Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434702
Hari ini     :Hari ini :102
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :168
Bulan ini   :Bulan ini :3331
s/d hari ini   :s/d hari ini :434702
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 4

Kontak Admin.

email-kidemang

 (15b) Kaca 243 - 252

 

( Lampah tumuju dhatêng Lêmbuasta, nglangkungi kêdhung Bagong )

09

VII. Para andon lampah tumuju dhatêng Lêmbuasta, nglangkungi kêdhung Bagong. Ing Lêmbuasta katampi Ki Kidang Wiracapa kanthi sukarêna, kawêjang bab filsafatipun topèng, gangsa, gêndhing, wayang tuwin dhalang.

1. Lampahipun Jayèngrêsmi sakanthinipun kadhèrèkakên ki pêtinggi Raga-mênggala tumuju dhatêng Lêmbuasta. Nglangkungi pasabinan sarta dhusun, lare-lare angèn ing dhusun Padakan sami rêbat pangenan kalihan lare-lare ing dhusun Munggur, wasana sami campuh kanthi balang-balangan sela, bandhil lss. Malah têtiyang sêpuh ugi lajêng campuh sami tiyang sêpuh kanthi sanjata sarta pênthung saengga wontên ingkang tatu lan dumugi ing tiwas. Dhusun kêkalih wau wiwit rumiyinipun tansah mêmêngsahan kadi satru bêbuyutan.

Lampahipun dumugi ing kêdhung Bagong ingkang kathah sangêt ulamipun, nanging sakalangkung wingit. Ing ngriku asring kapirêng swantêning gangsa, manguyu-uyu, swantêning tiyang ngringgit lss.

Ki Raga-mênggala kengkenan murugi Ki Wijakêrti ing Trênggalèk-wulan. Ki Jakêrti dhatêng ambêkta pasêgah pêpak. Miturut Ki Jakêrti kêdhung Bagong punika rumiyin nama têlaga Sasi, papan lêlangênipun rajaputra Singasari, Banyak-wulan ngantos Menak Sopal ingkang akiripun muksa, musna ing têlaga wau. Sadalu sami sipêng ing kêdhung Bagong.


Kaca 243 - 252.

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 9 - Kaca : 243

587 Wirangrong

23.

Sêdaya gumuyu mèksi |
Ki Kulawirya ngling alon |
sakake mêningan lah apamu |
kang kêna ing krikil |
dene kongsi sêmuwa |
blêg kaya wong arêp modar ||

24.

Ki Ripin guyu-guyu ngis |
matur ih tan wêlas mring ngong |
wong watu sakluwak banggalipun |
jare sakêrikil |
lah puniki watunya |
mak gamplêng polok kawula ||

25.

Kêmiri lêrês kang kêni |
biru èrêm amênyonyong |
sakit tan jamak kantos bingung |
mak pêt konang mijil |
pêtêng tan priksa tiyang |
wong kulit balung kewala ||

26.

(ng)Gènning tipis botên daging |
tan wande ing lampah bèjog |
sampeyan punika damêl butuh |
guyon sok nglarani |
Jayèngrêsmi wlas mulat |
sinamun kasmarèng ulam ||

588 Asmaradana

1.

Karênan dènnya ningali |
Jayèngrêsmi Jayèngraga |
nèng têmbinge kêdhung Bagong |
ulam gêng-agêng liwêran |
lumarap têlèrèpan |
bayakan atutut-tutut |
tandhikan awijah-wijah ||

2.

Jayèngrêsmi ngandika ris |
punika paman kaecan |
myat ulam nèng kêdhung Bagong |
mèh kakirên wêktu Ngasar |
pijêr mojar lêlahan |
suwawi paman awêktu |
gupuh kang samya liningan ||

3.

Samya ngambil toyastuti |
mêngandhap ing pakêdhungan |
pèrènging bang-bing kang èpèh |
sawusnya dènnira kadas |
samya awêktu Ngasar |
antara dangu bakda wus |
pêragat praboting sunat ||

4.

Kang tinuding wau prapti |
Jakêrti ing Galèk-wulan |
sarta sutanira gaco |
ambêkta samêktèng sêgah |
myang tumpêng pakan iwak |
rong jodhang pisuguhipun |
rampadan ulam dhêdharan ||

5.

