Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434667
Hari ini     :Hari ini :67
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :133
Bulan ini   :Bulan ini :3296
s/d hari ini   :s/d hari ini :434667
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 4

Kontak Admin.

email-kidemang

 (12) Kaca 91 - 99

 

( Bab karêmênan pêksi dara )

2. Salêbêting lêlênggahan sami rêrêmbagan bab karêmênan pêksi dara. Lajêng kasambêt Sèh Amongraga nêrangakên bab uwiting ngèlmu kalêbêt bab risaking ngèlmi, bab sukur dhatêng tokit/tekad kang santosa, risaking tapa, witing amal, witing lampah, dumugi bab risaking naraka.

Wanci têngah dalu sasampuning wirid tuwin suhul Sèh Amongraga mêjang garwanipun bab hikmahipun salat Duha dalah waosanipun tuwin bab salat tasbih. Bakda Subuh lajêng lênggahan ing pandhapi kalihan Kyai Bayi Panurta sarta para rayi, putra lan Pangulu Basarodin.


Kaca 91 - 99.
 

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 7 - Kaca : 91

383 Dhandhanggula

26.
Kulawirya gumuyu nauri |
malêm têmên kang Pangulu Basar |
mring Jamal Jamil mitrane |
akèh paedahipun |
sakarêpe dipunturuti |
Ki Bayi lon ngandika |
ya wong mono yèn wus |
kacondhongan barang karsa |
nora nana karone sumêlang ngati |
datan taha-tinaha ||

27.
Matur inggih kasinggihan ugi |
angling malih Ki Bayi Panurta |
mring putra Sèh Mongragane |
mênggah raosan ngèlmu |
siyos wurungipun kêdadin |
inggih kadi punapa |
ing wiwinihipun |
Sèh Mongraga aturira |
apan inggih kêdah uninga ing uwit |
pan sadasa prakarsa ||

28.
Inggih wajib punika ngyêktèni |
sabab gêr-ugêr dadya pratandha |
saèstu tan kenging wèng-wèng |
inggih ingkang puniku |
sawab prêlu wiwinih ngèlmi |
kang sadasa prakara |
nênggih kang rumuhun |
witing ngèlmu pan sahadad |
de rusaking ngèlmu tan anut ing Nabi |
agama Rasullolah ||

29.
Ingkang kaping kalih witing urip |
inggih takyun liring takyun nyata |
anyatakkên ing bêcike |
ingkang mungayan kusus |
de kang dadya rusaking urip |
munkir ing pêtakonan |
rahayu ing tuwuh |
kaping tiga witing pêjah |
mapan ajal witing ajal kang ngawruhi |
purnaning sangkan paran ||

30.
Rusaking pati tan angsal tuding |
pituduhing guru ingkang wus man |
kaping pat witing imane |
mung panarimanipun |
liring panarima lêstari |
tan ana mêlanging tyas |
muhung ing Hyang Agung |
rusaking iman pan ilat |
lacut mènclè pêncêlutanira kangsil |
ing gangsal witing pana ||

31.
Mapan inggih sokur maring tokit |
lire tokit tekat kang santosa |
dene rusaking tapane |
alaba mamah mumuh |
tyas kumêlap manggung kuwatir |
kaping nêm witing amal |
nênggih eklasipun |
liring eklas tan pepeka |
rusaking amal punika tanpa ngèlmi |
kang wajib lan kang mokal ||

Jilid 7 - Kaca : 92

32.
Kaping sapta witing laku nênggih |
apan niyat liring niyat ingkang |
kasdu kang tan na kêndhate |
rusakipun ing laku |
ingkang tanpa sêdya ing ati |
ping wolu witing salat |
kang krana Lah-ipun |
liring krana Lah tan susah |
pan rusaking salat rubedaning ati |
ping sanga witing swarga ||

