Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 12

Kontak Admin.

email-kidemang

 (16) Kaca 140 - 153

 

( Tayuban ngundang ronggèng pilihan )

2. Dalunipun tayuban ngundang ronggèng pilihan. Ni Gêndra, Ni Têki lan Ni Madu. Jayèngraga mêdal saking dalêm agêng kairing ronggèng têtiga, panganggenipun sarwi mompyor èdi pèni. Ronggèng anggambyong gêntos-gêntos. Saking mupakatipun para sêpuh lan para tamu Jayèngraga ambukani bêksa, dipun larihi ronggèng têtiga, sinambuting kêplok mawurahan. Jayèngraga angêtog pangibingipun, binarung pangêliking ronggèng. Ronggèng têtiga ugi kêtogan panggambyongipun, wasana têtiga wau tèplêg tumamèng wêntisipun Jayèngraga sigra kinêmulan sondhèr. Kocapa Rara Widuri sumêrap kakungipun ginapyuking waranggana tiga, sanalika duka yayah sinipi, nyangking bata lumêbêt ing pandhapi amukuli waranggana. Gègèr apuyêngan. Para kadang Trênggalèkwulan nyandhak Rara Widuri, gronjalan sarwi nangis. Dêmang Prawirancana sangêt dukanipun. Kulawirya lan Jayèngraga sami ambêbolèhi para waranggana. Sasampunipun kaparingan arta para ronggèng sami mundur. Têtiyang ningali sami bibaran.

Kaca 140 – 153

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 10 - Kaca : 140

618 Dhandhanggula

179.
Miwah garwane para priyayi |
sami kagawokan dènnya mulat |
mring Jayèngraga baguse |
babag kèh èmpêripun |
lan Pangeran ing Pranaragi |
kang wus nitèni lawas |
pamuluning wangun |
kaot ngrangkung Jayèngraga |
bagus dhèmês aluwês mêntês-mantêsi |
awayang winawangwang ||

180.
Wênèh ngucap sènggane wak-mami |
yèn duweya bojo kang mangkana |
baya sun-simpêni bae |
nora wèh mêtu-mêtu |
yèn kajambar kèh kang mèliki |
nora kêna kumrengkang |
tinêmu pèk clêmut |
ginawa lumayu lunga |
kowang-kowang kelangan bojo jêlanthir |
kèh bawane parojar ||

181.
Yata wau kang pra tamu prapti |
samya busana kêling samoa |
pinapatut sasênênge |
kinêtog pamèripun |
kuluk kanigara mawarni |
baludru langking rêta |
wilis wungu biru |
miwah mathak myang udhêngan |
kêling sutra jingga mèpèt pinalipit |
asusumping puspita ||

182.
Ingkang dhêsthar cêlêpan myang bathik |
parang-rusak modang sêmu-kirang |
kang sawit udan-ririse |
akathah warnanipun |
jor-jinoran panganggenèki |
samana bèi dêmang |
kang samya alungguh |
Dyan Ngabèi Wiryabrata |
Bratawangsa Wangsapati Wirapati |
Dyan Bèi Wijakangka ||

183.
Lawan Dyan Bèi Wijayapati |
Radèn Angabèi Malangdewa |
Dyan Bèi Puspalayane |
Dêmang Jayabilaru |
myang Mas Dêmang Nandipurèki |
Dyan Dêmang Mangunpura |
Mangunrana nêngguh |
Mas Dêmang Jayasantika |
Dêmang Ekalaya Radèn Puspagati |
tuwin Dêmang ing Rawa ||

184.
Dêmang Ranubaya Ranupati |
Dêmang Ranutirta Ranudênta |
Dêmang Ranumanggalane |
myang Dêmang Ranukèwuh |
Dêmang Ekamantri dan malih |
Dêmang Ranudikara |
wus pêpak nèng ngayun |
tan klèru lungguhanira |
Kae Kidang Wiracapa lir bupati |
nuju dina grêbêgan ||

Jilid 10 - Kaca : 141

185.
Mas Wirancana sakadangnèki |
Mancanapura Singabancana |
Sancana Wiryajanane |
Mangunjana waruju |
samya kampuh sindur papali |
Ke Kidang Wiracapa |
tan busana mabru |
nganggo kur rêsik padinan |
apra abdi kang putra Ki Jayèngrêsmi |
tan arsa liya wastra ||

186.
Namung pra kadangira Ngabèi |
Wirancana lawan Wirangkara |
miwah Ki Wirabajrane |
nganggo sapantêsipun |
Ki Wuragil Kulawiryèki |
anyamping parang-rusak |
lan sadhêstharipun |
paningsêt cindhe barendan |
agagombyok dhuwung sumping krang mêlathi |
borèh kuning barutan ||

