Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434702
Hari ini     :Hari ini :102
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :168
Bulan ini   :Bulan ini :3331
s/d hari ini   :s/d hari ini :434702
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 13

Kontak Admin.

email-kidemang

(15a) Kaca 232 - 242

 

( Lampah tumuju dhatêng Lêmbuasta, nglangkungi kêdhung Bagong )

09

VII. Para andon lampah tumuju dhatêng Lêmbuasta, nglangkungi kêdhung Bagong. Ing Lêmbuasta katampi Ki Kidang Wiracapa kanthi sukarêna, kawêjang bab filsafatipun topèng, gangsa, gêndhing, wayang tuwin dhalang.

1. Lampahipun Jayèngrêsmi sakanthinipun kadhèrèkakên ki pêtinggi Raga-mênggala tumuju dhatêng Lêmbuasta. Nglangkungi pasabinan sarta dhusun, lare-lare angèn ing dhusun Padakan sami rêbat pangenan kalihan lare-lare ing dhusun Munggur, wasana sami campuh kanthi balang-balangan sela, bandhil lss. Malah têtiyang sêpuh ugi lajêng campuh sami tiyang sêpuh kanthi sanjata sarta pênthung saengga wontên ingkang tatu lan dumugi ing tiwas. Dhusun kêkalih wau wiwit rumiyinipun tansah mêmêngsahan kadi satru bêbuyutan.

Lampahipun dumugi ing kêdhung Bagong ingkang kathah sangêt ulamipun, nanging sakalangkung wingit. Ing ngriku asring kapirêng swantêning gangsa, manguyu-uyu, swantêning tiyang ngringgit lss.

Ki Raga-mênggala kengkenan murugi Ki Wijakêrti ing Trênggalèk-wulan. Ki Jakêrti dhatêng ambêkta pasêgah pêpak. Miturut Ki Jakêrti kêdhung Bagong punika rumiyin nama têlaga Sasi, papan lêlangênipun rajaputra Singasari, Banyak-wulan ngantos Menak Sopal ingkang akiripun muksa, musna ing têlaga wau. Sadalu sami sipêng ing kêdhung Bagong.


Kaca 232 - 242.

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 9 - Kaca : 232

583 Maskumambang

6.
Kêdran mega kasorot kadya ngidhêpi |
tumênggi kasunar |
nirkên lamuking sêkalir |
pêdhut mirut kamarutan ||

7.
Pan anglela rênggêding patra kinardi |
lawaking lêlêbak |
rêngating kisma maèksi |
rurumput kêbês kêbunan ||

8.
Kasêrampat ing pada dadya ngêbêsi |
jangkrik bêring jongkang |
angêrik ramya angiring |
sari rurungwaning enjang ||

9.
Myang sêlèting pêcut mêgawe ngabani |
mesa lêmbunira |
asantak (m)bêkisirèki |
hir bo ho ho iya kiya ||

10.
Datan ana anglêbar mangsaning sabin |
gaga myang sorotan |
patêgalan palanya sri |
srênti mangsèng pasabinan ||

11.
Kang (m)bêrujul anggaru bubak anamping |
kang nêbar rumêgag |
gumundha myang mêmping kuning |
mêrkatak kang pêpanènan ||

