Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434702
Hari ini     :Hari ini :102
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :168
Bulan ini   :Bulan ini :3331
s/d hari ini   :s/d hari ini :434702
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 10

Kontak Admin.

email-kidemang

 (13) Kaca 92 - 99

 

( Wanci lingsir kilèn tamu saking Pranaragi dhatêng )

3. Wanci lingsir kilèn tamu saking Pranaragi dhatêng i.p.: Ngabèi Wijakangka, kasusul Ngabèi Wiranjaya lan ingkang saking Kalangbrèt, Rawa, sadaya kinurmatan ungêling bêdhil. Jayèngrêsmi lan Jayèngraga katêpangakên para tamu, ing batos para tamu sami ngalêmbana para putra ing Wanamarta wau. Para tamu sami nyumbang sarwi pangaos, wasana lajêng kaaturan ngaso ing pondhok ingkang sampun sumadhiya.


Kaca 92 – 99

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 10 - Kaca : 92

614 Sinom

45.
Lajêng lênggah mring paningrat |
nor lampahe Jayèngragi |
wus andhèr kang tata dhahar |
anganti Ki Jayèngragi |
lênggah nunggil Jèngrêsmi |
kang rama ngandika arum |
kadospundi kang paman |
punapa siyos ngatisi |
Ke Ngabèi jroning tyas sampun anduga ||

46.
Sinamun pangungunira |
Jèngraga umatur aris |
inggih wontên sangêtira |
rayinta paman Wuragil |
ngling malih ngancarani |
andika kewala laju |
ngaturan ing ibunta |
manjing ing wisma abukti |
Jayèngraga lumèngsèr mangsuk ing wisma ||

47.
Alênggah tunggil ing garwa |
nulya ingancaran bukti |
Kae Kidang Wiracapa |
tunggil ambêng lan Jèngrêsmi |
Wirancana Ngabèi |
pra kadang sarêng akêmbul |
miwah laladènira |
(ng)gyanning Ki Kulawiryèki |
Ke Ngabèi ngancarani turuh asta ||

48.
Agupuh ingkang liningan |
(n)dan lêkas sami abukti |
gamêlan munya rum raras |
La-êla lon-lon angrangin |
gêndhinge dèn-gêndhèngi |
Bèr-manis manise nuntung |
sarênge angumara |
sarancak nyalupak sami |
pênabuhe imbal ngapinjal sènggolan ||

49.
Kang myarsa Bèr-manis munya |
tyasira kudu angibing |
saking sakecaning raras |
panabuhe ukur (n)jawil |
angênut-ênut ati |
sinambi dhahar pikantuk |
o enak tan kasêlak |
angantêg-antêg kang bukti |
Kae Kidang Wiracapa lon ngandika ||

50.
Ing agêsang yèn sagêda |
among momot ing sakalir |
bawa solahing agêsang |
tan ana dèn-sakuthoni |
myang kang dèn-prasèjèni |
lire basa kang kadyèku |
tapakur marang Sukma |
kang ngidhêp tan angidhêpi |
myang sakalir mung sukur dandananira ||

51.
Sokur wis tan suka bingah |
lawan wus tan êsak sêrik |
mring sarupaning agêsang |
jalma sato miwah pêksi |
myang rês-rês ing sabumi |
sami titahing Hyang Agung |
tan karêp lan siniya |
puniku kang dèn-wastani |
among amot amung muhung dhawakira ||

Jilid 10 - Kaca : 93

52.
Puniku tandha ngalamat |
dadalan dadi udadi |
wus prasèjèning Asya-a |
pancade wong ahli luwih |
Jayèngrêsmi nor-ragi |
kêpêle ing ngantu-antu |
tanpantuk nadhah kathah |
tuwuk myarsa rasaning ngling |
wêwah ajêm kajatmikaning ngulama ||

53.
Wus tutug dènnira dhahar |
luwaran dènnira bukti |
ambêng nulya cinarikan |
nyamikan lumadyèng ngarsi |
Ke Kidang ngancarani |
wawi sinambi ing ngriku |
pisang sigêging manadhah |
kang putra nuwun turnèki |
pra putra ri samya ngalap sasênêngnya ||

