Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 12

Kontak Admin.

email-kidemang

 (08a) Kaca 39 - 50

 

( Jayèngrêsmi rêraosan kalihan Kulawirya )

III. Pahargyan ngundhuh têmantèn.

1. Dêmang Prawirancana gadhah niyat ngundhuh têmantèn dhatêng Trênggalèkwulan. Jayèngrêsmi nyuwun, supados pahargyan wontên ing Lêmbuasta kemawon. Sêdaya sami rujuk. Ngundhuh têmantèn ing Lêmbuasta kanthi ngaturi pirsa priyayi ing Panaraga tuwin sanak sadhèrèkipun Prawirancana, mila sakêlangkung rowa. Sadaya ubarampening pahargyan kadhatêngakên saking Trênggalèkwulan. Bagoran kasambêt wayangan Krucil, dhalang Ki Mênthak. Kidang Wiracapa nêrangakên bedaning raosipun ringgit Krucil lan ringgit Purwa cundhukipun kalihan ngèlmu kakekat lan makripat.

Para tamu katêtêpakên papan panyipênganipun. Kidang Wiracapa nglajêngakên ambabar ngèlmu dhatêng Kulawirya ngantos dumugi bab carêmêdan kacundhukipun kalihan ngèlmu.

Kocap Rara Widuri sakêlangkung rakêt-rumakêt kalihan Jayèngraga ngantos mèh botên kenging pisah. Napsunipun salulut anglangkungi, bêtèkipun prawan sampun radi lungse. Makatên wau ngantos damêl kirang panujuipun Jayèngraga.


Kaca 39 – 50

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 10 - Kaca : 39

606 Jurudêmung

4.
Nèng (n)jaba sompok cawingah |
tan bêcik bukti kadalu |
kang garwa alon umatur |
sumangga punapa karsa |
paran sadaya wus ramut |
Ke Kidang Wiracapa jar |
nyarani sadayanipun ||

5.
Suwawi sami malèmbang |
maring wisma pênèdipun |
kang samya sinung ling matur |
sumangga punapa karsa |
kèrid mring wisma sadarum |
Jèngrapa sang pinangantyan |
lan kang garwa jajaripun ||

6.
Ke Kidang lon angandika |
lah Widaryati sirèku |
kêmbula lan nakirèku |
(m)bok Bèi Prawirancana |
lan pra wadon dhi-adhimu |
kabèh nakmu (ng)Galèkwulan |
kêmbula sami akêpung ||

7.
Kang liningan tan lênggana |
sadaya sami tuturuh |
gya lêkas nadhah sadarum |
Ni Widuri lan kang raka |
Jayèngraga dènnya kêmbul |
kadya mimi lan mintuna |
samya sih siniyanipun ||

8.
Pan kantun panadhahira |
Ke Kidang Wiracapèku |
ngandika mring arinipun |
e e ya bênêr kèlingan |
Nuripin lan kang Pangulu |
Asradênta timbalana |
jak mangan kene dèn-gupuh ||

9.
Ki Wirabajra gya prentah |
kinèn nimbali pangulu |
tan antara praptanipun |
Nuripin lan Asradênta |
Ki Dêmang angling gumuyu |
mara banjura kewala |
wisuh abacuta kêmbul ||

10.
Agupuh ingkang liningan |
Nuripin mangan athêkul |
kêpêle gêdhe krêp muluk |
ginuyu ring Kulawirya |
caplag-caplug nora runtuh |
ngling hêng niki prandènnira |
taksih sangêt kawonipun ||

11.
Lan kang Ngulu Asradênta |
puluk pintên kathahipun |
ing mangke kantênanipun |
Ki Wirya aris amojar |
wus nekat bae sirèku |
sadaya kang sami myarsa |
mring Nuripin angguguyu ||

12.
Guyune nora ngartika |
mung gumuyu dènnya muluk |
calêputan lir wong ngêrbut |
yata kang samya anadhah |
pikantuk antara tutug |
samya wanting wiwijikan |
luwar dènnira akêmbul ||

