Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434702
Hari ini     :Hari ini :102
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :168
Bulan ini   :Bulan ini :3331
s/d hari ini   :s/d hari ini :434702
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 10

Kontak Admin.

email-kidemang

 (06) Kaca 55 - 69

 

( Ki Bayi Panurta utusan Jayèngrêsmi

ngupadosi mbakyunipun )

11

II. Ki Bayi Panurta utusan Jayèngrêsmi lan Jayèngraga ngupadosi mbakyunipun. Lampahipun kadalon, sipêng ing griyanipun randha Tilarsa ingkang gadhah anak èstri kalih, dèrèng emah-emah. Kêkalihipun kapranan dhatêng tamunipun. Enjingipun Jayèngrêsmi Jayèngraga pamit, anakipun Ni randha sami gandrung mèh kados ewah. Kadhukunakên, sagêd waluya. Jayèngrêsmi Jayèngraga kapanggih tiyang sêpuh ahli sastra lan pêpetangan, angsal piwulangipun. Miturut petangan, ingkang lolos sami wilujêng.

1. Ing Wanamarta Ki Bayi Panurta sarêng maos sêratipun Nikèn sakalangkung sungkawa. Putranipun Ki Bayi, Jayèngrêsmi lan Jayèngraga kadhawuhan ngupadosi mbakyunipun. Kadang kêkalih lumampah ngambah wana wêrit. Samargi-margi Jayèngrêsmi tansah muruk adhinipun bab ngèlmu lan tatakrama. Lampahipun tumuju dhatêng ing Ngardipala padhepokanipun Sèh Malangkarsa, mitranipun Jayèngrêsmi. Kasaputing dalu sami nyipêng ing griyanipun Nyi Randha Tilarsa ing dhusun Sindurêja, gadhah anak èstri kalih ayu-ayu, Ni Sumarsa lan Ni Warsiki, sami dèrèng emah-emah. Dalunipun sami têrbangan, Ni Sumarsa kasmaran dhatêng Jayèngrêsmi, Ni Warsiki dhatêng Jayèngraga. Ing dalunipun Ni Warsiki nusul Jayèngraga ing patilêmanipun, nanging sagêd kaarih-arih. Jayèngrêsmi dalah Ni Warsiki sami supêna lintu-asmara. Enjingipun para tamu pamit nglajêngakên lampah. Ingkang tinilar wayang-wuyungan prasasat sakit ewah, kadhukunakên dhatêng Ki Rumbaka, sagêd waluya.


 

Kaca 55 - 69

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 11 - Kaca : 55

649 Asmaradana

18.
Warnanya apêkik-pêkik |
Ki Jayasmara kang tuwa |
Ki Jayèngraga kang anèm |
agêng sami warnanira |
nanging rada manthèlang |
Mularsih mangkya winuwus |
sapanglilire anendra ||

19.
Angungun dènnira ngimpi |
ingkang putra katon prapta |
kadi sabên ing polahe |
tansah kaciptèng wardaya |
tan lipur manahira |
saya wuwuh brantanipun |
pan angur aja katonna ||

20.
Anglilir lajêng anangis |
sarêng wanci bêdhug tiga |
Bayi Panurta tatakon |
apa margane karuna |
lah yayi popoyanna |
apa kang katon ing dalu |
mundur sira kaya bocah ||

21.
Marmanira sru anangis |
Ni Malarsih lon angucap |
tinuturkên supênane |
sarwi anangis alara |
wuwuse pêgat-pêgat |
putra(n)dika wau dalu |
katingal prapta alênggah ||

22.
Lan lakine sarêng prapti |
têka mêngkul padaningwang |
anèng saka pat prênahe |
alinggih wong loro jajar |
kadi kinare anyar |
pan anyandhang kampuh gadhung |
asumping jabung payudan ||

23.
Dèn-sawung lawan tri kalih |
apamêlar layang seta |
dupi sun wungu karaos |
malah gagat tabuh tiga |
maksih kaciptèng nala |
tan amemba wong aturu |
dening katingal sawêca ||

24.
Sun lipur-lipur tan mari |
kaya-kaya sumandhinge |
ing panyiptaningsun mangke |
anglêg têbah-têbah jaja |
Tambangraras prapta-a |
akathah punaginingsun |
yèn prapta-a putraningwang ||

25.
Ni Malarsih lara nangis |
Panurta awas tumingal |
dèn-pituturi rabine |
lah yayi aja karuna |
dèn-asuka ing titah |
lah apa kêna ta bau |
baya ta wus takdiring Hyang ||

