Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 12

Kontak Admin.

email-kidemang

 (14) Kaca 100 - 113

 

( Kulawirya nimbali Nuripin, nyariyosakên supênanipun )

4. Kulawirya nimbali Nuripin, nyariyosakên supênanipun, dipun dhatêngi Jamal Jamil lan dipun aturi pitêdah jampining sakit rajasinga, i.p. kêdah sanggama kalihan prawan kêncur utawi wanita ingkang luwas rah. Botênipun kalihan kapal. Nadyan kamanah anèh, ewadene Nuripin mrayogèkakên kalihan kapal kemawon, mênawi kalihan prawan utawi wanita luwas-rah nênambahi dosa, jalaran mêsthi badhe katularan. Kulawirya pasrah dhatêng Nuripin kalampahipun sarananing usaha. Saking akalipun Nuripin sagêd kalaksanan kanthi cara ingkang botên limrah, wasana sakitipun Kulawirya sagêd kathah mayaripun, lajêng dhatêng pandhapi ngêmpal para tamu ing pahargyan.


Kaca 100 – 113

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 10 - Kaca : 100

616 Mijil

4.
Rajasinga puniku niwasi |
nêlaskên kang wutoh |
nanging wontên punika sarate |
lamun têgêl Kenthol anglampahi |
sa-Allah yèn mari |
sakit-(n)dika niku ||

5.
Binalotongakên kapal èstri |
yiniyatan godhong |
wora-wari-bang sundêl-malême |
pinipis kang lêmbut pinêrêsi |
sinaringa nuli |
binorèhkên guthul ||

6.
Dimèn lênya supaya hya sakit |
katanggoring adon |
dèn-kongsi mêdalakên manine |
lamun pan mêkatên tiyang èstri |
kang wus luwas gêtih |
ginarapkên ngriku ||

7.
Yèn botêna lare prawan kêncing |
dèrèng uning raos |
nanging botên ilok pakantuke |
sabab sakit ngalih dhatêng èstri |
adamêl pênyakit |
pênêd kapalipun ||

8.
Sawusing mangkono nuli tangi |
gya manira lunggoh |
iku priye Nuripin bêcike |
apa wong tuwa apa raywa lit |
bocah winitawis |
yèn wus kêlar êjun ||

9.
Angur êndi wong kang luwas gêtih |
lawan jaran wadon |
Ki Nuripin macucu ature |
kados wontên ing Wanamartèki |
Ki Nuripin Macucu ature |
kados wontên ing Wanamartèki |
sintên dèn-karsani |
tan kapalèng kayun ||

10.
Anèng ngriki lagya lagi-lagi |
karsa rèyah-rèyòh |
langkung sangêt punika sarune |
lamun purun yèn botên dospundi |
adamêl prakawis |
mindhak wuwuh imbuh ||

11.
Prayogine kewala kang gampil |
bok kapal bêsaos |
prandenipun kapal èstri dhècèh |
ingkang botên susah nora-nari |
suwawi ing mangkin |
dalu luru-luru ||

12.
Kapal kang cinancang anèng (n)jawi |
satungal binêdhog |
ning niwakên dèn-sêlang sêdene |
Ki Wuragil mèsêm ngling ambêkis |
hus ah ingong suthik |
êmoh jaran kuru ||

13.
Golèka kang lêmu akalimis |
bokonge kang popor |
iku mênèk yèn ngapenginake |
dimèn têgêl tyasingsun ngramuhi |
yèn ora kadyèki |
gajêg nora maju ||

Jilid 10 - Kaca : 101

14.
Matur bok sampun mawi amilih |
ingkang popor-popor |
jampi ngotên bok sakapanggihe |
inggih mangke ngupados yèn olih |
ingkang mênis-mênis |
Ki Wirya amuwus ||

15.
Kapindhone priye yèn turanggi |
panggarape mêngko |
nora bisa ngodor satêmêne |
lamun tan nganggo panggalak èstri |
supaya kapengin |
bisane tumanduk ||

16.
Ronggèng bae undangên sun-wèhi |
opahe sakêton |
iya amung sun-wudani bae |
dimèn guthulku bisa atangi |
puluh isin-isin |
mulya ta bae wus ||

17.
Ki Nuripin mèncêp matur aris |
mangke dalon-dalon |
kados pundi inggih karaose |
punapa taksih sangêt kang sakit |
anauri maksih |
matongtong saya buh ||