Raga-mênggala agipih |
anguwuh kinèn mangarsa |
Ki Wijakêrti wor lunggoh |
kêpara lungse ing tuwa |
pênganggone gênêngan |
cara kuna sarwa kusud |
mung têkên tanpa gêgaman ||

Jilid 9 - Kaca : 244

6.

Jayèngrêsmi ngancarani |
kang kinèn kêparêng ngarsa |
lan ingong kang cêlak bae |
Ki Wijakêrti agêpah |
anyakap sêsalaman |
Jèngraga Kulawiryèku |
wèh salam mring kae tuwa ||

7.

Umatur atur pêmbagi |
raharjaning pêngampiran |
nimpar anèng kêdhung Bagong |
wontên kang pinujèng basa |
ing wingking kawiryanta |
ingkang kasêdya ing kayun |
pun kaki nuwun sinabda ||

8.

Lan pun kaki nênaosi |
sêkul lawuh sumapala |
mung parêrêming kalantih |
sêtètès wening dawêgan |
myang upakramèng ulam |
puniku sumangga katur |
dêlape pun kaki nistha ||

9.

Jayèngrêsmi ngandika ris |
ênggèh kaki ngong-têrima |
kusunging sih pamulene |
mring wong tirakat kêsrakat |
ran gus santri kewala |
dene sasanèng-ngong pungkur |
ing kêrajan Wanamarta ||

10.

Lêlana sêja ngulati |
saking patudinging bapa |
kinèn ngupaya jênêke |
kadang tuwa nimpar paran |
maha nis tan bayinat |
dadya ing lampah kêlantur |
sêjèngsun mring Lêmbuasta ||

11.

Mantuk sêmbèn ngampir-ampir |
mrih kêkaruh anèng paran |
supaya kathah sunate |
Ki Wijakêrti duk myarsa |
tyas marma lon turira |
lamun parêng sang abagus |
mugi rèrèh ing wismamba ||

12.

Jayèngrêsmi ngandika ris |
kaki aywa susah-susah |
sun-tarimèng sadèrènge |
wus kasêdya ing driyarsa |
wruha wrananing ulam |
ing kêdhung Bagong kêlangkung |
gêng-agêng ulame kathah ||

13.

Sarta tan kêna ingêpik |
kaki punapi marmanya |
mênawi wontên gotèke |
ki pêtinggi nambung basa |
kaki rika matura |
(n)dika bêrkat tiyang sêpuh |
kandhane kang kina-kina ||

14.

Ki Jakêrti matur aris |
inggih kandhane punika |
ulame ing kêdhung Bagong |
mila angkêre kêlintang |
tan kenging dan-alappa |
kêdhung Bagong duking dangu |
kina-kinane têlaga ||

15.

Winastan têlaga Sasi |
pêtamanan sri kawuryan |
lêlangêning putra katong |
ing Singasari narendra |
Harya di Banyakwulan |
tumêrah sêlaminipun |
têkèng Harya Menak Sopal ||

Jilid 9 - Kaca : 245

16.

Jênêk nèng têlaga Sasi |
sêsanèng taman mêrtapa |
sih mring ngon-ingon ulam loh |
tambra bancèr wira soca |
rêng-arêng lan giligan |
papar cakul bèkèl palang |
tanapi ulam lanangan ||

17.

Harya Menak Sopal nênggih |
tinêka dènnya mêrtapa |
barang kang kinêrsan dados |
kali Kêlampih pinudya |
anjog maring têlaga |
lajêng dados sirahipun |
kang bênawi pêlabuhan ||

18.

Satêngah wontên mastani |
sirah plabuhan punika |
sing ardi Jalêr clèrènge |
wetaning Kêdhiri praja |
tuture lèpèn Ujang |
angubêngi ardi Kêlut |
prênah salèr-kilènnira ||

19.

Duka-dalêm kang sayêkti |
lèpèn Kêlampih lan Ujang |
rêbat yêkti panêrkane |
Ki Kulawirya ris mojar |
ing mangke punapa-a |
kêdhung Bagong namanipun |
kadi-punêndi marmanya ||

20.

