Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 12

Kontak Admin.

email-kidemang

 (14a) Kaca 123 - 144

 

( Wêkdal Subuh ing Wanamarta sakalangkung rame )

3. Wêkdal Subuh ing Wanamarta sakalangkung rame, adan sêsauran binarung ungêling pêksi tuwin iwèn lan lare alit sinau ngaos. Bakda Subuh ing Jayèngragan rame tiyang nyambut damêl warni-warni badhe ngadani ngundhuh pêngantèn. Ing pandhapi katabuh gamêlan Alun-jaladri sakêlangkung ulêm nganyut-anyut swantênipun. Nanging ila-ilanipun gamêlan wau bilih kaangge mahargya palakrami, pêngantènipun ing wêkasan pêgat-mati Jayèngraga ngundhuh pêngantèn, sadaya mangangge anèh-anèh anggumujêngakên.

Rawuhing pangantèn laju dhatêng ing pajangan, lajêng dhahar kêmbul.

Dalunipun sabibaripun salat sêsarêngan kawontênakên pahargyan.


Kaca 123 - 145


Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 6 - Kaca : 123

362 Asmaradana

182.
Adhuh pêjah kula mangkin |
alon kewala bêndara |
kalangkung sangêt sakite |
mrêkinting kadya pêcaha |
sabêne tan kadyeka |
Jèngraga ngling wong kêsusu |
lara thithik ngarah apa ||

183.
Ginêlak panrêggirèki |
pantog pok Sênu anggronjal |
lir dènogak warastrane |
dhasar wus suwe (m)bêngkayang |
amêlak siningsêtan |
anggadêdêr dhasar kojur |
kumêsar thêr akêjotan ||

184.
Wus tungtas rasaning gati |
warastra tan bisa obah |
kasingsêtan ing pangadon |
tinarik lukar tan kêna |
maksih kêkah nèng papan |
Jèngraga ngling lah wis Sêtu |
aja kok kêncêngi lara ||

185.
Tinarik mêksa ngêncêngi |
ginuyu mring kalihira |
sarwi matur (ng)gih kajênge |
anjiyat sapindhah edhang |
kawula malês mêksa |
mila tan asuka mêtu |
têgêse kenging awisan ||

186.
Lir wong mampir (n)jaluk gambir |
dene kalangkung sakêdhap |
botên sêmantên sabêne |
angling wong wis suwe mangkas |
mulane gêgêlisan |
ya sesuk wae sirèku |
sun-jêthot sadina pisan ||

187.
Dangu prênèsan Jèngragi |
miyarsa kêluruk ayam |
sarta bêdhug têlu Suboh |
pra santri kang samya adan |
kidul lor kulon wetan |
Jayèngraga tyas kêsusu |
dènnya pèpèt wus luwaran ||

188.
Sigra mring patirtan wong tri |
jinabat nawètu huslah |
minaljinabat ashare |
parlan lilahi tangala |
alahu akbar niyat |
ngilangkên kadas kang agung |
karana wênang asalat ||

189.
Parlu pakoning Hyang Widi |
dènnya siram gêgêlakan |
kinalalar lare roro |
wus suci dènnya jinabat |
amundhut nyamping sigra |
wus busana ngambil wulu |
wong titiga ruruncungan ||

Jilid 6 - Kaca : 124

363 Pocung

1.
Surat Sênu anèng tajug adan Subuh |
swarane araras |
lagon Bantênan gumrining |
asalatu kèrun min arum ngêmandhang ||

2.
Sawusipun adan gya sunat sadarum |
pra santri kang salat |
wong tuwa myang santri cilik |
Jèngraga wus sunat anêthêkkên kamat ||

3.
Gya kamat wus Jayèngraga ngangkat prêlu |
usali parêlas |
Subêki rêkangatèni |
ada-an ima-man lillahi tangala ||

4.
Gya Allahu akbar kabiran alkamdu |
-lilahi kasiran |
wa subkanalah bukratin |
wa asilan nulya amaca Patekah ||

5.
Sampunipun Patekah ing suratipun |
pan Inna anjalna |
sawusing Patekah akir |
apan surat Watini wêwacanira ||

6.
Nulya rukuk iktidal andonga Kunut |
asujud ro tahyat |
sarta sumaminah têrtib |
nulya salam bakda gya puji-pujiyan ||

7.
Swara barung rêmpêg nganyut-anyut arum |
sabawaning desa |
kang barungan kang sarênti |
ingkang lagya dhikir myang wus sêlawatan ||

8.
Wênèh kang wus ngaji turutan gumrumung |
anulya gya adan |
sabawane desarja-di |
wor krêngkèting pipikul sami pêpasar ||

9.
Wêktu Subuh wong sadesa tanginipun |
samya nambut-karya |
malah bangun kèh kang tangi |
olah ratêngan wênèh mangkat pêpasar ||

10.
Kang (ng)galêpung ting gêrandhung myang kang nglêmbur |
pandhe gêndhing sayang |
tan sêpên raina wêngi |
amêwahi sênênging desa raharja ||

Jilid 6 - Kaca : 125

11.
Têka sêmu yèn Subuh kwèh swaranipun |
bangun bang-bang wetan |
barung ingon-ingon muni |
jaran kêbo sapi bèbèk miwah ayam ||

12.
Mrak manguwuh nyangungung prêkutut manggung |
myang putêr bênggala |
sikatan munya cing-go-ling |
anèng kaywan kolik munya aklikikan ||

13.
Pêksi tuhu nèng gurda anggantêr asru |
cocak kêkroyokan |
kuthilang imbal kudhasih |
bèthèt jalak sauran menco kêpodhang ||

14.
Swara umyung unine pêksi ambarung |
swaraning pujiyan |
kang pêksi lir angrakêti |
kang amuji myang kadya tutuku jajan ||

15.
Rare gumrah pangajine anèng tajug |
gladhag kang angeja |
alip jabar a jèrè i |
a bêse u ana kang ngaji turutan ||

16.
Kul ya-ayu halkapirun la akbudu |
-na ma tak buduna |
wa la atum ngabiduni |
ma akbud wa la ana ngabidun ma nga ||

17.
-batum wa la antum abidun ma akbud |
lakum dinukum wa |
-liya dini apan nênggih |
kap lam pès kul ya jabar ya lip jabar a ||