187.
Lir jajaka birai apêkik |
Ki Nuripin tansèng wurinira |
lan wong nonton sapraptane |
jalu èstri asêlur |
wong parapat manca-limèki |
myang têbih sami prapta |
nonton ing atayub |
mring karajan Lêmbuasta |
sakalangkung jêjêl supênuh sujanmi |
angsukup yêl-uyêlan ||

188.
Jayèngraga kang lagya umijil |
saking dalêm agêng mring pandhapa |
ingiring ronggèng katrine |
Gêndra Tèki myang Madu |
miwah Bala Wukir tan kèri |
binusanan lir putra |
karo binabagus |
kasêlak katranging pandam |
lir jawata widadara widadari |
kaendran kawistara ||

189.
Cingak sakèhe wong kang niningali |
mulat marang Kae Jayèngraga |
kang kadya dewa-dharate |
mangkana nulya lungguh |
nèng keringe Ki Jayèngrêsmi |
kang lênggah sadayobah |
mitênggêng andulu |
marang kabagusanira |
Jayèngraga kang ngêpak langêning sigid |
tan ana tumandhinga ||

190.
Ronggèng si Gêndra lan Madu Tèki |
anèng ngarsanira Jayèngraga |
asasêlèn busanane |
Gêndra asinjang kawung |
sari kêmbên gadhung mêlathi |
tinêpèn renda jênar |
kawêng adu mancung |
agêlung malang sinêkar |
paningsêtan sutra mandhalagiri brit |
kacu kumbaya kusta ||

191.
Si Madu sinjang garingsing ringgit |
kêmbên jingga-mangsa pinarada |
pinatut adu-mancunge |
gêlung nêdhêng rinarum |
dhêt sutra jo mandhalagiri |
Tèki sinjang prangrusak |
kêmbên tulakbangun |
atatêpèn para rèndan |
apamêkak tumpal seta mandhalardi |
gêlung sèntêg sinêkar ||

Jilid 10 - Kaca : 142

192.
Ronggèng katri abusana adi |
sami awiwir rukmi tinatrap |
tinrètès intên byur bèjèn |
kalpika mirah tajug |
glung pinlangkan ing suri rukmi |
cundhuk-mêntul tamèngan |
kalangkung linuhung |
tan cara talèdhèk desa |
pan cinara dalêman sarimpi adi |
sangsaya wimbuh endah ||

193.
Mas Ayu Wiryabrata kang wasis |
tate maèsi pangantèn kitha |
dalêman myang pra putrane |
tan liyan mung Mas Ayu |
Wiryabrata ingkang maèsi |
pilalaning santana |
ingkang samya mantu |
mangkana wusnya samakta |
Kae Kidang Wiracapa ngandika ris |
mring ari Wirabajra ||

194.
Wong niyaga kiwa têngên sami |
konên munggah na munggèng pandhapa |
ricik sacukupe bae |
ingkang liningan gupuh |
Wirabajra Mangunjanèki |
tan dangu wus samêkta |
gamêlan mangayun |
Ki Wuragil Kulawirya |
bisik-bisik mring kang putra Jayèngragi |
bilah dene aeram ||

195.
Apik-apik ronggèng kene iki |
beda ing ronggèng kana-kana |
ana ayu ayu manèh |
ronggèng ing ngêndi iku |
Jayèngraga mèsêm nauri |
lo paman kakilapan |
paran yakti tan wruh |
punapa botên pun Gêndra |
inggih mranggi sampeyan piyambak nguni |
nyarungakên dawala ||

196.
De kang kilèn pun Madu kariyin |
duk sampeyan manglar nèng karandhan |
Ki Kulawirya anjêngèk |
gumuywa ngling amuwus |
iki dene panglingên mami |
bilah dene sayèndah |
yune ngundhung-undhung |
dhèk biyèn nora kadyèka |
kang putra ngling satunggalipun pun Tèki |
ronggèng Dalêman kitha ||

197.
Ki Wiryo-jar bubur ati-mami |
moyang-moyang bilah setan beka |
tlèdhèk nyêmpalkên kathèklèk |
Jayèngraga gumuyu |
myat kang paman wuyung kapati |
mangkana Kae Kidang |
Wiracapa muwus |
sapa kang wiwit janggrunga |
Dyan Ngabèi Wirabrata matur aris |
prayogi (ng)gih pun Gêndra ||

Jilid 10 - Kaca : 143

198.
Gya pun Madu anuntên pun Tèki |
ngling pênêt lah pan para niyaga |
paran gêndhing purwakaning |
sandika kang tinuduh |
nulya talu Kabor kang gêndhing |
adan lêkas Ni Gêndra |
anênggak anjanggrung |
nutug pangikaling guna |
gêndhing niba gya ronggèng mungsêr sisirig |
ngalètèr nèng kalangan ||

