Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434668
Hari ini     :Hari ini :68
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :134
Bulan ini   :Bulan ini :3297
s/d hari ini   :s/d hari ini :434668
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 4

Kontak Admin.

email-kidemang

 (21) Kaca 198 - 211

 

( Lampahipun para andon lêlana mêdal luguring rêdi )

4. Lampahipun para andon lêlana mêdal luguring rêdi nglangkungi sabin ingkang nêdhêngipun rame tiyang anggaru maluku. Ing wanci wisan-gawe dumugi ing dhusun Sarèn wêkdal pêkênan. Nuripin kadhawuhan têtumbas angsal ênjêt lan asêm-kawak sarwi kathah. Nêrusakên lampah dumugi ardi Wajak, ardi Bundhêl lan ardi Tèngèng, dhusun Wajak Watu-urip, nyabrang bênawi Rawa, ningali sêndhang Wajak Patimbulan, sadalu wontên ing ngriku, lumêbêt ing guwa Menak.

Bakda Subuh, Nuripin damêl dhêdhaharan saking ênjêt, asêm-kawak lan kêtan dados lêmêng kêtan ingkang murakabi sangêt. Lajêngipun lampah ngidul ngetan dumugi dhusun Bopong. Angsal pitêdah ngênêr ngalèr ngetan dumugi dhusun Wunut ing wana Wratsari anjog dhusun Sarêngat lajêng ngalèr nglangkungi rêdi Pêgat, rêdi alit-alit Bagêndhul ing wana Salêmbut. Kantun sadintên malih badhe dumugi ing Wirasaba, punika prasasat sampun dumugi ing Wanamarta.


Kaca 200 – 211

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 10 - Kaca : 198

21.
Nulya wisan dènnya mangan |
ênting lan salawuhipun |
wus ngombe atop jumêglug |
Ki Wirya anjola mojar |
bilah dene kaya bêdhug |
atope wong edan buyan |
(m)bok-sisan ajange iku ||

22.
Lah iya untalên pisan |
dimèn êntèk aja tanggung |
lothung dadiya gagajul |
Nuripin apalêrukan |
kang myarsa samya gumuyu |
mangkana para ngawirya |
amumucung ing pamuwus ||

629 Pocung

1.
Gya mangayun |
Jèngrêsmi alon umatur |
pamit anor-raga |
mring Ki Datuk Ekawêrdi |
sarwi gupuh rahab samya sasalaman ||

2.
Alon muwus |
Ki Sèk Ekawêrdi nêngguh |
pitungkas kawula |
namung salam sêmbah-mami |
ka-aturna marang rama jêng-andika ||

3.
Kakang ulun |
Kae Bayi Panutrèku |
tuwin ring ibunta |
(m)bok-ayu Nikèn Malarsih |
Jayèngrêsmi alon nuwun aturira ||

4.
Sawusipun |
salaman gantya mangayun |
Kae Jayèngraga |
lawan Ki Kulawiryèki |
andhèrèkkên kawirêjaning alampah ||

5.
Naur wuwus |
kalangkung panrimanipun |
yata pra ngawirya |
madal pasilanirèki |
(n)dan umangkat saking palanggatanira ||

6.
Kae Datuk Sèk Ekawêrdi tumutur |
marang tamunira |
andonga raharjèng margi |
ngawirya tri anolak pangatèrira ||

7.
Gya tumurun |
ngampat lulungur gugunung |
saking padhepokan |
wanci wêdharing suryènjing |
ngidul-ngetan mawan tirah pagalêngan ||

8.
Kèh kadulu |
srining patêgilanipun |
tatapa sabênan |
atulus sarwi ngêmohi |
miwah jalma mêgawe akukuduran ||

9.
Kang maluku |
anggaru namping mamacul |
amopok galêngan |
watêse rinopoh ing ri |
ingkang lagya anglèr ambêdhah tulakan ||

Jilid 10 - Kaca : 199

10.
Ngambil ranu |
sawênèh anglèr wus tandur |
kang gumun dha mapak |
maratak kumêmping kuning |
miwah ingkang lagya rame papanenan ||

11.
Lirnya kang wus |
myang lagya angundhuh-undhuh |
patêgilanira |
jalu èstri myang raryya lit |
kapinikul ginèndhong sinunggi samya ||

