Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434667
Hari ini     :Hari ini :67
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :133
Bulan ini   :Bulan ini :3296
s/d hari ini   :s/d hari ini :434667
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 5

Kontak Admin.

email-kidemang

 (08b) Kaca 51 - 62

 

( Jayèngrêsmi rêraosan kalihan Kulawirya )

III. Pahargyan ngundhuh têmantèn.

1. Dêmang Prawirancana gadhah niyat ngundhuh têmantèn dhatêng Trênggalèkwulan. Jayèngrêsmi nyuwun, supados pahargyan wontên ing Lêmbuasta kemawon. Sêdaya sami rujuk. Ngundhuh têmantèn ing Lêmbuasta kanthi ngaturi pirsa priyayi ing Panaraga tuwin sanak sadhèrèkipun Prawirancana, mila sakêlangkung rowa. Sadaya ubarampening pahargyan kadhatêngakên saking Trênggalèkwulan. Bagoran kasambêt wayangan Krucil, dhalang Ki Mênthak. Kidang Wiracapa nêrangakên bedaning raosipun ringgit Krucil lan ringgit Purwa cundhukipun kalihan ngèlmu kakekat lan makripat.

Para tamu katêtêpakên papan panyipênganipun. Kidang Wiracapa nglajêngakên ambabar ngèlmu dhatêng Kulawirya ngantos dumugi bab carêmêdan kacundhukipun kalihan ngèlmu.

Kocap Rara Widuri sakêlangkung rakêt-rumakêt kalihan Jayèngraga ngantos mèh botên kenging pisah. Napsunipun salulut anglangkungi, bêtèkipun prawan sampun radi lungse. Makatên wau ngantos damêl kirang panujuipun Jayèngraga.


Kaca 51 – 62

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 10 - Kaca : 51

608 Mêgatruh

2.
Pan tinarap sakathahing anak putu |
santana myang magêrsari |
Ke Kidang Wiracapèku |
talêre tuwa pribadi |
kabèh wong Trênggalèk kono ||

3.
Awu ngakang tuwa maman ngaki buyut |
mila sadaya samya jrih |
ambêg ambandara guru |
Ke Kidang Wiracapèki |
angling mring Wirabajra lon ||

4.
Sanak-sanak kang jagong paran sih lungguh |
atata wus padha mulih |
Ki Wirabajra umatur |
inggih dèrèng wontên mulih |
samya rèrèh ngaso-aso ||

5.
Kae Kidang Wiracapa lon amuwus |
nak Wirancana Ngabèi |
sun-parnah panggènannipun |
nèng gandhok wetan prayogi |
manira nèng gandhok kulon ||

6.
Kang liningan tan lênggana matur nuwun |
ngling malih mring Jayèngragi |
lamun pinarêng ing kayun |
anakmas lan adhi Ragil |
anèng wisma gung kemawon ||

7.
Panggêdhongan kilèn wus miranti iku |
kang putra umatur aris |
amba kewala nèng tajug |
ajênêk tan mutawatir |
kawula nuwun nèng suro ||

8.
Lah dhi Ragil bae nènga (n)dalêm agung |
nèng gêdhong kilèn (n)dhèwèki |
Ki Kulawirya gumuyu |
yèn parêng kakang Ngabèi |
nèng (n)jawi wisma kemawon ||

9.
Panggêdhongan kilèn wisma griya kampung |
kakang kang kula ênggènni |
Ke Ngabèi alon muwus |
inggih sumangga dhi Ragil |
nulya kang rayi tinudoh ||

10.
Wirabajra omahe gamêl kang kidul |
rêsikana kang abêcik |
wèhana pandhapa kampung |
patutên kang sarwa rêsik |
gêbêrên kobong paturon ||

11.
Dèn-samêkta uwisna bakdane Luhur |
kang liningan sandika glis |
nuduh mring wong baturipun |
nora kèthèr traping kardi |
tan ucapkên nulya dados ||

Jilid 10 - Kaca : 52

12.
Kae Kidang Wiracapa alon muwus |
dhi Ragil Kulawiryèki |
mungguh ngagêsang puniku |
ganjaran titahing urip |
rong prakara pênêd awon ||