199.
Imbal kêplok badhute nyênggaki |
gêndhing laju turun muni Bondhan |
Ni Gêndra nuli anggêndhèng |
anuntung manis arum |
enggar kabèh tyase kang myarsi |
obah sapannontonan |
samya rêbut aju |
Ni Gêndra yèn wus ambondhan |
tuwa anom bocah myat guthule tangi |
ambadêdêng sadaya ||

200.
Panggambyonge lir prênjak tinaji |
parêpêtan sisiring klintingan |
ambondhan ngêtog solahe |
angglintir gagang payung |
munyêt pinalangkaning wêntis |
anglèyèk dhèyang-dhèyang |
mundur muntup-muntup |
singa myat winèhan ulat |
ting galêmbor gumêrah wong angukuki |
ngawêt nêkên guthulnya ||

201.
Wus anutug panggambyongirèki |
anulya suwuk gêndhinganira |
Gêndra wangsul (ng)gyannya linggèh |
gantya Madu anjanggrung |
gêndhing munya Jungkang angrangin |
si Madu ngrimong wastra |
nênênggak anjanggrung |
masang kêmayan sumbaga |
pisalining pandalu gingsiring ati |
mring Madu nèng kalangan ||

202.
Wusnya mamati niba kang gêndhing |
lêkas anggambyong anumpak raras |
gya laju Gondrong gêndhinge |
antokon Gondrongipun |
dyan anggêndhèng ngêlik gumlindhing |
plêng binglêng wong kang myarsa |
sindhène si Madu |
Gondrong niba Lela-lela |
nyandhak payung mêgar sinumpah pinêthit |
minuwêr ingidêran ||

203.
Lir sikatan dinamu akêsit |
kêkicatan kesit tan katingal |
cat anglela kakèmpole |
sampêlah kang andulu |
dolongèhe kaduli-duli |
si Madu nulya ngikal |
manthêng mênthang payung |
pinutêr bantêr nèng asta |
nurung sindur mêrpêt wèh ulat wong ngaksi |
barêng surak kukukan ||

Jilid 10 - Kaca : 144

204.
Copot ikêt sabuk miwah kêris |
tinawakkên mring bok Madu ika |
nya kiye Madu nya kiye |
tèk-golèk luru-luru |
mung wèhana ulat wakmami |
batur Dêmang èpoknya |
dèn-tawakkên Madu |
anutug panggambyongira |
ronggèng nêmbah kèsodan wangsul (ng)gènnèki |
suwuk gêndhinganira ||

205.
Nulya gantya Ni Tèki kang kèri |
rawitira gêndhing Taliwangsa |
padha krasa panabuhe |
angalêp nganyut-anyut |
apan lêkas ngayêr si Tèki |
ngrimong cindhe jalamprang |
anênggak payung yun |
amatak sêmbaga gêndam |
limuting tyas tinuntun manjinging kingkin |
kinon jroning kanêngran ||

206.
Hongilahèng nayang ganur lathi |
tharinga jarinira pinupa |
mêdhar cahya hongilahèng |
sakèh ingkang andulu |
gêdhe cilik tuwa nom tuwin |
lanang wadon tumingal |
mring badan sliraku |
pan katon asmara-tura |
rongèh gorèh têka wêlas têka asih |
lulut onèng maring wang ||

207.
Pan mangkana kamayanirèki |
tar antara Taliwangsa niba |
gya Tèki raras sarimpèn |
tumpak saliring gambyung |
kakêjêr lir branjangan paksi |
sasirig anyênyêtan |
awasis sauyun |
sèdhêt pêthêting tanaga |
panibane lajêng ladrang Lara-nangis |
Tèki ngangkat ambondhan ||

208.
Nulya nyandhak payung Tèki manis |
pinanthêng-panthêng bau andhingklang |
pinalangkan ginalèntèr |
mêmêt madyaning pupu |
payungira pineyang-paying |
lir paningkising sara |
parampinganipun |
angêlik sora rum rara |
gêtas rênyah mêthit mêrit wuluh rujit |
rujat tyase kang myarsa ||

209.
Papas rantas rontog rontang-ranting |
atining wong angrungu sindhènnya |
amlas asih lantikane |
cipta mèlu kalayu |
jalu èstri abranta kingkin |
Tèki mêdhar tanaga |
-nira dènnya (ng)gambyung |
akêsit nindur wèh ulat |
mring wong nonton singa kang kinincang alis |
samya lok sumyak-sumyak ||

Jilid 10 - Kaca : 145

210.
Barang kang cinandhak kang cinangking |
ting karopyag anggêbugi cagak |
sarya sru surak-surake |
kadya ngêpung simagung |
kang sinênggrang surak gora tri |
mangkana antaranya |
pambondhanira wus |
mêndhak nêmbah wangsul (ng)gyannya |
jèjèr wayang nèng ngarsane Jayèngragi |
suwuk gamêlanira ||