18.
Ya pèse yu lapalira kul ya ayu |
ehe lam jabar ha |
kap jabar kape jère pi |
re pèse ru nun jabar na lam jabar la ||

19.
Lip ngin jabar be bêse bru dal bêse du |
ênun jabar êna |
nulya ginêladhag ngaji |
lapal halkapiruna la akbuduna ||

20.
Min jabar ma tengin jabar ta be bêse bru |
dal pès du nun jabar na |
ma takbuduna lan malih |
angejah wau jabar wa lam jabar la ||

21.
Alip ênun jabar a te min pès tum |
wa la antum nulya |
ngin jabar nga be jèrè bi |
dal pèse du nun jabar na lip ngin jabar ||

Jilid 6 - Kaca : 126

22.
Be pèse bu dal pèse du wa la antum |
ngabiduna ma ak |
-but wawu jabar wa nênggih |
lam jabar a lip jabar a nun jabar na ||

23.
Ngin jabar nga bê jèrè bi dal pèse du |
lapal wa la ana |
ngabidun kêlawan malih |
min jabar ma ngin jabar nga be jabar ba ||

24.
Te mim pès tum lapalira ma ngabatum |
gya wau jabar wa |
lam jabar la lawan alip |
nun jabar an te mim pèse tum anulya ||

25.
Ngin jabar nga be jèrè bi dal pèse du |
lawan nun jabar na |
mim jabar ma alip a'in |
jabar ak be pèse bu dal pèse du-nya ||

26.
Wa la antum ngabiduna ma akabud |
lam jabar la êkap |
mim pèse kum dal jèrè di |
nun pèse nu kap mim pèse kum anulya ||

27.
Wau jabar wa lam jèrè li puniku |
lawan ya jabar ya |
dal jèrè di nun jèrè ni |
la kum dinukum wa liyadini tamat ||

28.
Yata wau Jayèngraga wusnya Subuh |
nimbali (m)bannira |
Kartiraga praptèng ngarsi |
Jèngraga ngling hèh ya bapa Kartiraga ||

29.
Rèrèhamu wong magêrsari sêdarum |
myang wong padhukuhan |
sarupane jalu èstri |
pan kêrigên kabèh kon tumandang karya ||

30.
Pasang tarub lan mragata mesa lêmbu |
wêdhus bèbèk ayam |
dadakan sadina iki |
rah-arahên sor Ngasar pêngantyan prapta ||

31.
Wusa rampung samêngko bapa dèncakup |
Ki (m)ban Kartiraga |
umatur mring Jayèngragi |
inggih sampun kula artini sêdaya ||

32.
Tiyang dhusun taksih dèrèng wontên mantuk |
lamun wontên karsa |
ingkang dadakan kadyèki |
sampun kantos dados timbalan abdinta ||

Jilid 6 - Kaca : 127

33.
Bapa ya wus trapa karya mumpung esuk |
aywa kêlayatan |
ki (m)ban sandika turnèki |
nulya mundur sing ngarsa sigra parentah ||

34.
Tan adangu rèrèhanira kumêrut |
wus prapta sêdaya |
kantun anrapakên sami |
cagak palang pring tarub blarak pinasang ||

35.
Kusung-kusung kang masang tuwuhan têbu |
rêjuna lan pisang |
raja lawan cêngkir gadhing |
Jèngraga ngling mring Madasra Amaddiman ||

36.
Ya sirèku wong roro dene karyamu |
sakèh pêpragatan |
rampunga dening sirèki |
kêbo sapi wêdhus miwah bèbèk ayam ||

37.
Ingkang sinung wuwus sandika turipun |
nulya malih nabda |
mring Nuripin Jalalodin |
kinèn karya kêmbar-mayang sakêmbaran ||

38.
Lan sirèku Crêmasana lan kancamu |
mêngko sore padha |
yèn mapag pêngantèn prapti |
panganggomu kabèh padha bagorana ||

39.
Lah wis gupuh prentaha mring anak putu |
kabèh padhalangan |
kang liningan nêmbah amit |
Jayèngraga ngandika mring para lurah ||

40.
Hèh gus Dawud pêpêkên rèrèhanamu |
mêngko bakda Ngasar |
mapan sêlawatan dhikir |
trêbang têlu bae kang padha arahab ||

41.
Matur nuwun sandika ingkang tinuduh |
sigra Jayèngraga |
kondur mring dalêmirèki |
ngandika mring garwa Rarasati sigra ||

42.
Paran uwus nuduh batur kèn têtuku |
apa kang tan ana |
mupung pasar dhewe Paing |
Nikèn Rarasati umatur sandika ||

43.
Dèrèng nuduh kawula ngêntosi dhawuh |
kang raka lingira |
iya mupung esuk yayi |
biyung Cerong bae konên mênyang pasar ||

44.
Dhuwit wolung reyal kaya iku cukup |
ngur para kuranga |
mêngko gampang amuwuhi |
wong wus sarwa ana mung ukur panganan ||

Jilid 6 - Kaca : 128

45.
Lawan bumbu myang sajèn-sajèn puniku |
yèki wruhanira |
amantu midadarèni |
wus bêgjane ipemu (m)bok Tambangraras ||

46.
Karsanipun ramanta (n)Jêng Kyai nêngguh |
sawising nèng sira |
kakangira Sèh Mongragi |
ing sadina sawêngi sorene paman ||

47.
Gilir ulur para paman ngundhuh mantu |
nulya mring Kauman |
man Pangulu Basarodin |
nuwun ngundhuh mantu mring sang pinangantyan ||

48.
Alon matur sandika kang rayi gupuh |
nuduh mring (m)bok inya |
hèh biyung Cerong dènaglis |
lah mênyanga pasar Paing tutukuwa ||

49.
Gula bumbu pêpanganan sadayèku |
apa kang tan ana |
mangsa bodhoa sirèki |
picis wolung reyal iki amboronga ||

50.
Lah wis biyung umangkata mupung esuk |
Ni Cerong gya mentar |
mring pasar lan pêngantih tri |
wus dinuga amborong warnining pasar ||