26.
Akèngkènan ingsun yayi |
titiyangira wus mangkat |
ing nguni ika lampahe |
pan tumut ing bot layaran |
anakira wus prapta |
ing Nungsa Jawa dèn-ruruh |
anusup sakèh banjaran ||

27.
Ni Malarsih tan kêna ngling |
mênêng angusapi waspa |
myarsa wuwuse kakunge |
saking kabyatan ing trêsna |
mèh kèpyan ing wawarta |
dadya manahe dèn-samur |
minggah maring pagulingan ||

Jilid 11 - Kaca : 56

28.
Kêsaru Nyai Sumbaling |
amancêngah apopoyan |
tutur-tutur angatèprès |
ing malêm Saptu kawula |
asupêna agamblang |
katon Ni Cênthini rawuh |
lawan Nikèn Selabranta ||

29.
Ki Panurta anabda ris |
Ni Sumbaling lah ucapna |
impènira wahanane |
paran ta karêpe ika |
Ni Sumbaling angucap |
tan wikan kula puniku |
Ki Panurta aris mojar ||

30.
Ni mantu lakinirèki |
lah enggal sira undanga |
nora angrungu wartane |
yèn sêdhih prihatin padha |
lah dèn-pituturana |
iya iku karsaningsun |
salah tunggal dèn-turuta ||

31.
Wadon Turida agipih |
mangkat ngundang lakinira |
sapraptanirèng wismane |
lakinira ta alênggah |
nèng panti sarwi maca |
kagyat Ki Jayasmarèku |
uning yèn rabine prapta ||

32.
Sarwi dèn-awe agipih |
sira Ni wadon Turida |
nanging atambuh praptane |
gya cinandhak astanira |
sarya ingaras-aras |
têka ing ngêndi wong ayu |
mèsêm Ni wadon Turida ||

33.
Sang kakung ngaras anêpi |
dhuh gustine Jayasmara |
durung wanèh ingsun anggèr |
kakang ta lampah-kawula |
dinuta gagancangan |
andika ngaturan wau |
pun ibu tansah karuna ||

34.
Kagyat Ki Jayasmarèki |
myarsa ture rabinira |
nulya anyandhak sêbene |
wus dhêsthar agya lumampah |
tan winarna lampahnya |
sarawuhira alungguh |
Turida tansah tut-wuntat ||

35.
Sarawuhira tinari |
Jayasmara baya bisa |
mangke anarbuka impèn |
Jayasmara lon turira |
mangsa boronga tuwan |
Ki Panurta alon muwus |
sudarmanira supêna ||

36.
Kakangira katon prapti |
kadya ta kinare anyar |
pan katon gadhung kampuhe |
asumping jabung payudan |
apatah layang seta |
Ki Jayèngrêsmi tumungkul |
mênêng wêkasan angucap ||

37.
Amba umatur Kiyai |
inggih manawi sêmbada |
adhuh rama aturingong |
jala manah kang katingal |
dene kang basa aprang |
amarangi bangun wiku |
dene kampuh gadhung ika ||

38.
Pratandha yèn maksih urip |
punika pamirsaningwang |
Ni Malarsih ngrangkul age |
mring kang putra Jayasmara |
lah nyawa ulatana |
kadangira dèn-katêmu |
nuli sira lumampaha ||

Jilid 11 - Kaca : 57

39.
Arinira jakên aglis |
Jayasmara aturira |
lêhêng lumampaha dhewe |
lara pati ngong lumampah |
nora angajak-ajak |
kawus kula duk rumuhun |
angajak Ki Jayèngraga ||

40.
Kapok kawula rumiyin |
anjajah kiduling wana |
sakathahe rare brêtèh |
ing Wajak kang sun dunungnya |
nèng Kalangbrèt alama |
miwah nèng Lêmbuastèku |
nèng Wêngkêr sun durung pisan ||

41.
Malarsih amuwus aris |
adhimu gawanên uga |
lowung dadiya rewange |
wawarahana prakara |
Santri Luci mentara |
undangên ta anakingsun |
Santri Luci gya lumampah ||

42.
Sadhatênge wismanèki |
Jayèngraga nulya dandan |
akampuh jingga sakalor |
akris alandhèyan cula |
asumping anggrèk wulan |
sêdhêng remanya ambakung |
kukuning nyonyo kalêmbak ||

43.
Akuluk kaleja sigit |
lir wong nopèng tandangira |
Nikèn Raras mèsêmnya lon |
kang raka tansah dèn-wangwang |
sapraptanira wisma |
agya dènnira alungguh |
Jayasmara nulya ngucap ||