13.
Kamurahanira Hyang Kang Maha Luhur |
ginanjarkên manungsèki |
dhi Ragil sasaminipun |
topèng sakêpêk lirèki |
linênggorke wong sawiyos ||

14.
Awon pênêd wasesa pamilihipun |
kêdhok bapang miwah panji |
yêkti beda solahipun |
jogède sawiji-wiji |
ana ruruh ana lonyo ||

15.
Apan anut tatapuk panjogèdipun |
jogèd-jogèding aurip |
ati kang minangka tapuk |
punapi karêping ati |
yèn ati kudu angêdhok ||

16.
Pasthi sarwa awon solahing tumuwuh |
yèn têlatèn têkèng pati |
sabab dhêmêne ginuyu |
wus tan duwe malih-malih |
wus karêmane angregol ||

17.
Lan malihe tapuk Panji kang abagus |
jogède angrêspatèni |
saprabotira linuhung |
akèh kasmaran kapengin |
mring kang manji bagus anom ||

18.
Kang puniku kabênêr pamilihipun |
abagus putusing budi |
wêkasane dadi ratu |
beda budine ngacumbrik |
dhêmênane dadi kêdhok ||

19.
Kulawirya alatah dènnya gumuyu |
nora jamak kang ngabèi |
(ng)gledhahi rasa winuwus |
tan ana lirwa samênir |
kabênêran kabèh mencok ||

20.
Jayèngrêsmi umèsêm anor tumungkul |
kaduga raosing ngèlmi |
tan sulaya surupipun |
Ki Kulawirya ngling malih |
kakang kawula tatakon ||

21.
Nuwun maklum bangsa crêmêd bangsa saru |
wontên kaol mutawatir |
yèn wontên tiyang andalu |
marang prêjining pawèstri |
mupangat utawi anon ||

22.
Pan sinami sawiji tangat ing dalu |
malah-malah anglangkungi |
paedah ganjaranipun |
wong kang aningali prêji |
asor wong donga andongo ||

Jilid 10 - Kaca : 53

23.
Kadipundi liripun basa puniku |
anuwun jarwa sayêkti |
Ke Kidang Wiracapèku |
kang punika adhi Ragil |
solahing wong kang kinaot ||

24.
Inggih yêkti gêng pedahe kang puniku |
yèn sagêd aningkêp budi |
ngilangakên melikipun |
ahlining wong wus otati(?) |
lamun aningali gêmbok ||

25.
Tênangsubbe blas lawan suruping ngèlmu |
ningali rupaning pêrji |
asli bangsa jaman iku |
arupa kulit lan daging |
kaelokaning Hyang Manon ||

26.
Kita punika tan liyan saking ngriku |
pintên longgaring kang kori |
tan mantra-mantra yèn mungguh |
dadi dadalaning jalmi |
dene ta kaya mangkono ||

27.
Panrimaning cipta ngundhaki têpakur |
-rira maring ing Hyang Widdhi |
malah titahing Aluhung |
ngupaya wong ayu kining |
ingkang bêsus mèngdrong-mèndrong ||

28.
Yèn katêmu dhewe anujoni turu |
kapati dènnira guling |
liningkap tapihirèku |
dèn-kongsi nglela kaèksi |
winêngkang pupune karo ||

29.
Amrih lêga bisa ngênani kadalu |
(n)jaba jro sawêngkonèki |
supaya tamat dinulu |
anulya dipun-dhodhoki |
kakung anglukar wastra lon ||

30.
Warastrane cinêlakkên mrih tumanduk |
nging datan anggêpok pêrji |
antarane patang nyantun |
kongsi kangêtèn bêtèking |
kasumukaning gagêmbok ||

31.
Suprandene warastranira anglèlur |
tanpa krêkat anglawani |
wong lanang dènnya angadu |
duwèke kalawan pêrji |
kewala mungkrêt anglèntroh ||

32.
Sabab dene amuntu murwaning kalbu |
kabuka kabuling budi |
tan sakuthu maring kuthuh |
angèsthi trusthaning ati |
cinoba nora kèledhon ||