33.
Apan anut ing kabar kang yakin |
liring kabar yakin pan sarengat |
dalil kadis ijêmake |
rusaking swarga nêngguh |
pan suwala hawa lan budi |
sadasa witing nraka |
tan anut ing Rasul |
lire tan anut analak |
rusaking nêraka mênang jangkêpnèki |
kang myarsa suka rêna ||

34.
Kyai Bayi angandika aris |
iku padha rasakna prayoga |
urip kudu wruh uwite |
ana geyonganipun |
sèngga jala wruh pupusnèki |
ahliya pira-pira |
anggeyong puniku |
sadaya kang anèng ngarsa |
samya matur nuwun kasinggihan ugi |
pratikêle agêsang ||

35.
Angling malih (n)Jêng Kiyai Bayi |
iku besuk ing malêm Jumungah |
anakmas ing pangalihe |
arahku mêngko dalu |
akataman ing malêm Kêmis |
nuli malême Jumngah |
dhikiran Maulud |
de sarèhning kana rupak |
ya kêjaba nèng pandhapa bae ngriki |
kurmat Nabi salawat ||

36.
Samya umatur inggih prayogi |
angandika lah wis Jayèngraga |
mêngko ing bakda Ngisane |
rêmbugên lan pamanmu |
timbalana pra lurah santri |
kang putra tur sandika |
myang para rinipun |
lah uwis padha bubaran |
samya nêmbah lèngsèr saking ngarsa mijil |
Pangulu samodinnya ||

37.
Parèstrine samya tan na kèri |
(n)Jêng Kiyai kundur maring wisma |
Sèh Mongraga lan garwane |
marang panêpènipun |
Ni Sumbaling lawan Cênthini |
angatag kancanira |
kinèn akêkêlut |
sadaya wus rinumatan |
wus mangkana yata kawuwusa santri |
ing wanci bakda Ngisa ||

38.
Ing wisma nyar sami pinêranti |
ginêlaran lampit myang kalasa |
myang pandhan kêrêp jèjère |
bantal-bantal atêpung |
sinêbaran kang bungah ramping |
sêkar anjrah jêrambah |
ingkang campur bawur |
Ki Bayi bakdanya salat |
pan pinarak lan kang putra Sèh Mongragi |
nèng ngriku ing wisma-nyar ||

Jilid 7 - Kaca : 93

39.
Nulya ingkang putra lan para ri |
Ki Pangulu lawan pinituwa |
lurah-lurah sadayane |
wus tata dènnya lungguh |
Kyai Bayi ngandika aris |
lah Pangulu Bismilah |
wiwit tata darus |
Ki Pangulu gya têkabal |
lahu minkum mina wa minkum ya karim |
santri kèh barung samya ||

40.
Langkung gumuruh swaraning santri |
umyang mabyungan sru tanpa rungwan |
swaraning santri sakèhe |
dangu dènnira darus |
pan wus angsal tigang jus nuli |
lèrèn sami nyamikan |
eca samya nutug |
wusnya dènnya wêwedangan |
(n)Jêng Kiyai Bayi angandika aris |
mring putra Sèh Mongraga ||

41.
Wawi nakmas andika wiwiti |
wit kataman surat Kadsaminga |
ing tigang jus upamine |
lajêng ing candhakipun |
jus Tabarok candhake malih |
kaping tiga jus Ngama |
ing saturutipun |
Mongraga matur sandika |
nulya wiwit jus Saminga apatitis |
pasekat kir'atira ||

42.
Datan mawi tuladha angaji |
kadya wus apil musakap Kur'an |
tan inang kandêl tipise |
myang panjang cêndhakipun |
kang mad lajim wajib lan jais |
miwah têsjid lan kasar |
tan ana kêliru |
sambada lan swaranira |
ngalêp-alêp ulêm êmpuk rum amanis |
sêdhêng srune ririhnya ||

43.
Sajak Yaman pemuling klawêrsin |
alon wilêd larasing biyola |
kang myarsa lir runtuh tyase |
layu-layu anganyut |
sakathahe pra santri-santri |
kang sami ahli-kir'at |
manahe awêlu |
rumaos datan kaduga |
ngaos Kur'an tan ana èmpêre kêdhik |
kang kadya Sèh Mongraga ||