51.
Tan adangu Ni Cerong dènnya têtuku |
wus tan kaliwatan |
myang kang mikul wus miranti |
mulih ngirit ting karêngkèt buruh rolas ||

52.
Praptèng ngayun wus tiniti tukonipun |
Nikèn Rarasatya |
ngandika marang kang bibi |
lah inggih punika bibi Kulawirya ||

53.
Kula sampun pasrah mring bibi sêdarum |
kang dadiya kulmak |
mandhegani nambut-kardi |
rampungipun ing sêkul ulam panganan ||

54.
Saliripun kalêthêk pawon puniku |
kula wus pitaya |
dhatêng pun bibi kêkalih |
Nyai Kulawirya nauri sa-Allah ||

55.
Nulya mundur ni Kulawirya nèm sêpuh |
Jèngraga ngandika |
marang padêkan pawèstri |
malêbuwa undangên si Nini Daya ||

56.
Kang ingutus tan antara nuli rawuh |
sira Nyai Daya |
Jayèngraga ngandika ris |
lah Ni Daya andika rèh wayah-(n)dika ||

Jilid 6 - Kaca : 129

57.
Rakitipun ing pêpajangan puniku |
inggih kang prayoga |
nini pasanging tilam mrik |
Nyai Daya nauri inggih putu-mas ||

58.
Pênêdipun ngèmpêr sakêdhik tilam rum |
pasang rakitira |
ing dalêm agêng ingirib |
tilaming sang pinangantyan sarwa seta ||

59.
Alon muwus Jèngraga inggih puniku |
nini aprayoga |
sawiji (ng)gyan sarwa putih |
rekanipun mangsa borong Nini Daya ||

60.
Malih muwus mring garwa yayi sirèku |
lah uwus dènenggal |
mupung esuk dènagêlis |
tur sêndika kang rayi nulya mêmajang ||

61.
Sigra mêtu mring jawi pêndhapa lungguh |
ing lante dêmangan |
nyamping lurik Bugis langking |
apaningsêt jingga sèrèt ijo dhulang ||

62.
Sarwi kalung srêbèt putih gênis alus |
pa-asatan rema |
rema kêbês mêntas gunting |
adhêsthar kumbaya cathokan kusta bang ||

63.
Waja jamus anglaring kombang agêmpung |
kumbala kêtogan |
lèmèt têpèn lir minangsi |
aliyangan èpèk têmbalo gêbêgan ||

64.
Sêliripun satunggal angampil dhuwung |
anèng keringira |
lan rare parawan sunthi |
ngampil lopak-lopak lawan pakêcohan ||

65.
Linting alus nipah sata dhèdhès arum |
sira Jayèngraga |
tinêrap pra magêrsari |
miwar para lurah santri nambut-karya ||

66.
Pan gumuruh swaraning pawon kumrusuk |
rinayap ing kathah |
sarèrèhane pribadi |
desa Magêrsari santri padhalangan ||

67.
Kang nèng ngayun Kulawirya lan pra sêpuh |
Sêmbagi Jumêna |
myang sudagar magêrsari |
samya damêl sajèn sapit abing rêmpah ||

68.
Ingkang mupuh ulam sawênèh amarut |
ngoncèki bêrambang |
bumbu sate age arih |
Jayèngraga pinarak sarwi gambangan ||

69.
Nadyan nuduh ing karya sakaliripun |
sinambi anggambang |
gêtêr galêbêg kur jawil |
Kulawirya ngêndhangi cangkêm dhêng-dhungan ||

70.
Ngandika rum Jèngraga sarwi gumuyu |
Crêmasana sigra |
mundhuta rêbab lan suling |
gêndèr kêndhang payo gagadhon lirihan ||

Jilid 6 - Kaca : 130

71.
Kang tinuduh tan adangu prapta ngayun |
Ganda Widiguna |
Widilêksana tan kari |
Tunjangkara sampun samêktèng sadaya ||

72.
Lingira rum kêndhangmu aturna gupuh |
mring man Kulawirya |
nulya ingaturkên aglis |
angling malih lah Crêmasana ngrêbaba ||

73.
Gêndèr iku Gandasana kang anabuh |
si Tunjang nyulinga |
Widiguna kang nyuluki |
wis sênggrèngên rêbabmu pathêt manyura ||

74.
Yèn sêndhon wus tutug banjur Kuwung-kuwung |
Crêmasana sigra |
rêbab tinênthêng nêmnèki |
gêndèr suling gambang tinabuh nêmira ||

75.
Wus pikantuk nyamlêng sênêng grèngèk arum |
gya mamèt manyura |
tutupan gêtêr amiwil |
ngulêr kèkèt panuduhe ngêmbat kawat ||

76.
Cumênthong puk angatonggèng masang antup |
jariji pat ganggang |
lir sikile lalêr kêsit |
driji manis jênthik ting cêngkênuk rikat ||

77.
Anglir sunguting kupu angingsêp madu |
kosokane lamba |
muput sègêgan lêstari |
walikane rangkêp ngêcêk rikat rata ||

78.
Pacakipun amanjing antêng tumungkul |
dene Gandasana |
anggêndèr grênêngan ririh |
angathimil kumrining srênge nyalupak ||

79.
Ngênuk-ênuk bêbêngkakane ulêm-puk |
cengkoke clêmpungan |
pancêr sandhungan mincati |
angipinjal jêjêl nyêlani irama ||

80.
Pacakipun lir Unêngan sêmunipun |
Tunjangkara dènnya |
anyuling bêning cumlêring |
anyaririt tulupane atilêpan ||

81.
Ngêlong tutup papelon aliyu-liyu |
Jèngraga anggambang |
nêrithil asta kumitir |
tan sulaya kiwa têngêne arikat ||

Jilid 6 - Kaca : 131

82.
Kumalunthung narêthêg gêtêr glêbêg thur |
pacake wiraga |
aladak ang-Gunungsari |
Widiguna suluk ngêliking manyura ||

83.
Nganyut-anyut loyop pantês suluk bangun |
sakèh kang miyarsa |
sadaya karênan dening |
Jayèngraga dènnya sasêndhon araras ||

