Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 12

Kontak Admin.

email-kidemang

 (08) Kaca 84 – 91

 

( Bidhal dhatêng rêdi Padhangeyan )

09

3. Enjingipun sasampunipun kêmbul sarapan, para tamu bidhal dhatêng rêdi Padhangeyan kanthi panêdah margi Ki Wanalela, mêdal dhusun Seladhakon dumugi Astana (Sêtana) Pakuncèn, pasareyanipun Bathara Katong, pêpundhèning Pranaraga. Pangulunipun Amadiman nyêgah dawêgan lan ngaturi pisang, kabêkta Nuripin.

Dumugi ing Jênangan kasêgah dening pêtinggi Narakosa, nyariyosakên bilih sela ingkang dhapur towok ing ngriku, punika ing nguni towokipun satriya Panji dalah sêntananipun ingkang sami mbêbêdhag ing wana Padhangeyan.


Kaca 84 - 91.

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 9 - Kaca : 84

537 Salisir

28.
Gantya samya sêsalaman |
dêlah Nuripin sung salam |
sauwusira mêngkana |
Ki Sinduraga lingira ||

29.
Lah sira (n)dhuk ngabêktiya |
karo marang kakangira |
Ni Warsiti lan Wasita |
nêmbah ngujung mring ngawirya ||

30.
Jèngrêsmi ngling ya wus sira |
rara kariya raharja |
muga cêpaka ing bêgja |
nulya nêmbah mring Jèngraga ||

31.
Ni Wasita ngaras pada |
Jèngraga nêkêm wêntisnya |
tumumpang ing tanganira |
Wasita pèk-èpèkira ||

32.
Cinènèng jarijinira |
kang cinènèng malês sipta |
wus mundur gantya ni rara |
Warsiti nêmbah ngraspada ||

33.
Agupuh Ki Jayèngraga |
anêkêm dhêdhêngkulira |
sarwi pipine ni rara |
cinuwil wawal akiyal ||

34.
Warsityanggitêl wêntisnya |
anjiwit jêmpoling asta |
mèh kêdangon dènnya riban |
ni rara ro anêmbrama ||

35.
Atur rahayuning lampah |
wus samya sinaman sabda |
pra ngawirya pêpamitan |
uluk-salam sinauran ||

36.
Wa ngalaekumu salam |
Jayèngrêsmi Jayèngraga |
kêlawan Ki Kulawirya |
adan umangkat saksana ||

37.
Ki Sinduraga agêpah |
tumutur ing natarira |
lan sutanira ni rara |
samya akanthèn asta ||

538 Kinanthi

1.
Jayèngrêsmi aris muwus |
kewala wangsulèng ngriki |
Ki Sinduraga lingira |
pun bapa (n)jurung basuki |
nulya laju lampahira |
kang tinilar brangta kingkin ||

2.
Ni rara karo kêduwung |
mêksih anglut ing pangliring |
lir nganal milu-miluwa |
Ki Sinduraga anuli |
malêbèng ing wismanira |
ni rara marang ing kori ||

3.
Samya mangu nganguk-anguk |
sing lawang dhadhahirèki |
yata kang magawèng marga |
wus ka-ampingan tan kèksi |
ing wanci surya rumangsang |
gumatêl pantoging enjing ||

Jilid 9 - Kaca : 85

4.
Kêpungkur dhusun ing Tajug |
tumurun marganirèki |
ra-ara dhukut kruwudan |
srut kêtèpèng lan kulampis |
tanjong sasang pung cukilan |
pêlasa usit widuri ||

5.
Mêrgi tikungan tumurun |
ing Seladhakon marêgil |
mlatar sela kumalasa |
rêca lit mawarni-warni |
sêkêdhap samya mêmucang |
Jèngrêsmi ngandika aris ||

6.
Mring Wanalela lingnya rum |
ing ngêndi aranne iki |
ra-ara watu mêlatar |
akèh rêcane mawarni |
Ki Wanalela turira |
punika bêbangkan lami ||