13.
Ki Pangulu Asradênta |
wuse luwaran sadarum |
dhuwêt prigêl anjupuk |
kacune amba binabar |
dèn-amrih ambêrkat sêkul |
Asradênta kadumêlan |
sarwi ulate malêruk ||

Jilid 10 - Kaca : 40

14.
Ambakna mangan tan kaprah |
iwake kang enak gêmpur |
apa tan (n)dalinding murus |
wêtênge iku kaya pa |
Nuripin nauri nyamuk |
sarwi ngêmil (ng)gadho iwak |
lah apa ta kang pangulu ||

15.
Jarku apa-dene nyata |
ngêlar jajahaning kacu |
ngrupak jajahaning bumbu |
Sradênta angoso mojar |
kèh têmên parikanipun |
kongsi tan dhêngêr satuma |
nora kaop wong abusuk ||

16.
Ingong wong tan talatènan |
mulya ambundhêli kacu |
gêr ginuyu wong sadarum |
pangulu mulih ambêkta |
bêrkate sakacu munjung |
santri Nuripin alatah |
kang pangulu jarene busuk ||

17.
Wong pintêre kalintêran |
angingkut rampadan bucu |
saya rame kang gumuyu |
Kae Kidang Wiracapa |
kalangkung suka tyasipun |
myating Ripin Asradênta |
ginujêng winoran wuwus ||

18.
Ya ta lah si Asradênta |
lèh tandhing dènnya kakancuh |
têmua padha pangulu |
Basarodin iba-iba |
condhonge paguywanipun |
sun-mulat si Asradênta |
eling kancane si Bawuk ||

19.
Kèngêtan kakang Rundaya |
têkone bisa mèt kalbu |
èsêman tan watak rêngu |
kabuka lungiding driya |
sinojar rowangnya dangu |
kaladuk maksih nonoman |
kanthinira angguguru ||

607 Kinanthi

1.
Wusira samya tuturuh |
kang samya kêkêmbul bukti |
ambêngnya wus cinarikan |
sinungkên marang pamburi |
waradin jalwèstri ngandhap |
nulya dhadharan mangarsi ||

2.
Sangkêpnya nyamikanipun |
wowohan kang adi-adi |
miwah kang olah-olahan |
mawarna-warna mênuhi |
Kae Kidang Wiracapa |
nyarakkên dhaharanèki ||

3.
Wawi dhaharan wong nganggur |
sasambèn pangusap amis |
ingkang liningan nor-raga |
angalap sasênêngnèki |
Kidang Wiracapa mojar |
mring Dêmang Wirancanèki ||

Jilid 10 - Kaca : 41

4.
Ing mangke sutanirèku |
wayah kula ni Widuri |
wus panggih lan Jayèngraga |
tan ana winalang-galih |
atut dènnya palakrama |
punapa sakadarnèki ||

5.
Yèn arsa angunduh mantu |
yèn wontên panadarnèki |
sakarsanta nakmas dêmang |
kula jumurung ing kapti |
Wirancana aturira |
marang kang paman Ngabei ||

6.
Lamun pinarêng ing kayun |
putranta kalihe sami |
kaundhuh mring (ng)Galèk-wulan |
sakadar kula nglujêngi |
supaya samya uninga |
sanakipun agêng alit ||

7.
Manawi sagêd anuduh |
sung uning ing Pranaragi |
kilap kathah kêdhikira |
manawi wontên kang prapti |
inggih ing dalêm sapasar |
pangundhuh kula pangantin ||

8.
Ke Kidang Wiracapèku |
ngling mring putra Jayèngrêsmi |
anak puniku karsanya |
rakanta Wirancanèki |
sakadare milu nadar |
sakadare rèhning siwi ||