84.
Sawusipun tutug liyu-liyunipun |
pathêt Sarayuda |
sabêman gong nulya wiwit |
gêndhing Kuwung-kuwung munya rum araras ||

85.
Kêndhangipun ajêg jêjêg lamba kukuh |
ulêt wilêt samya |
rêbut yatmakaning gêndhing |
apan dangu dènnya ngês-ngês cengkokira ||

86.
Gêndhingipun niba kêndhange angguguk |
kipat akosèkan |
bêm sêbah kêmpyang nêlampit |
ambiyantu tan sulaya wilêtira ||

87.
Wusnya dangu nêsêg tan antara suwuk |
sigra Jayèngraga |
ngasta rêbab pathêt ngêlik |
ngik-ingiking tutup kosoke rangkêpan ||

88.
Tutup bêsus kosok rangkêp rikat alus |
eram kang amulat |
sêmbada lan kang nyuluki |
pan katongton Jèngraga kamuktènira ||

89.
Ngandika rum mring rarèstri kinèn mundhut |
sêrat Bratayuda |
kawi kang kinèn gya prapti |
Jayèngraga sèlèh rêbab mundhut sêrat ||

90.
Pan anuju kang winiyak pupuhipun |
kang sêkar Sardula |
Wikidhriya dènwiwiti |
swara manis arum mêmbat wuluh rêmak ||

91.
Ngadan talu mangsah manêngah tinêngguh |
pêjah ning sura ka |
kalih pisan lajêngnèki |
yeka tandyangambah gunung saha bala ||

Jilid 6 - Kaca : 132

92.
Ngambah têkèng sohini yeka sru nêngguh |
rata Nata Salya |
pinanah lajêngirèki |
mwang Wirayodha pêjah tanbismèng sira ||

93.
Matya Karwa Krêtawarma lajêngipun |
panmakarwanrata |
mung sapada ngandika ris |
Widiguna iki sira apalêna ||

94.
(ng)Gonnên suluk ada-ada grêgêt-saut |
iku dalil dhalang |
layang Bratayuda kawi |
nadyan padha kawi aja layang jarwa ||

95.
Kurang mungguh tetela yèn dhalang dhusun |
sanadyan dhusunna |
yèn olèh yudanagari |
dadi nyata sambada komuk ing dhalang ||

96.
Dhalang iku pat prakara kudu gambuh |
dhihin jêjanturan |
kapindho gêndhing kêkawin |
ping tri (m)banyol kaping pate sêsabêtan ||

97.
Yèku kang wus pralêbda nyênyêt atutug |
Widiguna turnya |
mugi angsala pangidin |
sawab bêrkah ing wuwulang (n)Jêng paduka ||

98.
Inggih nuwun bêndara kawula sinung |
wulang mrih pralêbda |
Kulawirya ngêndika ris |
iku priye lakune Sardula pira ||

99.
Ingong durung pati omah kawi iku |
namung uran-uran |
daya kèha sapada thil |
lamun maca nèng layang lumpuh kewala ||

100.
Naur wuwus Jèngraga inggih puniku |
lampahe kang sêkar |
Sardula wilangannèki |
lampahipun sapada lingsa sangalas ||

101.
Angkatipun nênêm ping ro nuli pitu |
gunggung sapadanya |
pitungdasa gangsal nênggih |
ukaranya kang nêm ngangkat rong aksara ||

102.
Ingkang pitu ukaranya mangkat têlu |
kêdah wiwicalan |
angkating pada lingsèki |
lamun gangsal dipunangkati satunggal ||

103.
De yèn wolu pan sêkawan angkatipun |
sênadyan kang sêkar |
kidung macapat tan pahi |
inggih sami yèn angkating wiwicalan ||

Jilid 6 - Kaca : 133

104.
Manthuk-manthuk Kulawirya dèrèng surup |
ah manira wêgah |
nora têlatèn nitèni |
payo padha klênèngan bae kapenak ||

105.
Nanging iku ana kojahe kang muwus |
yèn wong kalênèngan |
nganggo kêndhang tan dèn-gongi |
rada ora ilok ingaran kêmangga ||

106.
Bêcikipun nganggo gong ywa sêru-sêru |
lirihan kewala |
Jayèngraga mèsêm angling |
apa nyata Widiguna mangonoa ||

107.
Alon matur lêrês pangandikanipun |
paman jêngandika |
sami lan pituturnèki |
jênatipun gêbal sampeyan pun bapa ||

108.
Jênatipun kakang myang kang sêpuh-sêpuh |
mastani kêmaga |
mawi kêndhang tan dèn-gongi |
tan amawi êgong sampun mawi kêndhang ||

109.
Lingira rum yèn mangkono yèngsun mèlu |
dhadhagane ala |
lire kêmaga tan bêcik |
lah ya mara (n)jumuka gong pêwayangan ||

110.
Kang tinuduh mundhut gong kênong prapta wus |
nuli Jayèngraga |
angrêbab langkung rêspati |
asêsêndhon sinulukan pathêt sanga ||

111.
Wusnya nutug sêndhon lih-ulihanipun |
apan lajêng buka |
gêndhing sanga Gambirsawit |
ingêgongan lêga tyase samya suka ||

112.
Kabèh baut padha rasane nênabuh |
rêrêming irama |
adu wilêting malatsih |
ukur jawil sajêjanturaning dhalang ||

113.
Langkung runtut rasaning gêndhing pakantuk |
dadya ngantak-antak |
dangu dènnira anggêndhing |
tan antara anêsêg gêndhinge munggah ||

114.
Tan adangu saya gulêt wilêtipun |
rêbut ngês kêsaman |
nabuhe samya birai |
rahab berak rasa-rasa yèn uwisa ||

115.
Sêsêgipun ngandhêlong anulya suwuk |
nulya sêsêndhonan |
rêbab lajêng ngêcèk ngêlik |
suluk suling gambang gêndèr abarungan ||

Jilid 6 - Kaca : 134

116.
Nganyut arum nutuk lih-ulihanipun |
pathêt Sarayuda |
sabêman gong Wissirèki |
Kulawirya ambêkuh gumuyu latah ||

117.
Sarwi muwus iya talah wong nênabuh |
lamun kabênêran |
dhasar gêndhing Gambirsawit |
panabuhe kur (n)jawil padha karasa ||