12.
Miwah kang nèng gubug anggobyak sêsawi |
karak ginoprakan |
asêntak panggusah pêksi |
prit-aking gêlathik nêba ||

13.
Akukukan sarêntèn pating jalêrit |
anggonjèng kêncangan |
wênèh nèng gubug miranti |
rêbaban kêndhang gambangan ||

14.
Gêndhot gêndhing Onang-onang dèn-sindhèni |
sarwi sinênggakan |
gubug kiwa têngênèki |
ting balêrèk bêbêkikan ||

15.
Ki pêtinggi Raga-mênggala ngaruhi |
hus-hus oyah-oyah |
polahane tunggu pari |
(n)dadak nganggo gagêndhotan ||

16.
Nora ilok nèk bogang parimu joprit |
bocah gal-ugalan |
cêblung ngêndi tunggu pari |
padha mêncul popocolan ||

17.
Jêge bocah Cangkal sapa kae lali |
nauri baturnya |
pun Gronang lawan pun Kucir |
pun Santa lawan pun Lundha ||

18.
Gêndhotipun pun Cêpèr rare ing Sênting |
gagêncèhanira |
mring rare sêkawan sami |
tan kêna sah dalu siyang ||

19.
Ki pêtinggi gumuyu sarwi nauri |
lonthene cah edan |
cilik kuwat dèn-kapati |
pilang-pilang nora jêbat ||

20.
Samya suka gumuyu sêdayanèki |
Kulawirya latah |
angling marang Ki Nuripin |
kae Pin kalimanana ||

21.
Nèkne awèh wong ika ingkang mapati |
mara ta mronoa |
mèsêm matur maleroki |
prayoganipun paduka ||

Jilid 9 - Kaca : 233

22.
Kang kèringan lan pantês ingkang jêlanthir |
kula tan keringan |
ajrih yèn dipun-kapati |
athuk lumampah sêkeca ||

23.
Ginaguyu sêdaya pating guligik |
Nuripin samêrga |
tansah nolih angaruhi |
hih enak têmên pinirsa ||

24.
Krasa têmên atiku mêngkene iki |
rasa tumindaka |
kudu lèrèn tan lumaris |
krungu gêndhing ginêndhèngan ||

25.
Jayêngraga msêm nolih mring Nuripin |
sarwi ris ngandika |
cêdhak têmên ujar iki |
Nuripin masang kabisan ||

26.
Nuripin mêngngès nyakot ilatnèki |
ngungkrêd gulunira |
Ki Wirya ngagagi bithi |
Ki Ripin mingkar glêgêsan ||

27.
Angaruhi wong gambangan lyan (ng)gonnèki |
e lo kae sapa |
sing (ng)gambang ngêjor-êjori |
sing jamak kaya mêngkana ||

28.
Nora ethor anggambang kudu anggêndhing |
ande bêtah (ng)gambang |
Jèngraga Kulawiryèki |
gumujêng sarwi ngandika ||

29.
Kaya e wong (ng)gambang kêpriye Nuripin |
tan enak piniyarsa |
gêndhing apa kae Ripin |
puniki lamun pokro-a ||

30.
Pan Lung-gadhung nanging Lung-gadhung pênyakit |
limrahe wong (ng)gambang |
lêt sêkawan gêmbyangnèki |
nika lêt tiga tiniga ||

31.
Sêdangune mêkatên tan salin-salin |
nukêri talingan |
pêngrasane wus ngluwihi |
tan bisa kudu anggambang ||

32.
Ki Kulawirya latah sarwi nudingi |
Jèngrêsmi Jèngraga |
gumujêng dènnya myarsa ngling |
ya bênêr bleroning gambang ||

33.
Dene sira pintêr anitèni uni |
lir tau anggambang |
Ki Kulawirya nambungi |
dhasar wus sok (m)barang gambang ||

34.
Angacêmut matur duk napa nglampahi |
sadhêglo aneya |
inggih sagêd anitèni |
panabuhe lêd sakawan ||

35.
Jayèngrêsmi angling ya bênêr Nuripin |
angugêmi adad |
pêkolèh rasaning angling |
salirning adad tan owah ||

36.
Yata kang samya mahawèng ngêmu enjing |
kathah tiningalan |
wus tan ngambah wana wukir |
naruntun kanthining desa ||

Jilid 9 - Kaca : 234

584 Kinanthi

1.

Wus lêpas ing lampahipun |
ngidul ngetan urut mêrgi |
wanci wus wisaning karya |
nampak palêstrèning kali |
kali Longsor urutira |
ing ngandhap kang dèn-sabrangi ||

2.

Nètèr ing palêstrèn laju |
kewala dènnya lumaris |
ararywan pinggiring sêndhang |
kayoman pinggiring mêrgi |
ing wanci têngahe surya |
rarywan anèng sor waringin ||

3.

Papane kêlangkung seyub |
gayam pilang asêm têkik |
sèngon wani lan mandera |
mêlatar kêlangkung rêsik |
sêndhang Baga wastanira |
palêrênan wong lumaris ||

4.

