Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434702
Hari ini     :Hari ini :102
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :168
Bulan ini   :Bulan ini :3331
s/d hari ini   :s/d hari ini :434702
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 13

Kontak Admin.

email-kidemang

 (09a) Kaca 92 - 108

 

( Jayèngrêsmi dalah kanthinipun ngadhêp Ki Sèh Sidalaku )

09

III. Jayèngrêsmi dalah kanthinipun ngadhêp Ki Sèh Sidalaku ing rêdi Padhangeyan, katêdahakên guwa Sêntor pasênêtanipun Nyai Agêng Jênangan (Dèwi Kilisuci). Lajêng sami kawêjang bab kawruh warni-warni kalêbêt isinipun Sêrat Panitisastra.

1. Saking watu towok, Jayèngrêsmi sakanthinipun nglajêngakên lampah kadhèrèkakên Ki Wanalela. Wanci sêrap surya dumugi ing padhepokanipun Ki Sèh Sidalaku inggih Ki Wargasastra ugi mitranipun Ki Bayi Panurta.

Jayèngrêsmi ngaturakên wigatosing lampah ngupadi Sèh Amongraga. Ngandikanipun Ki Sèh Sidalaku, Sèh Amongraga taksih nglajêngakên tekadipun, ing wêkasan badhe kababar ing Tunjungbang, prasasat nyawiji kalihan Sultan Agung. Dalunipun nêdhêng wulan purnama, Ki Sèh Sidalaku kadhèrèkakên Jayèngrêsmi sakanthinipun pêrlu nitik pêrtapan. Mangalèr dumugi ing guwa Sêntor, ing salêbêtipun wontên sela-sela mawarni-warni. Punika têrusanipun guwa Pedhali. Mêdal saking ngriku anjajah sakiwa-têngênipun. Katêrangakên bilih guwa Sêntor punika patilasanipun Nyi Agêng Jênêngan (Dèwi Kilusici  paramparanipun para rayi-nata ing Kêdhiri lss. Kasambêt cariyosipun Panji mênang pêrang mêngsah Bali. Jayaning prang wau awit saking anggènipun sami têtèki ing Padhangeyan, mila ing laladan ngriku kathah patilasaning pêrtapan. Nadyan jaya ing jurit, Panji Asmarabangun tansah manungku puja mrih widadaning wêkasan. Lampahipun anut kabudan.

Ki Sidalaku nêrangakên dhaupipun lampah kabudan kalihan saraking agami Islam, kasambêt bab ajaran (pitêdah) mawarni-warni, bab kawicaksanan lair batos ngantos bab utamining kawêkasan kasbut ing Sêrat Panitisastra, kasambêt bab Sandisastra lan Sandi-kirana i.p. gêgêbênganipun aksara Jawi ingkang mêngku pralambang lan pitêdah warni-warni.


Kaca 92 - 108.

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 9 - Kaca : 92

540 Gambuh

6.
Ngling sarwi nyamuk-nyamuk |
wawi kang Wanalela won nganggur |
punapi ta kakang kang (n)dika karêpi |
nauri suwawi ngriku |
sampun mawi walang-atos ||

7.
Ki Kulawirya (n)dulu |
mring Nuripin asru dènnya muwus |
ambakna wong kongsi angudubilahi |
dêstun wong tan nganggo nêbut |
mêrêm bae andrêwolo ||

8.
Pilang-pilang untumu |
nora rampal kanggo gugut-gugut |
gulu wêtêng tan ana ciyute kêdhik |
wis kaya bagor auntu |
atine murka (m)bêdadhog ||

9.
Tan etung patut saru |
mung sok olèha jabloganipun |
Ki Nuripin enak-enak angucêmil |
dinukan nora rinungu |
sarwi mlengos thêmal-thêmil ||

10.
Grundêlan ririh muwus |
adat têmên bêtah agumrumung |
rina wêngi tan ana luwasing gêtih |
kêmba duka ala nganggur |
thuk mênênga bae ingong ||

11.
E nora kègah-kèguh |
ngenak-enak dènnira amuluk |
yèn tumrapa layangan sinthinge bot-sih |
mèncèng tali gocinipun |
oling wang-wêng kudu asrog ||

12.
Jèngrêsmi ngandika rum |
pira-pira ana kang pinuluk |
dadya kuwat lakune tan kari-kari |
Nuripin lêga tyas ngrungu |
mênêng pêmamahe aso ||

13.
Prandene brêkatipun |
kalong sêparo pangananipun |
Jayèngrêsmi dènnira wêcana aris |
lah suwawi paman laju |
watos mênawi kêdalon ||

14.
Kang paman lon amuwus |
lah ya payo sinêngka ing laku |
nulya samya umangkat sêdayanèki |
mêngetan atut lulungur |
tumurun ing lèpèn anjog ||

15.
Embag sabinan ngalur |
mêmbal-mêmbal êmbêle amêmbut |
ingaranan êmbêl Dhaga kang sinabin |
nampak ing galêngan ulur |
mêmbut galêngan mêndhêlong ||

Jilid 9 - Kaca : 93

16.
Wanalela nèng ngayun |
Jayèngrêsmi Jayèngraga ing pungkur |
runtung Kulawirya Nuripin nèng buri |
galêngane mêndul-mêndul |
Nuripin gumuyu anon ||

17.
Amuwus (ng)guyu-(ng)guyu |
priye kiye dene mêmbat-mêmbut |
ngulêr-kilan galêngan cinikan sikil |
datan pitaya lumaku |
bilah tyasku grago-grago ||