Ki Wijakêrti turnya ris |
inggih sawêg kula pajar |
duk Menak Sopal waune |
kukuwu anèng têlaga |
Sasi ngalama-lama |
nis marang dêlahanipun |
mèngkrat sampurnèng têlaga ||

21.

Musna lan salangênnèki |
ngumara anèng têlaga |
tan ewah kadya sabêne |
kluruking sawung abênan |
sênguk mêlunging gêmak |
swarèng gamêlan anguyu-uyu |
ngrangin pan piniyarsa ||

22.

Cêngkunging kêmpul yèn ratri |
swabawaning wong amayang |
kadhang lir suka rêramèn |
pangliking sindhèn sinênggak |
sênjata barondongan |
myang surake tri gumuruh |
kadya nalikane karya ||

23.

Mêkatên sêlaminèki |
wartining kang kina-kina |
sadaya tiyang Trênggalèk |
yèn wontên kang darbe karya |
mêmantu rowan-rowan |
anambut gamêlan sinung |
sêrancak rong rancak angsal ||

24.

Miwah praboting patani |
wastra kêling sêsampiran |
asêsaji ing sontêne |
enjing pinaran samêkta |
nèng pinggiring narmada |
binêkta sêkaliripun |
myang dhalang anilih wayang ||

25.

Tan wontên susahing janmi |
mêmantu nyilih gamêlan |
samya mriki pangungsène |
sadhengah kang siniliha |
apan antuk kewala |
raja-putrèn pan sinung |
kewala tan kacupêtan ||

26.

Milane dipun-wastani |
têlaga Sasi punika |
winastanan kêdhung Bagong |
dadya panêbaning gangsa |
myang sinung ulam kathah |
kèh-kèhing tiyang sênambut |
wontên kang mêlik culika ||

Jilid 9 - Kaca : 246

27.

Pinêndhêt barang sinilih |
kang culika tutumpêsan |
katêlah dêlasan mangke |
tan wontên wong pinitayan |
mutung wus cinukêngan |
mring kang mara-bumi kêdhung |
sêpriki tan kadya kina ||

28.

Mêkatên gêgotèknèki |
duk jênênge Menak Sopal |
inggih kala jaman cothèk |
ngluluri ka-angkêrannya |
ing mangkya (ng)gih têrkadhang |
tiyang kang kalilan sinung |
amêndhêt ulam punika ||

29.

Yèn tan sinung datan kenging |
nêrajang apêsing badan |
kathah kang janma wurung wong |
Jèngrêsmi suka ing driya |
Jèngraga Kulawirya |
myarsa andharing pitutur |
agênah pênggotèkira ||

30.

Ki Kulawirya ngling aris |
lah kaki saèngganira |
mèt iwak sawiji bae |
punapi tan dadi bahya |
Ki Wijakêrti turnya |
duka-dalêm kang puniku |
sumanggèng kêrsa kewala ||

31.

Jayèngraga lon dènnya ngling |
manira ngalap yuwana |
iwake ing kêdhung Bagong |
cinoba lamun sinungan |
lah mara Ripin sira |
ngambila iwak dèn-gupuh |
Ki Wirya nambungi sabda ||

32.

Ya bênêr Ripin dèn-aglis |
santri Nuripin aturnya |
kadospundi pamêndhête |
cinêpêng mangsi kenginga |
damêl pancing punapa |
coba pinakan karuhan |
manawi kenging cinandhak ||

33.

Yèn wontên ulam kang minggir |
mangka ginêdhig kewala |
ingkang gampil masalahe |
Jèngrêsmi alon ngandika |
kakang Raga-mênggala |
rika pakane dèn gupuh |
ingkang liningan asigra ||

34.

Amakan ulame warih |
amrutah tumpêng sêkawan |
ngawirya tri nulya ge |
samya amakani ulam |
suka dènnira tumingal |
gêmbira ulam sakêdhung |
samya rêrêbut ing pakan ||

35.

Koyol yêl-uyêlan tandhik |
amijah milar ngêlobak |
byah kabèh mêtu saking rong |
carub mor marupa-rupa |
gêng alit tanpa wilang |
tan kongsi kandhas kang sêkul |
pinangan ing ulam kathah ||

36.

