Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 12

Kontak Admin.

email-kidemang

 (17) Kaca 154 - 165

 

( Jayèngraga botên wangsul dhatêng dalêm agêng )

3. Jayèngraga botên wangsul dhatêng dalêm agêng, tilêman ing paningrat dipun pêtêki Wukir tuwin Laba, wêkasan nandukakên sanggama sami priya. Ing pondhokan Kulawirya andon asmara kalihan ronggèng têtiga ngantos sami kêrinan. Enjingipun para tamu bidhalan. Kadang kadeyan Trênggalèkwulan nyumbang Jayèngraga mawarni-warni; kuda, pangangge, dhuwung lss. sadaya kalantarakên dhatêng Rara Widuri. Wasana tamu têtiga sami pamit nglajêngakên lampah mantuk dhatêng Wanamarta. Kidang Wiracapa paring piwulang ngèlmu wahyaning wahyu, anuting takdiripun Hyang Widdhi. Sadaya piwulangipun anut mupakating para ngulama saha Dalil Kadis.


Kaca 154 – 165

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 10 - Kaca : 154

618 Dhandhanggula

270.
Jèngraga ngling dimanjuluk thithik |
padha angêkêpa lambung-ingwang |
ywa wêdi sun-wênangake |
nulya sami manjuluk |
ngêkêp lambung Laba lan Wukir |
si Wukir tinimpahan |
kapêlak-apêluk |
kagyat ngunduri wus nyana |
yèn warasta Jèngraga mèsêm ngling ririh |
sing ko(k) unduri apa ||

271.
Matur punika ingkang mêlagir |
nulya tangane kinèn nyakêpa |
gya grayang mangang cakêpe |
apa ta gêdhe iku |
matur inggih agêng nglangkungi |
rare ro kinèn (ng)grayang |
ing kagunganipun |
Laba Wukir galêgêsan |
angandika apa ta padha kepingin |
matur pengin punapa ||

272.
Iya kiye yèn arêp ngong-wèhi |
matur ah kula botên kaduga |
ya gene apa mulane |
matur sintên kang purun |
kêsangêten anggigilani |
kongsi botên cakêpa |
pan sakilan langkung |
baya modar pandêlikan |
ngling ngong tanya padha bêlaka-a yêkti |
sapa kang (ng)garap sira ||

273.
Padha matur anggaligik ririh |
inggih asring kula kinedanan |
kadya mring èstri wuyunge |
para Kemase Lêmbu |
myang pra radèn ing (ng)Galèk sami |
nuju nêngkung lènggèran |
kathah pawèhipun |
tansah dadya parêbatan |
kula lan pun Laba kang dèn-ungsir-ungsir |
manah kongsi anggêrsah ||

274.
Angling gêdhe êndi lawan iki |
matur o ah mangsa sêmantènna |
gêng panjange dede-dede |
Jayèngraga gumuyu |
sarwi niwêl lambe lan pipi |
sarwi narik layangan |
-nira pinanjuluk |
Wukir pinungkur linukar |
wastranira warastra trap andungkapi |
nyungap pang pangingkêpan ||

275.
Sabab nora cukup angêkêpi |
pinêksa winawasa rêkasa |
makênêng nglut tumanduke |
kagyat (ng)gronjal angrajug |
mak hêg (n)dêngkèng angolang-aling |
pulintiran lir sarpa |
katindhihan watu |
prêmbeyan ngêsah sêsambat |
nuwun sampun kawula datan kuwawi |
ingkang antèr kewala ||

276.
Jayèngraga kapadhaning kapti |
Wukir ngasorkên langêning kênya |
dangu rapuhira rapèh |
nutug langgêning lulut |
pan ginanti Laba lan Wukir |
awrataning panangga |
lêsah kalihipun |
samya kawêdharan rahsa |
murwasmara madyaning ratri kongsèngnjing |
luwaran mring patirtan ||

Jilid 10 - Kaca : 155

277.
Laba Wukir lir sawung kajiling |
arêrêngkêng tan kongan kêmrèngkang |
kalengkangan babokonge |
bokong bangkèkanipun |
mèyèk-mèyèk lakunirèki |
samya mring pawariyan |
siram sadaya wus |
sawusira papasatan |
Jayèngraga myarsa adan Subuh nuli |
lumampah marang langgar ||