18.
Yèn larane rada penak thithik |
nora cêkat-cêkot |
mau kae bilah buh rasane |
larane wus nglumpuk dadi siji |
lir dèn-iris-iris |
ting slêngkrang ting srênut ||

19.
Nuli nakmas Jèngraga nambani |
godhongan maring ngong |
rada suda sathithik rasane |
bisa turu dhat-dhatan wak-mami |
wusing ngimpi iki |
atiku tan (n)jêkut ||

20.
Saya dhangan mari ting salêngkring |
nanging saya aboh |
Ki Nuripin mèsêm myat bêncolèng |
o lah niku badhe amèdosi |
ethok mawi sakit |
darapon katungkul ||

21.
Kirang sadalu êngkas puniki |
ngagyatakên cêplok |
ngêthok dalah konthole mak grèwèl |
awis-awis tiyang sagêd urip |
Ki Wirya ambêkis |
wis wong edan taun ||

22.
Lagi mangkene (n)dadak mêdèni |
si Dipangan-potho |
matur gujêngan mung saenggane |
yata ing wanci waktu Mahêrib |
Ki Kulawiryèki |
rêngkêng-rêngkêng wêktu ||

23.
Ki Nuripin tan salat mring masjid |
salat anèng pondhok |
Mangunjana lan Mangunbrajane |
tata kêlirira wong angringgit |
anèng kori lêmpit |
kinajang barukut ||

24.
Gamêlannya Bèr-manis kinardi |
wawayangan mangko |
dhalang Gunawangsa wus rinuktèn |
nulya maju saniyaganèki |
mirit linggyanèki |
wayange pinanggung ||

Jilid 10 - Kaca : 102

25.
Bakda Ngisa ing wancinirèki |
para ri agupoh |
tata pagêlaran linggihane |
wus dinuga uruting palinggih |
kang para ngabèi |
agêng alitipun ||

26.
Miwah badhe saosan miranti |
tan ana kasompok |
pinurwèndah ing pandam sewune |
ting daluwang puputêran ringgit |
sri kinêmbang ngrawit |
ing ijo bang biru ||

27.
Tharik amyang ubênging pandhapi |
kalangkung sri tinon |
tutuwuhan tan kêna lum kabèh |
sinalinan kang awilis-wilis |
tan anguciwani |
nir kang saru-saru ||

28.
Yata kang salat ana ing masjid |
sabakdanya gupoh |
samya mudhun saking palanggare |
sira Ke Kidang Wiracapèki |
Jèngrêsmi Jèngragi |
pangulu pra sêpuh ||

29.
Jalu lênggah ana ing pandhapi |
lir saban ana lor |
lawan Jayèngrêsmi nèng kilènne |
Jayèngraga pra ari nêpungi |
nulya Mas Ngabèi |
Wirancana lungguh ||

30.
Sapangetan sakadangirèki |
jèjèr tan ana doh |
Mangunjana kang tan kênèng linggèh |
pangruktinira sabarang-kardi |
sira Jayèngragi |
ingaturan kondur ||

31.
Marang dalêm gya lèngsèr sing ngarsi |
prapta lênggah alon |
Nikèn Widaryati lon dêlinge |
lah Widuri ya bojonirèki |
turana mangering |
ring pagêdhonganmu ||

32.
Ladènana busana sarwa-di |
yun nêmoni dhayoh |
lah suwawi anakmas dèn-age |
andika busana kang prayogi |
sakadar dèsèki |
amanggihi tamu ||

33.
Aywa risak wandane pangantin |
tinonton pra wong-wong |
Jayèngraga tan lênggana ing rèh |
nulya maring pamireyan aglis |
lan garwa tan kari |
angladèni kakung ||

34.
Anèng pagêdhongan Ni Widuri |
nutup kori rêko |
Ni Widuri dahat wulangune |
marang kakung anggubêl minta sih |
sih luluting rêsmi |
dahat sangêting kung ||

35.
Jayèngraga mèsêm angewani |
de tan kênèng anggop |
kandhih adrêngira asmara rèh |
dadya kadho-kadho tyasira mrih |
linging tyas wong iki |
bangêt tanpa kusur ||

Jilid 10 - Kaca : 103

36.
Nora angon wêktuning aguling |
dêstun têmên uwong |
tan kaopan panane ngamêne |
manawine tan paja mênuhi |
dudu sabaèki |
kêrêpe ambêrung ||