Pan wontên ulam kêkalih |
amindu tan obah-obah |
sarupa nora anggape |
antêng wadêr wira soca |
[...] |
Jèngrêsmi mèsêm andulu |
ring wadêr ingkang dyatmika ||

Jilid 9 - Kaca : 247

37.

Angandika rum amanis |
kaki Jakêrti marmanya |
kang wadêr wira soca ro |
beda lawan ulam kathah |
antêng tan obah-obah |
sadaya samya andulu |
marang wadêr wira soca ||

38.

Dangu-dangu dèn-tingali |
kang wadêr ro wira soca |
sêkala salin warnane |
badhèr bang sisik kêncana |
mêncorong tiningalan |
sêdaya samya angungun |
kadya angêmu wahana ||

39.

Nulya ngambang wadêr kalih |
alon lêr awak tan obah |
antara musna tan katon |
sêdaya gawok tumingal |
nis-e kang wira soca |
Ki Kulawirya amuwus |
dospundi kaki punika ||

40.

Umatur Ki Wijakêrti |
inggih prayogi punika |
kados wontên wahanane |
kang lir sasmitaning ulam |
sawêg dugi-kawula |
langkung-langkung bêgjanipun |
enggal lamining kêpanggya ||

41.

Apan pênêd kang pinanggih |
kang samya andon tirakat |
idayat nèng kêdhung Bagong |
sukur angsal kanugrahan |
samya alon ngandika |
kaki pandonganirèku |
kang muga manggya raharja ||

42.

Jèngrêsmi mèsêm ngling aris |
Nuripin ngambila ulam |
ing kêdhung mênawa olèh |
iwak padha dhêdhawêtan |
Ki Wirya nambung sabda |
lah mara ta dèn-agupuh |
kinèn amèt minèng toya ||

43.

Apa gogo apa mancing |
sakarêpmu dèn-sêngaja |
prayoga nyêmplunga bae |
Nuripin sêmu kèwuhan |
rada jrih angkêrira |
dadya tingkah ala nganggur |
mancing pancinge cêngkolak ||

44.

Pinakanan ing wak pitik |
cinêmplungakên ing toya |
Ki Wirya sêndhu wuwuse |
edan Nuripin gêndhila |
têka (n)dadak sêmbrana |
dêdolanan ala nganggur |
sun banggal cocotmu nyênthak ||

45.

Nuripin kumrengkang ajrih |
pancinge cinaplok mina |
ing palung kêlangkung gêdhe |
Ki Nuripin gugup sigrak |
sinêndhal mak cakèkal |
sru alok hah olèh palung |
gêdhe tênèh mak gudêbag ||

46.

Samya gumuyu ningali |
iwak pinancing ing wilah |
gawok de têka kênane |
Ki Wirya gumuyu latah |
bilah dene digdaya |
kenthol Nuripin sirèku |
saiki mari gêndhila ||

47.

Jayèngrêsmi Jayèngragi |
suka tyasira tumingal |
tan nyana kêlamun olèh |
palung pinancing ing wilah |
Ki Kulawirya sigra |
muwus lah pancingmu iku |
kêbangêtên nora pakra ||

Jilid 9 - Kaca : 248

48.

Dak-dandanane sing bêcik |
pancinge nora prayoga |
kênure bêcik di-oyod |
bèn aja pêdhot sinêndhal |
wus dadya dinandanan |
ênya Pin iki wis kukuh |
cobanên manèh yèn angsal ||

49.

Nuripin mringis nampani |
pakane nulya pinasang |
cinêmplungakên pancinge |
laju sinarap ing mina |
sinêndhal gumalebag |
mêngkana sêdangunipun |
jêkak-jêkèk angsal mina ||

50.

Tan kongsi nyêndhal ping kalih |
sabên nibakkên sinarap |
pêpak olèh sawêrnane |
sisikan miwah lanangan |
Jèngrêsmi lon lingira |
uwis Nuripin ywa banjur |
wus akèh kang sira alap ||

51.

Nuripin mêksih amancing |
dèn-prênah-prênah ing mina |
sawiji tan ana nyenggol |
angalih minggir mantêngah |
Ki Wirya mojar nêntak |
hus wong edan (n)dadak (m)bêrung |
su buntung kêparat edan ||

52.