44.
Wus antara dangu praptèng akir |
surat Eklas winaos ing kathah |
ping tiga lajêng ratibe |
dhikirira gumuruh |
sadayanya rahabe sami |
wuse dhikiran donga |
gantya nasibipun |
bakda kataman sêlawat |
alêlagon nulya sêsalaman sami |
pragat kèndêl sadaya ||

45.
Sinulêdan pandam wus waradin |
samya ngaso-aso sayahira |
Ki Bayi rum andikane |
mara Luci dèn-gupuh |
kêndhurimu wêtokna sami |
santri Luci asigra |
nata ambêngipun |
panganan wus binêrkatan |
ambêng sêkul tumpêng golong lan kêbuli |
pulên wuduk lan purna ||

Jilid 7 - Kaca : 94

46.
Luci Nuripin sarewangnèki |
rumat dènnira tata ambêngan |
umatur wus sadayane |
Ki Bayi lon amuwus |
hèh Pangulu Ki Basarodin |
lah sira donganana |
ya Majêmuk Rasul |
kajat-manira sung dhahar |
amumule (n)Jêng Pra Wali (n)Jêng pra Nabi |
(n)Jêng pra Ratu sadaya ||

47.
Mule luhur saking jalu èstri |
lan mumule luhuring pra janma |
ing sanusa Jawa kabèh |
lawan sêlamêtipun |
anak êmas sang pinangantin |
lan sêlamêting brayat |
kabèh anak putu |
ing sadesa Wanamarta |
Ki Pangulu sigra wau andongani |
Rasul Majêmuk mulya ||

48.
Ambata-rubuh amining santri |
wusnya katam kêndhuri dinongan |
samya mapan pangêpunge |
ingancaranan sampun |
samya wijik lajêng abukti |
rame dènnira nadhah |
samya sêngkut-sêngkut |
dhasar kêcut sore mula |
saking sangêt rahabe dènnira dhikir |
langkung pikantuk nadhah ||

49.
Antara wus dangu dènnya bukti |
nulya samya wêwanting luwaran |
kêndhuri samya binage |
waradin pandumipun |
ambêntoyong kèh brêkatnèki |
nulya samya pamitan |
limilan sadarum |
bubaran sadayanira |
Kyai Bayi angling marang lurah santri |
kabèh sira kariya ||

50.
Ana kene ya aja na mulih |
padha mêlèka natas raina |
karo Luci Nuripine |
kang liningan umatur |
sadayane anyêndikani |
Kyai Bayi Panurta |
lan Mongraga kundur |
kang rama malêbèng wisma |
Tambangraras amêthuk kang raka sarwi |
manêmbah ngaras pada ||

51.
Sang dyah lungayanira tinarik |
sarwi manis arum wuwusira |
iya wus sun-trima Nikèn |
payo padha andulu |
marang panjungkungan panêpin |
nulya kering Ni Tambang |
-raras lan kucumbu |
wus prapta ing pamêlêngan |
lajêng maring patirtan mèt toyastuti |
katrine wusnya kadas ||

Jilid 7 - Kaca : 95

52.
Malbèng tajug samya tangat aglis |
rolas rêkangat dadya nêm salam |
pêragat sunat tasbihe |
ngangkat sunat tahajud |
kalihwêlas rêkangat malih |
sawusira nêm salam |
katrap wiritipun |
asuhul marang Pangeran |
liyêp layap jênêk prasanak ing pati |
patitising paningal ||

53.
Datan kalêmpit ing agal alit |
padhang tan kumalendhang katingal |
wus sêsangat panyungape |
sawusira akasud |
Sèh Mongraga lawan kang rayi |
wungu dènnya kulina |
wau Sèh Mong luhung |
jamhur Mongraga ngandika |
yayi Nikèn Tambangraras babing Kadis |
kang sinihan ing Suksma ||