37.
Jayèngraga ginubêl ing rabi |
sakêdhap netra-ndon |
langkung pamurihirèng karêsmèn |
Jayèngraga ngaya-aya kapti |
kang rayi ginuling |
-ngakên tanpa kasur ||

38.
Karsaning kakung amung nyarati |
mring kang nora anggop |
gagêlakan wus praptèng gatine |
kaluwaran Widuri ngukuhi |
maksih angrêrêngih |
dèrèng onjotipun ||

39.
Ingkang raka mèsêm sêmu runtik |
tan salumrahing wong |
kewala mèh kawijil dukane |
aluwaran kang ara sarêsmi |
Ni Rara Widuri |
sangêt cuwanipun ||

40.
Wusnya kalihe samya susuci |
tinadhahan bokor |
Jèngraga gya abusana pamèr |
ngagêm nyamping prang-rusak kalithik |
paningsêt cindhe jring |
abara jênar byur ||

41.
Arasukan bêlah-Bantên putih |
kancing mirah kaot |
arja kuluk kinanigarane |
akris tinatah kinaturanggi |
landheyan sinêmi |
agagombyok dhuwung ||

42.
Akakacu kumbaya kusta brit |
sumping ron pinraos |
akalpika tajug myang galigèn |
jinêbadan ing garwanirèki |
samya busana-di |
wus samya linuhung ||

43.
Ni Widuri mulat marang laki |
jawil-jawil nyêthot |
asasmita mumurèh kayun rèh |
pamandênge lir sotyaning gangsir |
tar kawawa mèksi |
marang kakungipun ||

44.
Jayèngraga mèsêm angarasi |
sarwi ngandika lon |
payo rara mijil wus kasuwèn |
Ni Widuri nêdhêng anyênêngi |
èsmu tan wèh gingsir |
Jèngraga gumuyu ||

45.
Guyunira nêbut jroning ati |
setan andrêwolo |
karêpanê apa dèn-plok bae |
ambakna wong bêlisên tan eling |
andimêr ngiyêri |
ngêcut angêthiwul ||

46.
Nulya samya mijil Jayèngragi |
alinggih karongron |
nèng jarambah ngarsèng bu kalihe |
Bokmas Wirancana Widaryati |
angungun ningali |
marang mantunipun ||

Jilid 10 - Kaca : 104

47.
Pra èstri myang bojoning ngabèi |
tuwa nom andongong |
mulat marang Jèngraga baguse |
ya ta ingkang lênggah nèng pandhapi |
tan adangu prapti |
para tamu-tamu ||

48.
Sadayane kang para priyayi |
samya têpung lunggoh |
nèng pandhapa jèjèr saurute |
tuwa anom agêng alit sami |
busana di-adi |
papamèranipun ||

49.
Mèrèt mubru sacaraning nagri |
dènnya nganggo-anggo |
tan ana ri pêpak sadayane |
dhalangnya wus wiwit dènnya ngringgit |
jêjêr Ngastina Ji |
lakon Sèmar mantu ||

50.
Mangunjana rakit sugatèki |
parentah marang wong |
kasinoman kinèn naosake |
pamuncangan myang pateyanèki |
ramut sadayèki |
ing saurutipun ||

51.
Jayèngraga mijil sing wismèki |
cingak sakèhing wong |
lir bupati solah prabawane |
tunggil kang raka dènnira linggih |
pra paman ngingsêri |
angombèri lungguh ||

52.
Obah sadaya kang samya linggih |
samya gawok tumon |
marang Jayèngraga ing baguse |
kadya Pangeran ing Pranaragi |
lir Wirun tinulis |
tuhu yèn binagus ||

53.
Para pamèr ingkang ambêsusi |
wiragane êntong |
kabajonging Jèngraga baguse |
miwah jroning wisma kang parèstri |
samya ting karintip |
myating sang binagus ||

54.
Wus mangkana dènnira alinggih |
rarakiting jagong |
pra ngabèi kangsèn kasukane |
atandangan sapundhuhanèki |
ingkang suka pèi |
kècèk kêrtu dhadhu ||

55.
Cina kaja sakarsane sami |
sagolong sareyom |
kang tan pundhuh pan caturan bae |
ana mênêng kewala alinggih |
kan sêm amamacit |
kathah warnanipun ||

56.
Tan wus winuwusên ing pandhapi |
yata kang nèng pondhok |
Kulawirya angusadakake |
Ki Nuripin sasontên angrukti |
angambil kudèstri |
pinarantèn sampun ||

