Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 10

Kontak Admin.

email-kidemang

 (12) Kaca 87 - 91

 

( Ing pandhapi Kidang Wiracapa

tuwin Prawirancana sakadang )

2. Ing pandhapi Kidang Wiracapa tuwin Prawirancana sakadang kadeyanipun sami jangkêp saupacaraning priyayi: tumbak, tamèng, panuwak, kêrbin lss. Kasusul dhatêngipun têtiyang ingkang sami nyumbang mawarni-warni: kêbo, sapi, mênjangan, menda, bèbèk, ayam lss. sakêlangkung kathah, dhaharan jêjodhangan. Para tamu sami mangangge kêtogan. Sadaya wau sakêlangkung anggumunakên Kulawirya lan Jayèngrêsmi. Miturut tatacara sêgahanipun mawi inuman arak waragang lss. ngantos kathah ingkang wuru. Kidang Wiracapa pitakèn têka Ki Kulawirya katingal sakit, wangsulanipun sakit wudunên, padatan mawi bêntèr tis, mila lajêng kaparêngakên mundur, kairingakên Nuripin. Kasusul Jayèngraga, wêlas ningali pamanipun. Nuripin kadhawuhan ngrambang pajalêranipun Kulawirya, lajêng pinarêman makjun, sagêd radi mêndha sakitipun.


Kaca 87 – 91

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 10 - Kaca : 87

614 Sinom

7.
Anggili wong lunga têka |
wong lanang marang pandhapi |
angaturkên susumbang |
Mas Mangunjana nampèni |
miwah susuguhnèki |
wus rinukti adatipun |
parèstri manjing wisma |
katur ing Bokmas Ngabèi |
Wirancana sarwi nyandhing pêti giwang ||

8.
Busêkan solahing janma |
kang nyumbang kang nglaladèni |
sugata gagawannira |
sêkul panganan lan sampil |
kakalak lumrahnèki |
kang samya ginawa mantuk |
bêdhile sajêdhotan |
tandhane kang nyumbang prapti |
sinauran sanjata têngêranira ||

9.
Ing tanah Trênggalèk lumrah |
carane wong duwe kardi |
wong numbang yèn praptèng dhadhah |
samya ngungêlakên bêdhil |
jajaran tumbak siji |
kang kuwat puluh rongpuluh |
iring jojolèn jodhang |
jinanur kuning rinujit |
nora ketang wong siji jolèn sajuga ||

10.
Tumbak siji jajarannya |
angrimong jarite kêling |
lanang wadon salendhangan |
saduwèk-duwèke sami |
ingkang samoa sami |
kêndhang gong kênong myang kêmpul |
tinabuh turut marga |
sing wetan lor kulon tuwin |
kidul samya ting carêngkung saruninya ||

11.
Ngiringakên jolèn jodhang |
rajakaya kang ingiring |
kêbo sapi kinalungan |
tumbak binorèyan kuning |
pan kinêndhitan sami |
ing bênang abang sagêmuh |
kang nyumbang anèng ngarsa |
gêlung ginombyong ing kanthil |
nadyan tuwa anom mangkono caranya ||

12.
Nadyan wong lanang kang nyumbang |
samya sumping kêmbang kanthil |
kang bèrag angore rikma |
kinêbakan kêmbang kanthil |
kang sudagar myang tani |
kang sugih-sugih kadyèku |
dadya tontonan marga |
praptèng sawah bêdhil muni |
dupi prapta mangkana pitêmbungira ||

13.
Lampah kawula satindak |
ambêgan kula sadêmi |
adhapur asung pasumbang |
sapele tandhanipun sih |
tempe dulang raryalit |
lan rajakaya sayuyu |
wulaning bèbèk ayam |
nuli samya anguculi |
bubundhêlan picis ing kandhutannira ||

Jilid 10 - Kaca : 88

14.
Puniku amung sayatra |
kula-aturi midèni |
gya winilang patang uwang |
ya bangêt tarima-mami |
sawuse dèn-tampèni |
binagèkkên lujêngipun |
anulya sinunggata |
gagawan kalak rinukti |
pan mangkana wong sugih-sugih sadaya ||

15.
Kang samya jolèn jodhangan |
bèbèk ayam kêbo sapi |
sumbange suwang rong uwang |
patang wang kèh-akèhnèki |
dene kang joli siji |
dhuwitan sumbanganipun |
têlung kênthang pat kênthang |
wolung kênthang kèh-kèhnèki |
pan wus lumrah mangkono caraning desa ||

16.
Tan pae lawan wong lanang |
pitêmbunganira sami |
kaot sinêntoring arak |
kèh mêndêm mulih tan eling |
ana banjur angibing |
wênèh akon nantang satru |
lumaku ingadu prang |
kang supe kèn amatèni |
rinampoga lamun leleda ing karya ||