278.
Kulawirya Gêndra Madu Tèki |
samya katuron lapaking sayah |
wah dhinudhah sasuwene |
sami karipanipun |
Ki Wuragil Kulawiryèki |
katuron maksih numpang |
guthul sih silulup |
mathingkruk anèng si Gêndra |
maksih kêkêt grana tumumpanging pipi |
pupu pupul timpahan ||

279.
Nora kongsi kêkêmul jajarit |
ting galimpo lir bligo blêjêdan |
kongsi kêrinan tangine |
Tèki tangi alungguh |
nulya Madu ngalilir tangi |
tumingal kang tumpukan |
pan samya gumuyu |
samya dandan tatapiyan |
gumuywa ngling de anggalès têmên iki |
kukuh lir kancing lawang ||

280.
Gêndra anglilir gumuyu isin |
Kulawirya byar mêlèk wis krinan |
dadya pot wêktu Subuhe |
sangêt gêtun amuwus |
kacanthèla salah sawiji |
katanggungan wasisan |
tinutukkên sêngkut |
unine apalêthêtan |
Madu Tèki waspada langkung kêpingen |
anjinge tancêpira ||

281.
Pating galigik Madu dan Tèki |
malah nungkuli amrih pratela |
tingkah sakerah-kerahe |
antara dangunipun |
parêng ngangkatira kang gati |
angrajuk kalihira |
kêrot gêgêt untu |
nyangkêrung agêdêdêran |
Madu Tèki ting glêgês angling nudingi |
amêrêm karo pisan ||

282.
Kongsi dhipêt tan wruh ika-iki |
gigire kang lanang ngulêr kilan |
kantèk alèpèk bokonge |
wus tuntas wijiling puh |
gumaledhag gumrèwèl gampil |
clèwère duleweran |
guthul mungkrêt klumut |
Madu Tèki kikidiyan |
wus luwaran dènnira apulangrêsmi |
sarêng sami agirah ||

Jilid 10 - Kaca : 156

283.
Sawusira kapat asusuci |
Ki Kulawirya nèng salu lênggah |
ronggèng tri nèng sor ngarsane |
Tèki alon umatur |
kula nuwun dalêm lilani |
mantuk dhatêng pondhokan |
wingi wartosipun |
dintên puniku bidhalan |
sami kondur dhatêng kitha Pranaragi |
sadaya sasarêngan ||

284.
Kawula jrih yèn kantun nèng ngriki |
wus rinilan sarta sinangonan |
ngrong reyal nuwun ature |
Tèki lèngsèr sing ngayun |
nulya Mangunjana kang prapti |
ngling paduka katuran |
mring rakanta gupuh |
Ki Kulawirya agêpah |
kerit maring Mangunjana pratèng ngarsi |
lênggah panggènannira ||

285.
Kang pra tamu dêmang lan ngabèi |
wus samakta dènnira budhalan |
samya pamit sadayane |
marang kang uwa wau |
tuwin mring Mas Wirancanèki |
Dyan Bèi Wiryabrata |
pitêmbungira rum |
kawula anuwun lilah |
mantuk rêbat wanci amumpung sih enjing |
katan rêkasèng lampah ||

286.
Ke Kidang Wiracapa ngling aris |
prayogine nakmas Wirabrata |
(m)bok kantos ing sapêkêne |
tanggêl pangrungkêpipun |
maksih cuwa raosing galih |
Dyan Bèi aturira |
inggih rêbat cukup |
manawi wontên parentah |
mutawatos tilar damêlan nagari |
kalamèn èwêd-aya ||

287.
Dyan Wirabrata majêng ngabêki |
atur salam marang ingkang uwa |
tuwin mring Jayèngrêsmine |
Jayèngraga gantya wus |
salam mring Ki Kulawiryèki |
nulya sadayanira |
tur bêkti salam wus |
rinilan pamitira |
gya pra rabi mring pandhapa atur pamit |
anêmbah nguswapada ||

288.
Inastuti sadaya jalwèstri |
budhal lèngsèr saking ngarsanira |
kumrubut sarêng wêdale |
gamêlan barung umyung |
pelog slendro lan carabali |
sarunèn cacêngkungan |
bêdhil brondongan sru |
gar gêr mêbus kalantaka |
angurmati budhale para priyayi |
kang mulih marang kitha ||