57.
Tuwin nimbali ronggèng wus prapti |
jinatèn ing wados |
dènsisiwoni ronggèng Ni Grèpèt |
dhasar kuning kalukaran tapih |
ngalela kaèksi |
nyunyunge arungkud ||

Jilid 10 - Kaca : 105

58.
Winiwir-wiwir kang angrongkobi |
gatraning puputhon |
katêlahan ing pandam cêthane |
wela-wela walakang malêngki |
kapipit kalêmpit |
popoking apupu ||

59.
Ronggèng tan polah ing ngolag galig |
Ki Kulawirya non |
marang ronggèng atutug ginape |
karasèng tyasira asarêsmi |
kang ngêndhorok tangi |
eling gawenipun ||

60.
Nuli binêkta ronggèng mring jawi |
maksih ambolojod |
praptèng gyanning jaran pinarantèn |
angandika mring santri Nuripin |
paran wus miranti |
pitaya kinayun ||

61.
Matur sarwi ngaturakên yiyit |
kang kinarya nglunyon |
payo sira mèluwa marene |
matur botên kawula nèng ngriki |
sampeyan pribadi |
kaliyan bokayu ||

62.
Lah wong pêtêng ngarah apa Ripin |
payo ta marono |
manawa na kuciwa prantine |
blakan bae aja isan-isin |
malah ya sirèki |
kang minangka dhukun ||

63.
Sasat sira ingkang ngusadani |
iya laraningong |
matur sandika kapêksa dene |
atut pungkur mring gyanning kudèstri |
karsane Ki Ragil |
ambalabak kayun ||

617 Balabak

1.
Kulawirya wus prapti ing pamipitan |
ênggonne |
wus akukuh kudêstri tan bisa obah |
jaranne |
Ki Wuragil mathòngkròng nèng bokong jaran |
prênahe ||

2.
Ingêndhukkên ing gêmbok jaran ngêlèntroh |
guthule |
talèdhèke gya rinangkul ingambungan |
pipine |
pan kinarya panggalak amrih tanginya |
cêluse ||

3.
Nguyêl-uyêl susu sarwi ngêlus-êlus |
gêmboke |
dèn-sisilak pan sarwi cinènêng-cênêng |
gambrênge |
dènnya ngothah-othah pan sadhengah-dengah |
pamriye ||

4.
Dimèn sangêt manahe dènnya kapengin |
pindhane |
nulya ambêdêdêng tangi mangut-mangut |
dhogole |
gya tinamakakên marang gêmbok jaran |
mak blêse ||

Jilid 10 - Kaca : 106

5.
Angling ririh iki Ripin gocèkana |
buntute |
dèn-akukuh yèn ucul ambabit guthul |
tan wande |
wuwuhing larane dakarku kang mupung |
ngodore ||

6.
Nuripin pan kukuh anyêkêli buntut |
bobate |
bisa (ng)gêlur wus lunyu dening têtamba |
mayare |
nora krasa kinolonging lambe gêmbok |
dakare ||

7.
Panggalake talèdhèk tan kêna bênggang |
si Grèpèt |
pipi susu ciniwo aginogohan |
nyunyunge |
ngêsês-êsês ronggènge mèlu kepingin |
wangune ||

8.
Angling ririh dhuh Kenthol bok dhatêng kula |
sênggane |
kêdhap mawon kula pengin kagungane |
rasane |
dimèn suwe pangodhore mindhak wuwuh |
ecane ||

9.
Kae Kulawirya ngling apa mangkono |
enake |
matur inggih makaten wawi cinoba |
ginêntèn |
Ki Nuripin umatur lo lo puniku |
angalèh ||

10.
Wis kantênan mêlêng-mêlêng eca pisan |
si Grèpèt |
yèn sampeyan mindhak wêwah babarpisan |
blaine |
niku botên prasasat lading panyukur |
landhêpe ||

11.
Ngling ah nora tau ambêngang-bêngani |
sabêne |
nisthakake yèn cinacad ambêngangi |
(m)bok jèjèl |
ngling aêm biyang lae gèk mangsa iyaa |
sanggupe ||

12.
Wus unine dadine (n)jêlomprongake |
mangkene |
lo lo sampun-sampun kula sung pêpemut |
yêktine |
gluwah-gluwèh anggrèwèl mangsa sandeya |
kablaèn ||