Dinukan tan idhêp wêdi |
andimêr wangkal apugal |
mrêrêm katon iwak bae |
Jayèngraga mèsêm nabda |
nyata dhêmên mèt iwak |
layake pusak sirèku |
dene srêpan amèk mina ||

53.

Kang paman aris nauri |
wus karuhan iku pusak |
malah kakèhan pusake |
alis idêpe ya pusak |
alis dhe-sih sisihan |
jenggote muwêr lir jêmbut |
jumêbêng pating salewar ||

54.

Iya kenthol bagus Ripin |
mulane jênêng si Pusak |
dene kèh bêng-ubêngane |
gêr ginuyu ing kathah |
Ki Nuripin anjola |
jinangkar jênênganipun |
angêcêmut palèrokan ||

55.

Ki Kulawirya ngling malih |
hèh Ripin dhèk biyèn ika |
kowe dèn-lolohi lele |
marang (n)jêng kyai genea |
Nuripin aturira |
o inggih kala rumuhun |
kawula duk mêksih bocah ||

56.

Kêlawan Ki Basarodin |
kala dèrèng dados ibah |
mêksih nama Dulrajak-e |
dados lurah athak-athak |
lurah botên mumulang |
rèhning kasihan ing guru |
kêrênge botên kêjamak ||

57.

Mung mêthès santri kon ngêmis |
sadintên sontên yèn prapta |
kinumpulkên sal-angsale |
tinêdha sadayanira |
kadhang santri tan uman |
myang santri kinèn nênawu |
suwakan ngayap misaya ||

58.

Kula sring kinèn amancing |
mring lèpèn miwah bêlumbang |
lamun angsal janji paron |
tan kaur ngaji sêmbahyang |
pijêr amêndhêt ulam |
pêngulu tan milu-milu |
mung nênggani anèng wuntat ||

Jilid 9 - Kaca : 249

59.

(n)Jêng Kyai rêmênèki |
ngingu lam dene Ki Basar |
doyananipun iwak loh |
kula sring kinèn mancinga |
bêlumbang linarangan |
marang (n)Jêng Kiyai guru |
bêlumbang masjid punika ||

60.       Kathah angsal-kula mancing |
sabên kula tinimbalan |
datan kêpanggah-kêpanggèh |
puniku nuju konangan |
(n)Jêng Kyai langkung duka |
kaya tèngkèk bocah iku |
nglêburi iwak bêlumbang ||

61.

Dulrajak lumayu gêndring |
(n)Jêng Kyai nuduh mring kanca |
kinèn nyêpêng mring kula ge |
tinubruk tiyang sêkawan |
(n)Jêng Kyai angandika |
lèhe iwak lele iku |
jujokna cangkême pisan ||

62.

Tan ngaji kêtungkul mancing |
gya kanca santri angrêncak |
sêkawan samya angêbyok |
tan nyana lamun têmênan |
kula sêngguh gethokan |
kawula ginrêjêg purun |
linolohan lele mêntah ||

63.

Bancolipun kanca santri |
(n)dadak nglolohi têmênan |
lelene amatil tênggok |
camêprut kula anjêngat |
butul maring gorokan |
sru ambêngok biyang-biyung |
(n)Jêng Kyai wêlas tumingal ||

64.

Gupuh-gupuh kèn-ngulapi |
lelene kang anèng têlak |
kongsi butul matil tênggok |
lajêng rinogoh kewala |
lele miring nèng têlak |
dinudut patil kang butul |
sisihipun cêngkrok têlak ||

65.

Anyênthak kula anjêlih |
lelene enggal sinêndhal |
ilat cêthak sami kèkrèk |
gogodrès ngêmu ludira |
(n)Jêng Kyai timbalannya |
modar kowe karêpamu |
bocah (m)bêlêr kaya lingsang ||

66.

Mila katêlah samangkin |
gèthèke tênggok kawula |
kang myarsa gumuyu kabèh |
Jayèngrêsmi lon ngandika |
Nuripin iwakira |
iya lèhmu mancing iku |
bakarên bae lawaran ||

67.

Raga-mênggala agipih |
lan gaco ing Galèk-wulan |
gupuh dhodhok sabature |
dadèk gêni manggang ulam |
sadaya binakaran |
wus matêng sêdayanipun |
Ki Wijakêrti turira ||

Jilid 9 - Kaca : 250

68.