12.
Yata wau kang lumampah (n)jog marga gung |
pan laju mangetan |
turut padhusunan asri |
asêluran papagan janma papasar ||

13.
Wancinipun |
wisan-gawe dènnya laku |
nêrak têngah pasar |
pasar Sarèn dhusun asri |
dhusun Sarèn agêng laladan ing Rawa ||

14.
Lêngkung agung |
dhusun ing Sarèn puniku |
Lêgi pasarannya |
ngadêg pajarananèki |
pasar Sarèn timbang lan pasar nagara ||

15.
Samya umyung tumawon mêmpêngira gung |
nampang ing pagagan |
randhat dènnira lumaris |
saking sangêt kêbêge jalma papasar ||

16.
Lampahipun |
para ngawirya katêlu |
anaratas pasar |
kêmput kikis pagêrnèki |
mire ngaso anèng sandhaping karoya ||

17.
Raryyan lungguh nèng ngandhaping karoya gung |
Ki Kulawiryojar |
marang ing santri Nuripin |
hèh Nuripin baliya atutukuwa ||

18.
Apa kang prayoga butuhing ngalurung |
ing sasênêngira |
mupung sarwa ana iki |
iya mangsa bodhowa Nuripin sira ||

19.
Nulya gupuh matur sandika tinuduh |
tutuku nèng pasar |
barang kang butuh nèng margi |
miwah ingkang badhe binukti sakala ||

20.
Tan adangu Nuripin prapta ngêndhuyuk |
(ng)gendhong patumbasan |
katur ing bêndarnnèki |
Ki Wuragil tanya sing ko(k) borong apa ||

21.
Alon matur inggih saprayoginipun |
kang kawula tumbas |
sampun kawula dudugi |
kilap kalêrêsan ingkang dados karsa ||

 

Jilid 10 - Kaca : 200

629 Pocung

22.
Mèsêm (n)dulu Ki Kulawirya amuwus |
ya wus kabênêran |
(ng)gonnira tutuku Ripin |
nyanyamikan bubucu lan lawuh pisan ||

23.
Lawan aduning kinang kang sira tuku |
ya lah iki apa |
rong buntêl dhe-gêdhe sami |
matur inggih apu lawan asêm kawak ||

24.
Sru amuwus Ki Kulawirya asêndhu |
ih ko(k)-gawe apa |
kêparat edan gigingsir |
tuku ênjêt lan asêm sapirang-pirang ||

25.
Lir wong gêmblung dhêngglêng apa sira bingung |
nora kira kira |
tutuku kang tanpa kardi |
iya jêjêlêna ing cocotmu dhawak ||

26.
Mèsêm matur (ng)gih ta lah kula gêgêtun |
(ng)gèn-kula tutumbas |
asêm suwang (n)jêt nêm dhuwit |
dene sangêt mirah mila kula tumbas ||

27.
Ngling gumuyu akale wong edan taun |
liwat murah pisan |
samantên nêmbêlas dhuwit |
Jayèngrêsmi Jèngraga mèsêm tumingal ||

28.
Lah ya uwus gêbacut (ng)gonnira tuku |
nora dadi ngapa |
Ki Kulawirya ngling aris |
patukonmu bucu nyamikan caosna ||

29.
Nulya gupuh Nuripin nyaoskên ngayun |
kang sêkul myang ulam |
papanganan wus nèng ngarsi |
Ki Nuripin mèntar ngupaya lantingan ||

30.
Marang dhusun lan tuku dhawêganipun |
tan adangu prapta |
anulya sami wawanting |
dènnya nadhah ampingan witing karoya ||

31.
Wusnya tutug bubucu linorod sampun |
samya wiwijikan |
santri Nuripin abukti |
wus luwaran dènnya nadhah mamangsêgan ||

32.
Sawusipun rêrêm dènnya so nèng ngriku |
Jayèngrêsmi nabda |
lah paman kadi-punêndi |
ing lampah punapa-a laju kewala ||

33.
Inggih mantuk wangsul margining kang wau |
paran andugèkna |
tirakat angampir-ampir |
ing rêrêdèn manawi antuk pawarta ||