9.
Jèngrêsmi alon umatur |
inggih kadipundi malih |
wratipun rèh ing susuta |
sawiji amangun krami |
botên maibên ing karsa |
nging atur kawula kêdhik ||

10.
Sarèhning lampah kawlas-yun |
nglampahi têdah sudarmi |
ngalaya wana wulusan |
ngupaya kadang lana nis |
kasrakat samarga-marga |
labêt kingkining sudarmi ||

11.
Ing mangkya têmahanipun |
putranta Ki Jayèngragi |
sumêne nèng Lêmbuasta |
paguting among akrami |
saking gung bêrkah paduka |
datan sagêd amangsuli ||

12.
Panuwun-kula anêngguh |
krana lah-ipun kang ngèlmi |
lamun nêlaskên ing karsa |
tan ana têlasirèki |
nuwun pupusên narima |
kawula tanta mêndhiri ||

13.
Karya wèng-wèng ing pituduh |
manawi kita amanggih |
halade sudarma ngarang |
dadya tan minulyèng dhiri |
pintên banggènipun benjang |
kawula nêlaskên kapti ||

14.
Ing mangke kawula nuwun |
yèn parêng kakang Ngabèi |
putranta sakaliyan |
ywa kongsi lèngsèr sing ngriki |
wontêna karsaning kakang |
Ngabèi Wirancanèki ||

Jilid 10 - Kaca : 42

15.
Sumangga sakarsanipun |
ngriki kewala prayogi |
cêkap sakadare kakang |
pikantuk kalih prakawis |
asimpên dhatêng kawula |
kajad sidêkah dumugi ||

16.
Ke Kidang Wiracapèku |
Mas Dêmang Wirancanèki |
kèndêl ka-awêran sabda |
Ke Kidang Wiracapa ngling |
punika anakmas Dêmang |
karsane anak Jèngragi ||

17.
Yèn kongsia sugun-sugun |
angundhuh mantunirèki |
binêkta mring (ng)Galèk wulan |
tan parêng amungna ugi |
sidhangsiring mrih paedah |
sami cêkapipun ugi ||

18.
Pinikir sapênêdipun |
ywa suwala ing panggalih |
karsane rinta anakmas |
sakèdah tan amangêni |
kewala nèng Lêmbuasta |
sakayun anak Ngabèi ||

19.
Mas Wirancana umatur |
inggih kalangkung prayogi |
sakarsa-karsa yayimas |
kawula sampun dumêling |
saraosing pangandika |
-nipun yayi Jayèngrêsmi ||

20.
Yèn makatên pênêdipun |
kawula anuwun pamit |
lajêng badhudhak kewala |
anèng ing Lêmbuastèki |
tan mantuk ing (ng)Galèk wulan |
sami ing Lêmbuastèki ||

21.
Ke Kidang Wiracapèku |
gumujêng awuwus aris |
asukur anakmas Dêmang |
ing galih suka basuki |
tan pae ing (ng)Galèk wulan |
lawan ing Lêmbuastèki ||

22.
Punapa sakarsanipun |
ramèn sasêmbèn pan dadi |
kawula lumah sumarah |
sumangga anak Ngabèi |
yèn karsa mangun kasukan |
nèng Lêmbuasta prayogi ||

23.
Mas Dêmang Wirancanèku |
gumuyu turira aris |
lamun kawula kalilan |
sakayun-kayun ing ngriki |
anyipta sami kewala |
ing ngrika lawan ing ngriki ||

24.
Anulya nolèh ing pungkur |
mring kadang miwah para ri |
sarwi alon angandika |
sira Mancanapurèki |
kalawan Singabancana |
Wisancana Wiryanjani ||

25.
Lan Mangunjana sirèku |
padha muliya mring (ng)Galik |
ruktia rumating karya |
pawong sanak batur-mami |
saluwaking (ng)Galèk wulan |
mangsa-bodhoa sirèki ||