211.
Mas Mangunjana gupuh angrukti |
nuduh mring wong kasinomannira |
mêdalkên pasugatane |
wedang pangananipun |
tan dangu wus lumadyèng ngarsi |
sarta lariyannira |
midêr kang aminum |
Kae Kidang Wiracapa |
angandika (m)bok bacutan bae bêcik |
aja tanggung ing raras ||

212.
Lamun nora kongsi maratani |
ngantu-antu kang padha ngombe rak |
prayoga nuli lêlangèn |
Ki Wuragil gumuyu |
sarwi nangkut kang ronggèng katri |
dèn-eling wong lulumban |
anglali nèng banyu |
iki anglangi nèng jogan |
Jèngraga ngling nora jamak paman iki |
mundhak pasangon ulat ||

213.
Samya gumujêng suka ing galih |
ronggèng Ni Tèki Madu lan Gêndra |
kang ngèsêmi mring kalihe |
Wiryabrata umatur |
mring Ke Kidang Wiracapèki |
kasinggihan sabdanya |
pênêt nuntênipun |
ngling malih sintên kang bêksa |
matur prayoginipun kang ngrumiyini |
putranta pinangantyan ||

214.
Angandika nakmas Jayèngragi |
kula-aturi angraras bêksa |
kang putra nuwun ature |
kewala mangke pungkur |
luhung kang putra tamu rumiyin |
kang rama mèsêm nabda |
ing prayoginipun |
nakmas Dêmang Wirancana |
(n)dhinginana katêmpuh kang darbe kardi |
dadya panuting kathah ||

215.
Mas Prawirancana Angabèi |
tan lênggana ing karsa nut sabda |
Lung-gadhung pamundhutane |
para niyaga gupuh |
sigra lêkas ngunèkkên gêndhing |
ronggèng tri sigra tandhak |
barung gêndhèng arum |
Mas Dêmang Prawirancana |
nulya bêksa pasaja datan (m)bèragi |
marasêmu kewala ||

216.
Para rencangira angêploki |
lan sanjatanira barondongan |
antara patang gongane |
pangibingira sampun |
ronggèng raryan suwuk kang gêndhing |
Ke Kidang Wiracapa |
alon dènnya muwus |
nakmas Radèn Wiryabrata |
ingkang dadya wawaton wiwit angibing |
nuntên saurutira ||

Jilid 10 - Kaca : 146

217.
Wiryabrata tan lêngganèng tuding |
nulya mundhut gêndhing Onang-onang |
ronggèng anggêndhèng katrine |
Dyan Wiryabrata gupuh |
angadêgi wusnya angibing |
pra ri ing (ng)Galèk-wulan |
bêksa larihipun |
samya lok wong (ng)Galèk-wulan |
kêplok atri bêdhil barondongan muni |
suka sakèh tumingal ||

218.
Wiryabrata dasar wignya ngibing |
ababêsus dènnira ambêksa |
bêksa kêmbang pangukêle |
ronggèng tri parêng nindur |
sarêng wiwalira ningkapi |
sisirig (ng)gyannya mara |
nindur maju mundur |
ronggèng tri kangsèn kalangan |
wus antara rolas gongan dènnya ngibing |
pan wus dènnya ambêksa ||

219.
Nulya gantya saurutirèki |
Rahadyan Ngabèi Bratawangsa |
nulya Dyan Wirapatine |
Wijakangka wusipun |
Wangsapati gya Jayapati |
nuntên Dyan Malangdewa |
gya Jayatilaru |
nulya Radèn Puspalaya |
ganti Sandipura Mangunpura nuli |
Mangunrana abêksa ||

220.
Mas Dêmang Jayasantika tuwin |
nulya Radèn Dêmang Ekalaya |
gya Radèn Puspagatine |
pangibingira baut |
tuwa-tuwa maksih (m)bêsusi |
dhasare tukang bêksa |
asring amumuruk |
pra anom-anom ing kutha |
kang (ng)guguru marang Radèn Puspagati |
mila kèh wignya bêksa ||

221.
Radèn Puspagati dènnya ngibing |
saplak lan ronggèng pangukêlira |
ronggèng ganti panindure |
lèngèk linglingan (n)dulu |
kadi dara angloloh piyik |
pra kadang (ng)Galèk-wulan |
kang nglarihi minum |
mring bangsa ing Pranaragan |
sadangunya ganti-ganti kang pra ari |
nglarihi ingkang bêksa ||