Jilid 10 - Kaca : 201

34.
Saur wuwus paran sakarsanirèki |
ngong anut kewala |
saparan pan sun-tutwuri |
Jayèngraga nambung aris aturira ||

35.
Pênêdipun ing lampah wasisanipun |
alajuning tikat |
uning jajahan ing têbih |
mupung sagêd dadya tatanggêling lampah ||

36.
Lingira rum ya bênêr rêmbugirèku |
yèn makatên paman |
suwawi nimpang ing margi |
mring ngardi kang katingalan kidul-wetan ||

37.
Patutipun lir sungsun-sungsun dinulu |
angrêsêpkên manah |
owêling lampah tan kampir |
baya pundi rannipun wukir punika ||

38.
Naur wuwus kang paman ya êmbuh iku |
kajaba ta tanya |
nulya katingal wong siji |
gya ingawe-awe mring Ki Kulawirya ||

39.
Praptèng ngayun |
tinanya wong (n)di sirèku |
matur kang liningan |
pan inggih ing Sarèn ngriki |
awon-awon lêbe ing Sarèn kawula ||

40.
Ngêndika rum |
Jèngrêsmi marang Ki Kaum |
êndi arannira |
gunung kang katon puniki |
iya dene munggul patute sèbêtan ||

41.
Lon umatur |
ranning ardi kang kadulu |
kang ngandhap punika |
ardi Wajak de kang nginggil |
ardi Budhêl lan ardi Tèngèng wastanya ||

42.
Dhusunipun |
Wajak-watuurip nêngguh |
kalalading krajan |
Bantal-padhomasanèki |
angling malih pundi margane mring arga ||

43.
Aris matur |
inggih kewala punika |
margi pasimpangan |
maring Wajak-watuurip |
kêncêng ngidul anabrang bênawi Rawa ||

44.
Lajêng ngidul |
margi mangetan mangidul |
kang anjog ing Wajak |
margi kang ngetan puniki |
margi agêng kang anjog karajan Rawa ||

45.
Wusnya matur Jèngrêsmi malih lingnya rum |
ya wus sun-tarima |
paman pituduhirèki |
(n)dan umangkat katrine anduduk lampah ||

Jilid 10 - Kaca : 202

630 Mêgatruh

1.
Lampahira angidul anut pituduh |
ing wanci surya nêngahi |
pan tumampêg panasipun |
margèng bubulak atêbih |
tan ana kayon kang ngayom ||

2.
Ara-ara bêbangkak têla-têlanggung |
siti lincat ngrakal curi |
Nuripin agigah-giguh |
(ng)grêsah garundêlan angling |
bilah murungakên uwong ||

3.
Ngisor dhuwur ambutuhkên wong lumaku |
dhuwur panas ngisor krikil |
nora na kayon gêng ngaub |
sasat dèn-pilara mami |
dhasar onjotane adoh ||

4.
Iki ara-ara arannipun |
ambane kapati-pati |
nora mambu singkal pacul |
bêbangkan sajêg-jêgnèki |
lêmah nora wawoh uwong ||

5.
Ki Wuragil Kulawirya sru amuwus |
gagabêre andalêming |
êmbuh-êmbuh kang dèn-tutuh |
ngodhal-adhil bumi langit |
tan idhêping nora ilok ||

6.
Jayèngrêsmi angling marang santrinipun |
yèn kêpanasên Nuripin |
panase anèng sirèku |
tawêkalna tyasirèki |
aywa ngrêsula ing batos ||

7.
Yèn wus ana sira raosing suryèku |
panase nora nêkani |
katulak ayêming kalbu |
ya kaya mangkono ugi |
caritane ngakerat donya ||

8.
Wong pinangan ing api naraka besuk |
wong kang tanpa ngamal nênggih |
kêkêl-kêkêl nèng nraka gung |
matêng pinanganing gêni |
myang saliyaning siksa bot ||

9.
Beda lan wong kang duwe ngamal saèstu |
rahayu saking yumani |
api narakane linu |
datan tumama namèngi |
ngamale panulak jakom ||

10.
Ati suci panrima amal linuhung |
kang sukur marang Hyang Widhi |
suruding siksa linuhung |
lantar panrimaning ati |
kiyasing Kadis mangkono ||

