Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434702
Hari ini     :Hari ini :102
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :168
Bulan ini   :Bulan ini :3331
s/d hari ini   :s/d hari ini :434702
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 13

Kontak Admin.

email-kidemang

 (16b) Kaca 249 – 265

 

( Nyi Randha Sêmbada sakalangkung rêmêning manah angsal tamu Jayèngraga )

2. Nyi Randha Sêmbada sakalangkung rêmêning manah angsal tamu Jayèngraga lan Kulawirya, sakalih-kalihipun bagus rupinipun. Sanalika sang randha kasmaran kapengin ngladosi kalih-kalihipun.

Randha Sêmbada punika sugih sangêt saking padamêlipun gadhe, ngijo lss. Anggènipun dados warandha wiwit ênèm watawis pantêsipun gadhah anak satunggal, nanging botên gadhah anak, wiwit alit kêdhi (botên anggarap-sari). Samangke umuripun sampun satêngah sêpuh, nanging sakalangkung drêmba ing tiyang jalêr. Siang dalu tansah ngawontênakên têtabuhan kalênengan ing griyanipun. Sadaya ingkang sami nabuh, malah sadaya tiyang jalêr ing dhusunipun sampun kacakan nyai randha. Ingkang kinasih kaum nama Duljaya jalaran sagêd suka pamarêm sang warandha, siang dalu tansah andon lulut, racak sabên siyang tiyang tiga, dalu tiyang tiga.

Kulawirya rumaos kabêtah, mila ngladosi nyi randha ing samarêmipun. Ing wêkdal kirang napsu, kabiyantu dening panggalak Biyang Kacêr ingkang tansah siyaga mituruti sadaya dhawuhipun sang nyai. Tumindaking maksiyatan sakalangkung rêsah. Kulawirya kacêkap bêtahipun, angsal pituwas sinjang, dhêsthar, dhuwun lss. Jayèngraga ndhumugèkakên anggènipun gêgêndhingan. Botên kadugi minangkani kajêngipun nyi randha, nanging nuruti napsunipun dhatêng Nyi Kacêr.

Saking sangêting kapenginipun dhatêng Jayèngraga, nyi randha pasaja dhatêng Kulawirya borong pangudinipun waton Jayèngraga purun nglanggati, sadaya kabêtahanipun Kulawirya dipun sagahi. Kulawirya nêrangakên kasênênganipun Jayèngraga botên sanès kajawi gêgêndhingan. Pramila nyi randha lajêng gadhah niyat badhe ngawontênakên tayuban ing dalunipun.


Kaca 251 – 266

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 8 - Kaca : 249

2.
Alon muwus lah bibi aywa wulangun |
kêtrucut manira |
ngong ampêt-ampêt tan kêni |
(ng)gih ngapuntên dika bibi mring ragèngwang ||

3.
Randha muwus dhasar dèn-jarag mariku |
nulya Kulawirya |
ni randha angarih-arih |
ingarasan pinindha-nom rekanira ||

4.
Alon matur ni randha inggih wong bagus |
panuwun kawula |
kèndêla ing tigang ari |
anèng ngriki maksih cuwa tyas-kawula ||

5.
Inggih lamun paringa tur kawulèku |
punapa kinêrsan |
kawula anyanyaosi |
lamun datan parêng kawula lênggana ||

6.
Duk ingrungu wuwusing randha kadyèku |
abêbêk manahnya |
alon dènnira nauri |
lah (ng)gih bibi mangke manira rêmbugan ||

7.
Niki sampun ing wêktu Subuh kêsusu |
bibi alim dika |
pundi patirtanirèki |
nyai randha matur punika ing kulah ||

8.
Lamun sampun anuntên paduka wangsul |
sabakdaning salat |
sokur yèn tan salat enjing |
ngong-ladosi kewala anèng ing wisma ||

9.
Ngling gumuyu Ki Kulawirya amuwus |
o lah puniku ta |
datan kêna dèn-gagampil |
poting salat jangjinya niku duraka ||

10.
Nambung matur de kaum ngriki puniku |
namane Duljaya |
santri jadhug têdhas ngèlmi |
Subuh Luhur Asar tan mawi sêmbahyang ||

11.
Inggih namung sabên Mahrib salatipun |
turene Duljaya |
yèn santri taksih nglampahi |
limang wêktu salate santri gorèkan ||

12.
Taksih kumprung dèrèng têdhas ngèlminipun |
(n)jêngèk Kulawirya |
(ng)gih mangke kula manggihi |
mring kaum-dika kang gadhah pangrêmêkan ||

13.
Rada gêcul kintêne kaum puniku |
nulya mring patirtan |
adus jinabad wus suci |
laju marang pandhapa panggih Jèngraga ||

14.
Dhèhèm sêgu Jayèngraga mèsêm muwus |
paman nora jamak |
angêtok kongsi sawêngi |
Kulawirya ngling ih wong dèn-gawe wadal ||

15.
Lah sirèku dene atêlês rambutmu |
rowangira sapa |
kuwêlan dhèk mau bêngi |
Jayèngraga gumujêng mung gêbrojolan ||

Jilid 8 - Kaca : 250

16.
Mila adus jinabad prujil manipun |
kang paman ris mojar |
payo Subuh maring masjid |
lah Nuripin gugahên kaum Duljaya ||

17.
Sru gumuyu Jèngraga dene kadyèku |
kaum ran Duljaya |
slewang-slèwèng jênêngnèki |
Kulawirya ngling arakna kaum Buda ||