Jilid 10 - Kaca : 43

26.
Galondhong pangarêngipun |
apa sangkuling pakarti |
têkakna ing Lêmbuasta |
manirarsa mangun-kardi |
ya ing dalêm pitung dina |
ywa kongsi kantu ing kardi ||

27.
Lan sira angsunga wêruh |
marang kitha Pranaragi |
sanak-sanak kang nom tuwa |
manawa arsa udani |
gawene palunanira |
anèng ing Lêmbuastaki ||

28.
Nuduha bae kang mungguh |
mring wong kutha angsung tulis |
ywa cotho karyanta matah |
pangrèhmu barang wong cilik |
lamun wus samya samakta |
angkatna marene nuli ||

29.
Srahna mring pamanirèku |
Wirabajra sadayèki |
tuwin ring (m)bakayunira |
patute kang maring èstri |
gawanên gamêlaning-wang |
pelog lawan carabali ||

30.
Iya sawiyaganipun |
yèn ana kalalèn mami |
rampunga ing sira padha |
umatur kang para ari |
inggih anuwun sandika |
kula kaangkah pribadi ||

31.
Sigra samya nêmbah mundur |
(m)bok Wirancana ngling aris |
mêngko ta Mancanapura |
mrenea ingsun mamêling |
patanènne pulunanta |
saisine sadayayèki ||

32.
Duwèke pribadinipun |
anakira Ni Widuri |
usungên mrene sadaya |
anèng pêthi bae aglis |
pêthiku kalima giwang |
lan prabot pawon ywa kari ||

33.
Wong lanang wadon sadarum |
kang bakal anambut-kardi |
lan kang kari tunggu wisma |
gilira ing sabên-ari |
dene kang bisa lah-olah |
kon tugur ana ing ngriki ||

34.
Yèn ana kuranganaku |
mangsa bodhoa sirèki |
amatur Mancanapura |
inggih sampun walang-galih |
punapa sampun rampunga |
(m)bakayu pitungkasnèki ||

35.
(m)Bokmas Wirancana muwus |
pènjèn barsiyan ywa kari |
karana ngêring wisma |
lan apa manèh kang kari |
lah ya wis sira mangkata |
sigra lèngsèr saking ngarsi ||

36.
Samya kakapalan mamprung |
kang sami lancaran mulih |
yata kang kari alênggah |
Ke Kidang Wiracapèki |
ngandika mring Wirabajra |
wong abagor iku mèh wis ||

Jilid 10 - Kaca : 44

37.
Hèh Wirabajra sirèku |
ngundanga dhalang kalithik |
si Mênthak apa nèng wisma |
kang rayi amatur aris |
inggih wontên pagamêlan |
tumut nabuh dangunèki ||

38.
Lah konên mundhut dèn-gupuh |
kothak gawangane nuli |
mêngko bubaring topèngan |
banjur trêp gawanganèki |
ywa kasuwèn kantunira |
enggal lêkasa ngalithik ||

39.
Ingkang liningan agupuh |
gya panggih dhalang kalithik |
dhinawuhan kinèn mayang |
Mênthak tur sandika nuli |
ngambil pakothakanira |
tan adangu nulya prapti ||

40.
Wau kang ambagor tapuk |
praptèng wawêkasanèki |
gêndhing manyura Prit-cowang |
Ki Nayakênthi ngêthaki |
suwuk gya muni kêrêpan |
wong nonton bubaran mulih ||

41.
Ing wanci surya sadhawuh |
nuli trap gawangan ringgit |
tinilam sri sinampiran |
ing wastra kêling mawarni |
cindhe tigasan sabunan |
lan polos solok palangi ||

42.
Samboja kalawan pêlung |
mbutan limur caculin |
wus rumat amajang-giwang |
dhalang gya amanggung ringgit |
pra bagor pasrah busana |
Wirabajra kang nampèni ||

43.
Tiniti jangkêping etung |
ngaturkên ing Widaryati |
tinampan sadayanira |
sigra kinèn angisisi |
Kae Kidang Wiracapa |
nimbali Ki Nayakênthi ||