Jilid 10 - Kaca : 203

11.
Kauripan ya ing dalêm dunya iku |
utama sarèh ing budi |
têgêl panarimanipun |
kang ala tinampan têcik |
yêkti bêcike pinanggoh ||

12.
Kaya kiye panas nglarani sakojur |
yèn sira sukuring ati |
titi kawuryaning ayu |
yuwana nikmat pinanggih |
kaya mangkono uga wong ||

13.
Manthuk-manthuk Nuripin aris umatur |
baya lêrês kang wirayit |
ujaring Kadis puniku |
mungguh panrimaning ati |
tinarima ing Hyang Manon ||

14.
Mung dilalah badan-kawula satuhu |
kang apês kêpati-pati |
tan wantala panasipun |
ing surya miwah kang bumi |
beda kang wus utamèng (n)don ||

15.
Bokmanawi mantune Kyai Pangulu |
ing Lêmbuasta sinandi |
datan kawêkèning kalbu |
antuk sawabe kang ngèlmi |
Kulawirya krasèng batos ||

16.
Yèn sinêmon Nuripin ingkang pamuwus |
gya animpang ngukup curi |
sinawurakên agupuh |
(ng)graita Nuripin aglis |
animpang sarwi malerok ||

17.
Ngudubilah opène wong namur wuwus |
wau ujare Nuripin |
sarwi mungkur andêkukul |
kinarutug padhas curi |
gigire pating talèdhok ||

18.
Bêkah-bêkuh ulate rangu asêngut |
Ki Ragil ngacungi bithi |
sarwi mojar manis arum |
lah mareneya Nuripin |
sun-ganjar sangu sihingngong ||

19.
Luwih gêdhe lalabuhanira ing dangu |
sapa baya mitulungi |
mung sira kakasih-ingsun |
kang labuh lara lan pati |
anèng sajroning pakewoh ||

20.
Jayèngraga (ng)graita mèsêm ngacêmut |
nanging datan nambung angling |
ajrih ing raka kang sêmu |
kadi anawung rudatin |
dadya amung amalèrok ||

21.
Jayèngrêsmi tan sambung ingkang sinêmu |
wit tan wikan ing sasandi |
yèn kang paman darbe laku |
mangka usadaning sakit |
angramuhi kuda wadon ||

Jilid 10 - Kaca : 204

22.
Dadya angling malih kang mangka pêpemut |
hèh Ripin ujaring Kadis |
piyarsakna dèn-kalêbu |
sarasaning rapal iki |
manawa bisa amanggon ||

23.
Amung lowung kinarya panamur laku |
mangkono jarwanirèki |
sing sapa arsa nunuwun |
nikmat manpangating Widdhi |
dèn-bêtah rakasèng batos ||

24.
Kang sinandhang panas pêrih badanipun |
iku mung panggawe lair |
lamun winêngku ing kalbu |
sabar tawêkaling ati |
abêr tan karasèng batos ||

25.
Yèn tyasira narima ing bêgjanipun |
apa kang sinandhang iki |
ketang bêkti mring Maha Gung |
ing wuri iku sayêkti |
winalês ganjaran kaot ||

26.
(n)Tuk pitulung rasa kang nikmat satuhu |
dèn-pracaya ing Hyang Widdhi |
dene dahat asihipun |
marang titahe puniki |
datan mawi apilih wong ||

27.
Ala ayu rinêksa maring Hyang Agung |
tan kongsi kurang rijêki |
pinrih ing rahayunipun |
ing awal praptaning akir |
rinêksa dening Hyang Manon ||

28.
Ki Nuripin mung macucu datan muwus |
lumaku agrigah-grigih |
saking panas ngandhap luhur |
karikil padhas acuri |
Kulawirya angling alon ||

29.
Lagi iki sun-wikan antênging wêdhus |
jojogedan kadi kambing |
kacitan gimbal kang wulu |
abusana kadya janmi |
mung yèn muni gêmbar-gêmbor ||

30.
Lah nèng ngêndi sasamatira ing mau |
apa wus kêntèkan Ripin |
tekadira kang marusul |
dharêsêlan kadya anjing |
Nuripin tambuh malerok ||