289.
Tan cinatur kang samya mit mulih |
nuju ing sapêkêning pangantyan |
kinandurèn salamête |
sasampunira rampung |
sadhêkahe anyapasari |
Ke Kidang Wiracapa |
ingaturan kondur |
mring Mas Dêmang Wirancana |
lan kang putra Jayèngrêsmi Jayèngragi |
miwah Ki Kulawirya ||

Jilid 10 - Kaca : 157

290.
Samya lênggah sajroning wismèki |
Mas Dêmang Wirancana lan garwa |
ngrukti badhe gagawane |
sarta busana luhung |
sapraboting priya sarywadi |
raja-kaputrèn miwah |
raja-kaputran wus |
andhèr tinata jarambah |
Kemas Dêmang Wirancana matur aris |
mring Kidang Wiracapa ||

291.
Ingkang punika warnanirèki |
pranata kawula sumapala |
sarèhning dama miskine |
namung supadosipun |
dados pratandhaning pawajib |
pangarêping akrama |
ing sawontênipun |
katura marang putranta |
pan rumaos amba tan sagêd nyaputi |
marang Ki Jayèngraga ||

292.
Ke Kidang Wiracapa ngling aris |
mring Jèngrêsmi lah nakmas punika |
kang pisungsung pranatane |
dhatêng rinta sang bagus |
Jayèngraga babêktanèki |
sakadar ing panadar |
-rira bundhêl dhusun |
Jayèngrêsmi aturira |
inggih sakalangkung dening aprayogi |
pamulèning sih-marma ||

293.
Sung pawitan rèhipun mong-siwi |
mratandhani ing suka pirêna |
kusung-kusung katrêsnane |
sawiting among sunu |
kasinggihan gênging kang sih |
kawula sukur ing Hyang |
kalangkung jumurung |
ngandika mring Jayèngraga |
lah ya yèku timbalane (n)Jêng kiyai |
gagawaning akrama ||

294.
Jayèngraga aturira aris |
inggih kalangkung nuwun kawula |
kang dhumawah pasihane |
marang kawula nuwun |
datan sagêd amangsuli |
gênging sih parimarma |
tanpa samènipun |
nanging tyase Jayèngraga |
datan gingsir pangêbang-êbang sirèki |
pangwèhing maratuwa ||

295.
Tur ta akèh pangajinirèki |
tinapsira prabot samadaya |
pangaji rong-èwu luwèh |
ciptaning tyas tan kudu |
melik donyabrana di-adi |
malih ing aturira |
mring Wirancanèku |
paparing paduka brana |
inggih sakalangkung nuwun wajib-mami |
anèng purbaning garwa ||

Jilid 10 - Kaca : 158

296.
Sung akêna putranta Widuri |
ing pamèlik ingkang kuwajiban |
tan liya garwa wajibe |
nadyan badan sakojur |
tiyang jalêr mèliking èstri |
Mas Dêmang Wirancana |
saha garwanipun |
cumêplong lêga tyasira |
pisungsunge tinampan panrimanèki |
nabda mring putranira ||

297.
Lah wus dhenok tampanana iki |
kang brana mèliking lakinira |
siniungkên sira wajibe |
anggêmatèni tuhu |
rawatana ingkang nastiti |
Widuri sarya waspa |
nampani brana gung |
tan lêga nampani brana |
pawaspane kaetang brangtaning laki |
sadalu nora panggya ||

298.
Pan wus samya kaduga ing ati |
para sêpuh jalwèstri sadaya |
miwah kadang sêntanane |
wus cipta tan sêmpulur |
palakine Rara Widuri |
karêngon maring raka |
kawistarèng sêmu |
bubuka duk paronggèngan |
ingkang dadya tyasirèki Jayèngragi |
tan dhangan maring garwa ||

299.
Wus pêdhot thêl trêsnanirèng rabi |
namung ketang papa anèng paran |
inganti pitung dinane |
lir gya mawaning ngênu |
angênani tyasnya mawêrdi |
(ng)gagas wèng-wènging lampah |
tikêling ngatuduh |
duhkita katarèng nala |
wingitira sanetya Ki Jayèngragi |
sinamun kramèng basa ||

