Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 10

Kontak Admin.

email-kidemang

 (05) Kaca 49 - 54

 

( Dhatêngipun Sèh Amongraga )

11

5. Dhatêngipun Sèh Amongraga

Sasampunipun têtela pawartosipun bab Jayèngrêsmi (Sèh Amongraga), Ki Anggungrimang kadhawuhan mantuk suka sumêrap dhatêng Rancangkapti. Mirêng bilih kakangipun sampun pêjah kaukum larung, sanalika Rancangkapti dhawah kantaka malah dumugi ing tilaripun, dados tangisan sasanak kulawarga. Ki Mangunarsa lan Ni Selabrangta dhatêng, Ki Mangunarsa dhawah kantaka, Ni Selabrangta sêmaput, Cênthini dhawah gêgulungan. Enjingipun, sadèrèngipun layonipun Rancangkapti dipun-sirami, wontên kaelokaning Pangeran, dumadakan Sèh Amongraga rawuh. Enggal-enggal Ni Selabrangti ngabêkti, kasusul Ki Mangunarsa lan Ki Anggungrimang. Rancangkapti tangi gêsang malih. Sèh Amongraga ngandika bilih sampun araga-sukma, gêsang ing alam sanès. Dhawuhipun supados Cênthini kadhaupakên kalihan santri Monthèl. Ki Mangunarsa kadhawuhan yasa asrama ing Jurang

Jangkung minangka panêpènipun Sèh Amongraga kalihan Ni Selabrangta. Sèh Mangunarsa lan Ki Anggungrimang samangsa-mangsa sagêd pinanggih sasampunipun iktikap sawatawis.


 

Kaca 49 – 54

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 11 - Kaca : 49

647 Maskumambang

33.
Gya rinangkul rabine ingarih-arih |
dhuh mas mirahingwang |
kakangira Jayèngrêsmi |
mati linabuh Tunjungbang ||

34.
Anglalana Amongragi angulati |
rabine kang warta |
anging sira tan kapanggih |
malah têkèng Nayaganda ||

35.
Sarêng myarsa wau Nikèn Rancangkapti |
wusnya winartanan |
yèn kakangnya wus ngêmasi |
linabuh marang Tunjungbang ||

36.
Dhat sumaput panonne Ni Rancangkapti |
sarira marlupa |
tambuh rasane kang ati |
tansah mijil waspanira ||

37.
Anggungrimang tumulya anjrit anangis |
sarya ngrangkul jaja |
lah mênênga sira yayi |
manawi sira antaka ||

38.
Kagyat wungu Ni Sulastri aningali |
gustine kantaka |
aniba ing salu aglis |
(n)jrit nangis alara-lara ||

39.
Kagèt kabèh tatanggane padha tangi |
mirsa kang karuna |
tanggane sadaya prapti |
gupuh-gupuh atatanya ||

40.
Ni Sulastri tutur yèn gustine mati |
tanggane sadaya |
wus tinuturan pra sami |
ana anjrit aniniba ||

41.
Kèh warnane ingkang sami angsung tangis |
wênèh têbah jaja |
wênèh aniba ing siti |
saking trêsnane sadaya ||

42.
Wontên malih tanggane êlêt satunggil |
dhudha lawan randha |
dhudha Salèh arannèki |
myarsa kang tangis gumêrah ||

43.
Karsa atutulung sarya nyangking kudhi |
lan dhudha Prakosa |
mêdal nyangking alunèki |
sinêngguh ana drigama ||

44.
Randha lola amêdal tapih kulambi |
ngindhit padadahan |
gupuh dènnira lumaris |
lakune alangak-langak ||

45.
Anglancangi susune akaplak-kaplik |
sarwi ngore rema |
lakune anglalancangi |
samya gumuyu kang mulat ||

46.
Praptèng wisma gupuh angungkap-ungkapi |
akarya tatamba |
gugap-gugup polahnèki |
têka mipis-mipis lênga ||

47.
Wontên malih rêke santri tunggu gagi |
mamitran ni randha |
anèng ranggon pinggir margi |
awasta Ki Santri Rêna ||

Jilid 11 - Kaca : 50

48.
Ni (m)bok randha gugup dènnira nulungi |
mring santri kang niba |
ni randha angrangkul gipih |
nanging datan na uninga ||

