Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434702
Hari ini     :Hari ini :102
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :168
Bulan ini   :Bulan ini :3331
s/d hari ini   :s/d hari ini :434702
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 10

Kontak Admin.

email-kidemang

 (13) Kaca 100 - 103

 

( Boyongan lan Upacaranipun )

III. Boyongan lan Upacaranipun.

1. Ing malêm Jumungah kawontênakên dhikiran Mulud.

Ing panêpèn Sèh Amongraga mêjang garwanipun bab asal lan kodrat dumadosing manungsa, bab saranduning manungsa, bab alam 4 prakawis.


Kaca 100 - 103.
 

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 7 - Kaca : 100

383 Dhandhanggula

85.
Nikèn Tambangraras lan kucumbi |
tundhuk lajêng samya mring patirtan |
sami mèt toyastutine |
sawusira awulu |
katri mangsuk ing tajug nuli |
atangat ing palilah |
têsbih lan tahajud |
sabakdanira atangat |
wus mêngkana luwaran dènnira mupit |
asalam mring kang garwa ||

86.
Sarta paring salam mring kucumbi |
lênggah akaliyan ingkang garwa |
Sèh Mongraga lon dêlinge |
kawruhana sirèku |
wong tumitah alamdonyèki |
kudu wêruh ing asal |
andikaning Rasul |
sing sapa kang wruh sarira |
aprasasat iku yayi wruh ing Widdhi |
kadwi iku parentah ||

87.
Tan kêna ora kudu ngawruhi |
kang tan wêruh tan wruh ing kamulyan |
kitab Ahka-modin linge |
kang samya rêbut kawruh |
pêrlu êndi ngawruhi dhiri |
lan ngawruhi Hyang Suksma |
yêkti kang rumuhun |
angawruhi ing sarira |
kang wus kasêbut ing Dalil Kadis yayi |
wit ananing manungsa ||

88.
Saking kodratira ing Hyang Widdhi |
pan wus katartanton ing kukumah |
dinadèkkên kitab kiye |
saking toya kang antuk |
mêtu ing iga wêkasan yayi |
lan saking tulang dhadha |
kocap wartanipun |
ing kitab Ajadul-ngibat |
subkana wa tangala Hyang Maha Sukci |
nitahakên manungsa ||

89.
Purwa paguting manikêm yayi |
bengating rasa èstri lan priya |
nalikèng kono dadine |
akadiyat lan takyun |
durung arah ênggonnirèki |
kantha warnambu rasa |
durung anèng dunung |
nanging pêsthi ananira |
nukat gaib ing dalêm patpuluh ari |
gaibul guyub rannya ||

90.
Alamipun alam laut yayi |
pêtêng ing apêtêng sêsananya |
pêtêng ing kalbu jatine |
praptèng antaranipun |
ing patangpuluh ari malih |
wahdat kun ingha gyannya |
undêr-undêripun |
kun ing gaib uluwiyah |
mêksih samar tan pêtêng tan padhang kalbi |
malakut alamira ||

Jilid 7 - Kaca : 101

91.
Ping tri kawandasa dina malih |
makidiyat kun ahya pan lagya |
rah kêmpêl nèng panggonanne |
gaib uwiyah iku |
asêsana padhanging kalbi |
nasut pan alamira |
ping pat patangpuluh |
dina alam arwah lagya |
daging kêmpêl alam jabarut mêngkoni |
ing dalêm patang alam ||

92.
Gaib sububun iya mêngkoni |
iya ing alam patang prakara |
alam arwah têtêngahe |
watêse gaib têlu |
kang wus kocap mau yayi |
praptèng patpuluh dina |
ngalam ajêsan wus |
gatra nanging durung cêtha |
ing panggawe saking kodrating Hyang Widdhi |
mêrtabating manungsa ||

93.
Ping Nêm patangpuluh dina singgih |
ngalam misal ing kono nalika |
wus cêtha kabèh gatrane |
lanang lan wadonipun |
nanging taksih hakekat sami |
ping sapta kawandasa |
dina malihipun |
ngalam insan-kamil rannya |
wus sampurna martabating manungsèki |
wus pilah antaranya ||

94.
Umuring martabat iku yayi |
pan rongatus patang puluh dina |
jangkêp ing sangang sasine |
punjul sapuluh dina |
sarat sipat manungsa dadi |
anulya tinulisan |
wêwatêsing umur |
cêndhak dawa wus kinarya |
miwah bêgja cilaka sugih lan miskin |
gêng alit luhur andhap ||

95.
Mulus cacad ala lawan bêcik |
wus nèng duryat kodrating Pangeran |
tan wuwuh kurang wus pêsthèn |
nèng jro garbaning biyung |
praptèng mangsa ing sangang sasi |
manungsa binabaran |
kadhang kirang langkung |
kang adangdan sinaosan |
ingkang kocap ing kitab Kesah puniki |
sirah iku sinungan ||

96.
Saubênge myang têngah sinungi |
cacahing bêbalungan kawandasa |
dene kang anèng kupinge |
mangka nampani rungu |
sinung pitu balungirèki |
lan saubênging grana |
sapangisoripun |
saubênge mukanira |
sarta lan kang saubênge gulu nênggih |
sinung balung cacahnya ||