18.
Kulawirya gumuyu |
mandhêg anjongok dènnya lumaku |
Ki Nuripin tan wruh lamun dèn-adhangi |
numbuk bêg bêbokongipun |
Ki Kulawirya agupoh ||

19.
Ih lho wong apa iku |
lumaku nèng êmbêl numbuk-numbuk |
jinorogên Nuripin kasingsal saking |
galêngan tiba kêblusuk |
ing êmbêl blês kalêlêb jro ||

20.
Gendhongane rinêbut |
mring Ki Kulawirya wus karêbut |
Ki Nuripin kêmbêl tês cangklakanèki |
tangane gêndholan kukuh |
ing galêngan bêngak-bêngok ||

21.
Samya age lumaku |
tan kêna dèn-nêngi galênganipun |
gêgancangan nulya praptèng dhahas aglis |
ngawirya myat agêgêtun |
Ki Nuripin gêmbar-gêmbor ||

22.
Ki Wanalela gupuh |
nulungi mring Nuripin kêcêmplung |
anèng ngêmbêl anangis tan bisa osik |
tinarik tanganira sru |
anyêkèkal lir mêncolot ||

23.
Ngancik galênganipun |
kalumut awake gêlaprut (n)dhut |
kinèn gancang lumakwèng galêngan aglis |
ngathêthêr wrat badanipun |
(m)brêbêl luh ulate cêlom ||

24.
Jèngrêsmi wlas andulu |
Jayèngraga asuka gumuyu |
Kulawirya alatah-latah sarya ngling |
Nuripin dene abagus |
lir kucingan jênang dodol ||

25.
Ulate kaya dhadhu |
koproh mèmpêr jago disêpuluh |
Ki Nuripin mèwèk-mèwèk maleroki |
Ki Wirya saya gumuyu |
uwe cangkême amelot ||

26.
Jèngraga angling muwus |
paran ta jêro êmbêle mau |
matur inggih lêbêtipun anglangkungi |
tan paja kandhas ing suku |
thawe-thawe mêksih ngongkong ||

Jilid 9 - Kaca : 94

27.
Wanalela gumuyu |
yèn êmbagpun Taga (ng)gih puniku |
sajêge tan ginarap kêbo sapi |
inggih saking lêbêtipun |
yèn ngocal rinawut bandhol ||

28.
Yèn dêrêp nunggang lêsung |
cènèng-cinènèng lan rowangipun |
nanging pênêd pantunipun anglangkungi |
tulus èsèl muncèr landhung |
pun êmbag Taga kinaot ||

29.
Jèngrêsmi ngandika rum |
têlatèn tan ana wigihipun |
iya dening rêbut pakolihing melik |
lan êndi ta ana ranu |
Nuripin bèn mari glaprot ||

30.
Wanalela umatur |
inggih mangke ing ngajêng puniku |
wontên lèpèn-lèpèn dênta langkung wêning |
ing Gaga-kalang lèripun |
wus cêlak tan pati adoh ||

31.
Anulya sami laju |
Wanalela kinèn (ng)gendhong munjung |
lumangkah ing gêgênêng tumurun iring |
Ki Nuripin lampahipun |
anggadibêl boting blêthok ||

32.
Ki Wirya ngling dèn-gupuh |
borèh blêthok bae adol bagus |
(n)dadak lêntrêng-lêntrêng lir pêngantèn prapti |
Nuripin mlerok gumuyu |
ih ing dhasar pyayi bancol ||

33.
Wong saking boting ngêndhut |
dèn-ranni lêntrêng-lêntrêng dol bagus |
yata kang lumampah dungkap wana napis |
Gaga-kalang wastanipun |
ing Gaga-kalang mêngalor ||

34.
Pèrèng kali tumurun |
Jèngrêsmi ngling Nuripin sirèku |
lah adusa sadhela ingong êntèni |
kang liningan sigra adus |
jarite sigra winasoh ||

35.
Rênik pangumbahipun |
pinuntiran mrih glis akingipun |
sruwal bêbêd sabuk kulambinirèki |
malêm nulya salin gupuh |
mung malêm klambi inganggo ||

36.
Alaju lampahipun |
wanci andhap surya nawang lambung |
kawistara ron kitri sèsining wukir |
amuyêg brambanganipun |
sri kityardi tumrun ayom ||

Jilid 9 - Kaca : 95

541 Sinom

1.
Yata wau kang lumampah |
Jayèngrêsmi Jayèngragi |
katri lawan Kulawirya |
lan santrinira kêkalih |
nètèr nêngka ring wukir |
kathah srining kang dinulu |
wêwalêran gugulan |
pala-kasimpar ngêmohi |
pinggir marga pinarikan têbu krêsna ||

2.
Pinadha dhapuranira |
anggamêng lir rajêg-wêsi |
lonjorane nyêlawe prah |
arêsik kêlangkung langking |
ambanjêng kanan kering |
binèngkètan ron kinayut |
rampak lir kêmbang mayang |
kinalèn turut pipinggir |
pinagêran prumpung inganam risigan ||

3.
Simparan kang pisang raja |
sêpêt kidang mas bêcici |
saba kusta garaita |
byok pulut ambon lan jambi |
kaluthuk sukun bêsi |
raja pandhak lawan gabu |
byar misah maraseba |
sêdaya mêpêg mawarni |
jêjanganan tuwin ingkang sêsêkaran ||

4.
Samya rinakit tinata |
tan wowor sabilik-bilik |
sabat samya wismèng ngarga |
kêkampungan alit-alit |
yata kang amartapi |
sira Ki Sèh Sidalaku |
akèn ngrukti gêlaran |
wruh badhe têtamu prapti |
kinèn rakit sugata sêkul panganan ||