300.
Para paman ing Trênggalèk-sasi |
Kae Mas Mancanapura uga |
anêkakkên pamulene |
alon têmbungira rum |
mring kang putra Ki Jayèngragi |
kula-naosi kuda |
lan sakambilipun |
lamun karsa atetêgar |
tan sumêlang ing lampah sampun akenging |
tangkêp matuh sakeca ||

301.
Winangsulan panarimaning sih |
nulya paman Mas Wirabancana |
kawula naosi anggèn |
turangga ulês gêmpung |
lamun karsa têdhak wanadri |
tan susah rinèh tambang |
wus uningèng kewuh |
manguthik towok wêgigan |
lan sanjata Rara Kawudan sarakit |
atitih kampuh srêpan ||

302.
Anauri panrimanirèki |
Mas Wirancana matur ing putra |
kawula naosi badhe |
turangga ulês giyu |
wanci kantun satunggal sisih |
sawêg kenging congklangnya |
manahipun manggut |
samangga dipun-pêthila |
êntragipun saèstu tumuntên kenging |
anjujur marêp mara ||

Jilid 10 - Kaca : 159

303.
Inginggihan gya kang paman malih |
Mas Wiryancana atur turangga |
ulês prada-papêlême |
sukunya pancal panggung |
buntut mudal mêdal sênggami |
aprayogi kagêma |
arosa rahayu |
wus anjilma nukmèng kata |
saprabotnya lan pistul alit sarakit |
miwah waos sanjata ||

304.
Gya Mas Mangunjana matur aris |
kula inggih anyaosi kuda |
ulês pêthak sabuk-tinggèn |
sarwa kenging wus matuh |
langkung rikat adheyanèki |
wêdalan Pacêt wetan |
kêtêp patutipun |
lan jêragêm blarak-pancal |
sawêg mèdêm-mèdêm kenging sapuniki |
badhe bakah tangkêbnya ||

305.
Lan dhuwung sarasah saput-ranti |
dhapur Panji-sêkar ganja sanga |
sarungan sêmbur kêndhite |
Jèngraga lingira rum |
ing sih sangêt panrimah-mami |
sihipun paman-paman |
mring kawula nuwun |
tan sagêd amangsulana |
pasihane pun paman dhatêng ing kami |
anjorogi barana ||

306.
Wus mangkana kang samya nadar-sih |
wanci wus siyang surya gumiwang |
Ke Kidang Wiracapane |
angancarani wêktu |
salat marang ing masjid alit |
Jèngrêsmi Jayèngraga |
Ki Kulawiryèku |
myang Nuripin Asradênta |
modin marbot samya nut salat tan kari |
sawusing bakda salat ||

307.
Ke Kidang Wiracapa ngling aris |
adhi Ragil mungguh ing agêsang |
kalih prakawis geyonge |
dhingin geyonganipun |
ing kaldunya sandhang lan bukti |
tan kêna kukurangan |
sarat kamuktyan nung |
kadya ulam ing sagara |
pan uripe mina saking hèr jaladri |
jalma kalawan dunya ||

308.
Kadya-a mina kasatan warih |
pama janma pan kasatan dunya |
bilai dunya repote |
tan yogi uripipun |
gampil lamun winisayèki |
malarat praptèng kerat |
purêt kang ginayuh |
kaya pan nora purêta |
si iwak-loh anjarag pisah lan warih |
amilar nora nalar ||

Jilid 10 - Kaca : 160

309.
Kal nèng dunya kadyèka upami |
de geyonganing ahli akerat |
singsal saking kal dunyane |
tan (m)buru sandhang puluk |
tan gêgêtun marang kamuktin |
muktining sasandhangan |
wus nora kaingus |
kadya pêksi anèng wiyat |
wus tan kêna cinarup samaning pêksi |
juwata muktyèng tawang ||

310.
Yèn papeka apa sêbabnèki |
yêkti si pêksi nora widada |
dadalan dudu tingkahe |
mina titahing ranu |
pêksi titah ing ngawiyati |
singa kang dhèdhèpèya |
rusak têmahipun |
kêdah anungge ing titah |
titah dunya lan titah ahli kerati |
tan kêna pepeka-a ||