7.
Ing Seladhakon rannipun |
anambung wuwus Nuripin |
punapi dupèh punika |
watu lêkok bundêr dharik |
jèjèr kadya dhêdhakonan |
Ki Wanalela nauri ||

8.
Apan wus salaminipun |
ngluri linging bapa kaki |
wikana wau-waunya |
tan wruh gotèkipun nguni |
Jèngrêsmi malih ngandika |
sira lumakuwèng ngarsi ||

9.
Ki Wanalela agupuh |
datan lênggana ing budi |
anulya samya lumampah |
Ki Lela lumakwèng ngarsi |
tuduh marga ngaler ngetan |
ing Seladhakon kawingking ||

10.
Mêrgèng galêngan aruntung |
lulungur lorog sinabin |
asri lagya amêrkatak |
miwah ingkang mêmping kuning |
korak sêsawi ngarêncang |
ramya rare têngga sabin ||

11.
Ting calêrèk anèng gubug |
anggonjèng tali sêsawi |
pêksi kèh samya têtêban |
bondhol gulathik prit pêking |
sinurakan kukuk giyak |
nèng ranggon pating jarêlih ||

12.
Kêndhangan gambangan calung |
mêlang-mêlung amêlingi |
bungah rame sinênggakan |
mirungu mring kang lumaris |
Nuripin nolih saryojar |
dilèngeng padha mêmengin ||

13.
Ngayêm-ayêm anèng gubug |
layak wong parine bêcik |
atulus landhung wulinya |
ka-èsèlan (ng)gyan têtanin |
napinggih kang Wanalela |
wus date tanah ing ngriki ||

14.
Wêtuning pantun atulus |
nauri limrahing ngriki |
niku malah rada antang |
tan pati moncèr kang wuli |
Nuripin apêlongokan |
(ng)gih talah tanah ingriki ||

Jilid 9 - Kaca : 86

15.
Yata kang mahawèng ngênu |
nabrang lèpèn jênês alit |
laju nampak patêgalan |
cêlak desa ing Lêgundhi |
mêngetan malipir dhadhah |
anjog dhusun ing Pakuncin ||

16.
Ing wanci siyang mèh bêdhug |
rarywan soring ngasêm sami |
Jayèngrêsmi lon ngandika |
mring Ki Wanalela aris |
ing ngêndi aranning desa |
umatur kang sinungan ling ||

17.
Punika wastaning dhusun |
inggih ngastana Pakuncin |
apan siti pamêthakan |
pupundhèn ing Pranaragi |
makaming Gusti Bathara |
rinêksèng dhusun nêgari ||

18.
Ki Kulawirya amuwus |
Nuripin mênyanga aglis |
mring desa angilènana |
dawêgan têka lima glis |
Ki Wanalela turira |
dhuh mangke kula pribadi ||

19.
Tan susah mawi atuku |
nuli Ki Wanalela glis |
marang ing dhusun Sêtana |
panggih lan pangulunêki |
wasta Ki Amaddiman |
Ki Wanalela ajarwi ||

20.
Ki Amaddiman agupuh |
nuduh kèn-amènèk tiris |
dawêgan wangèn sêdasa |
sadaya wus dèn-parasi |
Ki Amaddiman parentah |
mring rabine kinèn ngrukti ||

21.
Sugata panganan sêkul |
Maddiman arsa pêpanggih |
tut wuri ing lampahira |
Wanalela lan Nuripin |
prapta ngarsaning ngawirya |
katur Maddiman nèng wuri ||

22.
Kinèn maju ki pêngulu |
nuli amarêk mangarsi |
mundhuk-mundhuk atur salam |
sêdaya dèn-wêratani |
sarya tur pêmbage harja |
sinauran sami-sami ||

23.
Ki Amaddiman umatur |
punikamba nênaosi |
we nyu sêcêrêt supaya |
pangaso apor nèng mêrgi |
Jayèngrêsmi ris anabda |
abangêt tarima-mami ||

