki Widiguna nglangkungi |
anguwêr mring kawula |
kongsi anjêngkêrung |
Jèngraga gumuyu latah |
anêmpuh byat dene putune pribadi |
apa mèri wong kathah ||

321.
Jêr rupamu (ng)grêgêdakên ati |
sira ro apa tan kangên mring wang |
lan pirang dina lawase |
tan katêmu maringsun |
inggih wontên kalihdasa ri |
Surat umatur sapasar |
apa jrih kalamun |
tan wontên ingkang timbalan |
ye dènmrene kewala mêngko sun-ganti |
samya matur sumangga ||

322.
Yata wau myarsa swarèng pêksi |
kluruk ayam myang putêr bênggala |
Jèngraga kadho karsane |
panggalihira tanggung |
angandika mring ronggèng kalih |
Sênu Suratin sira |
têkêmên bae wus |
cuwa ing wêktu tunggangan |
nulya samya nat-nêt anêkêm-nêkêmi |
sarwi ganti angaras ||

323.
Warastranya dangu dènarasi |
dènnira makas wus waunira |
Jayèngraga rongèh tyase |
kumênyar angganipun |
datan kêni dipunsayuti |
mrêkiding bêbêdêngan |
ngacêcêng sakojur |
nuju ronggèng ro araras |
sangêt ngingsêp kumêjot nyêroti pipi |
karone gubras-gubras ||

Jilid 5 - Kaca : 223

324.
Angga lêgêg ngudal-udal mijil |
alêr-lêran nandho nèng landhungan |
nora ucul panggêgême |
Jayèngraga ambêkuh |
ah ah ngêsês hêm hêm sarya ngling |
o o lah kêtiwasan |
priye kuwe iku |
dha pada ngur dèntamakna |
ginaguyu ing ronggèng pating galigik |
tuntas dènnya dêrawas ||

325.
Kêkênthêlan anjêdhêl nèng rawis |
miwah kang kathok anèng landhungan |
dènkêsuti sap-tangane |
kêbês kumbayanipun |
pan warata lir dènsêkuli |
Jèngraga wungu nendra |
anggêrêng gêgêtun |
nyampinge adêlêmokan |
èh Suratin mundhuta nyamping dènaglis |
kulambi sabuk deêsthar ||

326.
Mring si biyung kang kinèn gya prapti |
busana katur nèng patadhahan |
Jèngraga mring patirtane |
Sênu Surat tut pungkur |
marang kulah tinalang mili |
kungkum siram jinabad |
purujil mani wus |
ronggèng ro kinèn anguma |
anggosoki kagungan landhunganèki |
anglalar sariranya ||

327.
Nuli mêntas dènnya asusuci |
salin busana sapangadêgan |
patlêsan pinaringake |
maring gus Surat Sênu |
nanging Surat matur tan apti |
nuwun panah kewala |
sagandhewanipun |
lan êmprit kang muluk lêpas |
sinaguhan pinaringan samya tampi |
nêmbah nuwun kalihnya ||

328.
Jayèngraga malbèng dalêmnèki |
Sênu Surat wus cucul busana |
datan winarna solahe |
kang anèng lèr winuwus |
kang jagongan pandhapa sami |
kang nutur kalanira |
mring kidul andulu |
kang emprak singir trêbangan |
para tuwa manthuk-manthuk dènkandhani |
Ki Bayi tumut suka ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (41) Kaca 203 – 219
  • (43) Kaca 224 – 225 >