33.
Angênêngkên pungkur tapakuring kalbu |
dènnya myat pêrjining èstri |
padha lawan kayu watu |
gatraning prana kaèksi |
kadya lènging orong-orong ||

Jilid 10 - Kaca : 54

34.
Namung pangêlênging budi marang ngèlmu |
kang rungsit wingit awêrit |
angèl-angèling pandulu |
datan kadi dalan Dalil |
luput tanggape katlangson ||

35.
Yèn katlangso murungakên barang jinum |
puniku kang tan ngobêri |
narik kèksining pandalu |
ing dalêm donya puniki |
cinipta nora kinaot ||

36.
Kang makatên dhi Ragil kandhanganipun |
tekade ahli otadi |
sing samba ing tumuwuh |
kang sarwa lon dèn-karêmi |
kang wus tibambêg mangkono ||

37.
Paedahe sami lan tangat ing dalu |
ngibadah elok pangèksi |
batal karam sinakuthu |
amangeran kupur kapir |
suci sajroning carobo ||

38.
Tan sêdya wong winongwong nora angingus |
pan wus ajamak pribadi |
yèn wontên tiyang kadyèku |
kang dika catur anênggih |
puniku kiyase kaos ||

39.
Kulawirya agèdhèg sarwi gumuyu |
anandhês têmên kang bèi |
tan ana nimpang satêngu |
sarwi sasmita Jèngrêsmi |
kang putra mèsêm nor lunggoh ||

40.
Anauri paman pan inggih saèstu |
tan wontên kuciwèng ngèlmi |
sampurnaning pasang surup |
pamuwuse Jêng Kiyai |
putus salire pakewoh ||

41.
Datan wontên kang ribêt murading ngèlmu |
sarwa jayar ngalêjari |
ing manah mêndhak atungtum |
kapèncut sagêd nglampahi |
kang kadya kang elok-elok ||

42.
Anauri Ki Ragil Kulawiryèku |
ya ta lah kakang ngabèi |
amadhangkên ing balilu |
pamudhare murêd gampil |
pamucunge nora elok ||

609 Pocung

1.
Ya ta wau kang sami gunêman ngèlmu |
siyang wancinira |
têngange mèh bêdhug nênggih |
kae Kidang Wiracapa lon ngandika ||

Jilid 10 - Kaca : 55

2.
Hèh sirèku Wirabajra dènnya gupuh |
sêdhêng mamadhangan |
barênga ngingon-ingoni |
sanak-sanak dhadhayoh sadayanira ||

3.
Hèh pangulu matura marang nyaimu |
amundhuta dhahar |
manira iki wus ngêlih |
kang liningan samya mundur gagancangan ||

4.
Ki pangulu maring ing wisma umatur |
amundhut saosan |
marang Nikèn Widaryati |
nulya ingkang dinuk anuduh pawongan ||

5.
Wus tinuduh anampa rampadanipun |
angirit ing ngarsa |
sira Nikèn Widaryati |
ingkang putra (m)bokmas Dêmang Wirancana ||

6.
Sêliripun pipitu samya yu-ayu |
sinami prabotnya |
anyamping garingsing ringgit |
sami kêmbên kêmbangan panji krurungan ||

7.
Praptèng ngayun dhaharan kinèn anglungsur |
sinungakên marang |
Asradênta lan Nuripin |
miwah modin mintên pratuwa sadaya ||

8.
Kang bubucu sinaosakên ing ngayun |
nèng panjang giri bang |
sêkul golong pêcêl-pitik |
kinatêmbing rampadan ulam mawarna ||

9.
Dhèndhèng gêpuk gorèngan êmpal puk duduh |
kalêpon sêrêgan |
age sujènan kêkisi |
dhèndhèng ati kêlawan dhèndhèng alidhah ||

10.
Abon rêmus ragi rêmpah srundèng krupuk |
sambêlgorèng jrohan |
lombok kêncêng lawan pêtis |
pindhang antêp barongkos ayêm manjangan ||