44.
Manira kinèngkèn yayi |
mring rama kinèn wangsula |
Jayèngraga lon dêlinge |
sampun age amuliha |
karya dèrèng kantênan |
Jayasmara mèsêm muwus |
inggih alêrês riningwang ||

45.
Panurta mèsêm jro ngati |
yèn putranya ujung tingal |
sarya gumuyu wong akèh |
Ni Malarsih tumut latah |
wikan sasmitanira |
apa ta rêbutan sêmu |
(ng)graita Ki Jayèngraga ||

46.
Si kakang sun-duga ngati |
baya iku awèh warta |
iya katura guyune |
sadangunira mangkana |
kasurupan Hyang Arka |
sadaya pan sami mantuk |
Jayèngraga Jayasmara ||

47.
Sawusira bubar mulih |
sapraptanira ing wisma |
Turida maras manahe |
dènnira arsa tinilar |
anangis amlasarsa |
pan angrontog-ngrontog gêlung |
Jayasmara lon angucap ||

48.
Wong ayu aywa anangis |
aja sira akaruna |
idhêpên ujarku anggèr |
ingsun arsa anglalana |
aja sira karuna |
alangna brangtanirèku |
sira sun-tinggal sadhela ||

Jilid 11 - Kaca : 58

49.
Gya lumampah wong kakalih |
tan ambêkta panakawan |
datan kawarna lampahe |
Jayèngraga Jayasmara |
(m)bêkta mangsi lan kalam |
tan winarna lampahipun |
arsa angalaya desa ||

50.
Lampahira mandhêg nolih |
randhat dening wong jajawat |
Jayasmara wacana lon |
maring ari Jayèngraga |
ywa wuruk sudi karya |
dèn-lulus padha lumaku |
dipun-wruh paranning tingal ||

51.
Dèn-kadulu kang akardi |
dèn-wruh saparanning tingal |
tan ngulati paningal wong |
kabèh pan dadi paèsan |
apan paningalira |
Pangerannira kang (n)dulu |
kang amurba amisesa ||

52.
Ingkang ingaranan Dalil |
pan iku dadining jagad |
iku uga pacihnane |
kabisane Hyang Kang Mulya |
aran madêlul ika |
kang (n)dadèkkên jagad iku |
jagad karan Dalil ngakal ||

53.
Dening Dalil kang kakiki |
sabdaning Hyang kang kasurat |
ing daluwang mangsi mangke |
de kang aran Dalil ngakal |
aran madêlul ika |
yèn amaido akupur |
iku yayi dèn-waspada ||

54.
Ya madêkul iku yayi |
sabdaning Hyang datan ana |
ing daluwang mangsi kabèh |
lawan ora bangsa swara |
kang aran bangsa swara |
lawan basa Dalil iku |
kawruh tan lawan paningal ||

55.
Sabdaning Hyang kang sajati |
ingkang nora basa swara |
dèn-eling jroning kalbune |
Jayèngraga tan angucap |
tumungkul amlasarsa |
alon dènnira umatur |
kakang manira anêdha ||

56.
Kakang kula amiyarsi |
sisane Ki Sèk Sarajak |
nênggih puniku karsane |
Dalil sajatine ika |
saliring kawisesa |
yata kang pundi puniku |
Nabi Rasul kang Mustapa ||

57.
Yèn mangkana têgêsnèki |
kêlire dèn-dalih wayang |
mapan iku kandhêg bae |
anèng basa tataktrama |
iku dèn-awasêna |
basa tatakrama iku |
minangka dhasaring gêsang ||

58.
Alon dènnira lumaris |
wong loro aduduluran |
lampahe liwat ing ngare |
nêrak pèrèng jurang-jurang |
yata Ki Jayèngraga |
samarga-marga dèn-wuruk |
ing ngèlmu lan tatakrama ||

Jilid 11 - Kaca : 59

59.
Kang lagya andon lumaris |
kalangên têpining marga |
praptangganira alorod |
asurêm pêtêng kalintang |
umèp parang apanas |
gêrah munya cala asru |
gumuruh pêksi wurahan ||

60.
Anglangut turuting margi |
hèr tambang tumibèng jurang |
toya anjog gumarènjèng |
pring pêtung adhadhapuran |
katêmpuh ing prahara |
swaranya kathah karungu |
lir angandhêg kang lalampah ||

61.
Gya mandhêg dènnya lumaris |
araryan sasoring soka |
ingauban tiyang roro |
Jayèngraga aris mojar |
kakang pundi sinêdya |
ing lampah pundi dinunung |
sampun anggung wirandhungan ||