311.
Samya norraga ngawirya katri |
myarsa jarre Kidang Wiracapa |
wali-wali paprèjènge |
sawusira amuwus |
bubar mudhun saking ing masjid |
Ke Kidang Wiracapa |
malbèng dalêm agung |
Jayèngraga Kulawirya |
mring pondhokanira Ki santri Nuripin |
Jèngrêsmi anèng langgar ||

312.
Tan cinatur solahirèng ngari |
Jayèngraga lan Ki Kulawirya |
anèng pondhok anggung gawe |
ngompot nèng Gêndra Madu |
anutugi karêpirèki |
miwah Ki Jayèngraga |
kewala kukuwu |
nèng pondhoke Kulawirya |
tansah among kulina lan Laba wukir |
kakantil kakintêlan ||

313.
Kae Mas Wirancana Ngabèi |
dènnya amangun mangku ing karya |
ana ing Lêmbuastane |
kongsi ing pitung dalu |
pan tan kêndhat kang numbang sami |
miwah jagonganira |
maksih sabên dalu |
myang panguyu-uyunira |
ajêngguran pelog slendro angrarangin |
kadya lagya wit nabah ||

314.
Yata sawusira pitung latri |
Ni Rara Widuri dènnya ngarang |
branta kingkin ring kakunge |
tan nadhah lan tan turu |
myang tan kêna dipun-pêraki |
mring kula sêntananya |
manggung mosra-masru |
kalangkung gêng nêpsunira |
Ni Widuri anèng dalêm andalêming |
lir guywan lan kang raka ||

315.
Ibu ramanira aprihatin |
myat putranira rara dènnira |
ewah tan kaya sabênne |
tansah amujung jingkrung |
nora kêna pawèstri kèksi |
linempar kinèn lunga |
dadya tanpa batur |
ni lara-lara kasandhang |
ibunira lan kang êmbah Widaryati |
samya èmêng tyasira ||

Jilid 10 - Kaca : 161

316.
Matur marang (n)Jêngira Kiyai |
bokmas Wirancana sarwi waspa |
Ke Kidang Wiracapane |
alon dènnira muwus |
ya ta lah putuku Widuri |
yèn uga kabanjura |
larane gung wuyung |
lah iya mêngko manawa |
têmu lan nakira kaki Jayèngragi |
ngong bolèh kang pramana ||

317.
Supaya ywa kabanjur tyasnèki |
mring putuningsun kawêlasarsa |
saking gêng trêsnèng kakunge |
kang sami gunêm rêmbug |
Bok mas Wirancana jalwèstri |
ing siyang tan winarna |
wuwusên ing dalu |
ing sakbadanira Ngisa |
apan samya adadalon anèng masjid |
alit palanggarira ||

318.
Jayèngrêsmi lawan Jayèngragi |
katri Ki Wuragil Kulawirya |
Ke Kidang Wiracapane |
Jèngrêsmi lon umatur |
lamun parêng karsa (n)Jêng Kyai |
kawula benjang-enjang |
nuwun lilah laju |
umantuk mring Wanamarta |
yèn dados tyasipun rakanta (n)Jêng Kyai |
kalamèn anèng paran ||

319.
Ke Kidang Wiracapa ngling aris |
inggih anakmas sumanggèng karsa |
nanging tyas-manira wode |
acipta dèrèng tuwuk |
maksih agung mawantu ring sih |
yèn parêng malah mandar |
kongsiya satèngsu |
nèng karajan Lêmbuasta |
wontên marême ibunta Widaryati |
wiyadi ring andika ||

320.
Jayèngrêsmi turira nuwun sih |
langkung pamundhi ingkang sih marma |
pintên banggènipun têmbe |
sagêd wangsul tumundhuk |
mring karajan Lêmbuastèki |
Ke Kidang Wiracapa |
alon dènnya muwus |
mring Pangulu Asradênta |
lah undangên nyainira Widaryati |
sigra Ki Asradênta ||

321.
Angaturi Nikèn Widaryati |
datan dangu wau praptanira |
sarwi ngirit rampatane |
wedang pangananipun |
sri tinata ana ing ngarsi |
ngling yèku sutanira |
mêngko bakda Subuh |
umangkat mahawèng marga |
laju mulih marang ing Wanamartèki |
watir lami nèng paran ||