11.
Jangan bubus padhamara lawan mangut |
sambêl liwêt miwah |
pêcêl pitik jangan mênir |
lambang lêbêt opor bèbèk lawan banyak ||

12.
Bècèk wêdhus basêngèk gorèngan manuk |
sangkêp kang lalaban |
sadayanya wus sumaji |
angandika Kae Kidang Wiracapa ||

Jilid 10 - Kaca : 56

13.
Abênêr sun kèlingan marang sutamu |
bagus Jayèngraga |
pangantyan aturana glis |
Nikèn Widaryati umatur ing raka ||

14.
Ragi rikuh sih wontên lêbêt tilamrum |
lamun ka-alipan |
lan wayah-dalêm samya rip |
mapan sampun kula caosi priyangga ||

15.
Lingira rum lah iya uwis ta sokur |
rinukti priyangga |
ngling malih angacarani |
lah suwawi ing ngriki sami wijikan ||

16.
Sira iku kêmbula lawan adhimu |
Wirancana pisan |
Asradênta lan Nuripin |
donganana dhisik salamêt sabrayat ||

17.
Ki pangulu gupuh andongani Rajuk |
wusnya ingaminan |
Ke Kidang Wiracapa ngling |
Wirabajra ing pandhapa pa wus rêma ||

18.
Matur sampun lah uwis payo awisuh |
gupuh kang liningan |
tuturuh (n)dan lêkas bukti |
pan warata kang lungguh parêng anadhah ||

19.
Apikantuk dènnya royom akêkêmbul |
nutug andharannya |
dènnira adhahar sami |
Kae Kidang Wiracapa turuh asta ||

20.
Gya sadarum kakobok sarêng awisuh |
ambêng cinarikan |
kinèn maringkên pamburi |
para mantên pra modin tuwa sadaya ||

21.
Wus ingundur sadaya rampadanipun |
rêsik tinêbahan |
nulya dhadharan mangarsi |
wowohan kang adi-adi myang olahan ||

22.
Alon muwus Ke Kidang Wiracapèku |
wawi ta punika |
nyamikan pangusap amis |
kang liningan matur nuwun anor-raga ||

23.
Sarwi mundhut nyamikan sasênêngipun |
wowohan myang jadah |
sinambi sawangan angling |
Ki Wuragil Kulawirya pon lingira ||

24.
Kulanuwun wontèn kaol awon nganggur |
kadya bobocahan |
sruwang-sruwêng wontên angling |
kang tinakèkakên pan ratuning gampang ||

25.
Lawan ratu-ratuning angèl puniku |
kula kadhêdhêlan |
tinanya tan angrampungi |
Kae Kidang Wiracapa mèsêm mojar ||

Jilid 10 - Kaca : 57

26.
Dene wuwusing jalma ingkang kadyèku |
nanging kaol kêndhang |
tan wontên ingkang ngrampungi |
sabên-sabên takèn ingurugan ujar ||

27.
Sarwa dudu sakèhing panjawabipun |
kang takon tan trima |
dèrèng kapacangan budi |
yèn ing kula piyambak Ki Kulawirya ||

28.
Wuwus ratu-ratuning gampang puniku |
anunutuh ujar |
kang nacad kang mamaoni |
sabên jalma bisa nutuh ananacad ||

29.
Mring lyannipun tan wontên pangkalanipun |
agampang kewala |
tan kalawan dèn-niyati |
wong anutuh maoni gampang-agamblang ||

30.
Sababipun tan mawi bandha pakewuh |
pan anglêr kewala |
tan rubêt ing ika-iki |
Kulawirya alatah gumuyu suka ||

31.
Sarwi matur kang satunggalipun wau |
ingkang winastanan |
ratuning angèl puniki |
kadipundi kakang ngabèi artinya ||

32.
Alon muwus Ke Kidang Wiracapèku |
adhi Kulawirya |
ratuning angèl sayêkti |
inggih wong kang nutuh maoni nanacad ||

33.
Kang winaun kang cinacad kang tinutuh |
de kang winaonan |
maoni pribadi nèki |
anacada nutuh sarira priyangga ||

34.
Ananutuh nacad marang liyanipun |
mêmoyok saminya |
marang ing sasami-sami |
dadya anjalomprong mring ratuning gampang ||