24.
Anulya dawêganipun |
sêdaya wus dèn-pacoki |
ingaturkên sang ngawirya |
samya anginum we tiris |
anuntas sawiji sewang |
sêgêr angganira sami ||

25.
Wêradin samya anginum |
Nuripin dêgan nênêm (n)ting |
sêdaya pinêlathokan |
winacal dipun-wawari |
kumêruk rada kêtuwan |
ingaturkên tan inapti ||

Jilid 9 - Kaca : 87

26.
Sinungkên Nuripin gupuh |
rosa pêmanganirèki |
dawêgan sadasa bebas |
angêruki gêgêmêti |
Ki Kulawirya malengak |
angling dudu wong Nuripin ||

27.
Cokore jèh kêrak-kêruk |
e tanggung têmên Nuripin |
(m)bok têkan blungkange pisan |
untalên bèn mari ngêlih |
Nuripin ngalih (ng)gonnira |
ngacêmut grundêlan ririh ||

28.
Ki Amaddiman umatur |
mring awirya Jayèngrêsmi |
kêlamun parênging karsa |
paduka amba-aturi |
sarèh ing wisma-kawula |
sampun amba sêsaosi ||

29.
Inggih ing sawontênipun |
kang mugi paduka kampir |
Jèngrêsmi nauri sojar |
ênggèh wus tarima-mami |
manira taksih raos wrat |
datan wagêd anadhahi ||

30.
Kewala sun arsa laju |
wus paman manira amit |
umatur mangke sakêdhap |
nulya Maddiman mulih glis |
ngambil pisang raja kusta |
lan raja talun gêng kuning ||

31.
Rong tangkêb binopong ngayun |
sinungkên dhatêng Nuripin |
puniki dhi (n)dika bêkta |
lowung dhinamik nèng margi |
gêdhang nulya tinampanan |
ngling Allah niki utami ||

32.
Jèngrêsmi aris amuwus |
paman Maddiman ngong pamit |
anulya sami salaman |
sadaya sarêng dènnya ngling |
umatur sarya nor-raga |
amba andhèrèk basuki ||

33.
Ki Nuripin ambarêngkut |
anggendhong gêdhang lan jarik |
lir bakul apêpasaran |
sêsalaman sarwi pamit |
Maddiman kantuna karya |
kula mirangrong umiring ||

539 Wirangrong

1.
Adan umangkat lumaris |
mangetan menggok mêngalèr |
mêrga minggir dhadhahing ngadhusun |
Sêtana pakuncin |
nikung mudhun mangetan |
nampak têbu patêgalan ||

Jilid 9 - Kaca : 88

2.
Katêb tinanêman wijin |
yèn dinulu asri tinon |
banjêngan saba kêsumba kudhung |
lampahe lêstari |
Wanalela nèng ngarsa |
Nuripin nèng wuri têbah ||

3.
Krêp lèrèn samargi-margi |
mangan gêdhang sabên aso |
lamun tinudingan ngèjèg mlayu |
nututi lumaris |
wus cêlak arèndhonan |
sadangunira lumampah ||

4.
Gêdhang rong rangkêb wus ênting |
pinangan dhewe mal-êmol |
wus andheyang atob hak-huk |
wus tan ngari-ari |
ing lampah lagya nabrang |
aran ing lèpèn Katêgan ||

5.
Palèstrèn pinggiring kali |
kacang cipir lombok terong |
kimpul lan kêtela lawan jagung |
jêwawut kêrai |
wus langkung ing Katêgan |
kewala ngêncêng mêngètan ||

6.
Bêbangkan lunguring wukir |
trataban gêrumbul bondhot |
pangalang-alangan glagah rayung |
pacing (n)jalin cacing |
lumakèng jurang sêngkan |
bêbanaran ara wiyar ||

7.
Ing wanci tumiling lingsir |
kulon manjing wêktu Lohor |
tan na papan salat dadya laju |
rêkasa ing mêrgi |
Nuripin kêkicatan |
nampak kêtampêk ing panas ||