13.
Ki Wuragil saya rèpèh dakarira |
tancêbe |
gya ginêlak banène akalukukan |
gêlure |
nulya mêmpêng mrakinding makênêng mêtu |
kamane ||

14.
Mung sabrolan kewala tan ngudhal-udhal |
wêtune |
gya linukar dakare mungkrêt lir lintah |
klumpruke |
ilang ting prakinting mung kari pêrih |
jêrone ||

15.
Tanganira Ki Kulawirya kang kiwa |
pan maksèh |
anggogohi nyunyunge ronggèng kalêproh |
agabrès |
matur ah (m)pun mangke ta tiyang asakit |
raose ||

Jilid 10 - Kaca : 107

16.
Inginggatan tangane galaprut ayit |
ilêre |
tan wèh lunga ronggènge anèng ngiringan |
ênggone |
Ki Wirya ngling lah Ripin uwis uculna |
buntute ||

17.
Gumuywa ngling ngong-wastani dèrèng rampung |
ngègrège |
dèn-uculkên buntute akirig-kirig |
jaranne |
hèh Nuripin sira angambila banyu |
dèn-age ||

18.
Nulya naosakên toya nèng pangaron |
ngarsane |
Kulawirya wong roro lawan si Grèpèt |
lèdhèke |
samyandhodhok lah Ripin dimrene sira |
dèn-age ||

19.
Tangane kang kalêprèh rada rêkasa |
gatêle |
pan kinarya malirit ilining guthul |
tanganne |
linothokkên marang irunge Nuripin |
mak-leno ||

20.
Ki Nuripin anjêngat niki punapa |
mak-lèdrèg |
lah yaiku idune guthul lan nyunyung |
-nge Grèpèt |
de tanganku rada gatêlên sathithik |
rasane ||

21.
Ki Nuripin ambêkuh u u arusuh |
polahe |
pan sakala gatêl irunge kinukur |
sag-èsèg |
Ki Wuragil angumbah guguthulira |
barêsèh ||

22.
Ki Nuripin angumbah ing irungira |
ge-age |
Kulawirya gupuh wangsul (ng)gène jaran |
karsane |
tanganira dèn-asab ing gêmbok jaran |
nulya ge ||

23.
Tanganira dèn-asabkên gêmbok jaran |
marine |
hèh Nuripin mreneya iki lo tamba |
marine |
lah irungmu ampêlna ing turuk jaran |
bêcike ||

24.
Dimèn mari irungmu nora mêrkotok |
ningane |
lamun nora mangkono blotongên bae |
lo kiye |
sarwi nguculi tatali ingkang wuri |
palange ||

25.
Ki Nuripin jinorogên garêjêgan |
arame |
pan pinêksa jinoroggên marang bokong |
-nging jaran |
pan katanggor ing buntut sigra pinêngkal |
dhêngkule ||

26.
Sru mak-gapruk (n)jêlèh sambat adhuh-biyung |
sambate |
bilah setan lara têmên kok mangkono |
guyonne |
mêngko uga sun sobyang-sobyangkên marang |
wong akèh ||

Jilid 10 - Kaca : 108

27.
Ki Wirya ngling lah iya-iya jajalên |
sobyangke |
dak-pênthungi cocotmu kang kongsi ngalèh |
janggude |
Ki Nuripin grundêlan sok anglarani |
guyonne ||

28.
Ki Wuragil Kulawirya angling malih |
wuwuse |
lah wis Ripin uculna jaranne iku |
dèn-age |
ya olèhmu ambêdhog mau ing ngêndi |
jaranne ||

29.
Mèsêm matur inggih pangulu Sradênta |
kang darbe |
wau akèn ngupados kapal kang lêma |
turene |
pan puniku inggih kapal lêlampahan |
anggènne ||

30.
Kula mêndhêt nèng kandhang tan wontên uning |
tujune |
Ki Sradênta wontên ngajêngan kewala |
tan mulèh |
lah kapriye olèhmu angulihake |
mêngkone ||

31.
Inggih dipun-culakên kewala ngriku |
latare |
ya wis mara tuntunên lah ulihêna |
dèn-age |
Ki Nuripin sigra dènnya nuntun jaran |
lampahe ||

32.
Gobar-gabèr tan mênêng-mênêng kikirig |
jaranne |
Kulawirya karasa dhanganing lara |
sênggange |
malbèng wisma lan ronggèng maksih winuda |
blêjêde ||