54.
Antara dènnya lênggahan |
kang surya gumiwang lingsir |
angatag salat ing langgar |
adhangan Ki Jayèngrêsmi |
pangulu modin santri |
Ki Jayèngraga anusul |
kadas makmum sêmbahyang |
praptèng bakda Luhurnèki |
wusnya pragat nulya wangsul mring paningrat ||

55.
Lingsir kulon wancinira |
wontên wong ngaturi uning |
kalamun wontên dhatêngan |
prayantun saking nagari |
Mas Mangunjana gipih |
mring kori amêthuk tamu |
têngara ajêdhotan |
jaba jro kang bêdhil muni |
wusnya tundhuk ngaturan lajyèng pandhapa ||

56.
Dyan Ngabèi Wijakangka |
punggawa ing Pranaragi |
abagus aprajuritan |
anyuriga dhuwung katri |
kering suduk rinukmi |
apêpêthêt tudhung basu |
-nandha jinamang renda |
lumampah srigak mantêsi |
gamêlannya munya Ladrangan barungan ||

57.
Praptèng tritising pandhapa |
Ke Kidang Wiracapèki |
myang Mas Dêmang Wirancana |
samya gupuh ngancarani |
nulya dyan angabèi |
amapan dènnira lungguh |
tinut pra rencangira |
binagya wilujêngnèki |
amangsuli samya raharjaning krama ||

58.
Mas Dêmang Prawirancana |
angling mring Wirancanèki |
ruktinên prayogakêna |
rumate Kimas sirèki |
kang liningan nulya glis |
sugata pateyanipun |
myang pamondhokanira |
nulya atêngara malih |
Mangunjana nulya mêthuk maring lawang ||

Jilid 10 - Kaca : 94

59.
Dyan Bèi Wiryawijaya |
lan Dyan Wiryadipurèki |
kalih wus kèrit ing lampah |
saupacaraning mantri |
gamêlan anêsêgi |
barungan pating jalênggur |
wus prapta ing pandhapa |
ingancaran samya linggih |
binagèkkên wilujêng ing kalihira ||

60.
Nulya na malih têngara |
Mas Mangunjana nulya glis |
amêthuk tamu kang prapta |
sakawan saking nagari |
Mas Bèi Wirapati |
Wangsapati malihipun |
Dyan Dêmang Malangdewa |
Mas Puspalaya Ngabèi |
prawira-pat kèrit-ing Mas Mangunjana ||

61.
Bêdhile abêrondongan |
têngarane tamu prapti |
umyung gamêlan barungan |
pangliking ronggèng kakalih |
praptèng tarup taritis |
ingaturan samya lungguh |
nulya atata lênggah |
gya malih têngara muni |
ting jarêdhot Mas Mangunjana agêpah ||

62.
Pipitu priyayi têka |
lan garwa nitih turanggi |
Dyan Ngabèi Mangunbrata |
Dyan Bratawangsa Ngabèi |
Ngabèi Jayapati |
Mas Dêmang Jayabilaru |
Mas Dêmang Sandipura |
Dyan Sumajaya Ngabèi |
lawan Radèn Puspagati maksih magang ||

63.
Krakêt lan kang darbe kutha |
keringan asor ngabèi |
wus kèrit ing lampahira |
prapta ingacaran linggih |
nulya têngara malih |
Mas Mangunjana agupuh |
mêthuk tamu kang prapta |
saking Kalangbrèt myang Rawi |
Dêmang Ranujaya Dêmang Setajaya ||

64.
Lan Dêmang Ranumênggala |
tuwin Dêmang Ranupati |
Dyan Dêmang Ranudipura |
Dêmang Ranudikarèki |
Ki Dêmang Ekamantri |
lawan Dêmang Ranukewuh |
Ngabèi Ranubaya |
sasanga wus tundhuk kèrit |
gumarudug prapta ingancaran lênggah ||

65.
Binagya sabda wijaya |
umatur mangsuli krami |
wus tata palungguhira |
alalante sadayèki |
nulya Mangunjanèki |
angatag sinomanipun |
mêdalkên pasugatan |
panginuman arak api |
pirang goci lan cangkire anèng talam ||