18.
Payo uwus sêmbahyang Subuh mring tajug |
nulya samya salat |
Duljaya ginugah tangi |
wusnya sami wulu Ki Nuripin adan ||

19.
Kaumipun tan nyarakkên lajêng maju |
ngimami kang salat |
Duljaya ngangkat usali |
usaline tan bênêr unining lapal ||

20.
Ingkang makmum pasekat usalinipun |
tan makmum niyatnya |
usali parlam Subêki |
rakangatin ada-an imaman lilah ||

21.
hi tangala Allahu akbar wusipun |
Ki kaum Duljaya |
kayoman kèthèr kang ati |
nulya mudhar ambatalkên ronning-kamal ||

489 Sinom

1.
Nolih sarwi angrêngrêpa |
suwawi dalêm imami |
kawula makmum kewala |
kang sinabdan tan nauri |
Duljaya nèng wuri |
usaline ekral makmum |
Jayèngraga asora |
santak pamacanirèki |
wusing Patekah surat Anjal-na ||

2.
Akire wusing Patekah |
wêwacan surat Watini |
rêkangat kir kinunutan |
wus sujud ro tahyat akir |
gya salam bakda nuli |
pupuji gya dhikiripun |
nulya amaca donga |
pêragat dènnira bêkti |
gya sêlawat nulya samya sêsalaman ||

3.
Sawusira bakda salat |
Ki Kulawirya ningali |
mring kaum ran Ki Duljaya |
bisik-bisik mring Jèngragi |
lah iku ingkang warni |
kaum kang ginunggung jadhug |
dhapure lir bêdhigal |
tan mèmpêr dhapuring santri |
balênthote kokothot matèni dalan ||

4.
Kacatur ngèlmune têdhas |
sêmbahyange sabên Mahrib |
Mahrib iku tarkadhangan |
duwe pengrêmêkan ngèlmi |
Subuh Luhur Ngasar-i |
[---] |
Jêngraga mèsêm nabda |
kados tan pantês pinikir |
Kulawirya ris wuwuse mring Duljaya ||

 

Jilid 8 - Kaca : 251

489 Sinom

5.
Anu rika ingkang aran |
Dulprawira-wijayèki |
kang liningan nor turira |
botên mawi prawirèki |
Duljaya mawon ugi |
Ki Kulawirya gumuyu |
Jayèngraga alatah |
myat mring kang dèn-têtakèni |
kang ginuyu biyas pucêt ulatira ||

6.
Ngling malih sirèku paran |
kang dadya kaum mring ngriki |
tan doyan ngaji sêmbahyang |
apa nora (n)durakani |
Duljaya matur ajrih |
inggih ing sayêktosipun |
kula kaum papêksan |
saking karsanipun nyai |
tan sagêd ngaos namung apal-apalan ||

7.
Donga pan amung Rajukna |
lan donga nambêlèh pitik |
liyane puniku datan |
wontên kang kula-sagêdi |
mèncêp Kulawiryèki |
sira iku dadi kaum |
mung kaum bêbêlèhan |
wis sira tan bisa ngaji |
jênêng kaum wani-wani tan sêmbahyang ||

8.
Dadi ngong srêngên mring sira |
duraka jangjining akir |
lagi jênêngmu Duljaya |
gèsèh dudu jênêng santri |
ingkang mawa punapi |
sira nora wêktu-wêktu |
Duljaya tur bêlaka |
yêktosipun jasad-mami |
walèh-walèh punapa saking jrih kula ||

9.
Lêbura dosa kawula |
sapalih saprêtêloning |
inggih kawula punika |
asring-asring kèn nilêmi |
kajiyat (n)dara nyai |
randha Sêmbada kêlangkung |
drêmbane mring wong lanang |
tan towang ing siyang ratri |
dados kula tan kobêr-kobêr jinabad ||

10.
Ngawirya ro sru guyunya |
e lah layak yèn kadyèki |
pangulu pakaning randha |
kadèkna wêdi ing masjid |
umatur kang sinung ling |
inggih saking wrat-wratipun |
tiyang angungsi têdha |
mikantukkên anak rabi |
Jayèngraga angglêgês myat ingkang paman ||

11.
Sarwi bibisik wuwusnya |
dene ana kang ngrakiti |
ki kaum kalawan paman |
tinandhing (m)buh kang pinilih |
kêtanggor gèn dukani |
dhumpyuk kasut padha kasut |
nora dadi abahan |
kang paman anamur liring |
angling malih Kulawirya mring Duljaya ||

12.
Manira tanya mring rika |
de kanggo dhewe sirèki |
êndi bandhamu kayapa |
Duljaya anjumbul wigih |
o nuwun tan prayoga |
sangêt awon warninipun |
pinêksa pinaripêksa |
Duljaya jrih sêmu isin |
gya liningkap katon nglênggirik ngalèmprak ||

Jilid 8 - Kaca : 252

13.
Samya kagyat kalihira |
Jèngraga Kulawiryèki |
gumuyu alatah-latah |
we-o-we anggigilani |
nyata ala sayêkti |
kan gigire kêbak wulu |
lir tikus wirog kawak |
layak kangge mring si njai |
iba yèn mêtotong gêdhene sapira ||

14.
Nulya enggal sinasaban |
ginuyu pating cêkikik |
ya wis nulya Duljaya |
manawa nuli pinanggih |
mring gayêranmu nyai |
kang liningan sigra mundur |
Ki Kulawirya nabda |
mring putra Ki Jayèng ragi |
iki ana rêmbug pakewuh ing manah ||