222.
Wus antara pangonjoting ngibing |
nulya raryan wangsul ing (ng)gyannira |
pan wus suwuk gamêlane |
Ke Kidang ngandika rum |
lagya pintên kang samya ngibing |
matur Mas Wirancana |
ingih kintênipun |
sawêg sapalih kang bêksa |
sadaya wus bangsa Pranaragan ngibing |
kantun pra Dêmang Ngrawa ||

223.
Manirarsa nyêlani nêngahi |
prayogine bagus pinangantyan |
aywa yèn kongsi kalungsèn |
pra ngabèi umatur |
inggih sakalangkung prayogi |
ngandika mring kang putra |
Jèngraga umatur |
manawi parênging karsa |
lamun sampun arinta paman Wuragil |
inggih nuntên kawula ||

Jilid 10 - Kaca : 147

224.
Kang rama mèsêm ngandika aris |
lah dhi Ragil kula-turi bêksa |
punapi gagêndhingane |
matur sumangga kayun |
sun-patute inggih dhi Ragil |
mojar marang niyaga |
nabuh pelogipun |
lah unèkna kênong pisan |
pathêt barang iya gêndhing Gunungsari |
sigra gamêlan munya ||

225.
Pelog pelak Gunungsari asri |
nulya ronggèng Madu Tèki Gêndra |
parêng (ng)gambyong rêng gêndhènge |
Ki Kulawirya gupuh |
angadêggi kalangan ngibing |
surak umung gumêrah |
bêdhilan (n)dharudhul |
abêksa rangin araras |
mênthang asta mathênthêng lir Bima-kunthing |
manthuk thêg pacak jangga ||

226.
Langkung gulêtira ing pangibing |
ronggèng tri parêng panindurira |
sarta barang panggêndhènge |
aruntut manis arum |
lir sundari katiyup ngangin |
samya nanêngkah madya |
ngugêr nèng pandulu |
sakèh suka kang tumingal |
Mas Mancanapura tan purun nglarihi |
dene bangsa ngulama ||

227.
Wus parentah ririh kêploknèki |
mring sakèhe wong (ng)Galèk-wulan |
myang bêdhil kèh têngarane |
kalangkung rêmênipun |
wus antara dènnira ngibing |
wangsul lênggah (ng)gyannira |
gamêlannya suwuk |
Jèngraga nuduh mring Laba |
myang si Wukir rare ro kinèn angibing |
Lompong-kèli gêndhingnya ||

228.
Nulya lêkas gêndhing gêndhèng muni |
Laba Wukir barêng dènnya bêksa |
lir bambang kêmbar bêksane |
ronggèng gantya anindur |
sami bautira angibing |
dhasar rare mêjana |
pajarane bagus |
karêngga dening busana |
wuwuh sigid anjêlanthir Laba Wukir |
ngalètèr nèng kalangan ||

229.
Langkung suka sakèh kang ningali |
pra wadonan kumrêsêg bawanya |
dhêmên mring Laba Wukire |
rarasan ngaruh-aruh |
karo sapa Laba lan Wukir |
gaibe bêksanira |
karo bagus-bagus |
parawan walanjar randha |
anggalêgês mangèngès andapès ngisis |
cariwis kaèprèsan ||

Jilid 10 - Kaca : 148

230.
Kang dèn-uprès mung si Laba Wukir |
kang malipar mungsêr nèng kalangan |
kinatêlon marang ronggèng |
kang tumingal kayungyun |
mring rare ro si Laba Wukir |
wus dènnira antara |
tutug dènnya (ng)gambyung |
marêk suwuk gamêlannya |
Kae Kidang Wiracapa ngandika ris |
marang sang Jayèngraga ||

231.
Lah suwawi nakmas Jayèngragi |
kula turi wiragèng kalangan |
punapa gagêndhingane |
matur sumanggèng kayun |
ngling (ng)gih papantêsing kang gêndhing |
Gènjong-goling aniba |
ginonjing umangguh |
lah mara gè wong niyaga |
si Bèr-manis bae sigra kang tinuding |
ngunèkkên gêndhingira ||

232.
Ronggèngira Madu Gêndra Tèki |
samya tandhak cadhang nèng kalangan |
Ki Jayèngraga nulya ge |
mundhut sondhèr wus sinung |
pan jumênêng lêkas amiwir |
horêg sapanontonan |
samya rêbut aju |
ting gadhêgês yêl-uyêlan |
datan etang caruk wor jalu lan èstri |
rusuh adat wong kathah ||

233.
Cêlêr-cinêlêr sakênanèki |
kèh kelangan tan ora rinasa |
lalu pêrlu pandulune |
kang (m)bêsur analusur |
susu ingmèk saking ing wuri |
myang gagap gêmbokira |
sisilak sing pungkur |
sakatêke dêg-adêgan |
kang ginarap nora èrèp dèn-karêpi |
malah ekar sukunya ||