Nèng ngriku pan sami adus |
pikantuk angaring-aring |
Jayèngrêsmi Jayèngraga |
katri Ki Kulawiryèki |
samya siram anèng sêndhang |
sêdaya ingkang umiring ||

5.

Kasêgêran dènnya adus |
nèng sêndhang Baga awêning |
sawusnya dènnya asiram |
lajêng ngambil toyastuti |
samya wêktu anèng sêla |
kumalasa lus arêsik ||

6.

Kang lagya awêktu Luhur |
Jayèngrêsmi Jayèngragi |
Kulawirya lan santrinya |
Raga-mênggala pêtinggi |
angrukti sêsangunira |
bucu dhêdharan sinaji ||

7.

Kang wêktu Luhur bakda wus |
tata dènnira alinggih |
nèng tlacaring oyot wrêksa |
numpang padhas atos rêsik |
Ki Raga-mênggala gêpah |
nyaoskên saosanèki ||

8.

Ki pêtinggi sigra nuduh |
mring desa ngambil woh tiris |
lan lantingan kang prayoga |
sokur lan bêkêle prapti |
kang tinuduh sigra mentar |
marang dhusun Wanasari ||

9.

Tan antara praptanipun |
dawêgan katur lan kêndhi |
Raga-mênggala ris sojar |
dene ku gocone prapti |
lah Wiranangga muliha |
sa-ananê turêna glis ||

10.

Kang tinuduh gupuh-gupuh |
ngambil susuguhirèki |
nyamikan kang pala-pala |
tan antara praptèng ngarsi |
Raga-mênggala turira |
sumangga paduka bukti ||

Jilid 9 - Kaca : 235

11.

Kang ngaturan gya tuturuh |
Ki Wirya mèsêm sarya ngling |
gaco mêkatên punapa |
matur wus caranya ngriki |
gaco inggih bêkêl desa |
Nuripin gumuyu angling ||

12.

Tèsèke kang pundi niku |
punapa bendha kêmiri |
bisa agawe bêbasan |
sanak-sanak kene iki |
Raga-mênggala saurnya |
wus tatane tiyang ngriki ||

13.

Yata kang samya tuturuh |
pikantuk dènnira bukti |
èsmu kadi kêlantihan |
enjing praptèng surya lingsir |
samya tan ana riringa |
nèng satêpining we wêning ||

14.

Wus antaranira nutug |
luwaran dènnira bukti |
Raga-mênggala agêpah |
nyarik sinungkêm pamburi |
dhêdharan lumadyèng ngarsa |
wowohan kang manis-manis ||

15.

Ginawe nyamikanipun |
pêmangsêg pangusap amis |
lorodan samya tinadhah |
royoman mangan pênyarik |
pêtinggi sarowangira |
tanapi santri Nuripin ||

16.

Ting kucapah rêbut puluk |
sêmada kêncot kalingsir |
nutug warêg dènnya mangan |
wisan Nuripin ngèrèni |
sêkul ulame bêbasan |
Nuripin mêksih (ng)gêmêti ||

17.

Upa nèmpèl kang nèng janur |
pinuluk labêting ragi |
Kulawirya ngling anêntak |
hus hus bêgêjil Nuripin |
sêmangsane yèn amangan |
lèhmu dudu wong kêpati ||

18.

Lir su bunting nglêthak balung |
wis tan mikir isan-isin |
ana ngalas ana ngomah |
nora dèn-marèn-marèni |
nisthakake pêtingkahnya |
ngong myat kudu sok anggêdhig ||

19.

Wasisan janure iku |
mamahên aja na kèri |
Ki Nuripin kumarèngkang |
ngacêmut grunêngan angling |
nora kêna wong mêmangan |
apora sawarêgnèki ||

20.

Mangan karèn kari balung |
kur ijèn klapruting daging |
batur pangane sêpira |
gung gawe sok dèn-dukani |
samya ginuyu ing kathah |
Ripin binêndon tan ajrih ||

21.

Jayèngrêsmi ngandika rum |
kadipundi kang pêtinggi |
ingkang pinaran ing lampah |
punapi mêksih atêbih |
ing kêrajan Lêmbuasta |
paran wus cêlak sing riki ||

Jilid 9 - Kaca : 236

22.