17.
Kèh solahe bêbèngkrakan |
jalma nyumbang kang dèn-(n)dêmmi |
ênting pirang lodhong dènnya |
kinarya anyunyuguhi |
mangkana Jayèngrêsmi |
Jèngraga Kulawiryèku |
ngungun dènnya tumingal |
samya amicarèng ati |
nora jamak sajake amamantonan ||

18.
Tanah desa mawa cara |
carane wong numbang sami |
lanang wadon pang mangkana |
gagamêlan bêdhil muni |
sami suka ningali |
Ki Kulawirya gumuyu |
tumingal wong anyumbang |
adhêmên nora kepengin |
susumbange mung ukur suwang rong uwang ||

19.
Ngling ririh mring Jayèngraga |
ya ta lah wong kene iki |
pan beda ing aku kana |
Wanamarta tan kadyèki |
tatane wong punapi |
suwang rong wang sumbangipun |
tan padha lan wong kana |
kang kuwat-kuwat samyanggris |
Jayèngraga sumaur nauri sabda ||

20.
Aririh marang kang paman |
kantênan sanès desèki |
bumi pae paekannya |
ing ngrika kalawan ngriki |
ambakna sumbang kêdhik |
yèn tinêkdir dulunipun |
kathah ngriki anumbang |
babêktanipun kang mawi |
bèbèk ayam kêbo sapi lawan menda ||

Jilid 10 - Kaca : 89

21.
Kalamun dèn-rêganana |
liyane nyamikannèki |
wontên pintên ta punika |
kang paman nauri aris |
iya bênêr sirèki |
yèn rinêgan sumbangipun |
Ke Kidang Wiracapa |
mèsêm angandika aris |
lah puniki adhi ragil Kulawirya ||

22.
Warnaning tataning jalma |
sadhèrèk-andika ngriki |
êntrage yèn wontên karya |
mamanton panumbangnèki |
sampun adat naluri |
tatane kang wau-wau |
wikana ta ing benjang |
yèn ewah tataning jalmi |
yèn samangke kêdah makatên limrahnya ||

23.
Ki Kulawirya turira |
sarwi krêp aliyan linggih |
katêmbèn kula punika |
sumêrêp sadhèrèk ngriki |
dangune ngong-raosi |
lan putranta Jèngragèku |
sadhèrèk kang anyumbang |
sêmune ngrêsêpkên ati |
kagèt kula sumbangan mung suwang rong wang ||

24.
Samantên punika tiyang |
kawilang kang sugih-sugih |
kang miskin mung dhudhuwitan |
kasaguhane tan kira |
andhandhang bantên kardi |
angandhêmi lêbur luluh |
wuwus tan mawi krama |
angoko-kinoko sami |
Kae Kidang Wiracapa mèsêm lingnya ||

25.
Inggih punika caranya |
gêng alit tiyang ing ngriki |
yèn sampun ngoko basanya |
tinuwêka dèn-lampahi |
datan angeman pati |
wus mangkana pandumipun |
tanah ngriki sadaya |
dumugi ing Pranaragi |
sapangalor mangidul Jipang Magêtan ||

26.
Nanging mawi waragangan |
sanggupe amatês pati |
mila ingkang tidha-tidha |
anyantri sambi mriyayi |
nuli tan krasan nyantri |
pangrasane santri sintru |
kathah tingkah kacêgah |
awigih wêgah nglampahi |
amila hur têkabur êbèr bawera ||

27.
Prawirane kaprawara |
(m)badhidhig ingaran julig |
abungah-bungah bêdêngah |
tan kudu anyontra-nyantri |
anyuntrut tan prayogi |
angur mriyayi rahayu |
kari kajèn karêgan |
sasolah tan cêgah-cêgih |
dadya jugar srengate samya maksiyat ||

28.
Kapenak tan mawi sarak |
sakarêp-karêp dumugi |
Ki Kulawirya alatah |
latahe sru uga ririh |
karaos sakitnèki |
Ke Kidang Wiracapèku |
mèsêm sarwi ngandika |
kadingarène dhi Ragil |
botên têtêp adhi (n)gyannipun alênggah ||

Jilid 10 - Kaca : 90

29.
Ki Wirya nauri sabda |
asakit kula puniki |
wudunên wêlakang-ingwang |
kados sawêg ambarèhi |
agêng prênah (ng)gènnèki |
kalangkung ing sakitipun |
yèn sampuna jrih kakang |
tan patos têgêl alinggih |
angandika Kae Kidang Wiracapa ||

30.
O yèn wudun trus sakitnya |
adat mawi angatisi |
kula-turi mring pondhokan |
rêrêp sakalane sakit |
Ki Ragil matur inggih |
prasabên anulya mundur |
Nuripin atut wuntat |
Jayèngrêsmi Jayèngragi |
samya mèsêm aningali ingkang paman ||