234.
Kang tan tau arêp (n)jêlih isin |
mupus mênêng prandene sakeca |
apan wucapêning akèh |
Kidang Wiracapèku |
langkung sukanira ing galih |
akêplok astanira |
dadya sêdayèku |
samya akêplok sênggakan |
miwah Jayèngrêsmi mèlu angêploki |
angrahapi kang rama ||

235.
Mas Wirancana sakadangnèki |
angêploki sênggak sumyak-sumyak |
suka bungah myat mantune |
sakèhe pawong batur |
samya surak gumuruh atri |
bêdhil drèl barongdongan |
myang kalataka sru |
mawantu-wantu larihnya |
mring sakèhe priyayi kang sami linggih |
tansah kêplok sênggakan ||

236.
Datan ana ingkang mênêng siji |
samya kurmat bungah sukèng manah |
kang martuwa sakadange |
tambuh raosing kalbu |
sajêgipun tan kadya mangkin |
asuka pari-suka |
ngênting kalangên hyun |
Jèngraga dènnya angraras |
bêksa Panji-anèm Madura rêspati |
pacak pasang kusuma ||

Jilid 10 - Kaca : 149

237.
Pangadêge andoran-tinangi |
jaja mungal anjunjung widhangan |
kawiwilan darijine |
wiwir sondhèr angrajung |
angêpipir sondhèr kumitir |
mingsêd wêdhi-kèngsêran |
jangga nglunging gadhung |
jarijwa gêng têkêplêran |
mênthang asta andhêngklang gandhewa gadhing |
tatanjak kêbo-mênggah ||

238.
Ngikal nampir sondhèr anaricik |
nyidhang nurung lumarap nêdhikan |
anguntap pacak-janggane |
pamagêle gol-lambung |
alimbangan ula ngêlangi |
raras ngundur ramagang |
angglong ing dhadhêngkul |
tungkak ambengkat tumapak |
tanjak pacak jangga pêksi angên napsi |
rinambah bêksa kêmbang ||

239.
Jayèngraga angêtog angibing |
tanpa mèmba langêning kalangan |
eram kang tumonton kabèh |
kang durung bêksa kantun |
cipta ora arêp angibing |
puthêr puthês bèragnya |
sanadyan kang uwus |
tan kaduga ming kalihnya |
tanpa wasis bêsuse gusis tan mingis |
kapapasing Jèngraga ||

240.
Kang jalanthir anganjir pribadi |
ngêpak samoaning pra wiraga |
Jayèngraga pangibinge |
ronggèng tri angarubut |
marang Jayèngraga ngunduri |
Ni Tèki Madu Gêndra |
barung kang gêndhèng wus |
kadya suling tinêrusan |
cumalinthing cumliring bêning gumrining |
lir wuluh apipitan ||

241.
Ulon nyamlêng kêplêng tan sarênti |
katri lir pèndah êmprit ingundha |
kakêjêr kalangan kangsèn |
nindur paniyupipun |
mencok pinalangkan ing wêntis |
anêngkah-nêngkah madya |
kanan keringipun |
nglinglingan kongah-kangèhan |
kadya Juna mangrurumi Rarasati |
Srikandhi Drêsanala ||

242.
Warga pilut kapaliring ing ngling |
ngingling rayung susumping raditya |
dadi lara kawulane |
yèn tan tinurut ing hyun |
kisma rengat tidhêming sasi |
bêndara sunlaela |
kasuruping dalu |
pêtêng apan wus pitaya |
pintêr guling gambar anèng kêrtas adi |
yèn adoh kapinendra ||

243.
Lamun pêdhak amamanas ati |
gya ronggèng tri miwal sing palangkan |
anglir pêksi madal pange |
prêpêt kadi amabur |
bêr-ubêran mungsèr sêsirig |
ngandhuyuk atikingan |
mingsêr mêdhi lungsur |
anyambi nyikut wèh ulat |
mring wong akèh barêng surak angukuki |
ting braok galêmboran ||

Jilid 10 - Kaca : 150

244.
Bêlah setan kêblak thèthèk pidhir |
nora jamak nyoplokake mata |
dipandêng mataku molèr |
dhuh biyung aku mênthung |
anèng lurung bêncèt mlècèti |
olèha cowèk gombal |
sun-sungkên katêlu |
mring si Tèki Madu Gêndra |
nora wêdi tombok umur sun-lakoni |
mung èsêmana ingwang ||

245.
Apa sing ko(k)-jaluk ngong-têkani |
tadhahmu pira aku sing nyangga |
omahku urupna tikè |
kèh swarane aumuk |
kang abêksa samya pêrmati |
Jayèngraga kawuryan |
kabagusanipun |
ronggèng tri samya kasmaran |
mring Jèngraga dènnya wèh ulat mumurih |
supaya dèn-anggeya ||

