Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 12

Kontak Admin.

email-kidemang

 (17) Kaca 266 - 277

 

( Ing pakauman ki pangulu lêlênggahan kalihan Jayèngrêsmi )

3. Ing pakauman ki pangulu lêlênggahan kalihan Jayèngrêsmi. Nuripin sowan, kadangu bab Jayèngraga lan Kulawirya, matur pasaja sadaya kawontênanipun ing karandhan. Jayèngrêsmi botên patos kadugi, namung maklum.

Dhatêng ki pangulu Jayèngrêsmi suka pitêdah jêjêging pangulu nêtêpana suci badan, suci lesan lan suci manah. Awrat tiyang dados pangulu katêmpuhing batal makruh, walêr sangkêr makmumipun. Ki pangulu parentah dhatêng rabinipun atur pasugata dhahar. Anakipun èstri satunggal nama Sangidah angladosi, katingal kasmaran dhatêng Jayèngrêsmi, nanging Jayèngrêsmi botên nanggapi jalaran ingkang cinipta botên sanès kajawi Sèh Amongraga ingkang dipun-upadosi. Lorodan katêlasakên Nuripin ngantos kuwarêgên ngêbrok, wêkasan kaparingan santun bêbêd dening ki pangulu. Jayèngrêsmi nglajêngakên pitêdahipun dhatêng ki pangulu bab: Misil, riba lan rêjêki karam. Rêjêki karam nanging taksih samar, upaminipun maesa satunggan ingkang karam wontên 6 bab, i.p. : utak, balung, rah, pringsilan, lêmpong lan wulu. Ingkang kalal namung daging. Balung ênèm kalêbêt karam, iso ênèm mutawatosi, krupuk-rambak sagêd katutan wulu. Ugi kaparingan kêtêrangan bab: 1. Ngawruhi wajibing Rasul: sidik, amanat, tabligh, Mokaling Rasul: gidib, kiyanat, kitman. Sêdaya katêrangakên pêprincènipun. Katambah bab rukunipun wudu lan salat, sarta batal karamipun nênêdha sarta lampahing tobat saking lampah maksiyat. Ki pangulu badhe ngèstokakên, jalaran sampun rumaos dosa nate nuruti pangajakipun Randha Sêmbada awit saking kapèpètipun bêtah arta.


Kaca 267 - 277

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 8 - Kaca : 266

8.
Wusnya dangu irama ngandhêlong suwuk |
Jèngraga ris nabda |
lowung Biyang Kacêr iki |
ronggèng tèmbèr-tèmbèr datan nyamènana ||

9.
Lan puniku Ni Kacêr prigêl ing têmbung |
krêkêle arênyah |
kumêsar ambêlèr ati |
Kulawirya mèsêm manthuk-manthuk mojar ||

10.
Iya tuhu nora paribasan lowung |
lugune kêpenak |
swarane pintêr nut gêndhing |
lan rupane rada prakati ulatnya ||

11.
Mèsêm muwus Jèngraga mring pamanipun |
inggih lêrês paman |
kalih-dene saupami |
bok ngupaya ronggèng ingkang têtêmênan ||

12.
Malihipun inggih ngupaya-a wuluh |
saêros kewala |
asêdhêng kinarya suling |
ragi cuwa ing raras tan sinulingan ||

13.
Asru muwus Ki Kulawirya anuduh |
marang wong niyaga |
ngundang ronggèng kang prayogi |
lawan wuluh tan antara dangu prapta ||

14.
Ronggèngipun kêkalih lan wuluh katur |
Jèngraga anyandhak |
wuluh kinarya sêsuling |
ingunyêran dèn-èncokakên nêmira ||

15.
Tan adangu suling wus dadya tiniyup |
anyamlêng rarasnya |
ngling sapa kang bisa nyuling |
matur inggih wontên satunggil pun Eka ||

16.
Dan agupuh Jayèngraga ngrêbab bêsus |
sêndhon pathêt sanga |
ngik-ingik angêcêk ngêlik |
tutupane cumènthêng nyamlêng araras ||

17.
Wuwuh nganyut sinulingan sêndhonipun |
mèsêm Jayèngraga |
nutug lih-ulihanèki |
gya lajêng pathêt Sarayuda sabêman ||

18.
Alus muwus Jèngraga mring wong nênabuh |
nya kiye ngrêbaba |
sapa sabêne ngrêbabi |
banjur bae unèkêna Onang-onang ||