5.
Pra ngawirya gya tumama |
ring pêlataranirèki |
agupuh Ki Wanalela |
umarêg marang sang yogi |
pinêthuk sabat kalih |
Pakuraga arannipun |
kalawan Pakujiwa |
andika wontên punapi |
Wanalela mojar lah rika matura ||

6.
Sarwi ajarwa mulanya |
kang sinung-ling wus mangêrti |
Pakujiwa Pakuraga |
umatur ingkang palinggih |
punika wontên janmi |
pajujugan saking Tajug |
inggih pun Wanalela |
kang nguntapakên mariki |
sira Ki Sèh Sidalaku lon lingira ||

7.
Lah aturana dèn-enggal |
Ki Pakujiwa glis mijil |
kang martamu ingaturan |
Wanalela anèng ngarsi |
wus kèrit sêdayèki |
sigra Ki Sèh Sidalaku |
angancarani lênggah |
suwawi andika linggih |
sarwi winor ing guyu mêmanis sabda ||

8.
Agêpah ingkang cinaran |
alênggah ing salu pranti |
Jèngrêsmi nulya sung salam |
linawan agênti-gênti |
sawuse tata sami |
Ki Sidalaku amuwus |
saking tambêt pun bapa |
ing pundi sêsanèng wingking |
lawan sintên ingkang pinuja ing krama ||

Jilid 9 - Kaca : 96

9.
Ing pundi kasêdyèng karsa |
Jayèngrêsmi nor wêcana ris |
kiyai tanyèng kawula |
ing krajan Wanamartèki |
pinarab Jayèngrêsmi |
apan (n)Jêng Kiyai Guru |
Bayi Panurta ingkang |
ayoga marang ing mami |
de puniki ri-kula ran Jayèngraga ||

10.
Satunggilipun pun paman |
wragilipun (n)jêng kiyai |
lampah musakat tirakat |
apan sêdya angulati |
sêdhèrèk lêlana nis |
sananing nis dèrèng têmtu |
mila samya angrarah |
umahas ing wana wukir |
lamun antuk titik anèng pasimparan ||

11.
Ki Sidalaku tumêrang |
myarsa kêdale Jèngrêsmi |
anuduh mring sabatira |
kinèn nugatèng têtami |
gupuh ingkang tinuding |
mijilkên pawohanipun |
tumpêr kalobot mênyan |
dawêgan myang wedang jai |
cinarakkên punika jampi katoran ||

12.
Jayèngrêsmi Jayèngraga |
katri Ki Kulawiryèki |
pra samya nginum dawêgan |
myang wedang jae gula rin |
anginang udud linting |
Ki Sèh Sidalaku muwus |
jawènipun anakmas |
putrane Ki Guru Bayi |
Panurta kang kêrajan ing Wanamarta ||

13.
Kêlangkung kèngêtan ing tyas |
ramandika duk ing nguni |
duk anom golongan-ingwang |
wong sêsanga sèka kapti |
samya mulana ngaji |
ramandika parabipun |
duk nèm Mas Arundaya |
Carik-sutra Arsèng-budi |
Carik-mudha manira ran Wargasastra ||

14.
Kanêm Kidang Wiracapa |
Malarsipta Ekawardi |
sanga Datuk Danumaya |
ing mangkya mêncar atêbih |
samya nakdi pribadi |
tan wontên têmu tinêmu |
wus maklum ingajaran |
ing mangke dipun-wakili |
putrane lan sêdhèrèke Mas Rundaya ||

15.
Ngong langkung sukur ing Suksma |
suka rênaning tyas-mami |
tan pae pangguh alawan |
kakang Rundaya mitra sih |
marang andika sami |
adya pae ing pangrêngkuh |
kawula lan ramanta |
wong nunggil saliring kapti |
ing panganggêp mring sun ywa bineda-beda ||

16.
Samya tumungkul nor-raga |
kang liningan ngawirya tri |
nadesêm èsmu lêjar tyas |
kados botên pati-pati |
lan rakanta (n)jêng kyai |
sami ugi ing pasukur |
ingalaping pamulang |
paduka maring ing mami |
Ki Sèh Sidalaku rêsê ing driyanya ||

Jilid 9 - Kaca : 97

17.
Alon dènnya awêcana |
sêlot-sêlote ring ratri |
(ng)gih sami awirayatan |
arêbat wêktu kariyin |
sêdhêng asalat Mahrib |
lah sêwawi maring tajug |
nulya samya umêdal |
samya ngambil toyastuti |
manjing surup sêdaya sami asalat ||

18.
Ing Mahrib praptaning Ngisa |
ing wisma sampun sêsaji |
kang pasunggata sangkêpan |
sêkul panganan mawarni |
anèng salu miranti |
yata kang salat bakda wus |
mudhun saking ing langgar |
praptèng wisma tata linggih |
Pakujiwa naosakên pasugata ||

19.
Samya lanangan sadaya |
kang ngladèni tan na èstri |
wus samêkta anèng ngarsa |
Ki Sèh Sidalaku angling |
wawi sami wêwanting |
sawontêne anèng gunung |
maklumipun anakmas |
sarèhning sêpi tan èstri |
tan parigêl pangulahing pasugata ||

20.
Ambungkuk ingkang liningan |
sarêng dènnira wiwijik |
adan lêkas samya nadhah |
Ki Sèh datan kêmbul bukti |
namung sairis uwi |
lêgi pala kang pinuluk |
ingkang samya anadhah |
rampadan ulam mawarni |
parandene gêrago panadhahira ||