66.
Ing inuman wus warata |
mundur ingkang angladèni |
nulya pateyan mangarsa |
miwah pamucanganèki |
pra tamu matur aris |
mring Mas Dêmang kalihipun |
lêrêsipun punika |
besanan angsal ing pundi |
anauri Kae Kidang Wiracapa ||

Jilid 10 - Kaca : 95

67.
Lêrêse botên besanan |
sakalanipun ing mangkin |
inggih wikana ing benjang |
têpange sami sisiwi |
sapuniki nujoni |
putrane (n)Jêng Kyai Guru |
pradikan Wirasaba |
dhusune Wanamartèki |
kang awasta (n)Jêng Kyai Bayi Panurta ||

68.
Duk nènèmane dhèk kula |
Ki Bayi kalawan mami |
apan tunggil panêcêpan |
saeka sabaya-pati |
kang sami golong budi |
wong sasanga tunggil guru |
sami-samining mitra |
mring kula kalangkung asih |
kang kinanthi kinathik ing dalu siyang ||

615 Kinanthi

1.
Lah puniku putranipun |
kang kalih pinuju kampir |
saking tirakat lalana |
awasta Ki Jayèngrêsmi |
kang taruna Jayèngraga |
lagya pinarêng ing takdir ||

2.
Nèng ngriki ingambil mantu |
jodhone Rara Widuri |
dhaup lan Ki Jayèngraga |
lan wontên malih satunggil |
kang paman ran Kulawirya |
kadang wragile kiyai ||

3.
Ing mangke pamondhokipun |
lagya kapambêngan sakit |
pra tamu ngungun sadaya |
tumingal mring Jayèngrêsmi |
miwah maring Jayèngraga |
rêspati sêmu priyayi ||

4.
Kang tuwa jatmika ruruh |
pasêmone cahya wingit |
kapèncut ngambil mantuwa |
kalawan Ki Jayèngrêsmi |
kabèh osike mangkana |
kang samya myat Jayèngrêsmi ||

5.
Lan kang anom rêbut mangun |
karone rêbut pinilih |
Jèngraga pasêmon muncar |
lungite amriyayèni |
emane tan jênêng rangga |
amêngku para ngabèi ||

6.
Dyan Mangkubrata ris muwus |
kèngêtan kula ing nguni |
inggih (n)Jêng Pangeran Kutha |
ngandika marang dyan patih |
Wiryabrata kang timbalan |
ingsun angrungu pawarti ||

7.
Lèr tanah Wirasabèku |
ana ngulama sawiji |
pagunungan Wanamarta |
durung cêtha arannèki |
pan ana kasupèn-ingwang |
jênênge ngong eling-eling ||

8.
Iku wartane linuhung |
ginuron pra ngulama lim |
marono padha pruwita |
nadyan bupati pasisir |
kèh nêcêp mring Wanamarta |
sampurnane lair batin ||

Jilid 10 - Kaca : 96

9.
Wancine maksih nom bagus |
ginuron ing kaki-kaki |
tuwa nom angalap bêrkah |
ngulama miwah priyayi |
malah kasêbut uliya |
wus mêtu mangunahnèki ||

10.
Kramate jalma linuhung |
lagi rasane tyas-mami |
kaya-kaya sun têmuwa |
marang kang sinêbut luwih |
kaya ngapa sun têmuwa |
priye budinira patih ||

11.
Paman patih aturipun |
inggih katitik rumiyin |
gethang yêkti kawistara |
nuntên sumêne (n)Jêng Gusti |
dening ature dyan patya |
kilap wasananing mangkin ||

12.
Punika kula nunuwun |
paduka kang sampun dêling |
inggih ing bab Wanamarta |
dados kawula nujoni |
sagêd umatur sung warta |
mring paman katur ing Gusti ||

13.
Pun uwa sampun adunung |
Kè Kidang Wiracapèki |
puniku rada balêjad |
tan pati tuntuming warti |
yèn kula gotèk duk kuna |
maksih jajaka duk ngaji ||