19.
Kang tinuduh anampani rêbab gupuh |
èngèk-èngèk buka |
nga-nga ngi-nga nga-nga ngi-ngi |
ngèk ngèk ngèk ngèng sênggrèng rang-rong cara desa ||

 

Jilid 8 - Kaca : 267

497 Wirangrong

1.
Sêjajar tutuping driji |
pangosoke lir gêgorok |
santên kinêthèran kêcèr asru |
kadya banyak ngak-ngik |
sikute anut ngêmbyak |
cêktêngèng kelang-kêlingang ||

2.
Gambangane nganal nil-nil |
pipincangan klang-klèng klang klong |
korèke walikan rik-thur rik-thur |
sulinge anjêmprit |
ricik sarancak rampak |
kêndhang angaplak kosèkan ||

3.
Ronggèng ro sarêng angêlik |
rêbut unggul sruning ulon |
ngês wilêtanira adol ayu |
pan kumayu sami |
Jèngraga Kulawirya |
asêsambèn nyêyamikan ||

4.
Samya myarsakkên kang ngêlik |
nimbang gêndhènge ronggèng ro |
Jèngraga lingira man puniku |
tan pati pakolih |
angêrik raosira |
ambalêbêg piniyarsa ||

5.
Ngandika mring ronggèng kalih |
sindhèn gantiya nêlung gong |
samya gêgêntènan wusnya dangu |
anggêndhèngi gêndhing |
ngandika mring kang paman |
sakeca Kacêr sindènnya ||

6.
Kang paman nauri aris |
têmêne iya mangkono |
ambakna blèkènan dudu gambyung |
angungkuli pra jungkit |
ya mêngko kon-ngupaya |
yèn sida jare nayuban ||

7.
Talèdhèk ingkang ngluwihi |
kang wus komuk ing wong uwong |
Jèngraga ngandika sira iku |
padha ronggèng ngêndi |
kang liningan turira |
inggih ing ngriki kewala ||

8.
Jayèngraga mèsêm angling |
lah payo unèkna Montro |
gupuh pra niyaga buka talu |
arêmpêg kang gêndhing |
tan winuwus kang lagya |
anggêndhing kang sinindhènan ||

9.
Nuripin mundur sing ngarsi |
arsa mring Kauman Kulon |
rumasa dinukan tan kadulu |
sêdalu tan panggih |
lawan bêndaranira |
Jèngrêsmi kang anèng langgar ||

10.
Nuripin sarwi acincing |
ngatokkên sruwal bang marong |
mêrgi turut latar ginaguyu |
bocah kèh nudingi |
lir prajurit grêbêgan |
miwah wong kang tuwa-tuwa ||

Jilid 8 - Kaca : 268

11.
Pating galêgês ngaruhi |
dene janma anyar-katon |
uruting pomahan tan adangu |
Ki Nuripin prapti |
langgaring Pakauman |
ki pangulu tajugira ||

12.
Jèngrêsmi lagya alinggih |
anèng surambining suro |
kagyat duk tumingal praptanipun |
Ki santri Nuripin |
ingawe sigra gêpah |
asila mêpês nèng langgar ||

13.
Jèngrêsmi ngandika aris |
bilah dene adang onggok |
lèh gawe anyandhang mubra-mubru |
iku lèhmu ngêndi |
Nuripin aturira |
inggih ni randha Sêmbada ||

14.
Punika ingkang nyukani |
kêlangkung pêradhah ing wong |
witning ta pamanta winalungsung |
busana sarwadi |
rayi dalêm Jèngraga |
ngaturan salin busana ||

15.
Nanging rayinta tan apti |
namung pamanta kemawon |
kang salin busana miwah dhuwung |
inggih saput pranti |
Jèngrêsmi mèsêm nabda |
sokur ana kang sih marma ||

16.
Ya pira-pira Nuripin |
ana kang awèh pênganggo |
paran marganira dene sinung |
sapangadêg sami |
Nuripin aturira |
mèsêm-mèsêm kacêmutan ||

17.
Jayèngrêsmi angling aris |
lo dene angêmu wados |
matura bêlaka marmanipun |
paman lan Jayèngraga |
lah mara caritakna |
andhèrên priye nèng kana ||

18.
Nuripin umatur aglis |
inggih blakanipun yêktos |
kalihe nèng rika pan simunun |
sugun anglangkungi |
mring ni randha Sêmbada |
lungse sêpuhe satêngah ||