246.
Sakèh wong tumingal jalu èstri |
samya karênan panontonira |
ronggèng ngêtog panggambyonge |
sarêng tèplêg anindur |
katri pinalangkan ing wêntis |
tan kagol pambêksanya |
pacak-jangga manglung |
parigêl ukêling asta |
ronggèng têlu kinêmulan sondhèrnèki |
golang-galing ling lingan ||

247.
Ulêt wilêtira angluluti |
lumêkêting lathi lir cêcêpan |
ngayuh gantyan sing wajane |
apanjêran pandulu |
ronggèng katri ginanti-ganti |
liniling malêngèyan |
èsême mra-sêmu |
kêplok sênggake tan kêndhat |
myang têngara bêdhil drèl mawanti-wanti |
sarênti ajêdhotan ||

248.
Yata kang anèng wisma parèstri |
samya suka tumingal Jèngraga |
awiraga ngayut ronggèng |
sadaya angguguyu |
nanging sira Rara Widuri |
pan wus sasore mula |
atinira (n)jêblug |
lir (m)balêdhos iganira |
saking katêk ajujul pêgêling galih |
rungsang kadya ginangsa ||

249.
Anarêthêg gathik wajanèki |
mondar-mandir netyanya awangwa |
anggaluga ngatirahe |
anggigit sadak luput |
nguntar-untar panasing ati |
tumingal kang pèl-pèlan |
lan kang raka dangu |
krêp idu tan têkèng lêmah |
tibèng sinjang wrata lir sinêmbur abrit |
saking sangêt aruntik ||

Jilid 10 - Kaca : 151

250.
Panglanggare sêdya anêkani |
(m)bêsot marang panggêdhongan dandan |
bêngkung ningsêti kêmbêne |
sawusira babêngkung |
wangsul ing (ng)gyannira linggih |
ningali ring pandhapa |
ronggèng sih kinêmul |
pangrasane ingarasan |
malah-malah kinarsan agênti-gênti |
ingaras nèng kalangan ||

251.
Tan saranta ngadêg nyat Widuri |
sarwi anyangkring bata sarimbag |
tan wangwang dening wong akèh |
nyampe lantak ingunus |
sanjata kang ngampil ing wuri |
Widuri gya narajang |
ronggèng sru binêntur |
mojar pêcah (n)dhasmu pisan |
tan andungkap liyan sikute Jèngragi |
bata sumyur (ng)galêpang ||

252.
Ni Widuri sigra anggitiki |
ronggèng kêna tatu gigirira |
Jèngraga nampèl lantake |
Widuri ngrangsang gupuh |
nyandhak gêlung angulêng wani |
ronggènge tiba lênggah |
kang roro lumayu |
gègèr wong sapakalangan |
lêng-ulêngan parèstri pating jalêrit |
arungan tanpa rungyan ||

253.
Para ri ing (ng)Galèk-wulan aglis |
nyandhak marang kaponakanira |
Widuri ingundurake |
gronjalan maksih nêpsu |
mosra-masru sarwi anangis |
mêngko paman uculna |
ngur matiya ingsun |
barênga lan si Dilabrag |
angarêbut bojo-bojoku pribadi |
dipatung ngajak rangkat ||

254.
Sinêntak-sêntak mring pamannèki |
sira Mas Dêmang Prawirancana |
kalangkung sangêt dukane |
marang sutanirèku |
bocah kapanjingan ing eblis |
patènana wa pisan |
urip durung tutug |
gawe wirang wong atuwa |
sun tan-etang anak dadaman sawiji |
bêcik angur padhêma ||

255.
Ki Kulawirya lan Jayèngragi |
anyandhangi ronggèng kang lumajar |
si Gêndra Madu Tèkine |
Ki Wuragil amuwus |
payo marang pondhokan-mami |
ywa lungguh nèng pandhapa |
anglingsêmi dhapur |
nulya linggar sing pandhapa |
ronggèng Gêndra Madu Tèki Laba Wukir |
Nuripin tan kêna sah ||

256.
Praptèng wisma papondhokannèki |
Jayèngraga alon angandika |
Nuripin turana age |
paman Mangunjanèku |
Ki Nuripin sigra ngaturi |
tan dangu nulya prapta |
kang putra lingnya rum |
paman andika matura |
marang kyai ing dalu kula nèng ngriki |
datan mantuk mring wisma ||

Jilid 10 - Kaca : 152

257.
Mangunjana aturira inggih |
Ki Kulawirya anambung sabda |
puniki adhi prabote |
Ni Tèki Gêndra Madu |
suwawi andika widèni |
slêpè kalpita sêngkang |
lawan cundhuk-mêntul |
cundhuk kang sawiji cuplak |
pangarake pèlot labêt kênèng gitik |
mung rong podhi kang ilang ||