14.
Apisah kalane dangu |
wus datan panggih-pinanggih |
kongsi samantên putranya |
kapanggih lagya samangkin |
lawan putrane kewala |
sasat wus sami kapanggih ||

15.
Lan kaka (n)Jêng Kyai Guru |
puniku arinta kalih |
pênêd sami awanuhan |
kang pinarlokakên prapti |
umatur inggih sadaya |
nulya sami nêmbramani ||

16.
Mring kalihe sang abagus |
tur pambage ganti-ganti |
winangsulan karaharjan |
pakramèng basa mênuhi |
Dyan Ngabèi Mangunbrata |
wijiling wacana aris ||

17.
Kapasang ing yoginipun |
kadipunêndi kang yêkti |
kang kawuwus wau nika |
ninilang titising warti |
Jèngrêsmi nauri sabda |
inggih kakang kang sayêkti ||

18.
Kang sami angalap ngèlmu |
ngulama lan pra priyayi |
bupati pasisir ingkang |
kadugi angalap ngèlmi |
mring karajan Wanamarta |
angguguru ngalap janji ||

Jilid 10 - Kaca : 97

19.
Nanging wontên ninangipun |
manawi salayèng warti |
kang inangling (n)Jêng Pangeran |
wancine taksih taruni |
ing mangke kawula kilap |
tan surup rujuking warti ||

20.
Kang tatanya mêne ngungun |
anggunggung sajroning ati |
dhuh layak bae ta uga |
kang kawêntara ngalêwih |
barkat sudaning pawarta |
kabar nom yêkti kang siwi ||

21.
Iya ing kapandugèng-sun |
Dyan Mangunbrata jrih asih |
Jèngrêsmi micarèng driya |
kasaliringan atampi |
patute sinêngguh ingwang |
baya kangmas Amongragi ||

22.
Kang andon lalampah nglangut |
tinitising kabar yakin |
kajala kêna ing warta |
(n)Jêng Rama lan Amongragi |
durung patitising warta |
dadya salaya ing mangkin ||

23.
Têka mèsêm jroning kalbu |
Jèngraga lan Jayèngrêsmi |
tan pae graitèng nala |
nalika tinanyan angling |
kabar ngawag kabênêran |
nanging ro sinêngguh siji ||

24.
Mangkana danguning lungguh |
ing wanci Ngasar wus akir |
Kae Kidang Wiracapa |
ngandika ris mring têtami |
yèn wus sami aso ing tyas |
kula-turi ring mapantin ||

25.
Rèrèh ring pondhok karuhun |
manira yun maring masjid |
pra tamu matur nor-raga |
inggih punapa rèh tuding |
Kae Kidang Wiracapa |
mring masjid lan Jayèngrêsmi ||

26.
Jayèngraga datan kantun |
Asradênta lan Nuripin |
modin mantên samya salat |
mring masjid makmum Ngasêri |
tan cinatur rêkangatnya |
kang mupit ana ing masjid ||

27.
Yata wau ingkang lungguh |
Mas Dêmang Wirancanèki |
wacana ararakêtan |
mring tamu tuwa nom sami |
punika mantu-andika |
kang taruna Jayèngragi ||

28.
Sadaya mèsêm amuwus |
kalangkung bêgja amanggih |
mantu ngulama prawira |
wandane angrêspatèni |
pantês ingugung sakarsa |
wus bêgjane Ni Widuri ||

29.
Kang sagêd amomong mantu |
kawula anjujurungi |
Dyan Ngabèi Mangunbrata |
lan Wijakangka Ngabèi |
samya ngulungkên pasumbang |
dhuwung saput ranti-rukmi ||

Jilid 10 - Kaca : 98

30.
Puniku dhi kula angsung |
padinan mantunirèki |
Mas Dêmang Prawirancana |
anuwun aturirèki |
adarmi tampi kewala |
putranta ingkang (n)darbèni ||

31.
Kabèh pra mantri trilikur |
samya sung pasumbangnèki |
kaprênah nom miwah tuwa |
mangarsa aganti-ganti |
kang asung pêdhang kalewang |
sanjata tumbak lan kêris ||