15.
Karêpane nyai randha |
anggondhèli laku iki |
rêrêm nèng kene tri dina |
kapriye rêmbugirèki |
mangsa bodhowa nanging |
thithik lagyana karsèngsun |
golèk tulak mêlarat |
mupung olèh babah mami |
rada wênang (n)jarag karam anèng paran ||

16.
Jèngraga gumuyu nabda |
paman pamine puniki |
ing lampah kawula tilar |
paman kantuna nèng ngriki |
Kulawirya nauri |
tan (n)tuk dene jaluk rêmbug |
yèn aja-a kèlingan |
tut wuri marang Jèngrêsmi |
gêlêm bae manira yèn sira tinggal ||

17.
Têtekadan rêbut paran |
bot-boting langip nèng margi |
tambah kêmlarataningwang |
Jayèngraga angling aris |
kêlamèn anèng ngriki |
sêtun sadintên sadalu |
ingangkah rampungira |
barang karsa kang dumugi |
yèn matura mring kangmas mangsa kenginga ||

18.
Kulawirya ris wuwusnya |
mêsthi bae lamun runtik |
singa pisan iki ngalang |
sawêngi êngkas nulya wis |
aywa mbèncèngi pikir |
padha nganggo gêcul kumpul |
nèk mêngkonone uga |
sêdhêng mari kêsêlnèki |
Jayèngraga angalêgês wuwusira ||

19.
Inggih botên ta lah paman |
(n)dadak ngangge dèn-praboti |
tiyang dhasar sampun niyat |
asipêng malih sawêngi |
suwawi ngong-labuhi |
supaya paman pikantuk |
kadugèn ing sakarsa |
mugi sagêda nglampahi |
kang badhe anjuru-dêmungi ni randha ||

490 Jurudêmung

1.
Yata ni randha Sêmbada |
sawusira dènnya adus |
adandan bêsus kumayu |
mêsês kèwês lir pêrawan |
anganggo pinatut-patut |
sarwa kêling pênganggenya |
ngore rambut acucundhuk ||

Jilid 8 - Kaca : 253

2.
Suri têtanggalaning mas |
tinêngahan sêkar mênur |
widatal ginêbêg alus |
pupur kuning gugunungan |
Ni Kacêr ngladèni ibut |
kinèn atata dhaharan |
sasaosan sèmèk esuk ||

3.
Andhèr ing bale watangan |
ni randha dènnira lungguh |
anèng pandhapa amubru |
ngling mring Biyang Kacêr tanya |
priye Cêr duk mau dalu |
tuturên ingkang bêlaka |
lèhmu peyor lan sang bagus ||

4.
Bêgja têmên kêmayangan |
kinarsan marang wong bagus |
matur dene daya lamun |
kinokohan ing asmara |
namung kinèn ngêngkuk-êngkuk |
agênge tan lumrah-lumrah |
apanjang dêdêlêgipun ||

5.
Tan kongsi ambubak kawah |
sêlak bulaèran nêmbur |
mring rai kula sadarum |
Ni Kacêr dènnya crêmêdan |
bisa amuwuhi umuk |
ni randha kalêsêdan |
kapi-antan kêrêp idu ||

6.
Lah priye Cêr budinira |
tyas ngong sangêt kêpenginku |
miyarsa tuturirèku |
kaya pa raose baya |
kang tan lumrah-lumrah iku |
kirane apa bisa-a |
ngong pikir ing mêngko dalu ||

7.
Umatur inggih mênawa |
wontên karsane tinêmbung |
lah ya wus arahên iku |
amrih kêrsane maring wang |
sira mêngko ngong wêlungsung |
sok uga Cêr kalakona |
wus aturana dèn-gupuh ||

8.
Iya kenthol sakaliyan |
aturana sami kondur |
Ni Kacêr gya lampahipun |
praptèng tajug aturira |
kawula kenthol ingutus |
paduka sami ngaturan |
marang ing wisma sang bagus ||

9.
Apan sampun sinaosan |
dhadharan sêsèmèk esuk |
ingantos-antosan dangu |
anulya kang ingaturan |
samya mudhun saking tajug |
praptèng pandhapa alênggah |
Ki Jayèngraga andulu ||

10.
Mring randha inyor tumingal |
tanpa ngrasa wong kêpaung |
wus dhaplok ngêpluk kumayu |
mung jaga pakan kaluwak |
arahe kaya kumêncur |
têka mangkono osik tyas |
ni randha aris umatur ||

11.
Mring kakalih tamunira |
suwawi kenthol sang bagus |
adhahara mumpung esuk |
ngawirya kalih ris mojar |
(ng)gih nyai sangêt trimèngsun |
Ki Kulawirya liringan |
jêjawatan kalihipun ||

Jilid 8 - Kaca : 254

12.
Uningèng sêmu Jèngraga |
mèsêm ririh wuwusipun |
jawane bot wong kêbutuh |
turangga cinancang pucang |
blarak kang cêdhak tinubruk |
katon sukêt kalamênta |
kayata paman puniku ||

13.
Lir ngêlih sangêt katliyah |
amamah papah tinêmpuh |
kang paman kêkêl gumuyu |
ni randha saya aberag |
pangrasane dhawakipun |
kang rinasanan ing suka |
tuwa-tuwa maksih ayu ||

14.
Ngêsorkên prawan wulanjar |
maksih ayu nimbok iku |
mangkono pangrasanipun |
sarwi mundur saking ngarsa |
malêbèng wisma gêng pungkur |
lorod ulate kinarya |
Jèngraga tansah gumuyu ||