35.
Angèlipun mamoyok maoni nutuh |
marang sariranya |
kang punika adhi Ragil |
tan wontên kang sagêd nacad dhawakira ||

36.
Dadya ratu ratuning angèl puniku |
wong anutuh jiwa |
nacad sarira pribadi |
yèn wontêna bisa-a nacad sarira ||

37.
(ng)Gih puniku kandhangane jalmu luhung |
calon pinardika |
ginantungan mulyèng dhiri |
beda wong kang mêmoyok marang sasama ||

38.
amamaun ngala-ala angguguyu |
wasis ananacad |
moyok nutuh mamaoni |
suwe-suwe kêna wawalêsan cacad ||

Jilid 10 - Kaca : 58

39.
Têmahipun sarirannya nora cukup |
kaniran sabarang |
kècèr copèt uripnèki |
pan wus nora bisa anjangkah mardika ||

40.
Yèn kablusuk ucul pan dadi wong gêcul |
amancal agama |
agamane ngisin-isin |
nora bisa kalèpètan ing tyas tama ||

41.
Nora kètung kadung sandhange garumpung |
wus kadya kamuktyan |
dènnira amêmaoni |
marang liyan tur ta awake angambak ||

42.
Nganyuk-anyuk moyok prandene nanutuh |
mring wong kasisipan |
ingkang makatên dhi Ragil |
kêdah yun wruh gampang angèle nanacad ||

43.
Sru gumuyu Ki Kulawirya angguguk |
gèwèk kagawokan |
gumuyu Ki Jayèngrêsmi |
guyunira ingampêt èsmu kaduga ||

44.
Cathêtipun ing wardaya langkung surup |
kapasuking driya |
sangsaya angênir kapti |
sarwi nonton santosane tekadira ||

45.
Ya ta wau ing wanci siyang wus bêdhug |
pra tamu parapat |
mêlingkên Wirabajrèki |
samya nelakakên tur pamit sadaya ||

46.
Wusnya katur kang pra tamu pamitipun |
sayahing jagongan |
Ke Kidang Wiracapèki |
angandika mring ari Wirabang Wirabajra ||

47.
Sadayèku sanak-sanak kang yun mundur |
kabèh tuturana |
ing dalêm sapuluh wêngi |
konên bali anjagong dalu kewala ||

48.
Esukipun ywa susah pamit umantuk |
kang liningan sigra |
sadayanya dèn-dhawuhi |
samya saur-manuk umatur sandika ||

49.
Kang pra tamu samya bubaran sadarum |
mulih sowang-sowang |
Ke Kidang Wiracapèki |
angling malih anakmas dhi Kulawirya ||

50.
Sêdhêngipun manjing wêktu salat Luhur |
umatur agêpah |
inggih prayogi suwawi |
owêl lamun kakirên awêktu salat ||

51.
Nulya gupuh Ke Kidang Wiracapèku |
Jayèngrêsmi lawan |
Ki Ragil Kulawiryèki |
Ki Nuripin Asradênta modinira ||

Jilid 10 - Kaca : 59

52.
Marang tajug samya salat wêktu Luhur |
kang kèri alênggah |
Mas Wirancana Ngabèi |
lan kang paman Wiranjana Wirangkara ||

53.
Katrinipun Wirabajra samya lungguh |
tan na ahli salat |
Mas Wirancana ngling aris |
kadipundi paman parigêling karya ||

54.
Samya matur inggih pasaja tinurut |
karsane ramanta |
angrojongi karsanèki |
punapa saraosing tyas dhinatêngan ||

55.
Naur wuwus lah inggih kantênanipun |
nanging wêling-kula |
dhumatêng ing paman katri |
lamun kula nêdhakkên sukaning driya ||

56.
Paminipun sadhèrèk wontên kang rawuh |
sanak bangsa praja |
wuwuron sukaning galih |
ing pratingkah kilap punapa pun paman ||

57.
Kang puniku manawi karêngon siku |
mangsa borong paman |
(ng)gènnira mamrih basuki |
saking dene kadhar ngalujêngi suta ||