258.
Wus tinampan parabot sadyèki |
Gêndra Madu Tèki aturira |
kula dospundi Kêmase |
arta potombok wau |
anèng bokor sintên kang ngambil |
sakite awak-kula |
pinupuh kèh abuh |
kawula anuwun priksa |
anauri Mangunjana mring ronggèng tri |
ya wus aja na susah ||

259.
Picis ing bokor wus dèn-rumati |
mèntar sing ngarsa marang ngayunan |
ngaturkên parabot ronggèng |
wus rinukti liripun |
Mangunjana ingkang ngrampungi |
tan matur marang raka |
bicaraning blèdru |
tan dangu wangsul praptanya |
angling mojar maring ronggèng lah ta iki |
picis patombokira ||

260.
Lawan sira pinaringan picis |
pan nêm reyal ngêrong reyal edhang |
sêwêk kang ko(k)anggo kuwe |
udhêt tapih kêmbênmu |
pinaringkên marang sirèki |
ronggèng tri aturira |
inggih langkung nuwun |
nulya lèngsèr saking ngarsa |
Mangunjana andadak dhawuh (n)dandani |
pandhapa binrukutan ||

261.
Gêdhèg pajang lêlêmpitanèki |
jaba jro mah kakobong gêbêran |
wus dangu aramut kabèh |
nulya kinèn amundhut |
pasareyan kasur guguling |
pajêgan pinapajang |
wus prayoga mungguh |
Ki Wuragil Kulawirya |
mulating Mas Mangunjana langkung asih |
sajroning driyanira ||

262.
Bisa ngrêrapu angalap ati |
marang mantunira Jayèngraga |
mrih tan kalantur rêngune |
alon dènnira matur |
puniki (ng)gyan kawula ngrukti |
nistha dama sasama |
sompok sumpêkipun |
Ki Kulawirya lingira |
inggih sangêt panrimah-kula ingkang sih |
tan sagêd mangsulêna ||

263.
Jayèngraga angandika aris |
langkung anuwun ingkang sih marma |
kang paman nuwun ature |
lah inggih paman sampun |
kula-turi dhatêng mangarsi |
amaklumipun paman |
kathah damêlipun |
Mas Mangunjana mit mèntar |
Mas Wirya ngling priye ronggèng têlu iki |
mangsa bodhoèng sira ||

Jilid 10 - Kaca : 153

264.
Matur kanjêngipun wontên ngriki |
tiga pisan ngladosi pun paman |
manah-kula taksih rongèh |
kaetang mingut-mingut |
mangsa borong paman pribadi |
kawularsa rêrêman |
kewala nèng ngriku |
ing kampung pandhapa ngarsa |
kula mijil nèng pandhapa kampung alit |
tinilam pinajang ||

265.
Ing pandhapa gêng bubaran sami |
nora tutug dènnira kasukan |
cuwa kadung dening ronggèng |
wong nonton bubar mantuk |
ingkang kari anèng pandhapi |
[---] |
sungkawa angungun |
cipta tan bisa widada |
palakine sira Ni Rara Widuri |
kaewan satingkahnya ||

266.
Rètna Widuri lara anangis |
rinapu-rapu dening wong kathah |
miwah ing sasêntanane |
kang ibu êmbahipun |
anunutuh amituturi |
lupute tingkahira |
angladèni kakung |
akarya runtiking driya |
Ni Widuri tan etang rumangsa sisip |
mung brangtanirèng driya ||

267.
Kudu-kudu mêtu Ni Widuri |
mring (ng)gyaning raka anèng pondhokan |
ingampah dening wong akèh |
dadya tan kêna surup |
kaptinira Rara Widuri |
yata Ki Kulawirya |
nèng pondhokanipun |
ngompot lan ronggèng titiga |
ingoncèkan ginarap aganti-ganti |
nutug sakarêpira ||

268.
Babonangan susu manglus pipi |
malu pêncutu cimplungan capang |
tênggar tugar têlu talèn |
akulin lintu-lintu |
lincak gagak anglalantaki |
nunumpak tumpak lawak |
lèwag-lèwêg ngluwung |
katêmbèn tingkah mangkana |
anutugi ngêtog rasaning kamuktin |
mumpung gampang anumpang ||

269.
Jayèngraga agolongan guling |
Laba Wukir amêtêki pada |
nyêthuti jênthik sukune |
sasiki sowang mangku |
Jayèngraga gumuyu angling |
lah sira Wukir Laba |
turonna hya lungguh |
kang liningan tan lênggana |
samya turon maksih sinambi mêtêki |
kang gatêl ginêtêlan ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (15b) Kaca 129 - 139
  • (17) Kaca 154 - 165 >