21.
Datan antara dènnira |
anutug dènnira bukti |
samya atuturuh asta |
ambêng linorod cinarik |
pinaringkên Nuripin |
lan Wanalela sêdarum |
Ki Nuripin ajênak |
mangan enak iwak pitik |
mêksih wutuh tan pati kèh kalongira ||

22.
Pan wus samya aluwaran |
ingundur mring kang ngladèni |
mangsêgan tinatèng ngarsa |
pisang gêng nangka kuwèni |
dhuwêt lan duryan manggis |
sêmangka kêrai timun |
sêmak têbu kêrêtan |
talês myang uwi gêmbili |
grit ampo brêm sinantên juwadah kilang ||

23.
Ki Sidalaku ris nabda |
sumangga pamangsêg bukti |
simambi lan rêraosan |
kang ingancaran nuwun sih |
arum wijiling angling |
adhuh babo wong abagus |
kêna ciptaning jana |
tirakat angèl winardi |
kêdah nglingling sawirasaning karosan ||

24.
Nadyan pratisthèng asimpar |
yèn tan wruh sawadyakaning |
ngasêpi yèku supaya |
waluya satêmahnèki |
mahawèng wana wukir |
kèh crita drigamèng ngênu |
linalin têkèng lena |
linabahan ing kêrsèki |
sang inastu tita tan antara mangsa ||

Jilid 9 - Kaca : 98

25.
Puniku kêdah kadriya |
owêl lampah kang kawuri |
anta wus pratambèng thika |
citrastra Jawa Rab ramping |
lir sêlaba kasilib |
tinilib tumamèng apyu |
ring mitra tan susesa |
yoga imiriba yêkti |
nugrahanta akupu Sèh Amongraga ||

26.
Angganira wus nugraha |
yèn wèh tilasing nagari |
rinêksa ing Widi dhustha |
mamrih usaping kêdadin |
Ngèksiganda dènnya wit |
akarya wêkasanipun |
pralambanging ngagêsang |
dening padudon (m)bawani |
ing sabumi-bumi saha rêbat basa ||

27.
Amiwal sêmune padha |
pandhita pandhingan dhiri |
kang anèng wana Wulusan |
lyan takang anèng prajèki |
Kae Sèh Amongragi |
kasara saru sinêru |
trêtangtu patêmbaya |
-nira (n)Jêng Sultan Mêntawis |
kawistara pêlayaran ing Tunjung-bang ||

28.
Saeka sarane kana |
sarkara rupa lan manis |
tan kingang pinisahêna |
tunggal jatining êning nis |
lir trênggana lan sasi |
ing jaman kêjatinipun |
puniku pipingitan |
tan kenging winardêngangling |
sabab kang wus mustabik ing kêlanggêngan ||

29.
Wau kang para ngawirya |
karênan tyasira rujit |
jatmika tan paja muga |
wing wing ramping pinalimping |
micarèng jroning ngati |
sênyata Ki Sidalaku |
pranjana mardi basa |
lukita praciptèng wangsit |
sasmitanya anjuru-dêmung ing sastra ||

542 Jurudêmung

1.
Mêngkana ciptaning nala |
nalika winangwèng wuwus |
marang Ki Sèh Sidalaku |
kathah kêcathêt ing driya |
tan inang lêlèjêmipun |
ing wanci wus sirêp janma |
Ki Sidalaku amuwus ||

2.
Lamun pinarêng ing kêrsa |
prayogi ninis umêtu |
mring jawi ngayêng (n)dudulu |
sêdhêng purnama trang wulan |
wukir lit sawawratipun |
kathah tilasing pratapan |
kang wau duk kinanipun ||

Jilid 9 - Kaca : 99

3.
Têksih dêlasan samangkya |
pan prêtapan kathahipun |
pitung-dasa langkung pitu |
nèng Pandhangeyan sêdaya |
kang sinamuda nèng wuwus |
kêlangkung dhangan tyasira |
(n)dan samya mijil tumutur ||

4.
Jayèngrêsmi Jayèngraga |
katri Kulawiryèku |
kapat Ki Sèh Sidalaku |
Nuripin lan Wanalela |
anèng wisma samya kantun |
yata kang nitik pêtapan |
ngalèr mring guwa tumurun ||

5.
Guwa Sêntor namanira |
tumêdhak prapta ing ngriku |
wontên gigilang sela lus |
kêkalih sami warninya |
jèjèr ngalèr ujuripun |
lambe guwa aundhakan |
ngampat jro nunjêm anyumur ||

6.
Antara jro satirisan |
kathah guguthêganipun |
anjêrambah ombèr samun |
cêlowokan jojromahan |
apêpagan sungsun-sungsun |
Ki Pakuwirya tumujwa |
sumusul ambêkta sumbu ||

7.
Prapta sajronirèng guwa |
sêdaya samya kêdulu |
pasang rakit ronganipun |
kang kilèn lawan kang wetan |
rolas sisih tigang sungsun |
sêtundha patang paguwan |
pan sêlawe prah sêdarum ||

8.
Salu sela warna-warna |
kang langking pita bang sambur |
miwah kang seta kang dadu |
saênggènne beda-beda |
aluring guwa sih laju |
Ki Sidalaku anabda |
punika têrusanipun ||

9.
Guwa Pêdhali ing ngrika |
aluring guwa lir kêluh |
ngawirya tri andudulu |
pangro kadya patilaman |
lawang pipi pinatra lung |
tan sami mawarna-warna |
cêplokan myang patra gêmpur ||

10.
Kang sinimbar wis walêran |
anulya Ki Sidalaku |
dinuga wus samya nutug |
dènnya myat rakit pêtaman |
Ki Sèh alon dènnya muwus |
suwawi samya umêdal |
kang liningan atut pungkur ||