Ki Raga-mênggala matur |
inggih sadintên dumugi |
lamun lampah sinampyênga |
tan kantos suruping rawi |
sumangga kêrsaning lampah |
kawula dhatêng umiring ||

23.

Jèngrêsmi malih amuwus |
sèngganipun kang pêtinggi |
lampah nêmanggung kewala |
pundi pênganpirannèki |
ki pêtinggi aturira |
yèn mêkatên kêrsanèki ||

24.

Inggih wontên ingkang mungguh |
prayogi yèn dèn-ampiri |
ngrika ing Trênggalèk-wulan |
kêdhunging lèpèn Kêlampih |
kêdhung Bagong wastanira |
ulamipun anglangkungi ||

25.

Kathah gêng-agêng kadulu |
ulam nèng kêdhung jro kèksi |
Jèngrêsmi kêlangkung suka |
angling lah inggih prayogi |
anulya laju umangkat |
anjurudêmung ing margi ||

585 Jurudêmung

1.

Lingsir kulon wayahira |
dènnira samya ruruntung |
anèng pêgalêngan (n)dulur |
turut pagêr patimunan |
nulya (n)jog tirah mêrga gung |
kathah dhusun kang kamêrgan |
desa sri langên kadulu ||

2.

Kanan kering pêsabinan |
têgal pagagan atulus |
ing wanci wus rara ngucul |
samya ngon mring ara-ara |
anunggang maesa lêmbu |
pêcute asêsêlètan |
gêdrah bungah anglilindhung ||

3.

Sêsindhèn mêlang-mêlungan |
gêng alit rare akumpul |
pating jarêlèh akukuk |
golongan ajak-ajakan |
kumpulan sarowangipun |
samya arêbut pangonan |
bandhilan surung-sinurung ||

4.

Rarywa-ngon samya pêrangan |
aramya balangan watu |
ana kang kêtuju buncur |
surake asru gêr-gêran |
bocah prangan dangu-dangu |
saya kèh dadi wong tuwa |
tulung mring nak putunipun ||

5.

Aramya gacar-ginacar |
sikêp gêgaman prang pupuh |
granggang towok sligi pênthung |
talêmpak pêdhang kalewang |
kêrbin pistul myang darêbus |
saya sru surake gumyah |
kang curna ginawa mundur ||

Jilid 9 - Kaca : 237

6.

Kang samya mahawèng mêrga |
randhat ngrêrangu andulu |
mring wong prangan ramya umyung |
rog-rinog anèng pangonan |
Raga-mênggala amuwus |
andêlna wong ing Pandakan |
wis mungsuhe lan wong Munggur ||

7.

Wong padha sok dhêmên prangan |
têkan bocah isih kuncup |
gêsau bandhilan watu |
sok prangan wiwitan bocah |
Ki Kulawirya amuwus |
(ng)gih ta-lah niku wong prangan |
punapi ingkang rinêbut ||

8.

Rinèwang godrès ludira |
Raga-mênggala umatur |
duka-dalêm mawenipun |
mung isin kasoran êdak |
datan lêt satêngah taun |
mèh tan wontên wulan bêlang |
asring prang busur binusur ||

9.

Pêpêjah pating jalèmpah |
prandene tan kawus-kawus |
dhasare sami kapaung |
uh mara ta kowe modar |
sapa kae kang kaburu |
jêg wong Padhakan sing kalah |
nauri rowange muwus ||

10.

Yèn mêksih Ki Malangrana |
Malangjaya Ki Mêrdadu |
wong Pandhakan tan sor pupuh |
mila gantya ramya gacar |
de jêjadhuging wong Munggur |
kêmase Jayawirota |
Wirataka Matang ganjur ||

11.

Wus tandhing duk maksih jabang |
wong Pandhakan lan wong Munggur |
bubar-bubar prang yèn surup |
bature pating galobrah |
samya tatu kadhang lampus |
wit bandhilan jarak cina |
samya bocah nulya sêpuh ||

12.

Mati muspra tanpa kara |
Nuripin gumuyu muwus |
lah inggih niku prèhipun |
dèn-rewangi kraya-raya |
tan etung ing lara lampus |
pêribasan kae ana |
kumriwik dadi gumrujug ||

13.