32.
Pawèwèh ingkang amungguh |
prayoga parabotnèki |
wontên kang asung turangga |
myang busana sarwa kêling |
maesa lêmbu miwah kang |
angsung èpèk bangkol rukmi ||

33.
Kang asung sêngkang panunggul |
turi rukmi ali-ali |
mangkana sadayanira |
ngangsungkên pawèwèhnèki |
kang salat Ngasar wangsul (ng)gyan |
-nira ing paningrat malih ||

34.
Ke Kidang Wiracapèku |
ningali santana mantri |
angumbuk pisungsungira |
prayogi langsung di-adi |
punika pambungahira |
panadare atutuwi ||

35.
Sokur sakêthi jumurung |
kang samya (n)dhatêngkên kang sih |
kang ingujar anor-raga |
samya umatur minta sih |
pan inggih barkah-paduka |
sagêd sapala ngaturi ||

36.
Padintên tan pati mungguh |
sadaya punggawa mantri |
mring Ke Kidang Wiracapa |
kalangkung samya jrih asih |
sabab sêpuh awunira |
uwa maman ngakang ngaki ||

37.
Mas Dêmang Wirancanèku |
ngandika marang kang rayi |
hèh sira Mancanapura |
lan adhinira dèn-aglis |
pisungsung atur nèng wisma |
marang bakyunirèki ||

38.
Kang para ri ngambil gupuh |
pisungsung kang anèng ngarsi |
wong lilima maksih ngunjal |
Ki Jayèngrêsmi ngling ati |
ki besan tabon sêntana |
paradhah watak priyayi ||

39.
Kuciwa nora panuju |
ing mangsa purwaning pikir |
lagya madyaning apapa |
kasaru kasru wong krami |
bêgjane Ki Jayèngraga |
kabancana ing dunyèstri ||

Jilid 10 - Kaca : 99

40.
Mangkana têmbayanipun |
Jèngrêsmi sajroning galih |
mangkana kang sami lênggah |
sakèhe para ngabèi |
nuwun rèrèh ing pondhokan |
linilan mundur sing ngarsi ||

41.
Kaprênah panggenanipun |
sadaya kang para ari |
kang nèng jroning paregolan |
miwah sajabaning kori |
ramut gênah pondhokannya |
rêrêbe samantri-mantri ||

42.
Sinusulan ing susuguh |
dhahar-dhaharan sumaji |
myang suguh sukêt(?) tan kirang |
miwah ingone pra jalmi |
balêbah sêkul panganan |
sadaya warêg waradin ||

43.
Yata kang maksih alungguh |
Ke Kidang Wiracapèki |
ngandika mring putranira |
punapa kinarsan mangkin |
ing dalu tanggapanira |
Mas Wirancana turnya ris ||

44.
Sumanggèng karsa kinayun |
pênêde tanggapanèki |
prayogine wayang Purwa |
matur inggih sadayèki |
ngling mring Wirabajra sira |
ngundanga mring dhalang ringgit ||

45.
Si Gunawangsa bae wus |
matur sandika kang rayi |
nulya luwaran alênggah |
samya siram mring pawingking |
Jayèngrêsmi maring langgar |
Jèngraga maring wismèki ||

46.
Wau Ki Kulawiryèku |
kang lagya sangêt asakit |
kalangkung watir tyasira |
sawungunira aguling |
kagagas supênanira |
wijiling sabda kang kèsthi ||

616 Mijil

1.
Animbali santri hèh Nuripin |
mareneya gupoh |
kang inguwuh-uwuh mara age |
praptèng ngarsa Ki Wirya ngling aris |
ngong tuturi Ripin |
mau wayah Luhur ||

2.
Turu saliyêpan sun angimpi |
iya ingkang katon |
katêmu lan Jamal Jamil mrene |
kaya patute lakune kampir |
têtela dènnya ngling |
pitutur maring-sun ||

3.
Lah anutuh-nutuh pokal-mami |
wèng-wènging lêlakon |
pan mangkene Jamil ing tuture |
sakit-(n)dika punika nyamari |
namung sisip têmbir |
botên sagêd mantun ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (12) Kaca 87 - 91
  • (14) Kaca 100 - 113 >