11.
Angayêng mring Pasimparan |
lêlêmpèng lêngkonging gunung |
kèh titilasing panungku |
tan pati doh antaranya |
prêtapan sawijinipun |
beda-beda ujurira |
kang malang uloning gunung ||

12.
Kang angègos kang sumungsang |
kang kêdhok miwah mêndhukul |
kang karang curi pêparung |
ingkang miring miwah lêmpar |
pan akathah warninipun |
tinaman kabèh jinajah |
anulya samya umantuk ||

Jilid 9 - Kaca : 100

13.
Mring wisma alêlênggahan |
mêksih sinaji ing salu |
nyamikan sangkêp nèng ngayun |
Ki Sèh Sidalaku nabda |
suwawi nakmas ing ngriku |
sayah ngayêngi pêtapan |
agupuh kang sinung wuwus ||

14.
Samya sambèn nyênyamikan |
angambil sasênêngipun |
Jèngrêsmi pêtanyanipun |
kawula nyuwun pêpajar |
ingkang patilasan wau |
sapa sintên kang atilas |
Ki Sèh Sidalaku muwus ||

15.
Guwa pun Sêntor punika |
inggih pasênêtanipun |
nyai gêng Jênangan nêngguh |
sang Raja-pandhita Rara |
Kilisuci kadang prabu |
lamun nêgês pamêlêngan |
ing ngriku pratandhanipun ||

16.
Ing Sêntor minangka wisma |
dene paninisanipun |
punika pupucak gunung |
namung kalih (ng)gèn punika |
dhepoke sang Kili wiku |
tan usah mawi ngaturan |
mring Gêgêlang sang aprabu ||

17.
Lamun wontên kêrsa raja |
pêndhita rara sampun wruh |
sakêdhap praptèng kêdhatun |
Jayèngrêsmi malih tanya |
ingkang sêdaya puniku |
punapinggih tunggilira |
angling Ki Sèh Sidalaku ||

18.
De prêtapan sêdayanya |
kêladuk jaman Tumênggung |
Klanajaya-kusumèku |
mangun prang arsa ambêdhah |
marang nêgari ing Wangsul |
sêkadang kadeyanira |
samya nunungku sadarum ||

19.
Nèng ngrikyardi Padhangeyan |
denèng sang adi tumênggung |
nèng guwa Sêntor sumungku |
lan kadang kang pinitayan |
pêndhita rara kukuwu |
anèng jro purèng Gêgêlang |
amucung lawan sang prabu ||

543 Pocung

1.
Sakêlangkung nêkung sang adi tumênggung |
anèng Sêntor guwa |
mrih pungkas mamrêping jurit |
sêgotra bipraya sêkadeyanira ||

2.
Anjêjungkung nèng Padhangeyan puniku |
nênêdhèng Hyang Suksma |
soripun ni prabwèng Bali |
iyêg sabiyantu pra prawira tapa ||

Jilid 9 - Kaca : 101

3.
Anèng gunung jinurung ing Bêthara gung |
pamintaning kêrsa |
sang Kêlana-adi Panji |
aprang lêmbut winaskithèng astha-brata ||

4.
Wasistha nung nanggulang nungkul ing mungsuh |
pakarti sampeka |
pramodèng rèh marasandi |
amigêna prang rêpit mangendrajala ||

5.
Kilating syu satru kala mêjêng ripu |
winug ing pêlagan |
lêgawèng pagut sasiki |
suka pahêming pahuman tumamama ||

6.
Lan sang prabu ing Bali adi tumênggung |
pajiwa jatawa(?) |
ningit lukiting pangaksi |
ri sang adi Kêlana Jayakusuma ||

7.
Ing pandulu tar liput lêbêting Galuh |
winarga piluta |
luntur nor angganira ris |
nir prabawaning Prabu Jayalêngkara ||

8.
Tanpa kiwul kêpapal kawal anungkul |
puput sumawita |
bêdhahe nêgara Bali |
balilaning bêlaka balèng Gêgêlang ||

9.
Ki tumênggung agung gêganjaranipun |
nampani sih nata |
punika gogotèknèki |
jayaning prang dhêdhepok nèng Padhangeyan ||

10.
Milanipun kathah prêtapan ing ngriku |
Ki Putra Jênggala |
winongwong ing Bêthara di |
binayantu rêmpêg ing para kadeyan ||

11.
Satriya nung sang Dipati Marabangun |
prawira ring laga |
tan ngandêlakên kawanin |
tuwin gunging prajurit sêntananira ||

12.
Prandenipun taksih angangge manêkung |
pangèsthining pudya |
sêdya wus lawan pribadi |
tur puniku tabiyat agama Buda ||

13.
Tan têkabur prasendhe ihtiyaripun |
tinarimèng Suksma |
rampunga pakartèng kalbi |
tyasnya purna anèng guwa Padhangeyan ||

14.
Alon matur Jayèngrêsmi mring sang wiku |
(ng)gih ta lah punika |
dhaupe kadi punêndi |
lawan ngèlmi sarak lan agama Buda ||

15.
Lingira rum sira Ki Sèh Sidalaku |
dhaupe punika |
lan sarak Rasulullahi |
kêdah nokitkên Kadising pra ambiya ||

16.
Tekadipun munajad marang Hyang Agung |
pêmapaning ikram |
mikrad munajad tubadin |
pratanda lantaran wêktuning mukjijad ||

17.
Wus têrtêmtu manungsa kang bangsa luhur |
punjul ing tumitah |
wontên antaraning budi |
pênggayuhing marêk pangayunaning Hyang ||