33.
Ki Wuragil rêmên ningali nyunyunge |
mathise |
sarwi tanya apa sira durung manak |
de kuwe |
maksih sarwa salêkak tan ana rênggang |
kupênge ||

34.
Mung grumbule kêkêncêng kaya kukuncung |
anggawès |
lêluntare isih anyigar panjalin |
ingkême |
Grèpèt matur msêm dèrèng anglampahi |
bablêngèh ||

35.
Mila sabên tiyang angalêm nglangkungi |
raose |
Kulawirya tyase sumênut kapengin |
mring Grèpèt |
ronggèng matur lah cobi inggih sakêdhik |
raose ||

36.
Gumuywa ngling ah ora yèn lara manèh |
mêngkone |
lagi mari tatomba angrasa waras |
sakiye |
nulya Ki Nuripin sêgu-sêgu prapta |
banènne ||

37.
Ki Wirya ngling Grèpèt marêpa ing lawang |
bênêre |
ya sêmbari ngadêga bae bèn katon |
sing kene |
cinolokan ing dadamar mrih tetela |
nglelane ||

Jilid 10 - Kaca : 109

38.
Tinimbalan Nuripin sira mreneya |
dèn-age |
nulya mêngakakên ing lawang Nuripin |
rêgèdèg |
myat wong wuda nyunyunge kêtara gambrêng |
jêmbrunge ||

39.
Mak-cêngkelak anêbut dubilah setan |
mênthule |
Ki Wuragil alatah anon Nuripin |
sêbute |
wêkasaning panêbut nganggo amênthul |
basane ||

40.
Nulya kinèn tatapiyan ronggèngira |
gya tapèh |
Ki Nuripin tinimbalan malbèng wisma |
nulya ge |
praptèng ngarsa Ki Wirya maksih gumuyu |
kêkêle ||

41.
Ki Nuripin kacêmutan sêmu isin |
ulate |
angandika Ki Wuragil Kulawirya |
wuwuse |
hèh Garèpèt sun atakon marang sira |
yêktine ||

42.
Kaya wong kang (m)bêngangi iku kang apa |
mawane |
lah manira tuturana kang balaka |
yêktine |
mêngko sira sun-ganjar wang limang suku |
kathahe ||

43.
Ronggèng Grèpèt matur mèsêm aprasaja |
wadine |
lamun tiyang sampun watak anyakiti |
sabêne |
kathah mawon walêre lamun ginarap |
jalêre ||

44.
Botên kenging sarêngan mêdaling mani |
campuhe |
yêkti ambêngangi inggih lir sampeyan |
sakite |
lawan sampun anggarap yèn tangi tilêm |
sakite ||

45.
Yèn pinarêng sakite ngruntuhkên watu |
adade |
sampun mêksa tiyang ingkang botên purun |
ing nganjèn |
lamun sakit malênthing kadya sulêdên |
malênyèh ||

46.
Lamun (ng)garap sampun rêmên myating gêmbok |
binênjèng |
lamun nuju sakite bêngang amunjuk |
sabênne |
lan hya ngathah-athahakên tingkah polah |
kasuwèn ||

47.
Nêlasakên rekane sadhengah-dhengah |
bungahe |
lamun sakit rajasinganên mring badan |
kudhise |
lawan malih (ng)garap aywa dèn-dhêngakkên |
guthule ||

48.
Pratingkahe jèngkèng ngêboti ing ngandhap |
bongkote |
pucuk guthul andêdêl bathuk kêkêmpung |
prênahe |
lir katanggor-tanggor tulang palanakan |
pangglure ||

Jilid 10 - Kaca : 110

49.
Kang puniku yèn pinuju sakit kathah |
bêngange |
guthul konthol mêtu yèn waras tinamban |
angalèh |
marang mata irung samya buh (m)bêrarang |
sakite ||

50.
Lamun waras tinamban bêngange ngalèh |
abuhe |
planjêr (n)duduk myang sadhengah abuhipun |
ênggonne |
mantun-mantun angalèh yèn sampun tiwas |
cacade ||

51.
Kadhang tiyang nuju pêsthi apês pêjah |
umure |
Ki Nuripin anjola gèdhèg anêbut |
(n)dharindhil |
e e tobat aja katêma-katêmu |
lir kuwe ||

52.
Ki Wuragil mèsêm gagêtun angungun |
driyane |
sarwi muwus wong wiwitan bêngang iku |
kapriye |
Grèpèt matur awis-awis kang tan bêngang |
brancahe ||