Sumangga amba-aturi |
anadhah kang sumapala |
kang ingaturan nulya ge |
samya wanting wiwijikan |
anadhah pasugata |
kêmbul bukti katrinipun |
ulam anyaran dhinahar ||

69.

Kêlangkung pikantuk bukti |
raosing ulam kêbina |
anyir wus kadya binumbon |
mèh têlas satugêl sèwang |
saking ing raosira |
antara samya anutug |
luwaran dènnya anadhah ||

70.

Raga-mênggala Nuripin |
sami anyarik pisêgah |
sêdaya linorodake |
sinung pra pawingkingan |
kupêng nadhah lorodan |
dadya kalih (ng)gon akêmbul |
dènnya mangan ting kucapah ||

71.

Anêmên pêmanganèki |
kabèh ngrasakkên ing iwak |
sinambi mangan angomong |
ya talah nora kêjamak |
rasane luwih enak |
lan sakèhing kang iwak luh |
kali kalèn kana-kana ||

72.

Gurihe lir dèn-bumboni |
ambakna ngong Galèk-wulan |
lagya ku wêruh rasane |
ing kêdhung Bagong iwaknya |
enake tanpa timbang |
kaya mokahêna untu |
samya gumuyu kang mangan ||

73.

Wong rolas samya ngijèni |
lali lawuh saking desa |
anungge ulam loh bae |
anutug dènnira mangan |
warêg kongsi tan têlas |
samya kuwarêgên nyêmpluk |
wadhuke kang padha mangan ||

74.

Nuripin mêksih nêmêni |
sisane kang sami mangan |
sêga myang kêlaprutane |
krowot rinakut pinangan |
carup srundèng lan upa |
ramut ri ngalêthak balung |
Ki Kulawirya sru mojar ||

75.

Hus kêblak cicir Nuripin |
thèthèkan nglêthêg thèthèlan |
wis pancène nisthakake |
lir sajêge tan kaopan |
anggêmêti rèwètan |
bacot ngiras dadi kêlut |
rêsiki upa kang gêdrah ||

76.

Gumuyu kang samya myarsi |
Ki Wijakêrti ris mojar |
(ng)gih pênêd tinêlasake |
tanggêl owêl dados sisa |
sampun isin nèng têba |
wong warêg watêpuk kètu |
arosa lumakwèng paran ||

77.

Nauri (ng)gihipun inggih |
yèn ta sampun drawoloa |
jrih dinukan mêsthi ngêlèh |
niku kenthol Kulawirya |
sok (n)dukani wong mangan |
nora nglumuhi batur |
balung usus otot ilat ||

78.

Ki Wirya gumuyu angling |
pa wis gêmês lèhmu (n)dilat |
lan apa enak iwake |
umatur pan inggih eca |
anyir tanpa sêsama |
sajêg ngong nêdha ulam luh |
tan lir punika raosnya ||

Jilid 9 - Kaca : 251

79.

Ki Kulawirya nauri |
ya wong mono kowe setan |
wong wong-wongan dudu uwong |
sêdaya gumuyu suka |
Nuripin ginaguywan |
Jèngrêsmi ngandika arum |
paman suwawi asalat ||

80.

Sampun manjing wêktu Mahrib |
anulya samya akadas |
Nuripin adan tumlawong |
wusnya sunat nulya kamad |
antara pêrlunira |
bakda wabin lajêng wêktu |
Ngisa antara wus bakda ||

81.

Atota dènnira linggih |
nyamikan lumadyèng ngarsa |
samya ngalap sasênênge |
pinurutah marang wong kathah |
karya cagak lèk-lèkan |
mêngkana sêdangunipun |
wus dalu samya karipan ||

82.

Atata pating gulinting |
Jayèngrêsmi Jayèngraga |
katri Ki Kulawiryane |
adhikir kêlangkung rahab |
Nuripin sore mula |
dènnira turu anglugur |
ngalindur bêngok gêmboran ||

83.

Kang turu kagyat atangi |
ting jêngèlèk samya tanya |
niku napa-a baguse |
ingoyog ginugah-gugah |
gya tangi guragapan |
Ki Wirya gumuyu muwus |
Ripin iku katon apa ||

84.