Jilid 9 - Kaca : 102

18.
Anrang kalbu nuksma mor pênêgêsipun |
mènèti kêlarat |
ulah pambukaning takdir |
tan ngopèni jangkah pratingkahe badan ||

19.
Mung anjangkung jangkaning Hyang Kang Maha Gung |
pae lan bangsandhap |
tan ketang utamèng budi |
namung jangkah ngangkah kêconggahing manah ||

20.
Tan angetung jangka sasmitaning wahyu |
pangayudaning Hyang |
bangsa (n)dhap tan wruh ing takdir |
tar wrèng budi namung badan kinawruhan ||

21.
Kawruhipun tar wor ingkang bangsa luhur |
têlênging tyas tama |
tumama maring kêdadin |
kang utama tansah brangtanirèng Suksma ||

544 Asmaradana

1.
Wong kang prawirèng ing budi |
tan mèngèng paningalira |
sura lêgawèng patine |
saking kumandêling Suksma |
wus amisesa badan |
kang budi widadya lubung |
nunggal kêrsaning Hyang Suksma ||

2.
Kawimbuhan ing Hyang Widi |
pêpêsthèn kang winaskitha |
tan jumangkah lamun dèrèng |
tumindak têkdiring jangka |
dadya wruh ing wêkasan |
mangsaning sèstu lan uwuk |
kang winawas sajroning tyas ||

3.
Babagan kalih prakawis |
kang luhur kêlawan andhap |
pandum budi lan badanne |
wus pae paekanira |
kabubruh anrang cipta |
kang bangsa badan akudu |
sarat takiyar prantinya ||

4.
Punika dhauping ngèlmi |
agami Buda lan sarak |
tandha ahli kaluhure |
munajad lawan mumuja |
sami bangsa Pangeran |
tan kêna sor kulanipun |
wus wasis ing kawaspadan ||

5.
Kêrana sang adi Panji |
kêrtarta Ino Koripan |
tan rêkasèng rèh palugon |
anthang pamrêp mring soring prang |
wijayèng surèng rana |
angimpun ngincum para rum |
rampas rarasing asmara ||

Jilid 9 - Kaca : 103

6.
Katêmbèn têmbayaning sih |
kênya kênyaring karsikan |
katrêsan suh sutrêsnane |
kumambêg nor manoara |
juwêt mangajab-ajab |
hyan ring sang adi tumênggung |
mèsi pahyasing wanita ||

7.
Tan pae lan kang wus mukik |
mustakik mungguhing Allah |
oliya gosul ngalame |
kinadar wayasirlika |
amrih mahdud ngudatan |
bili sami la yap kabu |
paholanasran ngajijan ||

8.
Tan wontên pakèwêdnèki |
palaling pênggawenira |
wus tan ana bubundhêle |
sinung gampang ing pangucap |
datan ming-kalih sabda |
pitulung kamulyanipun |
karaton jaman akirat ||

9.
Misèsèng rahmating akir |
mêngko pintên-pintên nikmat |
datan wontên tontondhene |
anjawi ingkang kadyèka |
kang sinung ramhat Allah |
puniku sèstu linuhung |
kang abangsa kêluhuran ||

10.
Sujana lan ngulama di |
ratu kalawan pandhita |
apan tunggil babagane |
ratu rahmating bawana |
marsi rahmat akerat |
rahmating ratu yèn èstu |
têmtu tumêkèng akerat ||

11.
Rahmat pandhita yèn yêkti |
têmtu tumêrah ing dunya |
kang ro puniku tan pae |
kabir sahir kabibolah |
kalipan bakdallulah |
ratu sinung kuwasèku |
akarya mulyaning bala ||

12.
Rêsi sinung kuwasèki |
karya sampurna ing sabat |
sabat kang sampun sinung sèh |
Hyang Suksma akarya titah |
pan kinarya kalipah |
ratu pangadilanipun |
sakèhing kaulyaning Hyang ||

13.
Pandhita ngapalkên ngèlmi |
kang sulih mulang supaya |
eling yèn kinarya Manon |
urip wêkasan pêjah |
mila kita punika |
anguluri kang wus luhur |
supaya tunggil babagan ||

14.
Jayèngrêsmi Jayèngragi |
katri lan Ki Kulawirya |
karênan miyarsa linge |
ramping patitising sabda |
sira Ki Wargasastra |
kang parap Sèh Sidalaku |
aprama-kawi ngulama ||

15.
Pantês linêkêt ing asih |
mring wong agung wiryèng praja |
kang lukita ring sastra rèh |
tan akuciwèng wacana |
salirning bangsa bantas |
Ki Kulawirya amuwus |
alon mring Ki Wargasastra ||

Jilid 9 - Kaca : 104

16.
Ngong tanya kakang Kiyai |
mênggah srat Paniti-sastra |
inggih punapa pedahe |
nauri Ki Wargasastra |
puniku panêngêran |
ing ngèlmi ingkang kadulu |
dora lan sêmbadanira ||

17.
Agamêl thika ginusthi |
mètnirèng kata tang wuryan |
kirtya ring pustakeng jarwe |
dhan têkang purwakèng lêkas |
yan janma ta tar wikan |
nêngguh ring subasitèku |
yeka mudha punggung rannya ||

18.
Lwirning mudha bodho yêkti |
têgêsing punggung pan punggal |
wong kang asor pêmilihe |
lir sêlusup ing pawuhan |
solahe têmah nistha |
amêrusul dhawul-dhawul |
dadya paguywaning janma ||