53.
Kajawi kang wus uning paekanira |
sarate |
kang walikan ingkang tunggil tilêm mulya |
lan lonthe |
sumimpange wawalêr wau punika |
rinêktèn ||

54.
Yèn anggarap ywa mrih sakecaning ngèstri |
garape |
yèn èstrine amada botên sakeca |
raose |
kang makatên tamtu botên ambêngangi |
adate ||

55.
Sampun kêkathahên polah mênthang nyunggar |
sirige |
kêdah dipun-sajojorakên kewala |
pupune |
guthulipun sagêlêm-gêlême dhawak |
tancêbe ||

56.
Kang kapara mangisor konjêm tan kandhas |
jêrone |
lan kang botên karaos katanggor-tanggor |
guthule |
nadyan dangu sampun ngantos mêdal mani |
kajênge ||

57.
Kang makatên asring lujêng botên sakit |
bêngange |
sabab èstri sampun ngrasa tan sakeca |
kêmbane |
kajawi kang mawi sarat sakarsane |
angègrèg ||

58.
Samya mèsêm Ki Wuragil lan Nuripin |
guyune |
angling malih yèku kang ginawe apa |
sarate |
myarsakakên kandhane ronggèng si Grèpèt |
crêmêde ||

59.
Grèpèt matur uning kula inggih gampil |
tan angèl |
saratipun ulêr turi brambang jlantah |
kinècèk |
ingusapkên guthule ingkang waradin |
konthole ||

Jilid 10 - Kaca : 111

60.
Lamun tamban damêl sarat (ng)gih makatên |
prantine |
winastanan lisah cèlèng (ng)gih punika |
yêktine |
sawabipun ing sarat awis ing sakit |
bêngange ||

61.
Kruma tan tumama mangan guthulira |
angêlèng |
yèn kasusu jlantah kewala alothung |
blonyohe |
Ki Wuragil manthuk-manthuk pan anyathêt |
ing gotèk ||

62.
Ki Nuripin mèsêm e yah olèh gawe |
kyaine |
mandah apa wus wruh sarat ngiwut-iwut |
peyore |
Ki Wirya ngling yèn amuwusi mêngkonok |
kobêre ||

63.
Baya besuk modar ilang sêmbranane |
Di-lèngèng |
atatanya malih mring ronggèng si Grèpèt |
gêmête |
kang (m)bêngangi iku maune kêpriye |
mawane ||

64.
Kaya ngapa wiwite wong ambêngangi |
maune |
lah tutura Grèpèt kabèh sarandune |
blakane |
matur lamun kêrêp jinajah wong akèh |
kang ngègrèg ||

65.
Anom tuwa myang jajaka dèrèng pasah |
anjèjèl |
kêdhikipun yèn wus kambah wong salawe |
watêse |
inggih sampun kadhang ginarap nyakiti |
bêngange ||

66.
Sabab campuhipun kamane wong akèh |
kuthuhe |
barkat kêrêp tiningkah sakerah-kerah |
jojoge |
dados uwêlipun ing nglêbêt agudhig |
-wêsine ||

67.
Nèng jajambu tulang talanakan nginggil |
ênggone |
yèn ginojog sangêt lir gudhig kinukur |
gatêle |
dangu-dangu gudhige amêtu ilu |
nêrècès ||

68.
Tumamane ngêntèni wêtuning kama |
karone |
ilu campur ing kamane jalu èstri |
nulya ge |
kang mangsuking dakar dados sakit bêngang |
wastane ||

69.
Ingkang mangsup dhatêng ngèstri dados gudhig |
tunggile |
tiyang èstri awon yèn sampun anggudhig |
tigang (ng)gèn |
kang rumiyin manggèn jajambu kang nginggil tlanake ||

70.
Kaping kalih anèng uwêl kanan kering |
gudhige |
uwêl ngandhap ingkang datan gudhig-gudhig |
dangune |
kang winastan landhêp tan kêna ingambah |
ampuhe ||

Jilid 10 - Kaca : 112

71.
Lamun sampun makatên ênggènne gudhig |
ampuhe |
nèh yêktosi tiyang satêngah ginarap |
tinakèn |
kaya priye rasane kowèkan blotong |
kapriye ||

72.
Lamun matur ujêre akêri gatêl |
raose |
kang puniku utêre wong ambêngangi |
adate |
Ki Wuragil suka ing suruping atur |
driyane ||