Umatur inggih kaèksi |
tiyang gêng alit kèh prapta |
briga-brigi yun ambêlèh |
kang arsa mênthung anjambak |
ngagag (m)bithi anêkak |
manah kula kagum-kagum |
nêdha tulung tan bisobah ||

85.

Ki Kulawirya ngling (m)bêkis |
wong jêblog tan kira-kira |
mundhak bêtah (n)dhêkok ngorok |
wis ta mêlèka kewala |
matur (ng)gih pun tilêman |
ngêliyêp malih anglindur |
angrêruntuh bêraokan ||

86.

Ginugah nulya nauri |
mêksih mêlêlêng anendra |
Ki Kulawirya têtakon |
krêp tindhihên ana apa |
Nuripin aturira |
kêtingal tiyang gumuyu |
gêng alit sêpirang-pirang ||

87.

Ngajak guyon ngilik-ilik |
lajêng bêngka badan-kula |
mripat kula mêlak-mêlèk |
e lah sirèku bakalan |
kalap kapundhut danyang |
kèndêl sadhela anglindur |
gêro-gêro gêragapan ||

88.

Ki Wirya gumuyu (m)bêkis |
hus Cêblung kêparat edan |
ambakna nglindur anglênyèh |
ijèh nyêngoh amêncangah |
têkan nglindur tan lumrah |
lumrahe wong nglindur turu |
iku wong mêlèk warasan ||

89.

Tindhihên sru angrêrintih |
umatur inggih wikana |
akathah têmên kang katon |
mêngkana sawêngi pisan |
nèng sela kumalasa |
tan lêt sadhela anglindur |
Nuripin kaku tyasira ||

Jilid 9 - Kaca : 252

90.

Kêrêpên dènnya kathindhih |
tan milih mêlèk turua |
Ki Ripin nangis (ng)gêlolo |
angalih panggonan mêksa |
kêtindhihên kewala |
akêbut nêbut (n)dharudhut |
tindhihên adêg-adêgan ||

91.

Sêdaya tan antuk guling |
(ng)guguyu mring Ripin dènnya |
tindhihên tan ana lête |
samya (ng)guyu-guyu samar |
mênawa kêbanjura |
anglamong kêna ing kêdhung |
Bagong angganggu wong anyar ||

92.

Ing wanci wus bangun enjing |
Jayèngrêsmi lon ngandika |
suwawi paman a-Suboh |
utami mupung sih awal |
lan Nuripin supaya |
mêndha dènnira anglindur |
kêlangkung kawêlas-arsa ||

93.

Kang paman miwah kang rayi |
samya trangginas akadas |
wus ngambil hèr astutine |
mêngkana kang cinarita |
Nuripin wusnya kadas |
matane mari bariwut |
nulya adan angalikan ||

94.

Kang sunat gya angamati |
angangkat pêrluning salat |
Subuh antara bakdane |
anutug puji dhikirnya |
pêragad numpa donga |
sêlawat sêsalaman wus |
Jayèngrêsmi angandika ||

95.

Lah wus kaki Wijakêrti |
lawan kang Raga-mênggala |
kewala wangsulèng kene |
manira yun lumaksana |
marang ing Lêmbuasta |
kang liningan lon umatur |
lir kukila andon wohan ||

589 Dhandhanggula

1.

Lamun parêng kawula umiring |
ing saparan kêdah atumuta |
marang ing Lêmbuastane |
Jèngrêsmi lon amuwus |
pan wus sangêt têrima-mami |
mungguh laku tirakat |
prayogi kang samun |
tan sigug rasaning lampah |
panguntape lampah wus têrima mami |
sakèhing kang sih-marma ||

2.

Lan wus pêdhak kang kasêdyèng kapti |
ingkang liningan sumanggèng kêrsa |
tan lênggana sapakone |
Jèngrêsmi malih muwus |
kang pêtinggi kaki Jakêrti |
sami andum waluya |
kewala ngong laju |
nulya samya sêsalaman |
gantya-gantya wusnya (n)dan mangkat tumuli |
sah saking pakêdhungan ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (15a) Kaca 232 - 242
  • (16a) Kaca 253 - 264 >