15.
Yata kang tamu ro samya |
sarêng dènnira tuturuh |
dan lêkas bukti pikantuk |
anutug antaranira |
luwaran cinarik sampun |
pinaringkên santrinira |
Nuripin tinuwuk-tuwuk ||

16.
Katutugan panganira |
sawêngi ngising ping wolu |
mêngkana ni randha wau |
saos sinjang nèng panampan |
sami sapêngadêgipun |
gya Biyang Kacêr ingundang |
iki aturna kentholmu ||

17.
Dene kang sapêtadhahan |
aturana bae masuk |
gus kenthol Kulawiryèku |
kang liningan sigra mêdal |
ambêkta pênampanipun |
praptèng ngarsa lon turira |
punika tur-aturipun ||

18.
Nyai nyaosi pasatan |
katura dhatêng sang bagus |
Jayèngraga lingira rum |
lah iya Ni Kacêr tutura |
mring nini randha trimèngsun |
yèn ana karsa manira |
têmtu manira anjaluk ||

19.
Ni Kacêr malih turira |
gus kenthol Kulawiryèku |
paduka ngaturan masuk |
marang pun nyai sakêdhap |
Jèngraga angatag gupuh |
awawi ta enggal paman |
pinanggil marang dyah ayu ||

20.
Kusuma sêsakaningrat |
kang pindha bunglon ginatung |
anggundamakên wong turu |
kang karya ewaning manah |
èsême ngêdohkên kayuh |
lan sampun kêdangon paman |
kang wirangrong ngayun-ayun ||

Jilid 8 - Kaca : 255

491 Wirangrong

1.
Gumuyu Kulawiryèki |
sadangune dèn-pêpoyok |
anulya mring wisma (ng)guyu-(ng)guyu |
sapraptaning panti |
panggih lawan ni randha |
sampun ingaturan lênggah ||

2.
Ni randha turira ris |
sumangga punika kenthol |
salinna busana ingkang patut |
pundi dèn-kêrsani |
Ki Kulawirya sigra |
acucul salin busana ||

3.
Nyamping kêmbang jarak mori |
dhêstar modang sabuk gêdhog |
sarwi binorèhan pinapatut |
mêthènthèng andhandhing |
Ki Kulawirya mojar |
yèn sêmbada bibi randha ||

4.
Santri kula pun Nuripin |
(ng)gih wenèhana panganggo |
ing salila (n)dika anggêr wutuh |
dhengah bathik lurik |
mêsakakên mêningan |
tut-wuri tan kêna têbah ||

5.
Ni randha suka turnya ris |
inggih sampun walangatos |
thole santri paduka gih-gihipun |
kula kang nyukupi |
lah Kacêr timbalana |
Nuripin malêbèng wisma ||

6.
Kang ingundang nulya prapti |
nèng jogan linggih andheprok |
ni randha lingira sarwi mundhut |
sapêngadêg jarit |
èh Nuripin salinna bêbêd sabuk ikêtira ||

7.
Kulambi kalawan kêris |
iya rangkêpên lan golok |
Nuripin agêpah nuwun-nuwun |
aturira aris |
lamun parênging karsa |
kawula nuwun berang ||

8.
Berang panguthik kang apik |
nèng margi yèn wontên bondhot |
bondhot binabadan tiyang anut |
pungkuring priyayi |
ayahan ewuh-aya |
kêdah agêgaman berang ||

9.
Kulawirya gumuywangling |
èh sampun lir omah kobong |
(n)dadak mraman-mraman ngaji pupung |
tumungkul Nuripin |
sarwi akacêmutan |
ni randha gumuyu nabda ||

10.
Iya ywa susah Nuripin |
ngong duwe bur-buran bêndho |
duwèke mas dêmang kang wis nganggur |
panguthike bêcik |
lah ênya kiye apa |
landhêp rangkane prayoga ||

Jilid 8 - Kaca : 256

11.
Gupuh nampani Nuripin |
bungah maloto malongok |
lah dalah utama dene bagus |
olah agêm pyayi |
ngiras gawe bêlehan Ki Kulawirya alatah ||

12.
Sarwi mojar èh Nuripin |
kabêgjan sinung panganggo |
lah iku wasisan panguthikmu |
sêngkêlitên bêcik |
wis ta sira mêtuwa |
Nuripin matur sandika ||

13.
Ni randha gupuh dènnya ngling |
ah Biyang Kacêr sun-kongkon |
sira tutukuwa bumbu-bumbu |
lan midheya daging |
myang panganan wowohan |
dahdharan olah-olahan ||

14.
Iya Cêr sadina iki |
ngundanga wong lanang wadon |
kon-nênambut karya dèn-arampung |
lan (n)jupuka dhuwit |
layak ta sanga-têngah |
ya wus kiranên cukupnya ||

15.
Mangsa bodhowa sirèki |
manira uwus pitados |
Biyang Kacêr sigra gupuh-gupuh |
amêmatah kardi |
ni randha ringas turira |
marang kenthol Kulawirya ||

16.
Putrandika gus Jèngragi |
inggih punapa kang dados |
mênggah kalangênan rêmênipun |
sabêne punapa |
Ki Kulawirya mojar |
yèn kemase Jayèngraga ||

17.
Ingkang dipun karêmêni |
mung gêndhing-gêndhing kemawon |
asangêt ugungan dhasar kogung |
bêrkate priyayi |
wong sarwa kasêmbadan |
tuwin wruha yèn ambêksa ||

18.
Abagus sarwa winasis |
parèstri pating tareplok |
ngunggahi kedanan ambarubul |
sêlur lunga prapti |
samya laju mawongan |
sandhang pangan mèt priyangga ||