118.
Ngêtog kayun raosing gêndhing anganyut |
anyênyêt tan liyan |
cipta saliyaning gêndhing |
Widiguna ambèthêr ngilêr lêr-lêran ||

119.
Apikantuk mathênguk tan ana ngantuk |
beda yèn sêmbahyang |
Jumungah watuke (ng)gigil |
nganti bakda isih cakra ambranahan ||

120.
Gêr ginuyu niyaga myang santri (ng)guyu |
matur Widiguna |
kirang priksa ingkang mawi |
lamun salat ting klêkêr gondhang kawula ||

121.
Kêdah watuk anggigil cêgukan hak-huk |
gatêl irungkula |
ting gêriming kêdah wahing |
kadhang sarêng ngêntut watuk wahing samya ||

122.
Sangsaya sru kang gumuyu sadayèku |
Jèngraga asuka |
gumujêng pan sarwi angling |
(ng)gih lêrês paman pun cêblung Widiguna ||

123.
Pancèn kupur tan pinulung salatipun |
jaga pakan nraka |
Widiguna matur aris |
inggih mung sok larisa kewala nrima ||

124.
Lon amuwus Jayèngraga nulya nuduh |
mring parêkanira |
kinèn mundhut layang Panji |
kang liningan sigra mundhut praptèng ngarsa ||

125.
Wusnya katur kang sêrat winiyak gupuh |
wau kinêbètan |
kang pangguh pupuhirèki |
sêkar Mijil nuju Panji Wangsèngsêkar ||

126.
Kalanipun andêmon mring taman mong kung |
nulya pupuh ngarsa |
sêkar Sinom dènkêrsani |
maos cengkok Sinom pangrawit araras ||

Jilid 6 - Kaca : 135

127.
Swara muluk gêtas rênyah manis arum |
alêpas napas tyas |
wiwiting pada puniki |
ungêlipun ingkang kagagas ing driya ||

128.
lajêng sarone kagunganing ki Salu |
datan ana bisa |
matut amung Jayèngsari |
lajêng kang bisa matut gêndhinging gambang ||

129.
Lajêngipun ngajêng ing salukatipun |
nulya kadyèng kuna |
mila karaosing galih |
pan dènangên-angên ing latri mangkana ||

130.
Lon gumuyu Kulawirya sarwi muwus |
ya talah anakmas |
wus palale sarwi bêcik |
maca ngaji anggêndhing anunggang jaran ||

131.
Sarwa luhung ngêpènginakên sadarum |
kadèk pra bênthètan |
gumriwis padha ngunggahi |
prawan lanjar randha ronggèng kèh kedanan ||

132.
Dhasar bagus asugih putraning guru |
wasis ing kabisan |
ana kêdanan yèn ngaji |
kang kêdanan maca kêdanan yèn têgar ||

133.
Èsmu (ng)guyu Jèngraga lingira arum |
sampeyan punika |
(n)dadak ngumpak-umpak ati |
nauri satêmêne bae kithinga ||

134.
Tutug sikut nora (ng)gunggung dhasar lugu |
mara Widiguna |
kabèh kowe kono sami |
bokmanawa ngong dènaranni angompak ||

135.
Samya matur nun inggih sayêktosipun |
Crêmasana turnya |
inggih pun Widiguna sring |
anggêgobra ngakên dados palawangan ||

136.
Ngipuk-ipuk sring angsal pawèwèhipun |
nyagak padintênan |
wat-awat kinèn nimbali |
malêbèng jro kinèn lumampah piyambak ||

137.
Prèstri masuk duka dalêm lajêngipun |
gumujêng Jèngraga |
sarya ngling wis kênèng baring |
kadèkne wong sring prapta matur sunundang ||

Jilid 6 - Kaca : 136

138.
Kewuhan sumaur sun durung sumurup |
Jawane di Guna |
kang nêkakake bagêjil |
wis kandhuhan akale si Widiguna ||

139.
Ki Widiguna grênêng-grênêng amuwus |
marang Crêmasana |
bisa ngalakkên wong bêcik |
ya dandanan bot-bote wong kêtagihan ||

140.
Yèn ta kudhung bêndara sapa sing (ng)gugu |
Crêmasana ngucap |
lah ya yèn nuju wong bêcik |
yèn kêtanggor wong ala bilai sira ||

141.
Lamun iku wong landhêp gathêk sêk ampuh |
singa kêlakona |
bêndara gêrah dènèstri |
pêsthi mêngko irungmu ngong-opèli plas ||

142.
Widi (n)jumbul hih nora jamak wong iku |
têka panastènan |
padune tan ngong-ujuri |
muring-muring andadak olèh dhadhakan ||

143.
Sadaya sru gumuyu kang sami ngrungu |
myat ki Widiguna |
ulate malorok wêdi |
Jayèngraga Kulawirya latah-latah ||

144.
Gar-gêr umyung kang kinarsan anèng ngayun |
Jèngraga ris nabda |
paman puniku supami |
natap gangsa pelog siyange kewala ||

145.
Kang paman gumujêng ngling amanthuk-manthuk |
arêmbug manira |
ngarah apa wong wis lungse |
ya (ng)ko Asar bae suwuking gamêlan ||

146.
Payo gupuh Widiguna sakancamu |
ngusunga gamêlan |
pelog si Alun-jaladri |
pêparinge ki dipati Wanasaba ||

147.
Jare iku brêkatan bêtuwahipun |
ing eyange swarga |
têdhak dalêm pra bupati |
ing Bintara gangsa saking Giripura ||

148.
Inggih tuhu nanging ingkang maksih lugu |
bonang kênong gangsa |
inggih pun Alun-jaladri |
ricikipun pêpak anèng Wirasaba ||

149.
Wartinipun kangmas dipati kadyèku |
kala duk kang eyang |
kang ngwasani riciknèki |
ki dipati nimbali gêndhing Jêpara ||

Jilid 6 - Kaca : 137

150.
Tunggilipun kang wontên kangmas puniku |
slendro pun Samodra |
bonang kêndhang gong satunggil |
asring pêcah botên kenging rinakitan ||