44.
Kang tinimbalan agupuh |
mrih cêdhake ngambil picis |
tan dangu katuring ngarsa |
pinundhut marang ngabèi |
lah wang iki Wirabajra |
paringna si Nayakênthi ||

45.
Nulya pinaringkên gupuh |
matur nuwun Nayakênthi |
Jèngraga nambung wacana |
hèh sira Ki Nayakênthi |
si Wukir lawan si Laba |
yèn wus aso olèh guling ||

46.
Nuli kon bali malêbu |
umatur Ki Nayakênthi |
sandika lèngsèring ngarsa |
dhinawuhan kang tinuding |
kalihe matur sandika |
nulya pinaringan bukti ||

47.
Lawan saniyaganipun |
ingingonan sadayeki |
warata tan ana kurang |
warêg-warêg malah luwih |
akathah ingkang binarkat |
luwaran kabèh kang bukti ||

Jilid 10 - Kaca : 45

48.
Pra bagor luwaran mêtu |
kang ngirit Ki Nayakênthi |
myang kang nonton mèlu bubar |
samya ngrubung Laba Wukir |
wong tuwa randha wulanjar |
parawan myang rare alit ||

49.
Si biyang tumut ngarubung |
ngurung-urung Laba Wukir |
baya bangêt sira sayah |
ting carêluk Laba Wukir |
kanan kering wuri ngarsa |
hèh si Laba hèh si Wukir ||

50.
Kèh wèwèh kambi lumaku |
mring Laba lawan si Wukir |
ting jarawil sêm-èsêman |
mrih ngalap Laba lan Wukir |
kongsi linut marang wisma |
yata kang amanggung ringgit ||

51.
Gya talu kêrêpan cêngkung |
anggantêr kêmpulirèki |
wus antara talunira |
kêndhange ngaplak nyalahi |
wus suwuk patalunira |
Ke Kidang Wiracapèki ||

52.
Alon dènnira amuwus |
hèh sira Wirabajrèki |
dhalange cothèk si Mênthak |
nuli kon lêkas ngalithik |
lêlakone Damarwulan |
nulya dhinawuhan aglis ||

53.
Umatur sandika gupuh |
Ki Mênthak nulya ngêthaki |
gêndhing Kabor kang minulya |
pangarêp gêndèr lan suling |
nora nganggo gambang rêbab |
wus carane wong ngarucil ||

54.
Kalangkung asri dinulu |
tontonane kang muryani |
adi-adining tanggapan |
tan kadya wayang Karucil |
tinimbang lan wayang Purwa |
maksih alangên karucil ||

55.
Jêjêre ingkang cinatur |
Prabu-kênya Majapahit |
Ki Mênthak lungguh andhangak |
leyangan kothak ngêthêki |
angêrêpakên gamêlan |
amungguh panjaturnèki ||

56.
Carita jêjêring ratu |
karta-kartining nagari |
myang panjang-punjunganira |
tan wus ujaring Kalithik |
Kae Kidang Wiracapa |
ngandika mring Jayèngrêsmi ||

57.
Lan maring Kulawiryèku |
anakmas Ki Jayèngragi |
sami-sami tatanggapan |
yèn pinrih raosing ringgit |
kaot lawan ringgit crêma |
lilaban raosing ngèlmi ||

58.
Miwah jawi lêbêtipun |
nging tan ilang namanèki |
wayang lawan wawayangan |
pulas lan têgêsing ringgit |
tan kadi wayang conthèkan |
Krucil binêcik agampil ||

Jilid 10 - Kaca : 46

59.
Jèngrêsmi mèsêm tumungkul |
Ki Kulawirya ngangsêgi |
sadaya samya nor-raga |
Asradênta lan Nuripin |
myang Ke Dêmang Wirancana |
anêsêg dènnira linggih ||