73.
Ki Nuripin gawok malêngak miyarsa |
juntrunge |
lingnya êng wong uwis alim-alim guru |
bakyune |
nora nana wong wadon kaya bok Grèpèt |
rèntèse ||

74.
Wus mangkana Ki Wuragil mundhut arta |
kathahe |
limang suku pinaringakên mring ronggèng |
si Grèpèt |
kang sinungan nêmbah-nêmbah langkung nuwun |
ature ||

75.
Nulya kinèn wangsul mring panggonannira |
waune |
wus tur pamit rinilan anulya kesah |
ronggènge |
Ki Wuragil wus tingkas tan na karasa |
larane ||

76.
Wus rumangsa bisa mulih saking paran |
mangkene |
dene kanang lêlara waluya jati |
ing tyase |
suka bungah datan sah andhandhanggula |
mulyane ||

618 Dhandhanggula

1.
Lir punagi driyanira kadi |
mina kasatan kalaban toya |
gambiraya pasabane |
nir kang prihatinipun |
angandika marang Nuripin |
ya ta lah tanpa nyana |
yèn bisa gumuyu |
nastitijab impening tamba |
lawan barkahing luluhur kang ngwonèni |
manulak pancabaya ||

2.
Matur inggih Alkamdulilahi |
punapa sampun asênggang pisan |
dene cêsplêng tan ming-kalèh |
Ki Kulawirya muwus |
iya uwis larane mari |
namung ijih-(n)darawas |
tan pati kur-ukur |
cêkêle wus kadya saban |
pandungèng-wang wus kêna kinarya linggih |
jagongan mring pandhapa ||

Jilid 10 - Kaca : 113

3.
Manirèki karasa yun bukti |
sira munthuta bucu sadhela |
mring anak Mangunjanane |
Ki Nuripin agupuh |
mentar mundhut saosan bukti |
Mas Mangunjana sigra |
nuduh pawongipun |
anaosakên rampadan |
nuli kèrit mring Nuripin praptèng ngarsi |
nadhah Ki Kulawirya ||

4.
Lalawuhan tan ana dinimik |
namung dhèndhèng gêpuk lan bakaran |
lan paru tan ana manèh |
dènnya nadhah pikantuk |
nutug nulya luwaran wijik |
ambêng wus cinarikan |
sinungakên sampun |
mring Nuripin gya amangan |
lam-ulaman maksih wutuh dèn-ijèni |
tanganne lir bonangan ||

5.
Nora nana kaliwatan siji |
ulam ladèn para tutumpêsan |
padha bae pamamahe |
kabèh kari kur-ukur |
Kulawirya gumuyu angling |
iki apa gilingan |
apa bagor untu |
wong amamah ora lumrah |
kaya gunting pilang-pilang ora ail |
sêmpal wange mamangan ||

6.
Dêlah nyawane lumayu ngênthir |
giris ragane lamun mamangan |
yèn wis mangan bali manèh |
nyawane wilang cumbu |
lagi têka anggêndring maning |
wong kasinoman samya |
myarsa agumuyu |
Nuripin ririh grundêlan |
êndêlêna yèn gêgarap mêmoyoki |
anyandra wong mêmangan ||

7.
Wisuh sarwi kèn-ngundurkên aglis |
gya ingundur marang kasinoman |
tangane mêksih angranggèh |
nyambi panggadhonipun |
Ki Wirya ngling e e Nuripin |
setan-alas idêran |
sèwotên wong iku |
lir tan kaopan jêjêlag |
satingkahe wong edan ngisin-isini |
dhulang jabloggên pisan ||

8.
Ki Nuripin mèsêm dèn-dukani |
matur kalong sapintên punika |
maksih akathah tunggile |
ingkang sami kinrubut |
mêntah matêng kang maksih urip |
jaganipun punika |
kêndhuri sadarum |
tan milih kang cicik cucak |
Ki Wirya ngling wong gêmblung bisa madoni |
ambêrung nora tata ||

9.
Matur sarwi gumuyu Nuripin |
botên sampun limrahing akathah |
gadhah lêrês dhewe-dhewe |
saya samya gumuyu |
kang ngaldèni mulat Nuripin |
wus mundur kang rampadan |
gya dhadharan maju |
sarta sapateyanira |
sinaoskên mring ngarsa tinata nuli |
Ki Ragil Kulawirya ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (13) Kaca 92 - 99
  • (15a) Kaca 114 - 128 >