631 Gambuh

1.
Wanci Asar prapta wus |
anèng Wajak-watuurip dhusun |
pan kapapag ana wong mijil sawiji |
ngancarani pinrih maju |
katuran malêbèng dhukoh ||

Jilid 10 - Kaca : 205

2.
Wus samya tata lungguh |
anèng salu jawi kering pintu |
anambrama wau ingkang darbe panti |
kapênêdan lampahipun |
paduka praptaning ngêndon ||

3.
Ing pundi kang kapungkur |
miwah karsa kang sinêdyèng kayun |
myang pinuji paduka prapta ing ngriki |
baya têbih sangkanipun |
kalarat ingkang pasêmon ||

4.
Paran sinêdyèng kayun |
baya karsa tirakat ing gunung |
(ng)gih kawula mangka kuncining kang ardi |
pangiriding lampahipun |
sagung kang arsa tumonton ||

5.
Jèngrêsmi lingira rum |
rika paman tatanya maring sun |
santri papa angumbara turut ardi |
tirakat mung pamrihipun |
karya ihtikating batos ||

6.
Lamun rika panuju |
ngatêr lampah sumêngka ing gunung |
Kyai Kunci graita sêmune sandi |
lamun ngawirya nanamur |
dadya amung matur alon ||

7.
Yèn kaparêng sang bagus |
pan pun bapa arsa asusugun |
sawontêne kadaripun tiyang ardi |
Jèngrêsmi ngandika arum |
tan susah paman susugoh ||

8.
Sun-arsa munggah laju |
yèn kasêlak Hyang Arka asurup |
(ng)gih sumangga kawula ngatêring laris |
mangkana sarêng manuntung |
wong lima sarêng abodhol ||

9.
Babondhot kayu taun |
warna-warna wulusan arungkut |
tan antara anon bêbêganing warih |
malêmbung toya kumucur |
sumrèwèh mili malorot ||

10.
Watuurip jumujug |
sêndhang Wajak iku wastanipun |
sawabipun dadya patimbulan yêkti |
(ng)Gra Kasih Jumuwahipun |
muruh anglênga mancorong ||

11.
Kang ngalap sami nginum |
yèn katrima ana tandhanipun |
sirah buthak malinthas rambut barindhil |
prapta nyêng-unyênganipun |
dadya têguh kadya paldhot ||

12.
Anulya sami wulu |
salat Ngasar praptèng bakdanipun |
waktu rada kakirên ing salatnèki |
Ki Kunci nulya mit wangsul |
aris lampahe malorot ||

Jilid 10 - Kaca : 206

13.
Wau ta kang nèng gunung |
ngawirya tri lawan santrinipun |
wanci surup anulya mèt toyastuti |
salat sunat Mahrib laju |
Ngisa bakda samya golong ||

14.
Dhikir palilahipun |
pan sadalu tawakup ing ngriku |
enjingira anjajah pucuking wukir |
pakarêmaning cêmpurung |
garumbul kayu angayom ||

15.
Katon pucak anjêmbul |
kayu taun marnani arunggud |
winastanan watu Dalêm pan awingit |
êtuking tirta kumucur |
kang mring Watuurip anjog ||

16.
Sadalu anèng ngriku |
dènnya nimpar asuhul tawakup |
eningira anètèr mandhap sing wukir |
manjing guwa Menak laju |
alêrêm anèng ing kono ||

17.
Kongsi dalu tawakup |
ngawirya tri lawan santrinipun |
guwa Menak dadya patimbulan ugi |
yèn katrima tandhanipun |
tèngèng sirahe anggèlo ||

18.
Praptèng (n)jang bakda Subuh |
pra ngawirya nèng jro guwanipun |
Kulawirya ngandika ris mring Nuripin |
lagi samêngko sun-wêruh |
ilang unine si Daplok ||

19.
Apa baya sirèku |
kajudhêgan ing nala alimut |
antènana yèn nginêp sawêngi maning |
panyaure duk ing dangu |
nèng Lêmbuasta ambadhog ||

20.
Nuripin mèsêm matur |
pangandika sampeyan puniku |
sangêt lêbêtipun karirih karakih |
kuru dalah swaranipun |
sabênne kothot abèndhot ||