8.
Sumuk grahuyang ngayêngi |
tan ana kayon kang ayom |
angambah bêbêran têbih dhusun |
andarung ing margi |
sinampyong lampahira |
anglangkahi lulunguran ||

9.
Nulya dhusun gêng kaèksi |
kêroya gêng angarongkob |
antaraning lampah praptèng ngriku |
joging kali Udi |
araryan samya siram |
kêdhung awêning toyanya ||

10.
Wuse dènnya siram sami |
wulu nulya salat Lohor |
sabakdanya salat nulya laju |
minggah pèrèng kali |
mêrgi têgal patoman |
aso nèng pêkên Jênangan ||

11.
Anèng sandhaping waringin |
lênggah anèng watu towok |
kêraos sayahnya suku rapuh |
karênan sumêni |
Kulawirya ris mojar |
Nuripin gêgawanira ||

Jilid 9 - Kaca : 89

12.
Gêdhang raja èsêl kuning |
Nuripin èsême cêlom |
matur sampun têlas nèng dêlanggung |
kawula sêsambi |
bêrkate cêlak (ng)gènnya |
inggih sêdanguning lampah ||

13.
Won nganggur kula cacêmil |
pisang rong tangkêb bêrondhol |
wah rikat lumampah sagêd mlayu |
tan kantun ing wuri |
Jayèngraga alatah |
Jayèngrêsmi mèsêm tumingal ||

14.
Kulawirya ngling mucicil |
bangêt lèhmu dudu uwong |
gêdhang raja dhamplak lêmu-lêmu |
mêntêr kuning-kuning |
nora duwe duduga |
patut pinangan lan ora ||

15.
Katon têmên lèhmu baring |
Jayèngrêsmi ngandika lon |
Nuripin mêntara marang dhusun |
lan Wanalela glis |
ngilènana sadhengah |
ya saanane kewala ||

16.
Kang liningan mentar aglis |
mring pêdhusunan wong loro |
wus malêbèng desa kang jinujug |
wismaning pêtinggi |
aran Ki Narakosa |
Ki Wanalela ajarwa ||

17.
Samya yun ngilèn-ilèni |
susuguh ingkang munggoh |
gya Ki Narakosa amuwus |
lah inggih prayogi |
sampun susah tinumbas |
dhasar katuju sarwa na ||

18.
Pênêde bok dipun-turi |
Ki Wanalela lingnya lon |
èh mangsa kêrsa-a pênêdipun |
dèn saoskên ngarsi |
sigra Ki Narakosa |
parentah mring rabinira ||

19.
Kèn-ngrukti pasugatèki |
sêkul panganan mirantos |
dadya têlung dhulang nulya gupuh |
dèn-irit mangarsi |
pêtinggi gêpah-gêpah |
Ki Wanalela turira ||

20.
Pan punika pun pêtinggi |
umarêg ngaturkên sugoh |
Jèngrêsmi tumingal aris muwus |
dèn-kêparêng ngarsi |
nulya majêng ing ngarsa |
sarya nor lon aturira ||

21.
Punikamba nênaosi |
kang rêm-arêm ing kalêson |
namung sumapala datan mungguh |
angaturi bukti |
kunjuka ing paduka |
Jèngrêsmi lon angandika ||

22.
(ng)Gèh langkung têrima-mami |
man pêtinggi suka sugoh |
dawêgan kinêrsan nulya gupuh |
sinaoskên ngarsi |
pan uwus binolongan |
samya angunjuk sêdhêngan ||

Jilid 9 - Kaca : 90

23.
Sêkul rampadan mangarsi |
ngawirya samya tuturoh |
sarêng dènnya nadhah apikantuk |
dènnira abukti |
wus nutug aluwaran |
wanting ambêng cinarikan ||

24.
Sinungkên marang Nuripin |
dhulang dhêdharan sumaos |
dhahar pêpanganan krêtan têbu |
pisang raja kuning |
lawan rujak dawêgan |
myang tomba brêm sinantênan ||