62.
Jayasmara ngandika ris |
ana wong sanak-manira |
atatapa ing wartane |
anggung manêpi kewala |
aran Sèh Malangkarsa |
kanthinira duk karuhun |
angaji myang angumbara ||

63.
Kalintang sihingsun yayi |
marang Ki Sèh Malangkarsa |
nênggih Pacira wismane |
ing mangke taksih tatapa |
yayi manira myarsa |
mangke wartane pinunjul |
kakang suwawi pinaran ||

64.
Atêbih têka ing ngriki |
alampahan tigang dina |
ing Ngardipala dhukuhe |
Ki Jayèngraga angucap |
lah nêdha pinaranan |
nulya lumampah mangidul |
anjog mêdal ing pagagan ||

65.
Sumêngka lampahirèki |
gya sirêp kang diwangkara |
anjujug panginêpane |
awasta ing Sindurêja |
wismane langkung endah |
asri tatanduranipun |
andong bang lan sumayana ||

66.
Dinulu asri arêsik |
kayu mas lawan kasimba |
parijathanira jèjèr |
ing tirahnya pacar tirta |
Ki Jayasmara ngucap |
baya wibawa kalangkung |
de dhukuhe langkung pelag ||

67.
Gya laju dènnya lumaris |
araryan ing padhukuhan |
wong roro lungguh ajèjèr |
sarwi alèndhèyan saka |
èsmuning wong kangèlan |
kang ngamanca randha ayu |
awasta Randha Tilarsa ||

68.
Anyar tinilar ing laki |
sira Ni Randha Tilarsa |
langkung ing palimarmane |
randha nom sugih kalintang |
kakalih anakira |
sami èstri ayu-ayu |
sêdhêng wus sami diwasa ||

69.
Kang anom wasta Warsiki |
ingkang sêpuh Ni Sumarsa |
sami ayune kinaot |
wontên malih wong atuwa |
awasta Ni Pucangan |
angore rema gya mêtu |
lampahe sarwi pinjungan ||

Jilid 11 - Kaca : 60

70.
Sarêng dumugi ing jawi |
Ni Pucangan asru (n)jola |
uninga tamu kinaot |
gya wangsul gumuyu latah |
sarwi agita-gita |
yèn wontên têtamu rawuh |
kakalih ayu utama ||

71.
Ni Randha Tilarsa gipih |
angungak tamu kang prapta |
dangu ngintip-intip bae |
nyandhak wastra nèng sampiran |
sarwi nyangking pawohan |
manggihi kang lagya rawuh |
Jayèngrêsmi lan arinya ||

72.
Randha Tilarsa nabda ris |
gumèndhèng rênyah swaranya |
rumakêt anak basane |
anak pundi wismanira |
lan punapa sinêdya |
dingarèn sira nak bagus |
dhumatêng ing dhukuh-ingwang ||

73.
Jayèngrêsmi muwus aris |
bibi ingkang kula sêdya |
atêbih watawis-ingong |
wasta dhêkah Ngardipala |
dene wisma-kawula |
padesa Wanarmartèku |
wong papa kawêlasarsa ||

74.
Ni Randha mandêng ing liring |
èsmu kagiwang ing nala |
wong iki abagus karo |
angling alon Ni Tilarsa |
anak kang wontên wuntat |
sintên wastane puniku |
Ki Jayasmara angucap ||

75.
Sadulur-kula puniki |
nênggih rewang kawlasarsa |
Ni Randha angrês manahe |
anguwuh rare nèng (n)jaba |
iki ana dhatêngan |
sira susuguha gupuh |
saduwèke wong ngarandha ||

76.
Anakira pan kakalih |
èstri dèn undang mring ngarsa |
(m)bok rara mreneya age |
ingsun iki katamuwan |
kabèh sun aku anak |
kabèhe wus padha adus |
sungana borèh lan lisah ||

77.
Yata Ni wadon Warsiki |
lan kang raka Ni Sumarsa |
alêsu merang ing tyase |
de kinèn amanggihana |
gya dandan Ni Sumarsa |
lan Ni Warsiki rinipun |
mring (n)jawi angambil sêkar ||

78.
Asinjang seta mantêsi |
kasêmêkanira limar |
awida jênar kalihe |
sêngkang bapang tuhu pêlag |
sumping jabung payudan |
apapaès tuhu luhung |
anglir puputrèn ing wayang ||