54.
Abubakar Umar Usman Ngali |
lawan malih Hyang Agung sihira |
mring wong mati prang sabile |
lan mati sahid ikut |
miwah marang ing para wali |
kabèh kang sami bengat |
rosa salat tasjud |
tuwin kang asalat Luka |
langkung asih mungguh Hyang Kang Maha Sukci |
mring mukmin kang samya kas ||

55.
Kang sugih ngèlmu rosa ngabêkti |
sih Hyang Agung ngluwihi manungsa |
kang mati sabillolahe |
ngapura dosanipun |
anèng donya prapta ing akir |
pacangan gaganjaran |
wong mangsit ing ngèlmu |
kitab Lulbab wus angucap |
manungsa kang padha rosa-rosa dhikir |
yèku luwih utama ||

56.
Apan laillaha illalahi |
Muhamadun Rasullolahi sam |
tinimbang lan prang sabile |
mukmin kang bingat iku |
rosa salat lan rosa dhikir |
myang rosa andêdonga |
andongakkên iku |
sapêpadhaning wong Islam |
ingkang atut sêsanak rahayu budi |
badane dadi mulya ||

57.
Kitab Lulbab kang wus rasèh yayi |
angandika (n)Jêng Nabi Muhamad |
e umadingsun sakèhe |
sing sapa ingkang kasud |
salat Luka ing wêktu enjing |
nalika dina Jumungah |
sadurunge bêdhug |
iya ing patang rêkangat |
rêkangat kang dhihin wêwancannirèki |
Patekah kang sadasa ||

58.
Nulya ping sadasa ayat Kursi |
lawan Kulya-ayu ping sadasa |
Kulhu ping sadasa malih |
lan Palak ping sapuluh |
ping sadasa surat Binasi |
rêkangat pindhonira |
tan na bedanipun |
gumulung kawan rêkangat |
bakda maca aspagpirolah hal ngalim |
ping pitungpuluh papat ||

Jilid 7 - Kaca : 96

59.
Lawan sêlawat atasing Nabi |
iya kaping pitungpuluh papat |
adhikir napi isbate |
utama kongsi suwe |
yèn wus rampung dhikirirèki |
atasbèh ping sadasa |
nulya sujud takrub |
(n)Jêng Nabiullah ngandika |
ganjarane padha lawan aprang sabil |
iya ping pitungdasa ||

60.
Lan sinami ganjaranirèki |
(n)Jêng Nabi Ibrahim ganjarannya |
lawan pinèpèt margane |
ing kêmlaratanipun |
pan binerat repoting budi |
binuka marga mulya |
kasugihanipun |
kajate duk anèng donya |
pan wus têmtu tinêkan dera Hyang Widdhi |
barang kang dadya kajat ||

61.
Dinoh pitungpuluhe wus sikir |
tênung têluh upas tan tumama |
rahayu donya kerate |
apan ginajar luhung |
wong kang salat Luka ing enjing |
sunat limang prakara |
Luka kang rumuhun |
sunat Wabin kapindhonya |
ping tri Winal-witri raka-atal witri |
Tahajud ping sakawan ||

62.
Kaping lima sunat tasbih yayi |
iku padha gêdhe paedahnya |
namung Luka pangarêpe |
iku yayi dèn-kasud |
nêmbah muji marang Hyang Widi |
dèn-narima ing titah |
sihe Hyang Maha Gung |
kang garwa matur anêmbah |
inggih mugi lulusing brêkah kapundhi |
donya praptèng akerat ||

63.
Akiring ratri wus pajar gidib |
adat swabawaning jing-enjingan |
pêksi asauran rame |
kang adan nganyut-anyut |
sri sarênti angalik-alik |
Sèh Mongraga sagarwa |
katri lan kucumbu |
sawusira samya kadas |
manjing tajug lajêng adan sèh Mongraga |
swara arum araras ||