19.
Sêmunipun ragi brangti |
mring rayi pamanta kenthol |
ni randha wis tuwa prandènipun |
kumêncur sumunthi |
kêmrawan-kêmêprawan |
kang lagya birai sandhang ||

20.
Linggèh rongèh kontrang-kantring |
wus rompang pipine kêmpong |
mèndèse kèwêsan adol ayu |
kumayu wus nini |
kedanan ingawirya |
kalangkung angêmas-êmas ||

Jilid 8 - Kaca : 269

498 Maskumambang

1.
Jayèngrêsmi mèsêm ngungun angling aris |
lah priye banjurna |
matur prasaja Nuripin |
pamanta Ki Kulawirya ||

2.
Anglanggati marang kènyute pun nyai |
sêdalu tandhakan |
kongsènjing tan kenging mijil |
nutug dènnya pepeyoran ||

3.
Rayi-dalêm Jayèngraga datan apti |
sangêt dènnya ewa |
kewala namung nuruti |
mring kang paman karsanira ||

4.
Supayane gampila ingkang pinurih |
kawula punika |
dèn-kandhakakên mring nyai |
yèn kawula sring gêlêman ||

5.
Kenthol Kulawirya ingkang (ng)gêgorohi |
mring randha supaya |
gadhah karsa maring mami |
nulya kula tinimbalan ||

6.
Dèn-apusi mring kenthol Kulawiryèki |
kèn-mundhut wangkingan |
nèng jroning gêbêr winangi |
ni randha anèng jro tilam ||

7.
Dipun-cêpêng cêg tangan-kula tinarik |
marang nyai randha |
pinêksa ingajak guling |
kawula nangis gêmboran ||

8.
Dipun-grêjêg gujêngan ingungkil-ungkil |
ical-tyas-kawula |
sruwal kula kongsi sêbit |
duk pirsa murat kawula ||

9.
Sru gumuyu randha sarwi anggablogi |
gya kinèn umêdal |
sinung sruwal sangklat abrit |
kang kula-angge punika ||

10.
Sangêt gila kawula mulat pun nyai |
drêmba mring wong lanang |
tan towang ing siyang ratri |
tadhah siyang tiga-tiga ||

11.
Jayèngrêsmi mirêng tan pati kêdugi |
alon angandika |
mring pangulu Jamalodin |
lêrês pembatang-manira ||

12.
Wontên ngrika-ngriki wus pêkarêmnèki |
gêndhingan gêndhengan |
Jèngraga Kulawiryèki |
gompalane golongannya ||

13.
Paman Kulawirya adhi Jayèngraga |
ingugung mring rama |
sapolahe dèn-ubungi |
sajêg tan sinungan rêngat ||

14.
Mila sampun kirang maklum mring wong kalih |
alim pakênira |
umatur Ki Jamalodin |
kang botên-botên sinabda ||

Jilid 8 - Kaca : 270

15.
Langkung bagja amba paduka kèndêli |
kawula prêsasat |
binarsihan ingaurip |
jêjêging pangulu imam ||

16.
Kang punika sang bagus mugi paring sih |
sampurnaning imam |
andadèkkên pêrlunèki |
kang makmum-makmum sadaya ||

17.
Jayèngrêsmi pangandikanira aris |
wruhanira paman |
sampurnane tri prêkawis |
kang suci tigang prakara ||

18.
Ingkang dhingin kudu suci badanèki |
kapindho lesannya |
ping tri kudu suci ati |
lire kang suci badannya ||

19.
Sujud rukuk kang tetela ywa gumampil |
iktidal kang nyata |
sujud loro dèn-kêtawis |
ywa susu dèn-tumaninah ||

20.
Kaping kalih kang suci lisannirèki |
kang sêca ikralnya |
maca Patekah kang titis |
mad kasar kandêl tipisnya ||

21.
Kaping tiga sucine kang bangsa ati |
lawan mukaranah |
maknane aywa sarênti |
kang jurudêmung ing lapal ||

499 Jurudêmung

1.
Mung puniku insya Allah |
kang paham tumanêm kalbu |
dèn-kawangwang siyang dalu |
sucine kang tri prakara |
yèku pikuling pangulu |
tan kêna wèng-wèng salilab |
marganing praptaning ngèlmu ||