151.
Milanipun gong dhudha salaminipun |
sarêng dènnya yasa |
ricikan Alun-jaladri |
anauri ya wus mawane bintuwah ||

152.
Lah dèn-gupuh niyaga lèhmu angusung |
dènririh kewala |
ywa gumluwèh kumawani |
kang liningan matur sandika gya mentar ||

153.
Tan adangu kang sung gangsane prapta wus |
tata nèng pandhapa |
sarta sajèn myang dupa mrik |
wus samêkta niyaga pêpak sadaya ||

154.
Lingira rum sarwi mundhut kêndhangipun |
lah mara lêkasa |
gêndhing lima bonang dhingin |
ya pangrawit kang liningan tur sandika ||

155.
Kang paman wus mapan anabuh kêdêmung |
Jayèngraga ngrêbab |
Widiguna kang ngêndhangi |
Crêmasana kang (m)bonang pênêrusira ||

156.
Jam sêpuluh dènnira anatapalu |
cumêngkling bonangnya |
ricik barung nabuh sami |
ing limane pan sumêntèg bême kêndhang ||

157.
Pan jumêgur andule bisa gumuyu |
wadone angombak |
banyu sringe lwih mawingit |
ingkang myarsa kagyat tyasira naratab ||

158.
Sinru arum angèbêki ing sadhusun |
lir natab priyangga |
pêngrasane jogannèki |
prabawane Alun-jaladri yèn munya ||

159.
Kang angrungu tan pangling suwaranipun |
tan ana mêmada |
unine Alun-jaladri |
samya berag anggugah manah gambira ||

160.
Ngantuk-antuk rarasira manis arum |
Ki Bayi Panurta |
kagyat atêtanya aris |
jêg si Alun-jaladri kang muni ika ||

Jilid 6 - Kaca : 138

161.
Garwa matur pan inggih ing swaranipun |
botên wontên liyan |
gangsa kadya Lun-jêladri |
pan prênahe lêrês wismane Jèngraga ||

162.
Sigra wau ki Bayi nimbali gupuh |
mring Luci gya prapta |
hèh Luci priksanên aglis |
mring si Jayèngwèsthi dhisik takokêna ||

163.
Dhine iku têka wani-wani nabuh |
apa wis kalilan |
mring kangmase Amongragi |
lamun ora sêbabe wani anatab ||

164.
Kang tinuduh santri Luci sigra mêtu |
praptèng wismanira |
Jayèngwèsthi santri Luci |
matur kawula ingutus (n)jêng ramanta ||

165.
Kinèn matur mring paduka milanipun |
rinta Jayèngraga |
natab pelog Lun-jaladri |
punapa wus kinalilan ing rakanta ||

166.
Yèn ta lamun dèrèng wontên karsanipun |
rama jêngandika |
wontên dukane sakêdhik |
(n)jêng paduka kinèn mariksa rayinta ||

167.
Ngandika rum hèh Luci ngong tan sumurup |
pandugèngsun nora |
dènlilani Sèh Mongragi |
pêsthi karêpe dhewe nabuh gamêlan ||

168.
Ya sirèku banjura bae sunutus |
pan mundhak prayoga |
sunkongkon sarta (n)Jêng Kyai |
pêngarêpe yèn sun kang kongkon ing sira ||

169.
Lah wis gupuh Luci mentara saking yun |
praptèng Kajèngragan |
anuju suwuk kang gêndhing |
Luci prapta ingawe mring Jayèngraga ||

170.
Na gawemu dene agupuh lakumu |
santri Luci turnya |
kawula ingutus dening |
rakanta lan sarta rama jêngandika ||

171.
Kinèn (n)dangu ing paduka marmanipun |
anatab gamêlan |
punapa wus dènlilani |
mring raka jêngandika Sèh Amongraga ||

172.
Lingira rum sarèhning sira dènutus |
iya Ci matura |
mring kakangmas myang (n)Jêng Kyai |
yèn sun nuwun pangapuntên sêkaliyan ||

Jilid 6 - Kaca : 139

173.
Myang maring Sèh Amongraga nuwun maklum |
mung siyang kewala |
mêngko yèn wus Ngasar mari |
ngarah apa Ci wong sunat dhêdhèwèkan ||

174.
Nambung wuwus Kulawirya Ci ngong tutur |
lamun rada duka |
mangsa bodhoa sirèki |
Jèngraga ngling kados botên yèn duka-a ||

175.
Ya mung iku aturku ya wis dèn-gupuh |
Luci sigra mentar |
sawingkingira ki Luci |
Jayèngraga ngandika marang niyaga ||

176.
Payo talu unèkna gêndhing Kalênthung |
dan lêkas saksana |
Alun-jêladri ngêrangin |
myarsa gangsa wong sadesa lir kinêrab ||

177.
Ciptanipun sadaya sami jêgipun |
martamu anyumbang |
jalwèstri kadi duk wingi |
kaot mung wong kang kuwat-kuwat kewala ||

178.
Èstri jalu samya busana amubru |
prapta samya nyumbang |
rarywa lit rinukmi-rukmi |
ting saliri anggili kang lunga têka ||

179.
Tangkêbipun wong nyumbang lir winginipun |
priya mring Jèngraga |
èstri mring Kèn Larasati |
kang anyumbang nyareyal kang angrong reyal ||

180.
Kêdhikipun nyêjampêl pan ora uwus |
matur gantya-gantya |
punika kula ngaturi |
patumbasing apu namung sumapala ||

181.
Ngandika rum inggih sangêt tarimèngsun |
(m)bok ywa susah-susah |
tan nêdya ngulêm-ulêmi |
namung anglujêngi pangantèn praptanya ||

182.
Samya matur kang liningan sadayèku |
angangkah punapa |
paduka agadhah kardi |
bêrkahipun (n)Jêng Kyai Bayi Panurta ||

183.
Gya sinuguh kang nyumbang sêdayanipun |
myang ancak brêkatan |
mangkana sadayanèki |
ingkang anèng pandhapa para lanangan ||