19.
Mila kenthol Jayèngragi |
bature lanang mung loro |
wadonne kumreyab ayu-ayu |
randha wlanjar kêncing |
lagèk tindhik kêdanan |
kang wus brai nunjang-nunjang ||

20.
Dalah somah kèh kêkinthil |
samya (m)bêrung tinggal bojo |
(ng)gih ta yèn sampun putrèng guru |
kèh wani mrakawis |
dêlalahe tan ana |
pan malih lila sinêlang ||

21.
Langkung sagêde pun bibi |
nyaosi kang kapanujon |
pêngarêp ronggèngan mangke dalu |
ni randha matur ris |
inggih mangsa boronga |
mijilkên sabda mring putra ||

Jilid 8 - Kaca : 257

492 Mijil

1.
Kula matur pêsaja sayekkti |
sangêt wirong-ingong |
kawuyungan sangêt mring kimase |
Jayèngraga priyayi (n)jêlanthir |
inggih lir punapi |
kenthol raosipun ||

2.
Kulawirya sêmu wlas ningali |
mring randha kang wirong |
ngling (ng)gih bibi kula rah-arahe |
bokmanawa kalakon dospundi |
punapi punagi |
bibi mring ragèngsun ||

3.
Ni randha matur punagi-mami |
sumangga kemawon |
punapa kang dipun-kêrsakake |
tan rumaos gêgadhahan-mami |
Ki Kulawiryèki |
mathêt sukèng kalbu ||

4.
Wus katêmu nême marganing sih |
gugon (ng)gêgêm gacon |
Ki Kulawirya alon wuwuse |
bibi kularsa mêdal manggihi |
kemase Jènggragi |
ni randha umatur ||

5.
Mangke kewala mêdal ing jawi |
wawi guling kenthol |
sangêt wulangun ngong mring dhèwèke |
mugi wlasa mring wong kawlasasih |
dhuh kenthol sêwawi |
datan kêdah dalu ||

6.
Jajal sajêntolan nuli mijil |
sakêdhap kemawon |
Ki Kulawirya alon dêlinge |
taksih kènjingên gèsèh ing wanci |
mangke siyang bibi |
guling yèn wus bêdhug ||

7.
Ni randha ngling mangke bêdhug malih |
samya akakêlon |
sapunika kewala dèn-age |
sêlak pengin miyat baguse kadi |
Jênaka asigit |
dhuh dene abagus ||

8.
Dèn (n)dhih-êndhih Ki Kulawiryèki |
manahe rumaos |
binêcikan sinaludhah dene |
dadya kêrsa sarat anuruti |
sumarah mring nyai |
tan lêngganèng kayun ||

9.
Pan cinandhak cêg landhunganèki |
jênak mring paturon |
Ki Kulawirya amèkèh-mèkèh |
angling dhuh kang alon mawon bibi |
yèn têmah tan osik |
kasêron pandudut ||

10.
Cinulakên gya lambung tinarik |
minggah ing paturon |
nulya tinangkêbakên gêbêre |
sarêng lukar sinjangira kalih |
bêlindhis mêndhilis |
karo ting baringkung ||

Jilid 8 - Kaca : 258

11.
Nibèng kasur samya ting gulinting |
sigra lajêng gathok |
nyai randha solahe kêkèjèk |
ngulêr-kilan (n)dêngkèng anglawani |
ngulèt amalilit |
amumulêt pupu ||

12.
Datan wiwal pêngrangkulirèki |
mêtêl-mêtêl boyok |
ngêsês-ngêsês ngelêd-lêd idune |
kiyêr kincêr mulirik mundêlik |
sirah golag-galig |
ngawêt ngathuh-athuh ||

13.
Matur lah andika-sunggar mami |
kenthol kang mêthongkrong |
kang kadya mring Biyang Kacêr kae |
gya sinunggar nyangkuk nimba upih |
tan ana ngèwêgi |
sinru ing panggêlur ||

14.
Lir kekeyan ujur ngolah-ngalih |
ni randha mêcoco |
pangkêrêdan mungkrêd gigithoke |
kêmpung slekak pinantog ing titih |
pêngrasa ngindhaki |
gêng panjang lir jujul ||

15.
Ngêsah-êsah lir panggrêsahing sih |
saking toging raos |
dhuh bêndara kenthol ywa ge-age |
Ki Kulawirya sêngkut mèh gati |
ni randha wruh wadi |
anyêngkah kêkêmpung ||

16.
Dhuh-dhuh mangke-mangke sampun mijil |
thol mangke kemawon |
lêhêng kula kang rumiyinake |
sampun jêngandika rumiyini |
wawi sarêng mijil |
lakên raosipun ||

17.
Dangu dènnira apulang untir |
agrasakkên raos |
yata Nuripin praptèng jawine |
Jayèngraga kagyat aningali |
ngling bilah Nuripin |
dene mubra-mubru ||

18.
Panganggomu apa dèn-wènèhi |
paran nyêlang nganggo |
sapangadêgira iku kabèh |
matur inggih (ng)gènnipun nyukani |
ni randha prak-ati |
tuwa-tuwa sêmu ||

19.
Paman-dika lir jaka (n)jêlanthir |
mêmèrètan mompyor |
mulih anèm birai mathènthèng |
Jayèngraga gumujêng galigik |
aturana aglis |
manirarsa têmu ||

20.
Kang liningan mentar praptèng panti |
sajawining kobong |
ingulatan tan ana kenthole |
jroning gêbêr banène kapyarsi |
pyak-pyok dèn-aranni |
ewuh amêmasuh ||