2.
Mulyaning dunya akerat |
purna jênênging pangulu |
sah pananggunge ing parlu |
maring kang makmum sadaya |
wus kuwat apêsing makmum |
sêbab sêpangating imam |
suci badan lesan landhung ||

3.
Yèn durung sah tri prakara |
abot wong dadi pangulu |
katêmpuh ing batal makruh |
sukêr walêr sangkêrira |
kang makmum mring imamipun |
salat galate sadaya |
wong akèh marang pangulu ||

Jilid 8 - Kaca : 271

4.
Ki Jamalodin duk myarsa |
mring wirayating sang bagus |
kalangkung padhang tyasipun |
ki pangulu anggêpira |
sumungkêm cipta (ng)guguru |
sangêt sukur suka-rêna |
angsal ngèlmuning pangulu ||

5.
Mêngkana ing wayahira |
surya têngahe mèh bêdhug |
anolih mring rabinipun |
kang wadon wruh sêmunira |
kèn-mêdalakên susuguh |
apan wus sakenjing mila |
dènnya lah-olah abikut ||

6.
Di-adining pagunungan |
ajêjangan bècèk wêdhus |
anuding nak putunipun |
kinên mêdalkên sugata |
ni pangulu anèng ngayun |
wurine nakira prawan |
Ni Sangidah wastanipun ||

7.
Cangkring kêpanjing sinjangnya |
akêkêmbên solok madu |
borèh sari pupur rêmbug |
acundhuk sêkar cêpaka |
gêlunge methok abêsus |
amêpêg birainira |
sapolah tingkahe kogung ||

8.
(m)Bêkta kêndhi cêcêp slaka |
praptèng sêrambining tajug |
ni pangulu ngatak sunu |
Ni Sangidah gya mangarsa |
anata susunguhipun |
sila anjongok siduwa |
rada kêndho kêmbênipun ||

9.
Gêmuh payudaranira |
gumantung nglela pokipun |
wonga-wongane kadulu |
angegla mèntèr adênta |
pêthot kapidih ing bau |
(ng)gandhul kasanggèng sêmêkan |
sasolahe mrih kadulu ||

10.
Sêmune sangêt abrangta |
mring tamu paraning wuyung |
masang paguting pandulu |
Jayèngrêsmi wruhing cipta |
mring solahe kang kêmayu |
nanging Jayèngrêsmi tyasira |
mung ketang ingkang rinuruh ||

11.
Wusnya anata rinira |
mundur mèpèt dènnya lungguh |
ki pangulu aturipun |
punika sampun sumangga |
kula aturi tuturuh |
sêdhêng wancine andhah |
Jayèngrêsmi nginggihi wuwus ||

12.
Pangulu ngatak mring suta |
mara ta Sangidah gupuh |
ladènana (n)gyannya wisuh |
kobok saosna ing ngarsa |
nulya ni rara mangayun |
anyandhak nuruhi asta |
ngampêt napas kang kêsusu ||

13.
Gumrangsang mêdal ing grana |
gondhang salit ngêlêt idu |
kèring nyangga bokoripun |
kanan anyêpêng lantingan |
kasêron panyêkêlipun |
guluning kêndhi thêl gigal |
Jèngrêsmi mèsêm andulu ||

Jilid 8 - Kaca : 272

14.
Ni rara akacêmutan |
èsmu isin tiwasipun |
ramèbu gumuyu muwus |
ngambila manèh pratala |
sijine kae dèn-gupuh |
nulya mundur marang wisma |
solahe mêsês abêsus ||

15.
Ki pangulu aturira |
sumangga punika katur |
kang cinaran lon amuwus |
wawi man lan bibi samya |
nadhah sasarêngan kumpul |
kewala sami krana lah |
kang liningan ture nuwun ||

16.
Paduka nadhah priyangga |
kajat kawula tur suhud |
asaos sêkul sananjung |
ki pangulu pan pinêksa |
ingajak nadhah akêmbul |
anulya nut karsanira |
supaya nadhah pikantuk ||

17.
Ki pangulu lan rabinya |
ngiras ngaladosi tamu |
ingkang (n)jangan cècèk wêdhus |
nèng takir gadêbog pisang |
kluthuk mrih tan amis prêngus |
ni rara ngadhêp nèng ngarsa |
kang sami nadhah pakantuk ||

18.
Nutuk dènnira anadhah |
luwaran samya wiwisuh |
cinarik sadaya uwus |
pinaringkên santrinira |
Nuripin rampadanipun |
kinên mangan tanpa rewang |
amapan gagah asaguh ||