21.
Ngawirya ro gumuyu |
Ki Kulawirya mojar ambêkus |
ih wong edan (n)dadak wani mêmoyoki |
rikih pisan wong tan saur |
têlung dina angêlowong ||

22.
Dubilah ta sirèku |
warêg banyu ngombe lir kaluwung |
wêwadhukmu nyêmpli kaya impês isi |
Jayèngrêsmi Jèngragèku |
suka myat ingkang guguyon ||

23.
Nuripin mentar mundur |
wêlas mulat ing bandaranipun |
nulya gita karya nyanyamikan bukti |
asêm-kawak dènnya tuku |
ingulêt lan apu gupoh ||

Jilid 10 - Kaca : 207

24.
Dangu pangulêtipun |
asêm-kawak cinampuran apu |
pan wus piniliyan kalungsunirèki |
ingêmplêng limang plêng sampun |
binuntêling godhong wowo ||

25.
Gya tinindhiyan watu |
linêrêmakên Nuripin gupuh |
angupaya kêmbang tulupan gya ulih |
sangune bras kêtan wau |
pinususan ingkang uwos ||

26.
Dèn-isèkakên wau |
ring kêmbange tulupan tinangsul |
Ki Nuripin gupuh dènnya dadèk gêni |
lêmêng kêtan kêmbang tulus |
binênêm ing mawa marong ||

27.
Antaranira uwus |
matêng binênêm lêmênganipun |
nulya angupaya kêmbang tapak-èsthi |
pinèt sarine binubuk |
lan kêmbang mênyawun winor ||

28.
Myang kêmbang têmpuh-wuyung |
lan kêmbang rara-wunan puniku |
cinaruban asêm-kawak winêtawis |
winungkus ing godhong têmu |
pinè sak-aluming godhong ||

29.
Rampung sadayanipun |
yata kang samya kalêson lungguh |
Ki Wirya ngling êndi mau si Nuripin |
asuwe nora kadulu |
tan adangu nulya katon ||

30.
Mèsêm prapta ing ngayun |
Jayèngraga angandika arum |
iku apa kang sira-gawa Nuripin |
kang tinanya lon umatur |
inggih won-nganggur sasaos ||

31.
Cara rare karyèku |
duga-dalêm eca botênipun |
akalipun raryyangon sadaya sami |
nyanyamikan awon-nganggur |
namung lothung tambêl-butoh ||

32.
Sinaoskên ing ngayun |
Ki Kulawirya latah gumuyu |
si Dicêplok mêtu akale pratoin |
anulya samya amundhut |
lêmêngan kêtan rinaos ||

33.
Samya mèsêm gumuyu |
Ki Wirya ngling bilah de cumêthul |
angluwihi lêmêngan kêtan bumbung pring |
plèng-plèng-asêm-(n)jêd ya-enul |
cumêthul lir jênang dodol ||

34.
Lah iki kang dèn-wungkus |
wis blêgtape rasane amadu |
kêna sibat bisa lah-olah si Padhil |
kang putra samya gumuyu |
angalêmbana ing raos ||

Jilid 10 - Kaca : 208

35.
Dènnira bukti tuwuk |
sisa sinungkên mring santrinipun |
wus mangkana nutug ing sawêngi malih |
ing sadalu enjingipun |
Ki Kunci prapta ngarsèng (n)don ||

36.
Jèngrêsmi lingira rum |
paman Kunci sirèku anusul |
matur inggih yèn sampun luwaring kardi |
kula turi raryyan dhukuh |
kawula sampun sasaos ||

37.
Jèngrêsmi ngandika rum |
ênggèh sun-tarima sihirèku |
manirarsa kewala laju alaris |
êndi margane kang mungguh |
(ng)gwan kang wus kambah maring wong ||

38.
Saenake lumaku |
tirakat satibane ing ngayun |
lon umatur Ki Kunci mring Jayèngrêsmi |
lamun paduka kadyèku |
kula sumangga kemawon ||

39.
Jèngrêsmi ngandika rum |
paman Kunci samya (n)dum rahayu |
nulya sasalaman sadayanirèki |
sawusira gya tumurun |
angraras driya maring sor ||