64.
Miwah nyai-nyai lan parèstri |
sadaya samya mantuk Mongraga |
ing tajug wingking panêpèn |
wusing sunat sadarum |
Sèh Mongraga ngadêg ngamati |
lajêng ngimami ngangkat |
amaca tangawut |
niyat usali parêlan |
Subêki rakangatèni imamami |
pan lilahi tangala ||

65.
Allahu akbar iptitahnèki |
akbar kabiran wal kamdulilah |
-hi kasiran ing lajênge |
pan supkanalah buk |
-ratan wa asilani inni |
wa wajêhiya |
liladi patarus |
samawati walarla |
kanipan wa musliman wa ma ana min |
-nal musrikina inna ||

Jilid 7 - Kaca : 97

66.
Salati wa nusuki anuli |
wa mahyaya wa mamati lilah |
-i rabil ngalamin age |
wuse Patekahipun |
apan surat Sujada mawi |
andhêge sinujudan |
wangsul adêgipun |
akire wus Alpatekah |
surat Kasar adangu wawancanèki |
kêlangkung tumaninah ||

67.
Wusing Kunut praptèng tahyat akir |
sabakdaning salat pupujiyan |
parèstri arum swarane |
manis lir rêbab barung |
angrêringik mêrit jêlêrit |
nyênyête kawilêdan |
ulêt nganyut-anyut |
arêmpêg nyamlêng tan ura |
mêmbat landhung lir dêmung dèn-pênêrusi |
swarèstri rum araras ||

68.
Dêlah dhikir lêlagon amanis |
miwah dhikir santri kering kanan |
samya sarênti swarane |
wus samya bakda Subuh |
Sèh Mongraga mêksih amuji |
akasut tangat Luka |
garwa lan kucumbu |
wau Ki Bayi Panurta |
nèng pandhapa sarta saosan sumaji |
dhaharan jing-enjingan ||

69.
Nulya ingkang putra kalih prapti |
miwah Ki Pangulu myang pra kadang |
samya prapta sarayate |
sarwi (m)bêkta pakintun |
sêkul ulam dharan mawarni |
atap sila nèng ngarsa |
kadya sabênnipun |
Sèh Mongraga sawusira |
tangat Luka nulya mijil lan kang rayi |
marêg marang pandhapa ||

70.
Ingkang lênggah samya angingsêdi |
wus prayoga dènnya tata lênggah |
kinêkêt dhêdhaharane |
Ki Bayi lon amuwus |
lah wis payo paran inganti |
padha mêmadhangan |
iya mupung esuk |
mara ta kono wisuha |
kang liningan agupuh samya wêwanting |
adan lêkas anadhah ||

71.
Nutug dènnya pan samya abukti |
jalu èstri tan ringa anulya |
luwaran ambêng binage |
barêkat sadaya wus |
gantya kang dhêdharan mangarsi |
samya anyênyamikan |
manangsêgi nutug |
Ki Bayi alon ngandika |
mring kang putra miwah marang para ari |
mêngko malêm Jumungah ||

72.
Adhikiran Mulud kurmat Nabi |
sesuk ing wayah bakda Jumungah |
kakangira pangalihe |
bênêr tanggal ping têlu |
mungguh sangat Ahmade lingsir |
wayah bakda Jumungah |
apa ya tan luput |
priye kowe kono padha |
apa bênêr etungku Ahmade lingsir |
samya matur sadaya ||

Jilid 7 - Kaca : 98

73.
Inggih lêrês Ahmadipun lingsir |
Ki Wirya ngling dospundi kang Basar |
mêngko kaya biyèn kae |
etunge bliwar-bliwur |
Ki Pangulu mèsêm nauri |
lagi luput sêpisan |
tan wande wus uwus |
gumuyu Ki Kulawirya |
kang Pangulu Basar tan nganti patitis |
sajèn (n)dêdonga ruwah ||

74.
Lapaling donga ya nora titis |
mung swara bae gumrêmêng ngombang |
tan karuwan kalimahe |
Ki Pangulu gumuyu |
pedah napa (n)donga kêndhuri |
sok mungêla kewala |
inggih sampun rampung |
Ki Bayi gumuyu nabda |
iya bênêr maningan Ki Basarodin |
saking pahaming donga ||