19.
Jangan bècèk kinokohan |
nèng takir gadêbog munjung |
cekoh serop nêsêp duduh |
nyêkodhong tangane rêkah |
kang kiwa nguculi sabuk |
kêrêp pamuluk rosa |
kringête nètès akumyus ||

20.
Wal-wêl cuwak mangan iwak |
athêkul tumungkul wêdhung |
(m)balêndhug wadhug malêmbung |
atob hak-hèk maksih mangan |
pêdhot sus-usus jêmêprut |
barêng lan ngêntut gadidak |
alok hêm èh maksih muluk ||

21.
Pangulu gumuyu mulat |
ngling punapa kang jumêthut |
nauri tangsul sus-sus |
pêdhot lawan kêbrojolan |
mêdal kèdêdêl ing sêkul |
(n)dika lèrèni sakêdhap |
ngling (ng)gih mangke niki tanggung ||

22.
Namung kantun nêm pulukan |
kang tumingal sru gumuyu |
ni rara guyune namun |
mancêr liring mring tamunya |
cadhang paguting pandulu |
ciptaning tyas kinanthiya |
sihira ing siyang dalu ||

Jilid 8 - Kaca : 273

500 Kinanthi

1.
Luwaran kang nadhah tuwuk |
rampadan ingundur aglis |
Nuripin amayag-mayag |
kêmlêkarên tan bisa sik |
Ki Jabalodin alatah |
(n)dika cewok dhi Nuripin ||

2.
Nauri (ng)glêrêg amuwus |
(ng)gih kang ngulu magke kêdhik |
sih cêgèh ambêgan-kula |
tan sagêd kumrengkang tangi |
anulya ingayag-ayag |
dèn-agak-agak gyan dhiri ||

3.
(n)Jongok mêdal tanganipun |
kêmpusan ambênganèki |
anjongok mukok amutah |
wingking kêpesing (n)dêlindhing |
ting salêmprot wingking ngarsa |
bali kabèh dènnya bukti ||

4.
Kang myat sru kêkêl gumuyu |
Jayèngrêsmi mèsèm angling |
lah wis dèn-aglis adusa |
kana ing sumur kang brêsih |
gya kumrèngkang mekah-mekah |
mring nglêbuh nutugkên ngising ||

5.
Ki pangulu wlas gêgêtun |
mojar mring rabinirèki |
jupuka jarit dèn-inggal |
karêbèn ginawe salin |
rabine glis maring wisma |
jarit sinungkên Nuripin ||

6.
Bêbêde nulya winasuh |
yata kang lênggah nèng mêsjid |
ki pangulu aturira |
mring sang bagus Jayèngrêsmi |
kawula nuwun barêkah |
paduka bab ngèlmi ||

7.
Winastan riba puniku |
kawula dèrèng andêling |
Jayèngrêsmi lon lingira |
eling manira ing Pêkih |
kadi wong urup-urupan |
bêras tinuku ing pari ||

8.
Sapêpadhane puniku |
lan kasap kang mutawatir |
myang nêbas pari adêgan |
atuku ngijo ing sabin |
nganakakên arta petang |
amrih undhake kang picis ||

9.
Lir wong gadhe lan bêratu |
sami margining sêtori |
nêbas bêlanjaning Amat |
kang durung ka-ana misil |
rinampungan ing bicara |
mêstèkkên kang durung yêkti ||

10.
Myang totohan ngadu-adu |
jago gêmak lan kêmiri |
sapadhaning bêbotohan |
puniku riba kang misil |
malah-malah dadya karam |
kasil tan sukci binukti ||

11.
Pêngulu gêtun angungun |
myarsa linge Jayèngrêsmi |
rumaos kèh lêpatira |
umatur kadi punêndi |
kang prayoga linampahan |
kang botên riba binukti ||

Jilid 8 - Kaca : 274

12.
Jayèngrêsmi lon amuwus |
kasab misile kang sukci |
mung tuku kang nuju mangsa |
punapa limrahing rêgi |
tinandho inganti mangsa |
benjing samangsaning wiji ||

13.
Bab rêgi wus anèng ngriku |
amawa rêgi pribadi |
dadya tan akarya rêga |
asarèh suci ing ngèlmi |
niku kewala rinosan |
kasab utama kang watir ||