632 Mijil

1.
Mijil margèng ngidul-ngetan ardi |
lulungur jurang jro |
dadya randhat mangu-pangundhune |
aluk-lukan lulukik kang têmbing |
pèrèng lêsah miring |
parang-rong aparung ||

2.
Apan lêpas dènnira lumaris |
adulure rondhon |
praptèng ngampar sing panètèrane |
ngambah wana tipisan tan wêrit |
dhèng-èdhènging ardi |
tarataban grumbul ||

3.
Nampak tatêrusan ingkang margi |
kang kaambah ing wong |
tan kepêthuk janma sasikine |
wanci surya tumawang manasi |
sira ngawirya tri |
laju lampahipun ||

4.
Ngalèr-ngetan narutut dèsèki |
padhadhahan ayom |
anon ing sêndhang pinggir margane |
pan kauban ing wrêksa gayamprit |
rau baga bibis |
karoya ngrêguyung ||

Jilid 10 - Kaca : 209

5.
Samya raryyan nèng sêndhang we wêning |
padesane Bopong |
eca siram labêt grahuyange |
wusnya angum ngambil hèr-astuti |
mimilih (ng)gyan suci |
samya wêktu Luhur ||

6.
Kajênêkan gyan bêkti Hyang Widdhi |
rêrêm amohansoh |
sabakdanira salat Luhure |
samya mucang poh ingaring-aring |
Nuripin tinuding |
atukuwa bucu ||

7.
Gupuh lampahira Ki Nuripin |
mring dhukuhan Bopong |
panggya amitêmbung lan lêbene |
kang liningan gupuh anaosi |
woh-tiris tan kari |
wus samakta gupuh ||

8.
Ki Lêbe nutwuri mring Nuripin |
praptèng ngarsa alon |
tur pambagya mring kang lagya rèrèn |
sarwi naoskên sugatanèki |
tinarima ing ling |
Jèngrêsmi tanya rum ||

9.
Rika iku punapi patinggi |
apa ta pamogok |
kang tinanya alon ing ature |
awon-awon kula lêbe-puri |
Ki Kulawirya ngling |
sarwa sru gumuyu ||

10.
Lah kapriye ya basanirèki |
lêbe-puri mono |
matur nglêbe muni kêndhu bae |
rika bisa parikan Ki Modin |
Jèngraga Jèngrêsmi |
amèsêm gumuyu ||

11.
Nulya samya awawanting bukti |
kakêmbulan royom |
apikantuk lapake kalantèh |
pan kapasuk panrimaning bukti |
antaranira wis |
cinarikan mundur ||

12.
Ki Nuripin srigak dènnya bukti |
nora nganti wisoh |
wus nêngahi têtanya mring lêbe |
wawang kang lêbe sami abukti |
puluk tan ngèndhani |
mathêngkul tumungkul ||

13.
Ki Kulawirya angling a(m)bêkik |
Nuripin dudu wong |
ambakna wong gajêlag bacote |
tawa mangan nora (n)dêlêng rai |
gawe-gawe angling |
nyambat ukur-ukur ||

14.
Ing batine sokur ora apti |
tutugga ambadhog |
sisan dhulange untalên age |
yèn ngalontor wus dèn-tohi pati |
kapanjingan eblis |
murka ngulu-ulu ||

Jilid 10 - Kaca : 210

15.
Tan angetung pangidhêping isin |
sok anggêra nocor |
Ki Nuripin macucu lambene |
nuli wisuh êntèk kang binukti |
sêga lawuhnèki |
tan ana kang kantun ||

16.
Aluwaran kang anadhah sami |
nyamikan rinaos |
wus antara nutug parèrène |
Jayèngrêsmi angandika aris |
wus tarima-mami |
paman sunggatamu ||

17.
Lan maninge sun-tanyèng sirèki |
marga ingkang anjog |
maring Wirasaba ing bênêre |
kang tinanya anauri aris |
pan inggih puniki |
margine pinagung ||

18.
Ngalèr-ngetan kewala kang margi |
prayogi tan watos |
palabuhan kang nginggil sabrange |
dhusun Wunut wana ing Wrat-sari |
ngalèr nabrang kali |
mêdal ing wod rajut ||