58.
Ngong andulu mring putra andika bagus |
tambuh raosing tyas |
sadarbe kula wong miskin |
sawontêne kula tan rumaos gadhah ||

59.
Sakalangkung trêsna-kula marang mantu |
inggih ta lah paman |
puniku putranta kalih |
ingkang sêpuh Jayèngrêsmi Jayèngraga ||

60.
Sami sunu ing ulama sampun mashur |
karêmênanira |
kang sêpuh ngulama yêkti |
ingkang anèm ragi sêngsêm kaberagan ||

61.
Lèjêmipun lan kula anunggil kayun |
kang paman samya jar |
kados-kados inggih nunggil |
yèn solahe Jèngraga solah nor-raga ||

62.
Sru gumuyu Mas Wirancana lingnya rum |
inggih kasinggihan |
mantu-andika Jèngragi |
datan pati mèmpêr yèn putrèng ulama ||

63.
Pantêsipun dadi mantuning tumênggung |
wasis wiryèng praja |
mèsi langêning kamuktin |
yèn anggambuh tan mambu trahing ulama ||

Jilid 10 - Kaca : 60

610 Gambuh

1.
Dangu dènnya amuwus |
yata ingkang anèng ing tilam rum |
Jayèngraga lawan Ni Rara Widuri |
kang tansah apulang-lulut |
nutug larasing langên-(n)don ||

2.
Tan paja muga tuwuk |
têp-antêpan ing asmara nutug |
ing latri wus kaping tri dènnya pulangsih |
ing siyang mangkya mawantu |
ping tri têkan wêktu Luhor ||

3.
Jèngraga ngandika rum |
atangia anggèr mirahingsan |
ing wêktu Luhur wus andungkap akir |
ni rara maksih wulangun |
saking katêmbènirandon ||

4.
Ni rara srênging kalbu |
prawan tuwa akir mangsanipun |
kawêwahan panggêlaking budi sisip |
katurutan karsanipun |
mulane amot ambèngkot ||

5.
Tan ana dharan ketung |
mung cumbana lêlambaning kayun |
kala-kala aja sah ing siyang ratri |
manggunga bae salulut |
karêm kamoran anglamong ||

6.
Ni rara rinangrungrum |
ingarih-arih patanginipun |
rinarêpa ni rara wus anuruti |
kinuswa-kuswa ing kakung |
luwaran dènnya karongron ||

7.
Wau ta kalihipun |
mijil saking pagêbêranipun |
dyan kinanthi marang patirtanirèki |
linadèn parêkanipun |
wusira susuci karo ||

8.
Mring pagêdhonganipun |
apasatan wastra di kang mungguh |
Ni Widuri awasis ngladèni laki |
kang ibu myang êmbahipun |
myat ingkang mantu rurukon ||

9.
Kalangkung sukèng kalbu |
pasiyanira rukun aruntut |
Nikèn Widaryati angandika aris |
(m)bok Wirancana agupuh |
tata-a dhahar ing kono ||

10.
Kang liningan agupuh |
nuduh angrukti rampadanipun |
sarwa eca ulam-ulaman mawarni |
sadaya lumadyèng ngayun |
Widaryati ngandika lon ||

11.
Aturana anakmu |
nulya nuduh mring ponakanipun |
sigra matur mring sang ro kinèn amijil |
kang ingaturan kerit wus |
praptèng ngarsa tata lunggoh ||

Jilid 10 - Kaca : 61

12.
Widaryati amuwus |
anakmas Dêmang Wirancanèku |
lah ing ngriki kakêmbulan lan putrèki |
kang liningan matur nuwun |
sumangga ngriku kemawon ||

13.
Nulya malih amuwus |
wawi anakmas sami tuturuh |
Jayèngraga agêpah dènnira wijik |
dhahar kêmbulan katêlu |
Widuri tan purun royom ||

14.
Jèngraga mèsêm muwus |
payo yayi wasisan akêmbul |
ingkang ibu lan kang êmbah ngatak bukti |
aywa sumêlanging kayun |
marang bojomu kang akon ||