21.
Nulya mêdal matur ing Jèngragi |
pamanta tan katon |
mung jroning gêbêr wontên banène |
pyar-pyak crak-crok kadya masuh jarit |
latah Jayèngragi |
mamasuh raimu ||

Jilid 8 - Kaca : 259

22.
Iya masuh nanging masuh bajing |
bajing gêndhu mukok |
matur oh kêtawis sru banène |
cak-cok kadya ngêcêk-êcêk jarit |
yèn (n)guyanga bajing |
sintên kanthinipun ||

493 Kinanthi

1.
Jèngraga saya gumuyu |
nora kaya-a Nuripin |
atimu landhêp dhudhulang |
undangên bae dèn-aglis |
Ki Nuripin sigra-sigra |
malbèng wisma sru dènnya ngling ||

2.
Kênthowol Kulawiryèku |
de tan ana anèng ngêndi |
kang lagya apulang tingkah |
kêsusu kalihe sami |
ni randha anggêlak rasa |
akèn nêrod mrih glis gati ||

3.
Ni randha kumêsar bingung |
ngêsês anggonne markinding |
wawi dèn-sangêt dèn-rikat |
Kulawirya angantêpi |
kêdangon panêrêgira |
inguwuh wuh mring Nuripin ||

4.
Sinauran asru hus-hus |
setan thethekan Nuripin |
wor pangrêngihe ni randha |
Ki Ripin kagyat wus dêling |
anèng jroning pagêbêran |
dinukan panguwuhnèki ||

5.
Nuripin sigra lumayu |
mring jawi panggih Jèngragi |
umatur sasolahira |
latah-latah Jayèngragi |
yata kang nèng pagêbêran |
ni randha ngling lah dènaglis ||

6.
Ki Kulawirya wus kêju |
kêdangon tan awèh mijil |
tan kongsi rêntahing rasa |
guthul puthêr mungkrêd cilik |
ni randha nuju brol mêdal |
jingkat-jingkat ngolang-ngaling ||

7.
Narêthêk anggêgêt untu |
dhogol kasingsal anjêbling |
satêngah mêtu thêr-thêran |
tinilar kumrèwèl mijil |
anjêlih ririh ni randha |
biyang priye kenthol iki ||

8.
Lagi mangkene ngalelur |
gêla têmên ati-mami |
anggêrêng Ki Kulawirya |
guthul mopok anèng jawi |
jinêjêlakên tan kêna |
tutug wêtuning rasèki ||

9.
Gumlebag tiba ing kasur |
tan (ng)gulawat angganèki |
lungkrah angunjal ambêkan |
ni randha malerok (ng)liling |
mèsêm-mèsêm Kulawirya |
pan sarwi dènciciwêli ||

Jilid 8 - Kaca : 260

10.
Gumuyu sarwi amuwus |
mangke ta ngong tutur nyai |
yèn (n)dika lamun wêruha |
mring bêncolènge Nuripin |
bangêt gêdhene adawa |
yèn matotong kadya poting ||

11.
Lan ngong dede amputipun |
wontên patang mèntên niki |
tinandhing lawan Duljaya |
gêng brag-abrage Nuripin |
amêsthi yèn (n)dika sukak |
thothoke sabathok krambil ||

12.
Ni randha suka gumuyu |
punapa inggih sayêkti |
Kulawirya (ng)ling (ng)gih nyata |
ni randha umatur malih |
sumangga nèh tinimbalan |
Ki Kulawirya naguhi ||

13.
Wusnya dangdan nulya mêtu |
saking pagêbêranêki |
ingungak-ungak pandhapa |
santri Nuripin kaèksi |
ingawe mring Kulawirya |
Nuripin sigra mangarsi ||

14.
Panggih lan Kulawiryèku |
linggih nèng salu (ng)ling aris |
Nuripin sira wus bungah |
sandhangamu sarwa bêcik |
kang liningan suka ing tyas |
ya sokur sira sinung sih ||

15.
Jupukên kae kêrisku |
jroning gêbêr mring si nyai |
Ki Nuripin sigra mara |
malbèng jroning kobong angling |
ngong kinèn mundhut wangkingan |
ni randha mèsêm ling aris ||

16.
Ênya tampanana gupuh |
dèn-marene ananggapi |
nulya Nuripin mêrangkang |
cinandhak tanganirèki |
ginujêg dènajak nendra |
Nuripin ilang tyasnèki ||

17.
Muwus ta ah niki prèpun |
nyai kula tan mangêrti |
lah niku ajêng punapa |
dene tangan dèncêkêli |
ngling nora têka nuruta |
sadhela payo aguling ||

18.
Lah payo atunggal turu |
jare bandhamu ngluwihi |
mara jajalna maring wang |
kaya pa rasane Ripin |
yèn uwis sapatilêman |
mêngko ngong wènèhi malih ||

19.
Ki Nuripin bêkah-bêkuh |
ah botên ah botên nyai |
(n)dika culkên tangan-kula |
botên tate nika-niki |
ngong tiyang santri bêlaka |
tani bêntil konthal-kanthil ||

20.
Pinêksa-pêksa tan purun |
Nuripin ajêlah-jêlih |
adhuh biyung nyai tobat |
alah-alah priye iki |
ya Allah astag-pirolah |
têka (m)buh-êmbuh si nyai ||

Jilid 8 - Kaca : 261

494 Gambuh

1.
Ah mangke nyai sampun |
botên ilok mêksa wong tan purun |
nyai randha ngling èh Nuripin sirèki |
tan purun nurut karêpku |
tak dêlênge bae gupoh ||