49.
Pamrihipun aja na ingkang udani |
gya ingajak nendra |
dhatêng ing raranggon malih |
tan ana ingkang uninga ||

50.
Nulya wontên wong liwat sakawan sami |
anèng ing pagagan |
Ki Santri gumêdêr ajrih |
wong roro sarêng aniba ||

51.
Polahira tapih siji dèn-karoni |
dadya gagandhèngan |
lumayu aniba tangi |
mapan jrih yèn kasarkaran ||

648 Dhandhanggula

1.
Ki Mangunarsa pan taksih linggih |
nora wikan sanake kantaka |
winartan dening rarene |
aglis dènnya tumurun |
sarencange padha tut-wuri |
miwah Ni Selabranta |
sing wong kang andulu |
sêmu nora na kaduga |
kang sawênèh sêmune ana aradin |
wikan jatining lampah ||

2.
Selabranta ika aningali |
mring kang lena Nikèn Rancangdriya |
anèm tur ayu rupane |
kasênên pandam murub |
warnanira kadya wong guling |
kèngis waja kang kiwa |
ngincang alisipun |
kadi wong mèsêm kawangwang |
Anggungrimang rabine tansah liniling |
sarwi nangis alara ||

3.
Mangunarsa mênêng tan kêna ngling |
tumingale arine palastra |
tan kêna ngrênggêp trêsnane |
angrupêg idhêpipun |
tingal kang lyan kang dèn-sakrêti |
tan nancang ulat kang lyan |
kang paranning dulu |
anging kang Amurbèng Alam |
Mangunarsa mênggah niba nulya mati |
gumêr kang wong karuna ||

4.
Santri Monthèl lara dènnya nangis |
Ni Darêman asru gugulungan |
dèn-pala-pala awake |
angrês sasambatipun |
Ni Sulastri lara anangis |
sasambat amlasarsa |
adhuh gustiningsun |
ing pundi (ng)gèn angawula |
gusti asih andina amituturi |
angapura ing mindha ||

Jilid 11 - Kaca : 51

5.
Selabranta mênêng datan angling |
kaputungan manah tanpa karsa |
dèn-rênggêp ing jro driyane |
janjining Hyang kadulu |
sarirane kinarya cêrmin |
ika paranning tingal |
Selabranta limut |
kadi ta wong kasamoga |
Selabranta tan dêrman awakirèki |
dadya mijil kang waspa ||

6.
Angrês tangise Ni Selabranti |
Mangunarsa ingkang tinangisan |
tan kêlar mênggêp trêsnane |
Mangunarsa riningsun |
awungua ta sira yayi |
sadina rong dina-a |
dèn-ingsun tatêmu |
durung tutug sun-tuminggal |
Mangunarsa kabobo bisa-a mati |
sira agawe trêsna ||

7.
Mênêng anangis Ni Selabranti |
kaputungan manah tanpa ngucap |
dadya nangis ing kalbune |
asru panangisipun |
Selabranta bisa anangis |
dènnya nangis alara |
dèn-sambungi guyu |
guyune rêna satitah |
panangise ajrih ing sira ningali |
ing purbaning Pangeran ||

8.
Liyêp tingale kandhuhan liring |
tingaling dasih dadya suh sirna |
luluh têka raragane |
dadya atêmah lêngut |
ing ngundhake nora na kèksi |
jiwa raga suh sirna |
dening Hyang Kang Agung |
eloke nugrahaning Hyang |
Selabranta anglêsing tyas angêmasi |
Ni Cênthini anjola ||

9.
Ni Cênthini aniba kêpati |
dènnira nangis agugulungan |
dèn-pala-pala awake |
sasambatnya mlasayun |
adhuh gustiningsun Ni Nyai |
êndi ta ujarira |
awêlas maringsun |
anusup ingayam-alas |
sun-tutakên sun-singgih tulusa asih |
mangke têka atilar ||