15.
Ni Widuri arikuh |
tansah sasmitèng riri mring kakung |
Jayèngraga nulya ngalap ambêng piring |
sinaoskên sêkul gupuh |
sinungkên mring kang garwa lon ||

16.
Wusnya samya tuturuh |
adan lêkas anadhah pikantuk |
wong katêlu papat Ni Rara Widuri |
tan pati pamulukipun |
ukur bae ngojot-onjot ||

17.
Sinamun andudulu |
wayang krucil nuju lakonipun |
Anjasmara duk nusul mring Damarsasi |
angayam-ayam wana-gung |
samarga-marga rèrèndhon ||

18.
Udrasa kawlas-ayun |
kacanthèling ri bandhil sing sirung |
gya kapanggih lan lakine Damarsasi |
kawistara ing pandulu |
Anjasmara gya pinondhong ||

19.
Mèsêm suka andulu |
dhasar dhalange nyênyêt atutuk |
karya rarasing rum wong akèh kapengin |
si Laba Wukir nèng ngriku |
wong roro anabuh saron ||

20.
Ni Widuri andulu |
marang Laba Wukir mèlu nabuh |
jawil wêntis sarwi matur abibisik |
pun Laba Wukir puniku |
anèng wawayangan karo ||

21.
Wau paduka nuduh |
animbali lare ro kèn-nusul |
lah punika manawi karsa nimbali |
Jèngraga mèsêm lingnya rum |
iya karêbèn nèng kono ||

22.
Mêngko yèn wus angundur |
luwaring dhahar carikanipun |
paringana kewala lorodan bukti |
wus antara dangunipun |
nutug luwaran tuturoh ||

Jilid 10 - Kaca : 62

23.
Gya cinarikan mundur |
linorodakên lorodanipun |
Laba Wukir pan wus pinaringan bukti |
rare ro ature nuwun |
yata kang anèng susuro ||

24.
Kang samya wêktu Luhur |
wus bakda bêdhug prapta sing tajug |
wangsul maring paningrat tata alinggih |
Jèngraga gya maring tajug |
kakirên dènnya a-Luhor ||

25.
Wau ingkang alungguh |
Mas Wiracapa alon amuwus |
Wirabajra tarup tatuwuhanèki |
êndi kang wus padha alum |
salinana ingkang ijo ||

26.
Ingkang liningan matur |
sandika ing rèhira tinuduh |
tan adangu dènnira imbalan angling |
Kemas Mancanapurèku |
prapta ngirid pikulan bot ||

27.
Jêjodhangan adulur |
lan wong wadon nom tuwa gumrudug |
lan sêlire Mas Wirancana Ngabèi |
kinêrig tan ana kantun |
kinèn laju marang gandhok ||

28.
Kabèh warnining pikul |
pêtani gêng rinayap ingusung |
kawal kajangsirah myang kasur guguling |
lan kandhaga karangulu |
kêpèk pêthilan garobag ||

29.
Miwah brag-gabragipun |
winot ing cikar sadayanipun |
Mas Mancanapura masrahakên salir |
wus tinampan sadayèku |
nulya mangarsa alunggoh ||

30.
Nulya samya alunggoh |
Singabancana ngirit pipikul |
mamêntahan kang pala-kasimpar tuwin |
kêbo sapi lawan wêdhus |
bèbèk ayam abon-abon ||

31.
Pinasrahakên gupuh |
marang (m)bokmas Wirabancanèku |
rajakaya sadaya kinèn nancangi |
gya mangarsa nunggil lungguh |
yata wau ingkang rawoh ||

32.
Mas Wirancana gupuh |
ngirit pipikul wong wolungpuluh |
bêras godhong kayu kang pinikul sami |
sinrahkên sadayanipun |
gya mangarsa nunggil lunggoh ||

33.
Wiryancana sumusul |
ngirit pipikul mung wolungpuluh |
kang pinikul gula kalapa kêmiri |
wowohan pala-gumantung |
kacang kêdhêle binagor ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (08a) Kaca 39 - 50
  • (09) Kaca 63 - 74 >