60.
Jayèngrêsmi lon umatur |
liripun kadi-punêndi |
Ki Wuragil nambung sabda |
inggih paduka jarwani |
Ke Kidang Wiracapa jar |
lah ênggèh adhi Wuragil ||

61.
Kang kinarya wayang-kayu |
mila ran wayang karucil |
têgêse cêthèk ngalela |
bangsa karucil pan cilik |
dene tanggaping wibawa |
tanggaping kawula alit ||

62.
Krana tan mawi sisiku |
wisma tan ana winingit |
malah lumaku katona |
duwèke jroning wismeki |
sabab amêdhar kêkêran |
tan warana aling-aling ||

63.
Yèn mungguh dhauping ngèlmu |
kakekat makripat nênggih |
angegla pangèglèhira |
tan pae (n)jaba jronèki |
pangulataning Hyang Suksma |
angganya angayu-aking ||

64.
Ngalithik wayang awuyung |
tan kêlir saraking Nabi |
akêlir jagad gumawang |
nora liyangan pra siddhi |
angêkakakên priyangga |
tan anggayuh Maha Sukci ||

65.
Nucèkkên ing dhawakipun |
panglelanira Hyang Widdhi |
tan papeka ing pangegla |
sêmune kayu ngrakêti |
sipate kayu tulbêla |
rokin pikadimbi bakin ||

66.
Puniku pasêmonipun |
kakekat kang muslim suci |
Ki Kulawirya alatah |
nora jamak kang ngabèi |
wus nora kewuhan murat |
barkat ngulama priyayi ||

67.
Nuripin sru nêngan muwus |
kang Sradênta wontên angling |
bab ningali wong andhalang |
pan ilang amalirèki |
kawandasa ri lamanya |
ujare kang sami modin ||

68.
Nak dhalang lan anak kaum |
nak dhalang dèn popoyoki |
tutur mring bapakne dhalang |
ki dhalang ayun pinanggih |
apan kang aduwe ujar |
anulya samya papanggih ||

69.
Ki dhalang lawan ki kaum |
kaume adrêng ngaranni |
sadhengah wong nonton wayang |
nir ngamale patpuluh ri |
ki dhalang nauri ujar |
witning wong tan nonton ringgit ||

Jilid 10 - Kaca : 47

70.
Nir ngamale sajêgipun |
tan ana wangênanèki |
puniku kang Asradênta |
liripun kadipunêndi |
ki Asradênta anjola |
ngling wikana tan udani ||

71.
Dandanan pancèn wong cubluk |
kang botên-botên ingangling |
Kae Kidang Wiracapa |
ngling paron ko(k) wuwus Ripin |
Ki Nuripin wuwusira |
gumuyu Kulawiryèki ||

72.
Hi hi Nuripin umatur |
calak cêmplak anyunyulik |
madêr pèthèk mudhik dhawak |
Ki Kidang Wiracapa ngling |
pan sarwi gumujêng suka |
dhi Ragil lêrês pun Ripin ||

73.
Botên wontên sikunipun |
tiyang takabuling ngèlmi |
barkat santri Wanamarta |
gumêgêg rasaning ati |
ambakna jar balasaran |
anggathok pilih kang uning ||

74.
Tan anèng (ng)gonning pangulu |
kang sira takokke Ripin |
ênggonne nèng santri moyang |
kang wuyung marang Hyang Widdhi |
manira duga kewala |
kang sira ucap Nuripin ||

75.
Wong anom wajib (ng)guguru |
ing ngèlmu kang lukak-lukik |
mrih mustakiking Pangeran |
mangkene kiraku Ripin |
wong anyêgah nonton wayang |
nir imane sajêgnèki ||

76.
Tanpa dadi ngamalipun |
sabab imane wus ênting |
bêtèke anonton wayang |
kêdah wruh cêrma lan cêrmin |
Ki kulawirya alatah |
myarsa mojare ngabèi ||