14.
Ki pangulu suka sukur |
winulang tekad prayogi |
umatur malih bab karam |
mugi sang bagus sung jarwi |
Jayèngrêsmi wuwusira |
kêjawi kang wus kêtawis ||

15.
Ingkang tan pati kadulu |
kayata kêbo sawiji |
karane ulam kang kalal |
ulame kêbo sawiji |
apan nênêm ingkang karam |
utak balung lawan gêtih ||

16.
Ringsilan têlpong lan wulu |
kang kalal pan amung daging |
liyaning daging pan karam |
thithik kêdah ngati-ati |
balung-nom babagan karam |
lan iso-nom mutawatir ||

17.
Sabab têlpong asalipun |
kang wiwit tan purun bukti |
lan malih kêrupuk rambak |
kadhang têksih wulunèki |
puniku kang mawi karam |
lir wong puwasa saari ||

18.
Kèh batal tan ngrasa iku |
saking sathithiking bukti |
cukil untu (ng)gugut tuma |
myang lingsa batal sayêkti |
tan beda kadya mêngkana |
karam kang amutawatir ||

19.
Puniku wajib pangulu |
ngawruhi sarak kang rêsik |
wajibing Rasul têtiga |
kang sidik amanat tablig |
sidik bênêr ing pangucap |
amanat kang pracayèki ||

20.
Tablèg kang ngandêl sawêgung |
mokale tigang prêkawis |
kang gidib kiyamat kitman |
gidib goroh têgêsnèki |
cêgah pakoning sarengat |
puniku wajib nêtêpi ||

21.
Kiyanat pala-cidrèku |
kitman angumpêt lirnèki |
niku paman kinawruhan |
pangulu kinarya wakil |
Rasul imaming agama |
kang giris ajrih ing jangji ||

Jilid 8 - Kaca : 275

501 Girisa

1.
Ki pangulu langkung suka |
winulang mring tamunira |
asru ngrêrêpa nor-raga |
Jayèngrêsmi angandika |
parluning wulu lan salat |
puniku dipun-karêksa |
tan kêna yèn dèn-gêgampang |
kang dadya praboting imam ||

2.
Pêrluning wulu nêm kèhnya |
ingkang dhihine aniyat |
kapindho masuh rainya |
ping tiga amasuh tangan |
ping pat kuping kalihira |
ping lima masuh sukunya |
kang kaping nêm têrtibira |
sunate puniku lima ||

3.
Kang dhihin masuh bun-bunan |
lan ngisêp toya sing grana |
ping tri masuh githokira |
ping pat kêmu kurah waja |
ping lima ngumbah uratnya |
lire kang tartib punika |
angluwihi watêsira |
ing sikut myang dhêdhêngkulnya ||

4.
Batale wulu lilima |
kang dhingin anggêpok urat |
lan kêtiban najisira |
ping tri mêtokkên sukêrnya |
lan nggêpok dede mukrimnya |
ping lima wuru kang lêpya |
niku man pangulu Jabal |
kang kaliling dalu siyang ||

5.
Pêrluning salat wolulas |
kang dhihin puniku niyat |
kaping kalih takbirira |
ping tri amaca Patekah |
kaping sêkawan rukuknya |
iktidal lan tumaninah |
ping nêm sujud antaranya |
kang sujud ro tumaninah ||

6.
Lungguh sarta tumaninah |
lawan tahyat akirira |
kalawan tumaninahnya |
kaping sanga salam bakda |
kalawan ing tartibira |
jangkêp pêrluning asalat |
sabatale kinawruhan |
sawêlas kang dhihin wuda ||

7.
Lan mêndêm gumuyu dhèhèm |
amumukul lan tumindak |
wacana lawan karuna |
jangkêp bataling asalat |
niku paman dèn-kawangwang |
lamun datan binêningna |
dadya pêngulu karasan |
sêtata kêlawan kewan ||

8.
Tinikêl durakanira |
lan durakaning maksiyat |
abot pêngulu siksanya |
kang ngati-ati têtanya |
sarengat saraking imam |
pama kadya wong nêgara |
parabote wong aseba |
minangka wêdhung kampuhnya ||

Jilid 8 - Kaca : 276

9.
Yèn tan rumat basahannya |
tan tumêkèng panangkilan |
nèng pangayunaning nata |
pêngulu lêga tyasira |
kêduwung kang wus kêlakwan |
kathah kang tan kalêrêsan |
kaworan budi maksiyat |
dhêlêg-dhêlêg lon turira ||