31.
Binêtahkên lampahira |
supaya tan ngatawisi |
sapraptanirèng pondhokan |
anjôgôr (n)dhodhok nèng siti |
pulintiran anangis |
ngulat-ngulêt ngodhah-ngaduh |
gêrêng-gêrêng sasambat |
adhuh priye kiyi Ripin |
ngur matiya larane nora kuwawa ||

32.
Nuripin wêlas kalintang |
marêpêki mring Ki Ragil |
lon umatur bok punika |
bumbunge dèn-ulapi |
ya karêpmu Nuripin |
kang alon bae anjupuk |
gya tali ingwudharan |
bumbunge ingambil ririh |
lagya (ng)gêpok ing bumbung krasa sumêngkrang ||

33.
Ki Kulawirya anjola |
mucicil ngagaki bithi |
hus trayoli kêna sèbat |
sru têmên cokormu ngambil |
sun-arahe pribadi |
ywa (m)bêgogok anèng ngayun |
Nuripin lon umentar |
sarwi garundêlan ririh |
wong diupagawe (n)dadak arêp mala ||

34.
Wus karêpmu kono dhawak |
awak-awakmu pribadi |
ah hêng hèh nora sambada |
andèkna pringas-puringis |
Ki Wuragil ambêkis |
(n)dadak grundêlan su-buntung |
aja lunga wong edan |
mreneya anunên iki |
Ki Nuripin wêdi mèsêm-mèsêm mara ||

35.
Bumbunge dèn-arah-arah |
ririh dèn-ambil wus kêni |
anggubêl bak dening jitah |
kêlumut nanah wis mijil |
Nuripin kirak-kirik |
sarwi anampani bumbung |
pupuse amêlendrah |
lir linèmpèng upil-upil |
Kulawirya sumlêngêrên dènnya mulat ||

36.
Yata wau Jayèngraga |
prapta mêngakakên kori |
kagyat kang paman tumingal |
lamun ingkang putra prapti |
Jèngraga amarpêgi |
marang kang paman andulu |
o paman katiwasan |
lah punika kadi pundi |
Ki Wuragil anauri kaca-kaca ||

Jilid 10 - Kaca : 91

37.
Sapuluh-puluh anakmas |
iya ngong kudu bilai |
nora amilih jalaran |
ganjaran bênduning Widi |
awite anuroni |
si Asêm diblêgo-ngalu |
basa wêtuning rahsa |
mèh (n)tèk sumêngkrang sakit |
tyas-ngong kagèt ge-age manira lukar ||

38.
Wonge brabat nuli lunga |
sakala banjur ngabuhi |
suwene sun nèng pandhapa |
sun-bêtah-bêtahkên linggih |
kinèn mundur kang bèi |
nuli bumbung ingong jabut |
iki rupaning lara |
gabrès jitah nanah wuk-brit |
nora bêtah larane tan lumrah-lumrah ||

39.
Kang putra wlas mèsêm mojar |
nyanaku wudun sayêkti |
tan nyana wudun wadonan |
ngacêmut mèsêm Nuripin |
puniku kadipundi |
inggih paman mangkenipun |
prapta ing tamu kathah |
paman tan sagêd manggihi |
(n)dadak lara beka ana saba paran ||

40.
Paman nabda sarwi waspa |
yèn kadarus lara mami |
sun-têtêdha ing Hyang Sukma |
aywa kongsi bisa mulih |
suka matya nèng riki |
jisim-sun aywa ko(k)kubur |
luwangên raganingwang |
saking wirang-sun amulih |
Jayèngraga myarsa linge ingkang paman ||

41.
Kalangkung awlas tumingal |
ngandika marang Nuripin |
iku buwangên sukêrnya |
priye akalira iki |
rambangên nèng toya tis |
dimèn luntur ingkang guluh |
sigra rinambang toya |
lintur ing ngirih-irih |
pinarêman ing tamba makjun cuciyan ||

42.
Supaya bisa amêndha |
sakite saking sakêdhik |
nyampingira wus cinêngkal |
kang putra ngandika aris |
paman kula-aturi |
sasareyan anèng kasur |
supaya rêrêm sênggang |
kang paman jinagan aris |
rêngkêng-rêngkêng mèkèh-mèkèh lon lampahnya ||

43.
(ng)Ngalèyèh nèng pakasuran |
ragi mêndha ingkang sakit |
ing wanci têngange surya |
wontên utusan pawèstri |
matur mring Jèngragi |
paduka ngaturan kondur |
ing rama-jêngandika |
ngling paman kula mangarsi |
anauri ya mangsa bodhoa sira ||

44.
Agupuh Ki Jayèngraga |
akondur marang pandhapi |
parèstri kang olah-olah |
mêne tamate ningali |
pating karècêm sami |
rarasan dene abagus |
kang aran Jayèngraga |
mantune Mas Dêmang (ng)Galik |
layak bae rara Widuri nubruka ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (11) Kaca 83 - 86
  • (13) Kaca 92 - 99 >