10.
Ki Santri Monthèl amituturi |
aywa ginugu kang sampun pêjah |
mangsa dadiya gêsange |
titahing Hyang dèn-ketung |
janjining Hyang tan owah gingsir |
pan wus kocap ing Iman |
angandêl ing untung |
balik yèn asih ing tuwan |
angulati rewange kawêlasasih |
amênêdi ngastana ||

11.
Samantara Hyang Aruna mijil |
wong nglalawat pan wus akèh prapta |
sakathahe wong sanake |
lanang wadon wus rawuh |
Anggungrimang kantu kapati |
Monthèl karya kaluwat |
lawan Ki Piturun |
kalawan Ki Martaduta |
Ki Saloka Salodha Ki Palakarti |
kalawan Ki Prakosa ||

Jilid 11 - Kaca : 52

12.
Amangraga ika kang ginupit |
kuwasanira Hyang Maha Mulya |
wikan yèn mati sanake |
mapan tan tulus kakum |
amêng-amêng anèng jaladri |
pan wus angsal nugraha |
linabuh tumimbul |
pan sampun angraga suksma |
tan asuwe anyipta sakêdhap prapti |
dhêkah ing Wanataka ||

13.
Kang layon mapan dèrèng dèn-dusi |
sapraptanira Sèh Amongraga |
sami gita kang wong akèh |
mangkya sarawuhipun |
Amongraga ika ngastuti |
sarêkangat asalam |
katiga awungu |
mapan tan jatining pêjah |
sami kantu cinandhakakên ningali |
ngambil trêsna kewala ||

14.
Salilirira Ni Selabranti |
tumingal yèn kakungira prapta |
gathuk rinangkul padane |
nulya anglukar gêlung |
padanira ingusap wèni |
trêsnanira kalintang |
Amongraga iku |
wikan yèn paranning trêsna |
paningale tan kandhêg ing johar jisim |
amor ing tatakrama ||

15.
Mangunarsa lan Ni Rangcangkapti |
nora wikan yèn sanake prapta |
pangling tinilar duk lare |
Selabranta amuwus |
Mangunarsa riningsun yayi |
puniku sanakira |
arine rinangkul |
parêng anungkêmi pada |
pangidhêpe lir panggagaping wong ngimpi |
kang mulat kawismayan ||

16.
Anggungrimang kantu wus ngalilir |
satingalira wus sami gêsang |
lir kapracayan idhêpe |
sêmuning Hyang kadulu |
Ni Cênthini bungah kêpati |
gustinira agêsang |
Amongraga rawuh |
mila sakèhe tumingal |
lanang wadon sadaya pan sami prapti |
myarsa kang wau prapta ||

17.
Sèh Amongraga sampun winangsit |
pan kakênan rêke suka-suka |
pan wus sukma raragane |
eloke Hyang kadulu |
Amongraga sira ngecani |
amor ing tatakrama |
Amongraga iku |
banggi sêmu ing kawasa |
waliyollah ingikêt dadi palupi |
sasêmonnya kewala ||

18.
Amongraga wuwusê mlasasih |
Tambangraras sira woding nala |
alawas sun-tilar mangke |
Mangunarsa riningsun |
sira ngakên mring ingsun yayi |
miwah Ki Anggungrimang |
tansah marang ingsun |
ingsun tan lyan saking sira |
anon-tinon marmane tanpa ningali |
kalingan ing paningal ||

Jilid 11 - Kaca : 53

19.
Apa rinasan kang wus kawuri |
balik anyatitèkna ing lampah |
aja angroro tingale |
jatine kapir iku |
wong aduwe tingal kakalih |
iku sira dèn-yitna |
ewuhing tumuwuh |
Santri Monthèl tanpa ngucap |
ing wuwuse piniyarsa ngêmu-wadi |
kasmaran ing tyasira ||

649 Asmaradana

1.
Nahên ta Ni Selabranti |
sarawuhira kang raka |
saya wuwuh biraine |
miwah Ki Sèh Mangunarsa |
tulusa mangun êtal |
ngandika sang Amongluhung |
mring garwa Ni Selabranta ||