10.
Kadipundi purnanira |
labêt anandhang maksiyat |
nglampahi panggawe dosa |
Jayèngrêsmi lon ngandika |
punapa jare rinasa |
ki pêngulu aturira |
kawula pajar bêlaka |
awalèh-walèh punapa ||

11.
Mèsêm ririh aturira |
duraka kula punika |
kenging panggodhaning randha |
nuju kêtowongan blanja |
tan wontên kawula têdha |
kèwêdan nilih tan angsal |
rayat-kula gadhah rêmbag |
anggadhèkkên golok sinjang ||

12.
Marang ni randha Sêmbada |
kêdah kawula ingundang |
sarêng panggih lan bok randha |
sojaripun mring kawula |
sampun (n)dika susah-susah |
(ng)gadhèkakên golok sinjang |
sok uga (n)dika gêlêma |
anuroni mring kawula ||

13.
Ngong wèhi sabutuh (n)dika |
picis satak kula sukak |
bathi sanak ngajak tanak |
wrating bêtah kula têmpah |
kêlampahan tampi opah |
ngong trimah ni randha bungah |
mèh wêwah tan awèh kesah |
tinimpah anèng djêro-mah ||

14.
Wus tutug raosing manah |
kawula pamit agêpah |
dalah punika têtêmah |
batos-kula anggarêsah |
yèn ta kula ladènana |
kêkarêpane ni randha |
pêngajake sabên dina |
dos-pundi ingkang punika ||

15.
Jayèngrêsmi duk miyarsa |
mring linge pangulu Jabal |
mojar mèsêm èsmu ewa |
(ng)gih kenging yèn têmên sêdya |
ambirat tingkah maksiyat |
sarate tobat Hyang Sukma |
kang tan sêdya mangsulana |
pratingkah kang wus kalakwan ||

16.
Yèn tobat kongsi angambah |
pindho ping têlu kaping pat |
tobate muwuhi dosa |
kudu sapisan kewala |
kanggo salawase gêsang |
yèn (n)dika bisa ambirat |
pratingkahe kasalahan |
dilalah angsal hidayat ||

17.
Yèn tan sagêd ing atobat |
mêlarat donya ngakerat |
ki pêngulu kalêsêdan |
sakêlangkung ajrihira |
mituhu wuwulangira |
Jayèngrêsmi kang kadriya |
alon ature ngrêrêpa |
mugyamba antuka bêrkah ||

Jilid 8 - Kaca : 277

18.
Ki Nuripin sawusira |
amasuh gya marang langgar |
marêk mring bêndaharanira |
Jayèngrêsmi lon ngandika |
lah uwis Nuripin sira |
mangetana mring karandhan |
lamun sira tinakonan |
manira maklum mring paman ||

19.
Nadyan kongsiya sapasar |
kewala manira antya |
supaya tutuk karsanya |
sabarang aywa kêpalang |
Nuripin matur sandika |
pangulu mèsêm anabda |
(ng)gih dhi Nuripin prayoga |
ngladosi bêndara-(n)dika ||

20.
Kula mindhak suka-rêna |
angsal gêgeyongan tama |
winulang ngèlmi kang mulya |
pintên-pintên rinahaban |
prêsasat pun nyai randha |
lan ngawirya kalihira |
angsung bêgja mring kawula |
manggih gambuhing wêwulang ||

502 Gambuh

1.
Nuripin sigra mundur |
sinjang ingulihkên mring pangulu |
ki pêngulu ngling tan susah dhi Nuripin |
(n)dika pêndhêt wasisan wus |
sampun mawi walangatos ||

2.
Ki Nuripin amuwus |
o lah botên punapa dèn-suwun |
ngangge bêbêd rangkêp rubêd tan pakolih |
satunggil mawon (ng)gih êmpun |
kakang mêkatên kemawon ||

3.
Ki pêngulu amuwus |
adhi botên lajêng (n)dika-pundhut |
kula sidhêkahakên dhatêng pun adhi |
andika gawe kêkêmul |
pantês mawi rimong-rimong ||

4.
Ki Nuripin gumuyu |
hêng mêkotên wakane puniku |
inggih sangêt tarima-kula sinung sih |
iba ganjarane besuk |
ing akerat ambêtoyong ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (16b) Kaca 249 – 265
  • (18) Kaca 278 – 284 >