75.
Samya gumuyu sadayanèki |
angguguyu mring Pangulu Basar |
Ki Bayi lon andikane |
bagenên nyamikanmu |
nulya sami bubaran mulih |
agêpah kang liningan |
kang pangandika rum |
nulya sami aluwaran |
Sèh Mongraga tumama marang panêpin |
lan Nikèn Tambangraras ||

76.
Tan cinatur siyang nulya ratri |
bakda Ngisa ing malêm Jumungah |
Kyai Bayi Panurtane |
anèng pandhapa lungguh |
santri Luci lawan Nuripin |
samya ngrukti dènnira |
badhe dhikir Mulud |
sadaya wus rinumatan |
nulya ingkang putra kalih samya prapti |
Pangulu lan pra kadang ||

77.
Miwah pra santana magêrsari |
para lurah santri samya prapta |
angirit sarèh-rèhane |
dhatêngira andulur |
samyambêkta obor lan êting |
anglir konang satêgal |
upêt miwah sumbu |
wus samya praptèng pandhapa |
atanapi obore wong niningali |
tan ana bosênira ||

78.
Sawusira samya tata linggih |
santri Luci ngatak kasinoman |
kinèn nyaoskên ladène |
sêkar lan konyohipun |
pawohane gembol tap-sirih |
pateyan myang panganan |
ambanjêng nèng ngayun |
wusing sumaji sadaya |
Kyai Bayi Panurta ngandika aris |
lah wis payo Bismillah ||

Jilid 7 - Kaca : 99

79.
Wiwitana sira Jayèngwèsthi |
lan adhimu Jayèngraga singira |
ya mêngko sun milu bae |
kang putra sandika wus |
amiwiti sêlawat dhikir |
lêlagon sajak Arab |
ambiyola pemul |
sinauran santri kathah |
rame santri swarane gumuruh atri |
suwuk maca sêlawat ||

80.
Rambah-rambah gêgêntènan singir |
tuwin gantya kang maca ruwiya |
para lurah sadayane |
antaranira dangu |
nutug dènnya arawi singir |
praptèng akir sêlawat |
suwuk sadaya wus |
nulya kêndhuri pinasang |
ambêng sêkul panganan sarya di-adi |
kalihwêlas ambêng wrat ||

81.
Tuwin ambêng panganan gêng sami |
dènnira tata wus pinrayoga |
Ki Bayi lon andikane |
wus Bismilah Pangulu |
donganana lir sabênnèki |
kurmat Nabi kalawan |
mumule luluhur |
lan slamête wong sadesa |
matur inggih Ki Pangulu Basarodin |
gupuh lêkas andonga ||

82.
Sinauran amin para èstri |
ambal-ambalan ambata-rêbah |
wuse nutug pandongane |
Ki Bayi lon amuwus |
wus pintanên kabèh hèh Luci |
matur sampun samêkta |
ing sapethakipun |
lah wus kono payo padha |
ngêpung ambêng iya mirani panduming |
gupuh ingkang liningan ||

83.
Samya têpung angêpung kêndhuri |
sadaya wus samya wiwijikan |
lan lêkas nadhah sakèhe |
rame pating kariyuk |
dhasar samya sayah adhikir |
tandange rosa-rosa |
athêkul lir kaul |
kumaroyok yêl-uyêlan |
tanganira lir bèbèk dèn-pêpakani |
nutug sasuwenira ||

84.
Aluwaran ambêng gya binagi |
wus warata sêkul lan panganan |
ambêntoyong barêkate |
sawusira kadyèku |
samya pamit linilan mulih |
kabèh barêng bubaran |
mundur saking ngayun |
Ki Bayi malêbèng wisma |
Sèh Mongraga kundur mring panêpèn wingking |
pinêthuk garwanira ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (11) Kaca 73 - 90
  • (13) Kaca 100 - 103 >