2.
Kalamun sambada yayi |
kalawan ing karsanira |
Ni Cênthini apadene |
datan salayèng cipta |
tulus dènnya suwita |
prayogane iku dhaup |
lan si Monthèl santriningwang ||

3.
Mèsêm matur Selabranti |
ulun pan sumanggèng kasa |
ing paduka pitêdahe |
nulya nolèh maring wuntat |
Cênthini anggrana |
manêmbah ris dènnya matur |
pukulun badan kawula ||

4.
Muhung sumarah ing kapti |
sakarsa paduka amba |
amung sadarmi (n)dhêdhèrèk |
suka myarsa Sèh Mongraga |
aris dènnya ngandika |
mring ari Mangunarsèku |
kinèn nuli (n)dhaupêna ||

5.
Ko Monthèl lawan Cênthini |
sandika ing aturrira |
datan kawarna enjange |
wau ta Sèh Mangunarsa |
ngumpulkên sakèhira |
para santri jroning dhukuh |
naksèni ing dhaupira ||

6.
Ki Monthèl lawan Cênthini |
wali sabdane Mongraga |
Anggungrimang pangulune |
paragat paningkahira |
mulya sami bojana |
kêndhuri kêmbul anutug |
warata sakèhing jaman ||

7.
Sèh Mongraga ngandika ris |
mring ari Sèh Mangunarsa |
yayi ing mêngko karsèngong |
arsa singlar sing sasana |
karyakêna asrama |
sun pilih nèng Jurang Jangkung |
madyèng Pulo Palanggatan ||

Jilid 11 - Kaca : 54

8.
Kang rayi sandika nuli |
amamatah para warga |
kinèn mangun asramane |
ing raka nèng Palanggatan |
kuduran sakèh janma |
patapanira wus rampung |
tri ari anambut karya ||

9.
Asri tinaman ngubêngi |
kinalang ing tirtamaya |
kang guwa guwa apèrèng |
rinêsikan sela seta |
sumilak ngilak-ilak |
sulaking carana pingul |
anrangi wêngkaning jurang ||

10.
Wau Sèh Mongraga nuli |
lan garwa Ni Selabrangta |
tumêdhak mring ngasramane |
amanungku pudyabrata |
angikis ing sopana |
tan lama praptaning wahyu |
nugrahaning Selabrangta ||

11.
Wus nunggal kaanan jati |
lan raka Sèh Amongraga |
lènyêp saking ing jisime |
kawasa sarira sukma |
datan wadhag lir janma |
kawasa mahas ngasamun |
mupit nèng alam sopana ||

12.
Saciptanira sang kalih |
kang jurang salin kaanan |
kadya pura sri rarase |
pilih janma kang uninga |
lamun tan lin katarima |
wikan dening sang Mongluhung |
Sèh Mangunarsa wus wikan ||

13.
Kalamun raka kakalih |
wus purna kaananira |
mulya nèng pasênêdane |
kêlamun papanggihana |
nèng sêndhang Kalampeyan |
yèku pasimparanipun |
Mangunarsa Anggungrimang ||

14.
Kalamun arsa papanggih |
lan kang raka sakaliyan |
nênggih samangsa-mangsane |
ihtikat sawataranya |
sambada apapanggya |
kalawan sang Amongluhung |
tan ana sangsayanira ||

15.
Sigêg carita kang sami |
wus suka panggih lan kadang |
nênggih Sèh Mangunarsane |
Anggungrimang Rancangkaptya |
tulus dènnya ngasrama |
wontên gantiya winuwus |
kang kari ing Wanamarta ||

16.
Langkung dènnya sêdhih kingkin |
kala tinilar kang putra |
dèn-waos mangke layange |
datan ana kang sinêdya |
trêsna ing kakungira |
dadya mangke branta wuyung |
Malarsih Bayi Panurta ||

17.
Kalangkung sangêt prihatin |
sasampune maca surat |
ingkang putra lanang loro |
ingkang kinèn ngulatana |
nanging datan kapanggya |
aran Jayasmara iku |
kalawan Ki Jayèngraga ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (04) Kaca 39 - 48
  • (06) Kaca 55 - 69 >