19.
Tangèh lukita ing bangkit |
kalulut ing ina papa |
kêrasan dadya cêmporèt |
Ki Kulawirya alatah |
myang putra kalihira |
karênan suka gumuyu |
liringan sasmitèng prana ||

20.
Ki Wirya malih tanya ris |
lajêngipun ingkang murat |
Ki Wargasastra wuwuse |
murate kang subasita |
kang dhingin sila-krama |
tar wang basa krama nêngguh |
sila lungguh kang prayoga ||

21.
Krama wuwus ingkang manis |
lir palungguhan |
dèn-pênêd mungguh tatane |
kadi ta wong ambêndara |
lawan wong ambaturan |
miwah sapêpadhanipun |
sor luhur sayêkti beda ||

22.
Krama jênênging nrêpati |
akarya titining bala |
bala tan winênang kabèh |
anêrak nitining nata |
kang sampun winalêran |
wêwalêr sor lawan luhur |
patrap pangulahing praja ||

23.
Saurutira kadyèki |
praja desa myang urakan |
tan kêna carup salire |
yèn ing jaman tan wikan |
subasita prêsasat |
ingaran nora wêruh |
arasa kang nêm prakara ||

24.
Kêcut pait pêdhês asin |
sêpêd manis kang sad-rasa |
lir wong tan nginang pamine |
nèng palungguhan ing kathah |
kucêm seta lathinya |
ingkang mêkatên puniku |
yèn wontên rêrasan sastra ||

25.
Arsa ngucap nora bangkit |
mênêng mukanira kadya |
lènging guwa pêlongone |
lêgêg-lêgêg lir gupala |
mêmêdèni sinawang |
mulêlêng angunggut-unggut |
awêsana butêng ing tyas ||

Jilid 9 - Kaca : 105

26.
Samya gumuyu miyarsi |
tamu tri rêsêp ing driya |
Ki Wargasastra sojare |
mêkatên malih bab wisa |
wisane wong anêmbah |
ngabêkti marang Hyang Agung |
rinewang crobo tyasira ||

27.
Kêthu nêlutuh ing kapti |
dadya rêgêd tanpa iman |
pan ilang pangabêktine |
yêkti datan katarima |
pujine lir talutak |
kêkorak salaminipun |
sêsawi wawêdi sawah ||

28.
Jèngrêsmi suka miyarsi |
murading Paniti-sastra |
Jèngraga Kulawiryane |
sarêng gumujêng alatah |
guyune ngaya-aya |
ragi kêraos ing kalbu |
sinamun suka miyarsa ||

29.
Dènnya gumuyu Nuripin |
angênthêt-ênthêt kêduga |
Jèngraga mèsêm anolèh |
Ki Wirya gumuyu mojar |
e e Ripin guyunya |
dudu guyu mèlu payu |
kaya guyu sèjè ada ||

30.
Mèsêm ngacêmut Nuripin |
(n)jêng kyai dènnya ngandika |
mawi lir sawi sawahe |
Ki Wirya ngling o ah ora |
yèn kaya ujarira |
inggih ing sayêktosipun |
kèngêtan duk kêmlaratan ||

31.
Ki Kulawirya nudingi |
ya ya Nuripin sidakna |
sarwi anêcêg mangwane |
rokok kêlobot minênyan |
sinamur gugujêngan |
dèn-slênthik bêr mawanipun |
tibèng pangkon tan nglêgewa ||

32.
Nuripin anolih-nolih |
ngiwa nêngên wuri ngarsi |
mambu nyamu bêkas-bêkès |
tumingal kukus kêbulan |
mawa amblês bêbêdnya |
nètèsi konthol anjêpluk |
ngadêg kikirap kumrèngkang ||

33.
Ingusêg gêni wus mati |
jinèrèng bêbêd klambinya |
ting cêromplong samya bolong |
Ki Nuripin gêrundêlan |
gumuyu kang tumingal |
Ki Kulawirya ris matur |
dos-pundi lajênge kakang ||

34.
Ki Wargasastra ngling aris |
janma kang tan darbe arta |
tuna bae saujare |
saguh têmên têmah cidra |
tan ana kêdadeyan |
dadya wisa badanipun |
dènnya saking tan katêkan ||

35.
Barang karêpe tan dadi |
kadi ta ingkang pêrawan |
kang dadya wisa awake |
yèn kongsi kraraban uwan |
yêkti kang samya mulat |
sêdaya ewa andulu |
tan ana rêsêping manah ||

36.
Yèn ta angalapa krama |
kèh lumuh kalungsèng mangsa |
nora suwawi karêpe |
dèn kang aran janmadika |
ingkang ngrêsêpi manah |
mring sarowangira lungguh |
datan ka-êntèn wacana ||

Jilid 9 - Kaca : 106

37.
Kang tansah dènnya dudugi |
marang sanityaning janma |
tan pinurikan dening wong |
tan susah kasrambèng rucah |
angrêsi tyas sujana |
kêlawan bisa mêmungu |
ing kuwanènaning janma ||

38.
Ing rèh pangulahing jurit |
mumpuni ambêning ujar |
tan ana rêngat tyasing wong |
sakèhing janma karênan |
samya angalêmbana |
lan malih sayogyanipun |
kakung yèn parêk wanodya ||

39.
Garwa atanapi sêlir |
anggung ngrasanana raras |
rum-ruming pamrêmaning don |
sabda lus kang manoara |
mrih luntur tan alpèng tyas |
ywan lunggyan lèn pandhita nung |
yogya yun patanya tama ||

40.
Sojaring kasinggihan sih |
trusing kawruh ka-awêran |
ring panêmbah kêjatène |
lamun wêktune pêprangan |
micara ing kawadyan |
prihên suranya mring mungsuh |
anduduk digdayaning prang ||