2.
Ta êndi brag-abragmu |
yèn tan awèh bilai sirèku |
Nuripin ngling o ah arusuh si nyai |
pan rinangkus bêbêdipun |
Nuripin amèngkak-mèngkok ||

3.
Biniyak jaritipun |
garêjêgan pinêksa dinulu |
pathênthêngan ni randha mêksa angungkih |
wus liningkap bêbêdipun |
têtali kathok binêthot ||

4.
Suwèk kokoloripun |
tali sinêndhal pêdhot cumêthut |
binanjurkên sinuwèk brèk o lah blai |
nyai botên dosa tèngsun |
sarwi nangis anggêlolo ||

5.
Nyai randha amuwus |
tan dènkapak-kapakkên sirèku |
ngong dêlênge bae ngarah apa èh Pin |
nulya katon kang dinulu |
acilik mungkrêt lir gêndhon ||

6.
Tanana awakipun |
ukur gêthêg kabuntêl ing jêmbut |
kadya jamur wuku thukul mung siji thil |
gêdhene sajênang grêndhul |
èmpêre lir wudêl bodong ||

7.
Nyai randha gumuyu |
kêkêl kêpingkêl-pingkêl gagêtun |
sarwi muwus hêm priye kiye Nuripin |
sêpele têmên duwèkmu |
cêndhak cuplêk kaya cèbong ||

8.
Awake tan kadulu |
pa wus dhasar nora nganggo gêmbung |
kaya gêlêm ora-ora ukur kathik |
gatra bae ala nganggur |
ngur aja nganggo mangkonok ||

9.
Mawa konthol mêlulu |
anjêngkêrut lir ampês bak wulu |
wis nora kêna pisan-pisan pinikir |
ya ta-lah Ripin bandhamu |
lir papon tumumpang gembol ||

10.
Nuripin angruruntuh |
o bok sampun nyai sampun |
Ni Sêmbada nêntak sarwi anasabi |
sapa kang doyan bandhamu |
dèn-rewangi gêmbar-gêmbor ||

11.
Wis aywa dadi tyasmu |
ngong lironi sêbite kathokmu |
lah nya iki sruwal buran sêngklat abrit |
Nuripun ature nuwun |
gya mêdal saking kêkobong ||

Jilid 8 - Kaca : 262

12.
Kulawirya angguguk |
sadangune myarsa sru gumuyu |
myat Nuripin (m)bêkta sruwal sangklat abrit |
ingawe prapta ing ngayun |
Kulawirya atêtakon ||

13.
Priye Ripin dhèk mau |
dene olèh opah sruwal bagus |
inggih opahipun kula kèn-nilêmi |
dèn-alêm sadangunipun |
arêna mring darbèkingong ||

14.
Kulawirya gumuyu |
(ng)ling nudingi lo goroh si Cêmpud |
pêngrasamu ngong kok-arani tan uning |
grêjêgan lir wong dèn-pênthung |
thok-ethok ngaku angamplok ||

15.
Mendah doyan bandhamu |
mung saiprêt mangkêrêt tan patut |
jaba kontholira yèn bisa umanjing |
kur lèh melik bae umuk |
Nuripin ngacêmut cêlom ||

16.
Wis ta (ng)gonên sruwalmu |
panji-panji sing cèkèh tandangmu |
payo mêtu mring jaba panggung Jèngragi |
gya inganggo nulya mêtu |
Jèngraga kagyat duk anon ||

17.
Dhèhèm sarwi gumuyu |
bilah ana garwa-dalêm mêtu |
padmi lan pipingitan kajambar mijil |
Kulawirya mèsêm muwus |
hêm dandanan ya wong mono ||

18.
Sok lèha bae lothung |
ana kang ginawe têkên lunyu |
tinimbang lan nora nana kang mêlasi |
Jayèngraga ngling gumuyu |
(ng)gih lêrês mumpung pêpayon ||

19.
Ki Kulawirya muwus |
payo nakmas padha ala nganggur |
gêgamêlan kang enak gêndhinganèki |
kang putra sumanggèng kayun |
angling mring niyaga gupoh ||

20.
Êndi kabèh kancamu |
undangên ngalumpuk mupung esuk |
kang liningan sigra mentar angundangi |
tan dangu pêpak sadarum |
Jèngraga nabuh kêromong ||

21.
Kang paman kêndhangipun |
wus kawongan kabèh ricikipun |
Jèngraga gya buka Lara-nangis gêndhing |
niyaga sarêng biyantu |
padha êmbate nênaboh ||

22.
Muni gamêlan arum |
wèh asmara mring sakèh kang ngrungu |
sêdhêng pênabuhe srune lirihnèki |
sawasis-wasising dhusun |
tangkêbe dènnya nênaboh ||

Jilid 8 - Kaca : 263

23.
Rêbab suling anganyut |
panuthuking bonang ngênut-ênut |
kêndhang jêjêdan mingkêd iramanèki |
saron pêpinjalan runtut |
surup lima gong lan kênong ||

24.
Yata ni randha wau |
cuwa manahe tan kongsi tutug |
nuding rencang rarywalit kèn-manggil aglis |
mring kaume Duljayèku |
badhe kèn andudukwuloh ||

495 Mêgatruh

1.
Kinèn mêtu kêbon aja na kang wêruh |
tan adangu nulya prapti |
ni randha mèsêm amuwus |
lah sokur Dul sira prapti |
payo turonana ingong ||

2.
Matur dene lagèk sapênika sampun |
nauri jabakna kang wis |
wong lawan sirèku durung |
age Dul payo aguling |
e lah yèn mêkatên kados ||