184.
Kang martamu samuwa pênganggenipun |
matur mring Jèngraga |
punika kula nyaosi |
panumbasing apu sapala katura ||

185.
Sumbangipun sareyal ngrong reyal nêlung |
reyal Sênu Surat |
ingkang kinèn anampèni |
ngandika rum ya bangêt tarimaningwang ||

Jilid 6 - Kaca : 140

186.
Sadaya wus samya ingingonan sêkul |
myang brêkatanira |
Nuripin kang nglêladèni |
pan mangkana kang anyumbang lunga prapta ||

187.
Ênèm sêpuh lumrah samya bêsus-bêsus |
miwah pra wadonan |
lakune mêsês birai |
ingkang tepos dadi nyênthing bokongira ||

188.
Ingkang wungkul dadya (n)dêngkèng lampahipun |
sadaya wiraga |
kèh dol ayu adol sigid |
Kulawirya mèsêm ningali wong kathah ||

189.
Alon muwus lah ta wong urip puniku |
yèn ana samuwan |
angrungu gamêlan muni |
sasolahe mulih tênaganing Buda ||

190.
Alon matur alêrês paduka muwus |
pan sadasa-dasa |
titiyang Jawi dospundi |
yèn gamêlan punika bintuwah Buda ||

191.
Yèn pun Alun-jaladri wus mawenipun |
mêkatên tanjêgnya |
kang myarsa sami birai |
nadyan nini-nini kaki-kaki berag ||

192.
Milanipun kathah ngalap sawahipun |
mring gangsa punika |
sakêdahipun (m)brêkati |
sanès lawan pun Samodra tanjêgira ||

193.
Adatipun yèn sinambut tiyang mantu |
kêdhik ingkang nyumbang |
pêngantèn sring pêgat mati |
mila awis tiyang kang purun anyêlang ||

194.
Lon amuwus eman awon tanjêgipun |
unine tan lumrah |
rarase gêdhe rum manis |
têka duwe meda mangkono geneya ||

195.
Inggih sampun ila-ila waunipun |
gèdhèg Kulawirya |
Jèngraga ngandika aris |
Widiguna Crêmasana kabèh sira ||

196.
Ya sirèku kancamu bagor sêdarum |
mêngko wayah Ngasar |
padha rapèka dènbêcik |
borèh kuning nganggo cênthung têtêkêsan ||

Jilid 6 - Kaca : 141

364 Sinom

1.
Mangkana Ki Jayèngraga |
dènnira amangku kardi |
katongton wibawanira |
tan ana ingkang yom-yomi |
sor sutaning bupati |
dhasar ki putra ingugung |
datan sinungan rêngat |
sakarsane dènlilani |
mring kang rama kalangkung sangêt sihira ||

2.
Yèn putra Ki Jayèngraga |
yèn kadang Kulawiryèki |
pan ingugung alit mila |
mila ladake ngèbêki |
mung ladak tingkahnèki |
labête ugunganipun |
nanging putus piyambak |
dhasar landhêp tyasirèki |
ngèlmu bantas ing kukum yudanagara ||

3.
Andêle ing Wanamarta |
pan amung awirya kalih |
Jayèngraga Kulawirya |
keringan ing kanan kering |
patarèn angrampungi |
pakèwêde ada dhusun |
nadyan murading kitab |
gathak-gathuk amêdhoti |
watak kêras krawusan nanging wêlasan ||

4.
Yèn kalêrêsan tyasira |
kêcondhong lêga kang galih |
paring sih tan sita-sita |
mila sadaya jrih asih |
maring sang Jayèngragi |
miwah mring Kulawiryèku |
mangkana wayahira |
waktu Luhur pêcak kalih |
samya kèndêl rèrèn marang masjid salat ||

5.
Sadaya samya sêmbahyang |
jalu èstri tan na kèri |
namung niyaga kewala |
ingkang kantun nèng pandhapi |
wus antara kang sami |
asalat Luhur bakda wus |
wangsul sewang-sewangan |
punapa garaping kardi |
kang mring pawon mring kêbon kang mring pêndhapa ||

6.
Jèngraga lan ingkang paman |
Kulawirya lingira ris |
kowe mau Widiguna |
apa salat maring mêsjid |
matur kasupèn yêkti |
ki Crêmasana anjagur |
dhasar wong kênèng lara |
laline wiwit dhèk cilik |
dinangu mring bêndara (n)dadak sêmbrana ||

7.
Jèngraga mèsêm ngandika |
ya Widiguna sirèki |
Jumungahamu kewala |
aja pot lyan sukêr sakit |
kang kêrêng lèhmu mrêdi |
kabèh wong rèrèhanamu |
matur inggih sandika |
Crêmasana anudingi |
o nglêburi babon dimène andhêndha ||

Jilid 6 - Kaca : 142

8.
Ngandika mara unèkna |
lirihan wae kang gêndhing |
lima rêbab Kombangmara |
Kêmbangmara daradasih |
muntap lawan pêngrawit |
limang gêndhingan bae wus |
kang sinung ling sandika |
Crêmasana angrêbabi |
asêsêndhonan pathêt lima rum araras ||

9.
Nulya mungêl Kêmbangmara |
Alun-jaladri ngrêrangin |
sakathahe kang miyarsa |
jalwèstri tyase mong brangti |
rêmpêg panabuhnèki |
ukur jawil ngênut-ênut |
ungêle kang anglola |
rêbab gambang lawan suling |
sarancak ungêle kamot jroning kawat ||

10.
Nganyut-anyut langkung raras |
kasmaran ingkang miyarsi |
lir mamrêsing karasikan |
êngêse ngêkêsi ati |
wèh wilêting malatsih |
lir winulang ing wulangun |
raosing tyas mangkana |
saking nyênyêting kang gêndhing |
nguyu-uyu ngrêrantêg dènnya gamêlan ||

11.
Mangkana ing wanci Ngasar |
Jayèngraga ngandika ris |
suwukên gamêlanira |
muni ladrangan nuli wis |
singgahna kang miranti |
Ladrang pêlayon den gupuh |
nulya buka Ladrangan |
pêlayon lima angrangin |
dangu nêsêg ngandhêlong alon suwuknya ||