77.
Kang myat sadaya andhêku |
Ke Kidang Wiracapa ngling |
puniku dhi Kulawirya |
sasurupane kang ngèlmi |
pêrlune anonton wayang |
kêdah wruh cêrma lan cêrmin ||

78.
Cêrmin sucining Hyang Agung |
gaib langgênge pribadi |
lambar jatining manungsa |
sarupa lan rupanèki |
hakiki tigang prakara |
Allah Rasul Muhamadi ||

79.
Tri prakara pan wus suhul |
dhadhalang myang Maha Sukci |
Rasul kang anonton wayang |
Mukhamad kang anèng kêlir |
solah bawaning ki dhalang |
suhuling dhalang Mah Sukci ||

Jilid 10 - Kaca : 48

80.
Suhule ingkang andulu |
mring dhadhalang saha ringgit |
ki dhalang karya kaulan |
ing dalêm sawiji ringgit |
tinimbuh saking pangaksa |
mulyane ringgit ing nèksi ||

81.
Mulyane Jêng Mukhamaddun |
kalawan rasullilahi |
wus tan kêna pinaeka |
sabitah wabin kabinil |
sawêg awagan kewala |
langkung manjade pribadi ||

82.
Lungiding graitèng kalbu |
kabuka kabuling ngèlmi |
bedane wong nonton wayang |
nir ngamal patpuluh ari |
punika gagapan kula |
dhi Ragil Kulawiryèki ||

83.
Yèn datan pisan andalu |
ing cêrmin wayang mahsukci |
dadya nimpanging graita |
tan manjad maring kajatin |
andêlêng cêrma walulang |
gudèl gudhig kang pinilih ||

84.
Kinarya wayang binagus |
pinarada cinampurit |
carita Buda kinandha |
marono paraning ati |
iya patangpuluh dina |
ngamale kang nora dadi ||

85.
Puniku ingkang andalu |
makatên halading Kadis |
kang tan kudu dêlêng wayang |
Mukhamad Rasullolahi |
yêkti cêpak imanira |
ing donya prapta ing akir ||

86.
Ke Kidang sarwi gumuyu |
apa mangkono Nuripin |
umatur ingkang liningan |
duga dalêm tan udani |
Kae Kidang angandika |
ya gajêg mangkono Ripin ||

87.
Tuturing si Genjongwaru |
-dhoyong kang tutur ing kami |
Ki Kulawirya alatah |
gêr ginuyu sadayeki |
ngling malih dhi Kulawirya |
mungguh panglêpasing budi ||

88.
Tan kenging kinaryèng kayun |
yumananing ati sukci |
dhaupe kalawan mangsa |
palêthèk wijiling wiji |
alambar lawan nugraha |
mijil kalawan pribadi ||

89.
Nanging ta datan tartamtu |
kang bisa marang kajatin |
namung kewala surupa |
tinimbang lan tan udani |
sadaya-daya canthèla |
tan cuthêl kawruhing ngèlmi ||

Jilid 10 - Kaca : 49

90.
Tan wontên kang bisa matur |
wau Ni Rara Widuri |
dangu kang sami rarasan |
datan pinirsa samênir |
tansah sasmita ing priya |
iriban liringan liring ||

91.
Jênthik nguthik-uthik pupu |
pupule nèng tilamsari |
amajijing sêkar sêdhah |
sarta ngombe andalidir |
netra rêmu kaca-kaca |
mêjên dènnya wulangan sih ||

92.
Jèngraga patute kidhung |
tan pati tanggaping liring |
Kae Kidang Wiracapa |
uning kasuwênging pikir |
mèsêm sinamun wacana |
lan kang putra Jayèngrêsmi ||

93.
Prayogi samiya maklum |
mring arinta Jayèngragi |
radi kasupèn ing mangsa |
kaecan kojahe Ripin |
kabèh mèsêm linèjêman |
Kidang Wiracapa angling ||