E e kae kêpriye ta |
wong siji dèn-krubut pitu |
sinosog baya jur mumur |
o lah sida katiwasan |
pêsthi kae banjur lampus |
bilah saya rame ika |
tan ana kêdhotan têguh ||

14.

Kêjaba kae nyambata |
marang (n)dara kenthol bagus |
Wuragil Kulawiryèku |
iba kaya apa mana |
Ki Wirya mèsêm amuwus |
Pin kowe bae nampunga |
têngahana ing prang pupuh ||

Jilid 9 - Kaca : 238

15.

Tantangên kabèh wong ika |
sêdhengah dadi mungsuhmu |
Nuripin mlongo mêcucu |
sarya ngling we uwe bilah |
dede pèbênan puniku |
(m)bok sampun susah kèn mrika |
ngriki kemawon (ng)gih êmpun ||

16.

Pinênthung sêg tan kêlawan |
alêstari lulus mujung |
botên ngathahi pêkèwuh |
yèn mawi mrika dah-neya |
iba-iba raosipun |
gêgaman ingkang tumiba |
ting wikana sakitipun ||

17.

Pêjah botên têka pêjah |
ing pêjahe kintênipun |
ngèwèg-èwèg raosipun |
samya ginuyu ing kathah |
Jèngraga mèsêm amuwus |
mati thithik yèn sêmoa |
kacèk nganggo titir umyung ||

18.

Rinayap marang wong kathah |
Nuripin marèngès matur |
(m)botên kêpengin alampus |
kadhang bau suku ical |
ting cêruwil salong kantun |
adho sêmua punapa |
sêmuane ajur mumur ||

19.

Sangsaya dadya paguywan |
Jèngrêsmi mèsêm amuwus |
Nuripin bisa sumaur |
mati bae-bae sungkan |
apa ya Ripin kadyèku |
umatur langkung nor-raga |
o inggih-inggih saèstu ||

20.

Yata laju lampahira |
turut tirahing mêrga gung |
kang paprangan wus kêpungkur |
kalingan ing desa-desa |
parandene mêksih kêpêthuk |
samya anonton paprangan |
rare wong tuwa andulur ||

21.

Praptèng ing Trênggalèk-wulan |
turut pêdhadhahanipun |
nikung mawèng ngetan laju |
nampak ing têgal pêgagan |
kali Kêlampih (n)jogipun |
ing kêdhung Bagong wus prapta |
samya rarywan amumucung ||

586 Pocung

1.

Wancinipun ing wêktu Ngasar wus edhum |
nèng pinggir narmada |
turuting kali Kêlampis |
samya sukarêna dènnira araryan ||

2.

Apikantuk anèng sandhaping wrêksa gung |
trênggulun mandira |
têkik pilang lan kêsambi |
amêlatar rêsik kadya sinaponan ||

3.

Pinggir kêdhung Bagong watu kumlasa lus |
langkung sri kawuryan |
Jayèngrêsmi Jayèngragi |
katri lawan Ki Wuragil Kulawirya ||

Jilid 9 - Kaca : 239

4.

Samya (n)dulu ulam saisining kêdhung |
gêng-gêng akathah |
tan carub golonganèki |
tambra pulung rêng-arêng papar parêmas ||

5.

Gênti munggut abêbayakan ruruntung |
kang oyak-oyakan |
sêtatane kadya janmi |
samya ngambang pamèran amrih kêtingal ||

6.

Èsthinipun kadi nêmbrama mring tamu |
ingkang lagya prapta |
katêmbèn dènnya ningali |
yèn jalma-a samyarsa atur pêmbagya ||

7.

Ting kêjubug tandhikan milar asêlur |
molah wiyah-wiyah |
abyakan sabilik-bilik |
pra ngawirya suka dènnira tumingal ||

8.

Solahipun ulam kang nèng jroning kêdhung |
lir ingon majanma |
Jayèngrêsmi ngandika ris |
iya bênêr tuture Raga-mênggala ||

9.

Yèn ing kêdhung Bagong ulame kêlangkung |
gêng-agêng akathah |
iwak lanangan lan èstri |
sakèh iwak tan ana kang mangkonoa ||

10.