Jilid 7 - Kaca : 102

97.
Apan tigangdasa langkung kalih |
sêsaking gulu pan sinungan |
pan pipitu balung kèhe |
bêbalung ilam wujud |
namanira lan cacah malih |
balung nèng ula-ula |
kèhe pan patlikur |
ginêbang sadayanira |
kang bêbalung rongatus wolu kèhnèki |
sinungan otot samya ||

98.
Ingkang tanpa êrah kèhirèki |
pitungatus langkung pitungdasa |
de otot kang mêtu gêtèh |
satatus pitungpuluh |
kang kawêngku jro badanniki |
ngasib ètar ngilalat |
otot lan bêbalung |
cacahe jroning sarira |
sèwu sangangatus sangangpuluh katri |
gêbagane sadaya ||

99.
Sabên-sabên manungsa sawiji |
jroning badan tinêngga malekat |
sèwu sangangatus malih |
sangangpuluh têtêlu |
kang satêngah kaol mung siji |
malekate puniku |
kabubuhan tunggu |
nèng jro badaning manungswa |
wusing mangsa mêtu saking ibunèki |
turun mring ngalamdonya ||

100.
Barêng nalikaning panjingnèki |
lan wêtune duk nginul nèng donya |
sinungan nugraha dene |
pangucap lan pangrungu |
pêningal lan pangambunèki |
budi wus pinêpakan |
nalikaning ngriku |
pinaès-paèsan nikmat |
pira-pira kanikmatan yèn winilis |
kanikmating manungsa ||

101.
Kang umadêg kang kalawan urip |
pan kinarya punjuling sasama |
kang tumitah donya kabèh |
mila undhang (n)Jêng Rasul |
padha sira sukur ing Widi |
rèhing sinungan nikmat |
pira-pira agung |
kinarya kacèk sêsama |
katujune beda lawan kêbo sapi |
unta kuldi andaka ||

102.
Iku samya kêdhik nikmatnèki |
iya pantês nora micara-a |
mung manungsa kèh nikmate |
milane wajibipun |
kudu sukur anikmanyèki |
paparinging Hyang Suksma |
kang narimèng tuwuh |
ewa mangkono tan kêna |
yèn pêsthining ala dilalah kudu nir |
ihtiyar datan ana ||

Jilid 7 - Kaca : 103

103.
Milane beda-bedèng sasami |
dene ingkang kurang ihtiyarnya |
yêkti kelangan drajade |
kayata paminipun |
panas adhêm têlês lan aking |
usik mênêng upama |
iku rupanipun |
adhêm ngilangakên panas |
panas ngilangakên adhêm miwah osik |
ngilangkên êningira ||

104.
Ala ngilangakên maring bêcik |
bêcik ngilangakên maring ala |
kabèh ing sapêpadhane |
êndi ênggoning kurup |
pan ing tiyang iku pamilih |
lamun miliha ala |
ala kang tinêmu |
nora kêna winicara |
yêkti sato kewan pêpadhane yayi |
marmane kang manungsa ||

105.
Amiliha tabiyat kang bêcik |
ujaring Dalil yêkti kapanggiya |
jro Dalil kono rasane |
jwa pepeka ing kawruh |
yèn pepeka sasar pinanggih |
dèn-amrih kadadeyan |
panrimanirèku |
besuk yayi Tambangraras |
yèn pinarêng sira kalawan mami |
suhul ing karasikan ||

106.
Aja kongsi singsal imanèki |
ing kono ênggone bote coba |
yèn wiwal wurung kêdadèn |
geyongana dèn-kukuh |
mring ragane ngèlmu sajati |
jatine kaanan dat |
-tira Kang Maha Gung |
ywa katiyup ing dadakan |
basa dadakan nênggih punika eblis |
têkanyar ngangah-angah ||

107.
Tambangraras myarsa sabdèng laki |
lir pinantèk tyasira santosa |
pratisthèng kawruh pêpêsthèn |
tan kalêmpit salulut |
kêcap ucap kêcakup kapti |
matur saha wotsêkar |
ngraup padèng kakung |
mugi saèstu antuka |
brêkah tuwan wijajah kojah mèngêti |
sung padhang ing ngamamak ||

108.
Datan nêdya amèmèngèng angling |
yata ing wêktunira ijabah |
pajar gidib antarane |
swara bawaning bangun |
gantêr putêr bênggala muni |
prêkutut munya raras |
anduduk kêlayu |
kikèring kate bêkisar |
kolik akik lan tutuhu amêlingi |
gumyah kêluruk samya ||

109.
Sang Mong luhung angandika aris |
babo yayi mring patirtan kadas |
mumpung awal utamane |
dyah tan lêngganèng kayun |
lan kucumbu cèthi Cênthini |
tan têbih nèng wurinya |
samya mèt toyastu |
-ti riwusira kadas |
Sèh Mongraga adan swara sawatawis |
arum ulêm kêmandhang ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (12) Kaca 91 - 99
  • (14) Kaca 104 - 115 >