94.
Lah suwawi anakbagus |
kalihe sang pinangantin |
rèrèh anèng pagulingan |
mèsêm umatur Jèngragi |
lah inggih mangke kewala |
sawêg myarsa mirat ngèlmi ||

95.
Ki Wiracapa gumuyu |
angling sarat mangke malih |
kula sadaya alinggar |
marang ing paningrat linggih |
Ni Widuri sumarawang |
tuntung lungiding abranti ||

96.
Jèngraga mèsêm ngalap hyun |
Rara Widuri kinanthi |
tumama ring pagêbêran |
pêdhak èstri nangkêp samir |
kang kulinèng pakasutan |
samya sêdhêngiing mangun-sih ||

97.
Kang rayi nulya sinambut |
rinungrum ingarih-arih |
lir bramara nguswa sêkar |
mangungsir maduning sari |
mring sêkar tangkêping padma |
kakung mrih adrênging rêsmi ||

98.
Dyah mèsêm wastra kalungsur |
ngalela wêntise kalih |
andrawila maya-maya |
ingawêran otot wilis |
kadya gadhing rinampêlas |
kakunge sangsaya ngudi ||

99.
Ni rara kamêndir ing hyun |
(ng)garonjal nêngkah jaja ngling |
angêsah-êsah sêsambat |
tênagane nyanyamari |
kawula dèrèng kuwawa |
kang antèr kewala ugi ||

100.
Jèngraga mèsêm lêbda rum |
tan bisa sarèh ngong yayi |
saking byat mulat warnanta |
tan saranta ing pangamrih |
lir tan wruh sarasaning dyah |
kaswaswa sruning sirèki ||

Jilid 10 - Kaca : 50

101.
Dene manisira masku |
gawe baliwur tar ririh |
pan sarwi amriyêmbada |
pinolah apongah-pangih |
komêt binaut asmara |
marapuhira maripih ||

102.
Tan kapalang pulanging hyun |
tinimpang tan têping titih |
tètèh pinatuh ing priya |
anggrus surasaning ati |
lir pendah dhêmpo kinumba |
parêng puk-pyurira kalih ||

103.
Antara rapuhira wus |
luwaran kang andon rêsmi |
kang rayi binêkta marang |
pahèran samya susuci |
nuli maring pagêdhongan |
busana salin wastra di ||

104.
Pinantês panganggenipun |
wau Ni Rara Widuri |
ing sinjang cindhe puspita |
tigas sabuk dhasar wilis |
kasmêkan nglungjiwa bang |
pinrêmas Kumudawati ||

105.
Gêlung sêdhêng pinapatut |
lulungsèn madya tinitih |
capaka lawan ronnira |
kalpika intên mirah brit |
Jèngraga nyamping berawan |
paningsêt cindhe bara sri ||

106.
Sarta agêgombyok dhuwung |
kalpika rukmi galigin |
wida jênar gagêbêgan |
Ni Widuri kang ngladèni |
sawuse samya busana |
Jèngraga arsa mring (n)jawi ||

107.
Rara Widuri tan payun |
ambondhèt marang ing laki |
tan kawasa sah saknatya |
drêng lumêkêting tilamrik |
Jèngraga datan lênggana |
kinanthi Rara Widuri ||

108.
Tumama maring tilam-rum |
anutug pasiyaning sih |
kalihe nora kuciwa |
dhasare Rara Widuri |
kênya birai katuwan |
katêmbèn rarasing rêsmi ||

109.
Ni rara upaminipun |
lir lapa amanggih bukti |
purwaning karsa angangah |
tan êngah mahyun ngarêsmi |
mring ratri rinambah siyang |
tan wus andudukwuluhi ||

608 Mêgatruh

1.
Tan winuwus kang andon asmara lulut |
nêlaskên langêning rêsmi |
yata kang samya alungguh |
Ke Kidang Wiracapèki |
wibawanira katongton ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (07) Kaca 37 - 38
  • (08b) Kaca 51 - 62 >