Gêng-gêngipun lan lêmu-lêmune iku |
lir ingon rinêksa |
pinakan ing sabên ari |
dospundi puniku kang Raga-mênggala ||

11.

Punapiku tan pinèt sêlaminipun |
de langkung akathah |
Raga-mênggala turnya ris |
inggih botên wontên kang purun mundhuta ||

12.

Yèn ing kêdhung Bagong agung ulamipun |
wus kuna-makuna |
minane sêdaya wingit |
tan kenging pinêndhêt sadhengahing janma ||

13.

Inggih sampun mêkatên la-ilanipun |
angkêre kêliwat |
ing kêdhung Bagong puniki |
dêlah ucêng saimêt tan kêna ngalap ||

14.

Gotèkipun pra sêpuh kang wau-wau |
lèpèn (ng)Galèk-wulan |
ing kêdhung Bagong puniki |
warti ingon-ingonipun Menak Sopal ||

15.

Milanipun dêlasan mangke kêlangkung |
gêng-agêng akathah |
tan purun sami mêndhêti |
yèn pinêndhêt mêlarati tan kuwawa ||

16.

Pan ginanggu kang mara-bumi ing kêdhung |
gring laju pralaya |
padha sakala tan urip |
wênèh wontên kang mêndhêt edan angomyang ||

Jilid 9 - Kaca : 240

17.

Manahipun kêdah anyêmplung ing kêdhung |
kêlêm tan kumambang |
pêjah buthuk anêng kali |
apan lajêng minangga ing ulam kathah ||

18.

Botên dangu têlas tan wontên kang kantun |
giris kang miyarsa |
katêlah dêlasan mangkin |
tiyang têbah sumawana ingkang cêlak ||

19.

Lingira rum Jèngrêsmi mring arinipun |
miwah ingkang paman |
lêrês ujare pralami |
watak ciri bumi desa mawa cara ||

20.

Nêgara gung mawa tata wus saèstu |
e mêkotên paman |
kadosta kadhung puniki |
wus labêting kabuyutan ila-ila ||

21.

Tiyangipun sami musthi amituhu |
mring kandha kang wus mau |
mantêping têp angluluri |
dadya angkêring papan rèh sininggahan ||

22.

Anor wuwus kang paman myang arinipun |
malih angandika |
ênggèh layak kang pêtinggi |
tan maido ingong ring pitutur (n)dika ||

23.

Lon umatur inggih sawêg wartosipun |
umum ing akathah |
duka-dalêm yêktinèki |
pan mêkatên gotèkipun kang kawêntar ||

24.

Myat ing batur ki pêtinggi nulya muwus |
e lah ngong kèlingan |
ya bênêr undhangêna glis |
kaki Wijakêrti ya ing Galèk-wulan ||

25.

Kang tinuduh sigra-sigra mentar gupuh |
Jèngrêsmi kacaryan |
mulat mina nèng we wêning |
lir wirangrong ulame saking pangrongan ||

587 Wirangrong

1.

Langkung sukanirèng galih |
myat mina nèng kêdhung Bagong |
Ki Kulawirya jar yèn sun-gugu |
kang padha dera ngling |
iwak angkêr mêngkana |
gotèke Rangga-mênggala ||

Jilid 9 - Kaca : 241

2.

Jaman jèdhèking duk nguni |
Menak Sopal kang ngon-ingon |
ijab laminira prang taun |
mêksih anglabêti |
bêtèking kawingitan |
tan ana wani anyamah ||

3.

Linge kangmasmu Jèngrêsmi |
gèsèh lan graitaningong |
suwene rêrasan kang sun-dulu |
ulate si Ripin |
lir kucing myat jinada |
andêlêng ulam ngêlobak ||

4.

Thêk-thêkan kudu amancing |
atine kêcangkol-cangkol |
jrih ujare kojah lamun iku |
iwak mawa wingit |
yèn aja-a anakmas |
ingkang nambungi wirayat ||

5.

Gèbès bae dèn-kandhani |
watak pas ngandêl ujar wong |
katênta kalunta wus kêpatuh |
gawene sok mancing |
kongsi lali sêmbahyang |
arang-arang Luhur Ngasar ||

6.