3.
Inggih wawi nyai lamun dèrèng tuwuk |
kula ladosi sakapti |
andika mapan ingriku |
sigra sami lukar jarit |
Duljaya ngêthèngkrang nyemplo ||

4.
Sangsaya sru swarane pating balêkuk |
asor banène kang dhingin |
warni-warni uninipun |
dhasar têtandhêgan maksih |
kadya wong bajong-binajong ||

5.
Kêtutugan nyai randha karêpipun |
Duljaya bisa nuruti |
kon-suwe kon-sadhela nut |
salin solah tingkah ngênting |
bêtah (ng)gayêr binalotong ||

6.
Wus mangkana luwaran dènnira undhung |
nyai randha mêmpis-mêmpis |
sayah pinolah ngêlumpruk |
kaume ngling wawi malih |
saure êng êh (ng)ko mêngko ||

7.
Ki Duljaya ni randha sarêng gumuyu |
yata kang sami anggêndhing |
arambah sami nêngipun |
Jêngraga nabuh mratani |
ngrêbab uga (ng)gambang ngromong ||

Jilid 8 - Kaca : 264

8.
Biyang kacêr sadhela-dhela tinuduh |
salêgane kèn-nyindhèni |
antuk sagêndhingan wangsul |
mring pawon mêmatah kardi |
myang ngladèni asêsaos ||

9.
Anèng ngayun wedang pêpangananipun |
gembol wêr sri suruh rawis |
tan kuciwa cawisipun |
nuju suwuk dènnya (ng)gêndhing |
ngawirya ro ngling guguyon ||

10.
Mring niyaga crêmêdan patakonipun |
Jèngraga gumuyu angling |
ngong tanya sayêktosipun |
iya wong samene iki |
sapa kang wus dadi lêbon ||

11.
Mring ni randha Sêmbada kang tunggal ujur |
sapa kang kanggo pribadi |
niyaga samya tumungkul |
pating galêgês mu liring |
èsême sami malengos ||

12.
Kang sawiji tan wigih bêlaka matur |
yêktose sampun nglampahi |
sadaya kanca kang nabuh |
tan wontên dèrèng satunggil |
nanging sami tambêl-butoh ||

13.
Gilir gêntos tiga-tiga siyang dalu |
Duljaya sakawanèki |
sabên-sabên rintên dalu |
Duljaya kinèn ngèrèni |
namung punika kang kanggo ||

14.
Mila kuwat piyambak ambakna kaum |
tan kirangan nyandhang bukti |
sagêd nêbas sabin sajung |
sarta nglampahakên picis |
pangungsènnya wong kabutoh ||

15.
Jayèngraga lan kang paman sru gumuyu |
sarwi sasmita ngling aris |
jawane Duljaya iku |
iya ingkang anglurahi |
sakèhe kang para dhogol ||

16.
Inggih ta lah paman tan majad lan èlmu |
randha Sêmbada puniki |
tan ngangge nêbut salêmud |
prandene sinungan sugih |
têka tan boros bêrobos ||

17.
Pra niyaga samya matur mring sang bagus |
inggih saèstu nglangkungi |
tan têlas-têlas sinambut |
komuk ing sadèsi-dèsi |
nadyan tiyang kitha rawoh ||

Jilid 8 - Kaca : 265

18.
Mantri-mantri umbul dêmang samya nambut |
arta dandosan mring nyai |
salong botên sagêd nyaur |
anggêr malupuh nuruti |
ambabagol naur dhogol ||

19.
Inggih tiyang samantên kajawinipun |
kathah kiwa têngên têbih |
kang samya kinèn malangkruk |
lyan kang giliran wus siti(?) |
kapat Ki Duljaya benggol ||

20.
Tiyang ngriki sadhusun radin sadarum |
sami-mêrgi dèn-wèwèhi |
dêlah ki pangulu sampun |
modin miwah santri-santri |
anggêr butoh samya ngrogoh ||

21.
Têrkadhang siyang wong dalu tiyang wolu |
satutugnya gênti-gênti |
kasanga Duljaya kaum |
Jèngraga latah miyarsi |
kang mumucung gêntos-gêntos ||

496 Pocung

1.
Sru gumuyu Jèngraga Kulawiryèku |
inggih ta lah paman |
pratingkah angluluwihi |
randha Sêmbada dadya ni Drêmba moha ||

2.
Alon muwus kang paman marang sang bagus |
lah payo ngrêbaba |
pathêt sanga Gambir-sawit |
gya Jèngraga ngrêbab sêndhon pathêt sanga ||

3.
Gêtêripun ngêmbat kawat ngêntul-êntul |
kosok muput lamba |
yèn rangkêp rikat lêstari |
cêkuthênge jariji nyikil kêmangga ||

4.
Anyêngkênuk ngêlus-lus kawat ngêsipun |
gambang kaluturan |
mêgat irama ngulêti |
gêndèr gumrining sêpange anyêlupak ||

5.
Sêndhonipun nutug lih-ulihanipun |
Srayuda sabêman |
datan têlangke anggêndhing |
lajêng buka Gambir-sawit rum araras ||

6.
Nganyut-anyut wilête srancak ambyantu |
pan padha kêrasa |
Ni Kacêr kinèn nyindhèni |
rêbut silêp lan rêbab ngês wilêtira ||

7.
Sarêng pitung gongan minggah gêndhingipun |
kêndhange kosèkan |
kang nabuh samya birai |
tan sarênti nabuh imbal pêpinjalan ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (16a) Kaca 232 – 248
  • (17) Kaca 266 - 277 >