25.
Nangka dhuwêt jambu isi |
cimplung gabu kêtan komoh |
tan salah juwadah lawan madu |
pikantuk binukti |
pan samya winêratan |
Ki Kulawirya ris mojar ||

26.
Dene saji kang pêtinggi |
kang liningan matur alon |
inggih pinarêngan badhe sungsung |
sanak darbe kardi |
botên susah andadak |
ngling sukur Alkamdulillah ||

27.
Wus nutug dhahar mêmanis |
dhêdharan nulya linorod |
pinaringkên marang santrinipun |
wong rolas Nuripin |
tuwuk sadayanira |
Jèngragi ngling atêtanya ||

28.
Sintên rannya man pêtinggi |
umatur inggih won-awon |
pan pun Narakosa ngling (ng)gih langkung |
pênrimane sami |
dènnya sung sih prayoga |
matur tan rumaos gadhah ||

29.
Ki Wirya nambung ngling aris |
puniki watu lir towok |
prèhipun waunya kandhanipun |
matur ki pratinggi |
gotèking tiyang sêpah |
criyos towokipun Kalang ||

30.
Kalanipun duk sang Panji |
ya kêlangênan gêrogol |
lan kadeyan Kalang Daga-Wirun |
myang pra Panji-Panji |
kuwon anèng Jênangan |
grogol ing wana Dhageyan ||

31.
Pun sela towok puniki |
wong tan wontên purun lunggoh |
yèn wontên kang maha purun lungguh |
kawula awisi |
pan kabuyutanira |
tiyang sadhusun Jênangan ||

32.
Nuripin ngling saking wuri |
punapi niku sayêktos |
towokipun sela (ng)gih puniku |
dede waja wêsi |
iba landheyanira |
towok ambane pat pêcak ||

33.
Ki pêtinggi nolèh angling |
wikana sawêg cariyos |
sami tan uninga towok wau |
wêsi lan wajèki |
mung angluri kewala |
brêkat criyose wong kuna ||

Jilid 9 - Kaca : 91

34.
Ki Wirya lingira aris |
kadèk ujare wong-uwong |
towok yèn oleya anggonipun |
wong ahli wanadri |
gaweyan ing Jênangan |
jawane kiye kang mawa ||

35.
(ng)Gih mêkotên kang pêtinggi |
Narakosa matur kados |
Jèngrêsmi lon nabda lah ta sampun |
man manira amit |
sami andum waluya |
ngong mangkat mring Padageyan ||

36.
Linampahan saking riki |
punapi botên kêdalon |
matur Narakosa botênipun |
kêdalon ing mêrgi |
apan sampun acêlak |
punika ingkang kêtingal ||

37.
Lan ênggèh paman pêtinggi |
manira laju kemawon |
umatur sumangga kula nuwun |
andhèrèk basuki |
sêdaya wus pamitan |
anuding gambuh ing marga ||

540 Gambuh

1.
Laju ing lampahipun |
nètèr mêngetan nut iring lurung |
wana Wirun trataban samya tinêgil |
tinunggar sêlaning grumbul |
grumbul rinambatan bondhot ||

2.
Lêpas dènnya andarung |
mêrgi gêgênêng minggah tumurun |
tumurun mring jurang Payaman atêrbis |
karas pakêdhunganipun |
mêncêp toyane anyarong ||

3.
Jèngrêsmi mulat ranu |
wanci manjing Asar wêktunipun |
samya raryan anèng satêpining warih |
rêsik kanan kèrinipun |
madhas amêlatar atos ||

4.
Nulya samya awulu |
wusnya kadas sunat ngangkat pêrlu |
Ngasar Jayèngrêsmi ingkang angimami |
antara dènnira wêktu |
bakda sêsalaman gupoh ||

5.
Ki Nuripin abikut |
anguculi gêgendhonganipun |
amêmangan juwadah jênang ngacêmil |
gêdhang myang jambu kêluthuk |
tela-gantung kêtan komoh ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (07b) Kaca 80 – 83
  • (09a) Kaca 92 - 108 >