Kang dèn-pêrlokkên mung mancing |
karêm adhêm kèrêm gathok |
ing besuk yèn modar dadi wrêgul |
lingsêng krandhahnèki |
dhapure wus kêtara |
wis mèmpêr blêg wrêgul lingsang ||

7.

Gumujêng kang putra kalih |
myang gurunya sêdayèng wong |
Nuripin anjola amalêruk |
kêdumêlan angling |
ah ah lae ya talah |
wong kapanja sabên dina ||

8.

Jèngraga ngêndika ris |
Ripin apa ya mêngkono |
lir sojare paman dhêmênamu |
karêm amêmancing |
Nuripin aturira |
rêmên-kula timur mila ||

9.

Nêntak Ki Kulawiryèki |
e e si Dipangan-potho |
dene awikrama cêlathumu |
angrêrêngga dhiri |
dèn-ajèni priyangga |
dèn-timur-timurkên dhawah ||

10.

Kacêmut mèsêm Nuripin |
umatur marang sang anom |
alêrês ramanta yêktosipun |
kawula ningali |
ulam kêdhung punika |
owêl yèn tan pinancingan ||

11.

Yèn sampuna kawula jrih |
ing kojah mlarati yêktos |
Ni Wirya ris mojar wawi ngriku |
kenthol Bagus Ripin |
gogoa kono sira |
ing kêdhung Bagong kèh iwak ||

Jilid 9 - Kaca : 242

12.

Nora susah moncang-mancing |
cêkêlana bae kono |
Nuripin anglungsar pinggir kêdhung |
ngula-ula ngagir |
sikile kêthawêlan |
nguling-uling tungkakira ||

13.

Sarwi kêdumêlan ririh |
wong dèn-akon nyêmplung gogo |
(m)bok dhèwèke dhawak asilulup |
bèn pinangan dhêmit |
lah iku mari ladak |
Ki Wirya gumuyu mojar ||

14.

Apa kang kok-wuwus hèh Pin |
cêlumikan kathik mencos |
lir wong kasurupan amêcucu |
ngagir pinggir kali |
Nuripin aturira |
e botên thol piyambakan ||

15.

Sawêg rêmên aningali |
ulam kang nèng kêdhung Bagong |
agêng dhugal-dhugal ting kêcubuk |
yèn tiyange kadi |
Ki Kulawirya mojar |
kadi priye kadi sapa ||

16.

Bacute kêpriye Ripin |
lir sampeyan pa mêngkono |
Nuripin turira sanèsipun |
pan botên kadyèki |
kadi anu ih klepyan |
kaya-pa ing mau ika ||

17.

Ki Kulawirya ambêkis |
dhasar bandholên dudu wong |
sida kêpanjingan dhêmit kêdhung |
sing padha nyurupi |
cêlathune kandhuan |
de mina ngran dhugal-dhugal ||

18.

Matur lah niku lamnèki |
kang sami bancol mêncolot |
wong ulam têmênan anèng kêdhung |
dèn-sêngguh nyêmoni |
mrih sisip wong kewala |
dhasar andhahari duka ||

19.

Hêng e dhasar wong kêpadhil |
êndi ana wong mêngkono |
wong dèn-ranni dhugalan sirèku |
iya (n)dhugal êndi |
wong caturan lan ingwang |
sêmbari ngagir angula ||

20.

Cokore dèn-uling-uling |
kêthawèan numpang bokong |
bangêt le gêndhila edan taun |
dêksura si Joprit |
sarwi ngambil kêrakal |
watu sêpongge kinarya ||

21.

Ambalang marang Nuripin |
kêni poloke mak kêplok |
Nuripin anglumba tangi lungguh |
andamoni sikil |
matane kaca-kaca |
Ki Kulawirya alatah ||

22.

I bêcik têmên si Ripin |
lir kirik kêtiban banon |
ngrajug kêlèngkèngan muwêr bingung |
mak kringkêl le apik |
dhêmên têmên ngong mulat |
kang putra suka kalihnya ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (14) Kaca 215 – 231
  • (15b) Kaca 243 - 252 >