12.
Wusnya kèndêl kang gamêlan |
Kulawirya ngandika ris |
lah wis padha singgahêna |
panganan brêkatên mulih |
para niyaga nuli |
langusung gamêlanipun |
mring dalêm pasimpênan |
wus têlas samya nèng ngarsi |
ngandika rum wis padha muliha dandan ||

13.
Kang liningan tur sandika |
nêmbah mundur samya mulih |
Jèngraga malih ngandika |
kabèh sanak-sanakmami |
padha dandana mulih |
nganggoa kang sarwa luhung |
saduwèk-duwèkira |
kurmat pangantèn kang prapti |
kang liningan matur sandika sadaya ||

14.
Mangkana bubar sadaya |
sudagar myang magêrsari |
miwah santri ingundhangan |
badhe sêlawatan dhikir |
Kulawirya wus mulih |
Jayèngraga maring tajug |
asalat waktu Ngasar |
lan para santri kang bumi |
wusnya bakda kundur malêbèng ing wisma ||

Jilid 6 - Kaca : 143

15.
Ningali langêning tilam |
kalangkung dening rêspati |
anilat ing jro rakitnya |
ing têngah jinêm seta di |
ingapit kanan kering |
kang pinajangan kumêndhung |
-kêndhung sri sinampiran |
wastra sawarnining kêling |
pan sarwendah sarta ganda rum angambar ||

16.
Yata wau Jayèngraga |
busana akampuh kêling |
pêlung panji kalunglungan |
talêpok banyu mas kuning |
ing nganti langkung apik |
kêpuh tundha ngayu-apu |
amungsêr mêdhok atap |
amulu pêksi sulisik |
pangasihe sêsandhungan sêmbulihan ||

17.
Sipat polok anêrampad |
seronge cancutan inggil |
kodhok kabêsèt asikat |
sacêngkang kesis ing wêntis |
mêkar ngongkong amiwir |
walêran pawingkingipun |
talibane ing ngarsa |
amèpèt urut malilit |
pirit têpung adu mancung pêpancutan ||

18.
Kêkawêt ambokong sêmar |
amathis nora ngalêngkin |
bubuntaring pasingsêtan |
anglaring walang wêlori |
êkare miwir asri |
rinèpèk rinda-mas murub |
kunca landhung tri asta |
anjèrèng winiru lêmit |
ambêdhodhog anglir sandhanging manyura ||

19.
Lancingan cindhe puspita |
gubêg pinarada asri |
rinenda kalengkam jênar |
akris landheyan sinêmi |
pêndhok bunton pinodhi |
mirah sinêling intên byur |
ajamang sungsun tiga |
agêlang kana rinukmi |
kêlatbau anting-anting têbah jaja ||

20.
Badhong sungsun kêbo mênggah |
pamêkak garudha kanin |
lur-ulur naga karangrang |
asumping ron tri rinukmi |
karang-mêlok hèr thathit |
sisir tumanggal intên byur |
cundhuk kupon apitan |
tinêngah argulo putih |
ngudhar rema ingore pinara tiga ||

21.
Kumbala têpèn kêtogan |
anggamêng anglir minangsi |
wida jênar gêgêbêgan |
tuhu bagus Jayèngragi |
lir ringgit munggeng kêlir |
ingkang garwa èsmu (ng)guyu |
sasmita mring kang raka |
Jayèngraga amaguti |
ing liringe ing rayi mèsêm ngandika ||

22.
Sapuluh ta mangkonowa |
jêr nora kêna pinikir |
Nikèn Rarasati mojar |
gumujêng anjiwit ririh |
pan kurang tigang ratri |
nudingi pra sêliripun |
mèncêp megos Jèngraga |
ambakna wong atêtawi |
kêthèk oglèng sêranggon ajak-ajakan ||

Jilid 6 - Kaca : 144

23.
Ginaguyu guligikan |
mring garwa myang para sêlir |
Sênu Surat pinaringan |
busana kang sarwa rukmi |
asinjang cindhe abrit |
pinrada mompyor amurub |
kinêmbar kalihira |
ajamang rukmi sêsumping |
nyangga grudha mungkur ngrêm lir pêtarangan ||

24.
Acundhuk mêntul mutyara |
wor godhining garudha sri |
akêkalung gêlang kana |
kêlatbau anting-anting |
pamêkak bangkol rukmi |
tinarètès ing hèrlaut |
wida pandhan gêbêgan |
tasik sumilak arêsik |
kris cêrapang pinatik mirah hèrkêmbang ||

25.
Pan mangkana ing mandhapa |
salong-salong kang wus prapti |
para lurah santri kathah |
prapta busana lir nguni |
Kulawirya kang prapti |
kampuh jingga tabur-tabur |
pakonyoh mêmêntahan |
alancingan cindhe wilis |
pinarada renda satêbah gubêgan ||

26.
Kris warangka kakêndhit ladrang |
landheyan cula sinêmi |
pêndhok bunton ngunir-kawak |
èpèk renda klengkam putih |
agêlang kana rukmi |
anting-anting kêlatbau |
abadhong agêng dhudhan |
sumping puspa krêna rukmi |
cundhuk jungkat tinarètès intên mirah ||

27.
Ngudhal rema pupuntiran |
tibèng sor walikat gilig |
pan akuluk kanigara |
baludru cêmêng binlênggi |
rukmi pinodhi-podhi |
ing mirah intên hèrlaut |
ngalêpyur amarkata |
nyuriga giyong sor bali |
ginarèbêg rèrèhane wong Kêtandhan ||

28.
Sami basahan sêdaya |
dodote mawarni-warni |
bathik modang sêmukiran |
miwah sêmbagi bang kuning |
kopyah kanigara brit |
kuning ijo biru wungu |
arenda seta jênar |
miwah cêlana mawarni |
samya nganggo badhong kewala sadasa ||

29.
Golong sarèrèhanira |
Kêtandhan tan ana mêncil |
angumpul mring Kulawirya |
nèng pêndhapa jèjèr linggih |
anulya ingkang prapti |
Ki Suharjo kampuhipun |
pan limar baru tigas |
asabuk pathola abrit |
alancingan cindhe wungu pinarada ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (13) Kaca 117 – 122
  • (14b) Kaca 145 - 164 >