Jilid 10 - Kaca : 162

322.
Lamun dadya pangarsa-arsèki |
kakangira Ki Bayi Panurta |
marma nakira pamite |
Kèn Widayrati matur |
nambung wuwus mring Jayèngrêsmi |
dene agêlacutan |
ge-age akundur |
kalangkung gêlaning driya |
dèrèng tuwuk tyas-kula rênaning mèksi |
inggih dhatêng andika ||

323.
Pênêt rêrêma sing tigang sasi |
nutug sarèha nèng Lêmbuasta |
kang putra anor ature |
inggih kalangkung nuwun |
pasihane ibu kapundhi |
kang ibu aris nabda |
kadospundinipun |
rayinta Ki Jayèngraga |
mungguh rabinira Ni Rara Widuri |
kadospundi ing karsa ||

324.
Jayèngrêsmi nolèh mring kang rayi |
sarya ngling piye Ki Jayèngraga |
mungguh rabinira kuwe |
paran karêpirèku |
Jayèngraga umatur manis |
ing manah tan kabuka |
yèn kabêkta mantuk |
duka sampeyan ing benjang |
lamun wontên karsanipun (n)Jêng Kiyai |
yèn sampun kauningan ||

325.
Nikèn Widaryati tan kêna ngling |
karaos wêlas marang kang wayah |
Ni Widuri katuwone |
miwah sadayanipun |
Kae Kidang Wiracapa ngling |
ya pinupus kewala |
pan wus bêgjanipun |
kayata umur upama |
tan kêna pinasthi dawa cêndhaknèki |
jodho lawas enggalnya ||

326.
Yèn amikir liwat kawlas-asih |
lamun pinupus ing pasthinira |
ing ganjaran dhewe-dhewe |
Widaryati umatur |
inggih lêrês dhawuh (n)Jêng Kyai |
wus samya lêjaring tyas |
pinupusing kalbu |
Jayèngrêsmi aturira |
kula nuwun wuwulang jatining ngèlmi |
wêkasaning kasidan ||

327.
Mupung sagêd maksih apapanggih |
Ke Kidang Wiracapa ris mojar |
mungguh ngèlmu sajatine |
datan kenging winuwus |
liripun tan kêna ing angling |
sabab wus nèng nugraha |
tataboning wahyu |
kang wahyu wêktuning mangsa |
yèn wus mangsa yêkti pêsthining Hyang Widdhi |
bisa tanpa karana ||

328.
Mangsa takdir tan kêna kinardi |
iman tokit lan makripat Islam |
puniku pan tuntum dhewe |
kuwat santosanipun |
dene kuwate kita iki |
dede santosa kita |
kuwating Hyang Agung |
santosanipun Hyang Sukma |
kita iki wus kapurba tan duwèni |
sirik lamun ngakuwa ||

Jilid 10 - Kaca : 163

329.
Wujuding ngèlmu puniku muni |
jatining muni tan munasika |
nênge tan dèn-ucapake |
tan anèng warah wuruk |
datan ana pituduh wisik |
tan anèng pangkongkonan |
lan tan anèng guru |
tan anèng nala mupakat |
wus tan kêna tinakokkên ing sasami |
anèng pribadining Hyang ||

330.
Lamun maksih arambatan ngèlmi |
tuwin mituhu ing wuruk warah |
durung tumêkèng jatine |
patine ngèlmu suwung |
lir sakarat dungkaping pati |
makatên malih uga |
pan (n)dungkaping ngèlmu |
angancik jagad walikan |
pan wus coplok singsal saking samèng jalmi |
wus nunjêm ing Hyang Sukma ||

331.
Puniku anakmas Jayèngrêsmi |
wus mupakat gunêming ngulama |
mung bisa jêjèrèh bae |
tan tumêka ngaluhung |
mung rasane mulating Dalil |
tan nangsube ing nalar |
Dalil kadisipun |
nanging ta mangsa luputa |
pangikêting nala kang saking kajatin |
sidik datan nalimpang ||

332.
Namung makatên bageyanèki |
wus tan bisa akarya nugraha |
nênging dalêm sawijine |
kawulaning Hyang Agung |
kang kinarsan nugrahèng Widdhi |
(n)dungkaping auliya |
Allah Kang Maha Gung |
mangsa bodhoa kang tampa |
ing kasidan tampa kang adurung tampi |
nugrahanirèng Sukma ||