545 Mêgatruh

1.
Mungguh galaking sarpa lan mandinipun |
kêna ilang wisanèki |
saking japa-mantra nêngguh |
galaking macan pan kenging |
ilang dening japaning wong ||

2.
Gajah mêta yêkti rubuh dening angkus |
bênduning ratu pan kenging |
lilih dening turing wadu |
atur ingkang mupangati |
atamsil lamun kêledhok ||

3.
Dadya lêjar sang ratu pan mari bêndu |
têmah mijil sih mring dasih |
pan amung nêpsuning mungsuh |
mari-mari yèn wus mati |
lan nêpsuning durjana-ndon ||

4.
Nginggit-nginggit tan mari pangincimipun |
dening japa lan mantrèki |
sasat nyandhing ula dumung |
sranduning dadya wisèki |
luput nyêmbur tan wun-nyakot ||

5.
Jayèngrêsmi Jèngraga Kulawiryèku |
ngalênggêr dènnya yêktèni |
saking kêsinggihanipun |
tamsile wong ulah juti |
kadi tan ana (m)bêrojol ||

Jilid 9 - Kaca : 107

6.
Wus kacupan janma sapangulahipun |
Paniti-sastra patitis |
ngagêsang pratandhanipun |
cihnane ala lan bêcik |
Ki Wargasastra lingnya lon ||

7.
Panêngraning wong bêcik awas nèng ngriku |
ing pratingkah wijiling ngling |
sêntosa sêmune ruruh |
nastiti alus tur ririh |
tan bêrabah ing wiraos ||

8.
Ran pandhita sastra (ng)gènnya ing liripun |
tan ngandhêg patanyèng janmi |
janma kang susastra luhung |
linadèn lan angenaki |
ngalap hyun lamun miraos ||

9.
Nuduhakên ring patanya mudha punggung |
amadhangi tyas asêdhih |
wruh wiramaning sastra gung |
tan karya saking sêsami |
anggung ngrêsêpkên tyasing wong ||

10.
Ran pêndhita sastra (ng)gènnya kang puniku |
lan malih janma kang sugih |
arta kêncana sotyèku |
nanging pênganggènirèki |
busana tan pênêd tinon ||

11.
Myang pangane tanpa rasa kang ingulu |
tan wèwèh ing pêndhita di |
wong kang mêkotên tan wêruh |
nyana panjang tuwuhnèki |
kêlawan malih wontên wong ||

12.
Wus limpat ing sastra tur ta sampun wêruh |
ing sa-kramaning negari |
mangka lakune têka nut |
mring durjana dadinèki |
padha lan kang nora wêroh ||

13.
Dènnya tanpa karya ing kabisanipun |
sami lan kang nora bangkit |
wontên wong wus tuwa pikun |
tur dawa ngumurirèki |
tan karêp ing bêcik kang wong ||

14.
Kasudarman kasusastran nora ngingus |
janma nistha ranirèki |
tanpa karya uripipun |
tan sami samaning janmi |
sami lawan buron sato ||

15.
Kang kalal enak pinangan dagingipun |
padhaning wong kang kadyèki |
de kang kaonang ing wuwus |
cêndhala kawan prakawis |
gadarba yèn ing buburon ||

16.
Pêksi ingkang cêndhala dhandhang lan puyuh |
lamun ta mungguh ing budi |
ingkang kocap cêndhala dur |
tan karêp pênggawe bêcik |
tinggal bêkti ing Hyang Manon ||

Jilid 9 - Kaca : 108

17.
Nguciwani mring pawong sanakirèku |
angungkuli cêndhalèki |
pêcat budine rahayu |
tunggal babaganirèki |
lan kang nistha sor pra awon ||

18.
Wong miskin pan akèh-akèh bawanipun |
mrih pakolih pangan pokil |
lan mêngkanang malihipun |
wong kang ala rupanèki |
kèh tênagane mrih katon ||

19.
Ing baguse yen wadon mrih katon ayu |
lan janma tan anut maring |
sawirasaning sastra gung |
saujare sugal sêngkil |
kawijilaning wong gopok ||

546 Mijil

1.
Pra ngawirya karênan miyarsi |
raosing wiraos |
pancèning janma dèn-ucapake |
tuwin sato pêksi salir kèksi |
sadaya kayêkti |
wuryaning pamuwus ||

2.
Ki Kulawirya amuwus aris |
mêkatên liring wong |
dene tètès tan wontên gothange |
kadipundi lajêngipun malih |
Ki Wargasastrèki |
alon dènnya muwus ||

3.
Janma pawong-mitra aywa kadi |
singa lan wana (n)don |
samya rêksa-rinêksa dangune |
lama-lama bêbangkèlan kapti |
tan tulus ing kapti |
sima wuwusipun ||

4.
Alas yèn ta tan ana-a mami |
dadi apa mêngko |
tan urung yèn linêbur grumbule |
andhang ngrêsula kanggonan mami |
sang wana dènnya ngling |
si sima puniku ||

5.
Yèn ta aja sun-aling-alingi |
kêtongton dening wong |
mangsa wurunga rinujak mangke |
sang singa gya tinggal sêsanèki |
wana kang pêtêng writ |
mring bêbanar laku ||

6.
Anulya rinujak dening janmi |
sang singa matyèng-(ng)gon |
sapêjahe sang singa alase |
binabad dening manungsèki |
wrêksa sima ênting |
tinunggar tinunu ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (08) Kaca 84 – 91
  • (09b) Kaca 109 - 124 >