19.
Anjog ing Sarengat ingkang margi |
lajêngipun ngalor |
ardi Pêgat wana ing truntume |
pangêndhênge ardi alit-alit |
Bagêndhul mantêsi |
lan wana Salêmbur ||

20.
Wana Panguncang pangalèrneki |
ing Kantha dêmomol |
tarutuning desa wawanane |
tatasing wana ing Jêramwangi |
mung kantun sa-ari |
Wirasabanipun ||

21.
Malah tan kongsi suruping rawi |
lancaring lêlakon |
wus tan ngambah wana grêng wêrite |
namung tarataban wana nipis |
pangrèyan desèki |
sapêngaloripun ||

22.
Jayèngrêsmi alon lingira ris |
paman yèn mangkono |
manira mit andum basukine |
wus abangêt panarima-mami |
rika awèh uning |
marga kang saèstu ||

23.
Muga samya basukiyèng wuri |
sasalaman gupoh |
Kae Lêbe nuwun-nuwun ture |
nulya asung salam sadayèki |
dan umangkat aris |
anarimèng tuduh ||

24.
Kang ingèngêt-èngêt ing samargi |
tuding kang tinuhon |
tan mirungga nimpang ing lampahe |
datan arsa kampira dèsèki |
milalu lumaris |
tansah ing wana gung ||

25.
Asru pangrêksanirèng abakti |
ing waktu tan towong |
sampun lêpas wau ing lampahe |
tan cinatur solahirèng margi |
gantya kang winarni |
ing Wanamartèku ||

Jilid 10 - Kaca : 211

26.
(n)Jêng Kiyai Bayi Panurtèki |
gring tyasira giyoh |
dening putra karo lan arine |
nis tan pracayèng sudarmi |
têmah dadya woding |
driyaning ramèbu ||

27.
Duk samana Bayi Panurtèki |
kalanira lunggoh |
nèng surambi sakulawargane |
miwah para lurah-lurah santri |
sakbakdanirèki |
jumungahan kondur ||

28.
(n)Jêng Kiyai Bayi Panurtèki |
èmêng tyasnya kepon |
tanpatyantuk nadhah lawan sare |
kang kaetang pangungunirèki |
kang samya tan pamit |
ri putra lan mantu ||

29.
(n)Jêng Kiyai Bayi Panurtèki |
kucêming pasêmon |
tan na sojar lêlahan lamine |
nadyan mulang tan lir sabênnèki |
tyasira lagya gring |
onêng maring sunu ||

30.
(n)Jêng Kiyai Bayi Panurtèki |
angandika alon |
mring pra ari wis pira lawase |
sutanira ro lan rinirèki |
Swarja matur aris |
wus tridasa dalu ||

31.
(n)Jêng Kiyai Bayi Panurtèki |
lingira ngêmu loh |
ya ta lah de tan ana tuture |
mung bojone kang padha diwangsit |
ujare nis sami |
tirakat sadalu ||

32.
Nora pajar kang dèn-paparani |
êmbuh ngetan ngulon |
mung mangkono tuture bojone |
kang liningan samya anor-ragi |
lan malih manawi |
sira antuk tutur ||

33.
Sutanira lan arinirèki |
mring ngêndi linakon |
paran nusul ngupaya ipene |
apa dhasar tirakat pribadi |
dene kongsi lami |
sasasi tan mantuk ||

34.
Pêndhak tanggal kaping pitu iki |
dènnya lunga (m)bolos |
priye karêpira ing bêcike |
têka bangêt dhêdhêle tyas-mami |
têmah amuwuhi |
kasusahan iku ||

35.
Pra ri Swarja lan Wiradhusthèki |
Panukma Panamor |
samya matur tadhah dudukane |
sring pitakèn-takèn bokmanawi |
wontên ingkang uning |
(ng)gyanning-kang jinujug ||

36.
Sami datan wontên kang udani |
dènnya lalana (n)don |
Kae Bayi gèdhèg-gèdhèg linge |
ya wus padha dodonga ing Widi |
kang padha lumaris |
salamêting laku ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (20) Kaca 182 - 197
  • (22) Kaca 212 - 218 >