333.
Langkung panganggêpira pribadi |
wus tan kenging pinae-pae ka |
nungge anèng pribadine |
ing kadadyan puniku |
ing pamurihira ing budi |
dhaupe lawan badan |
tan salayèng surup |
badan budi sunêmbadan |
lawan wahyu punika jatining ngèlmi |
pandungkaping kasidan ||

334.
Jayèngrêsmi miwah Jayèngragi |
anor katêgor raosing driya |
amiyarsa sasojare |
wus ngumum ing pamuwus |
pra ngulama kang para ahli |
rimbag tan ana siwah |
wahananing tuduh |
Ki Wuragil Kulawirya |
tan kabuka baliwur tyasira aming |
kelingan Madu Gêndra ||

Jilid 10 - Kaca : 164

335.
Tan cinatur solahirèng latri |
wanci bangun wêktuning ijabah |
Ke Kidang Wiracapane |
ngling mring garwa tinuduh |
lah mundhuta saosan bukti |
Ni Widaryati sigra |
mundur saking ngayun |
anuduh pawonganira |
tan adangu bubucu rampadan kerit |
sinaoskên ing ngarsa ||

336.
Ingancaran samya awawanting |
pra ngawirya adan lêkas nadhah |
kêmbul samya pakantuke |
dènnya bukti anutug |
aluwaran ambêng cinarik |
sinungkên Asradênta |
lan Nuripin kêmbul |
wus nutug dènnya amangan |
miwah mamangsêgan tinuwukan sami |
luwaran sadayanya ||

337.
Wanci pajar gidib awalnèki |
samya mudhun ngambil toya kadas |
Nuripin adan Subuhe |
wus sunat ngangkat parlu |
Jayèngrêsmi kinèn ngimami |
surating wus Patekah |
Sujud awalipun |
adêgira sinujudan |
wawacane wusing Patekah kang akhir |
surat Al Kasar tuminah ||

338.
Ni Nikèn Widaryati makmum wingking |
rahab mantêp myarsa pamacanya |
wus Kinunutan adêge |
praptèng tahyatkiripun |
salam bakda laju pupuji |
dhikir amaca donga |
paragating wêktu |
salawat asasalaman |
wusnya lajêng wangsul mring (ng)gyannira linggih |
Jayèngrêsmi turira ||

339.
Lamun parêng ing karsa (n)Jêng Kyai |
kawula nuwun amit mahawan |
umangkat sanalikane |
mupung maksih adalu |
ing pangestu-dalêm (n)Jêng Kyai |
Ke Kidang Wiracapa |
rum wijiling wuwus |
lah inggih sumanggèng karsa |
anjurungkên pangastutining lumaris |
raharjaning alampah ||

340.
Lawan namung salam bêkti-mami |
mugi ka-atura ing ramanta |
Kae Bayi Panurtane |
Jèngrêsmi aturipun |
atur salam ngaras-padèki |
anulya bêkti marang |
salam mring kang ibu |
sigra majêng gantya-gantya |
Jayèngrêsmi Jèngraga Kulawiryèki |
ngabêkti sasalaman ||

Jilid 10 - Kaca : 165

341.
Widaryati tyasnya lir kapatin |
langkung cuwa maêma-êmanya |
mring kang putra sadayane |
langkung gêng trêsnanipun |
kadya siwi (ng)gyannya angukir |
astuti ngêmu waspa |
rêndhêting pamuwus |
lah inggih (ng)gèr sakaliyan |
kula amung anjurungakên basuki |
myang adhi Kulawirya ||

342.
Pangabêkti kawula kang mugi |
katura ing rama andika |
Kae Bayi Panurtane |
mugi sagêda têmu |
ramandika kalayan rayi |
Jèngrêsmi aturira |
mugi Hyang Maha Gung |
marêngna sagêd papanggya |
(n)jêng rama lan paduka Kangjêng Kiyai |
margane sih-siniyan ||

343.
Sawusira sinabdaning kang sih |
wusira linilan pamitira |
nulya lèngsèr sing ngarsane |
madal pasilanipun |
mangkat saking kewala masjid |
Ke Kidang Wiracapa |
saha garwa mudhun |
saking palanggaranira |
nguntap lampahing putra kang sêdya mulih |
mas tumimbuling toya ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (16) Kaca 140 - 153
  • (18) Kaca 166 - 174 >