79.
Ni Warsiki animbangi |
limar pathi sinjangira |
dèn-papantês tênagane |
kasêmêkan lubèng endah |
asumping aggrèk-wulan |
wus papaès kalihipun |
sami acanggèh ing priya ||

Jilid 11 - Kaca : 61

80.
Nulya mêdal anèng (n)jawi |
kakangira anèng ngarsa |
lir citra lampahira lon |
Jayèngraga mangkya mulat |
pyuh lupa sariranya |
Ni Sumarsa sigra lungguh |
tumungkul lan ari jajar ||

81.
Ni Randha amuwus aris |
marang tamu Jayèngraga |
punika arinira (ng)gèr |
lintang dening jugulira |
iya aran wong desa |
nanging kèh kang nglamar iku |
sawiji tan na tinampan ||

82.
Sapa baya kang dèn-anti |
dhasar wus padha diwasa |
tan wrin karsanipun anggèr |
alon mèsêm Jayèngraga |
sêdhêng yèn akrama-a |
yèn èstri sêkar pamèku |
yèn kasèp lir ronning kamal ||

650 Sinom

1.
Kasusu surup Hyang Arka |
wau dènnira martami |
gya cumawis kang dhadharan |
rampadan atutup saji |
sadaya wus sumaji |
Ni Randha alon amuwus |
lah padha dhadharana |
anakingsun karo sami |
lah dharane yèku suguhe wong randha ||

2.
Ni Warsiki Ni Sumarsa |
wong kalih anglaladèni |
nèng ngarsa sami asila |
Warsiki anata sami |
pawohanira asri |
cahyanya sami aluru |
kasorotan ing pandam |
wadana anawang sasi |
sarwi ngrêmbug pupure alêlamatan ||

3.
Ki Jayasmara punika |
tansah amandêng ing liring |
tansah amaca Takipar |
tan angsal pamangannèki |
yata Rara Warsiki |
akampuh jingga-mangsèku |
asêngkang natabrata |
sarta patra sumpingnèki |
Ni Warsiki tuhu yèn sampun apêlag ||

4.
Warsiki lan Jayèngraga |
gênti mandêng gênti nolih |
dene ta Ki Jayasmara |
nrima pinandêng liring |
Jayèngraga udani |
yèn pinandêng kakangipun |
sêlor ulate biyas |
tumungkul tan bisa nolih |
Jayèngraga sêmune rêmên kalintang ||

5.
Ni Sumarsa wus uninga |
yèn arine Ni Warsiki |
kènyut mring Ki Jayèngraga |
lumêbêt ing wisma aglis |
yata wadon Warsiki |
api lara nibèng kasur |
angucap Ni Sumarsa |
lara apa ta sirèki |
ingsun duga laramu lara kasmaran ||

Jilid 11 - Kaca : 62

6.
Wus wisan dènnira dhahar |
ambêng wus linorod sami |
Ni Randha aris angucap |
kabèh anakingsun sami |
wartanana wak-mami |
(ng)gonnira andon anglangut |
ingsun pituturana |
sumaur Ki Jayèngrêsmi |
sampun lama (ng)gèn-kawula anglalana ||

7.
Ngulati sanak-kawula |
warnane ayu linuwih |
ical saking pagulingan |
lungane kala ing wêngi |
kang bibi tan udani |
wong sawiji rowangipun |
sampun kawula parah |
kèh nagari tan pinanggih |
miwah dhusun-dhusun tan ana kampiran ||

8.
Gêtun awlasnya Ni Randha |
myarsa tutur mangkonèki |
lah ta padha sareyana |
sakêdhap tangiya malih |
sarwi nêrbanga aglis |
arêmên ingsun andulu |
duk urip ramanira |
arêmên nêrbang kêpati |
lah ta Rara Sumarsa amèta têrbang ||

9.
Mentar Ni Rara Sumarsa |
angambil tarêbang sami |
sira Ni wadon Sumarsa |
lan arine si Warsiki |
sampunnira angambil |
sapraptane ngarsanipun |
sira Ki Jayèngraga |
anjawil ing rakanèki |
lah suwawi kakang sami anarêbang ||

10.
Suwawi kula anêrbang |
andika ingkang nyingiri |
lamun jêngandika nêrbang |
kula cêluk-cêluk ugi |
punapa patutnèki |
Ni Randha asru gumuyu |
alon dènnira ngucap |
lah suwawi kang abêcik |
Ni Sumarsa Warsiki umanggung tingal ||

11.
Randha Tilarsa angucap |
adhinira iku dhingin |
yèn ramanira anrêbang |
karone tansah sumandhing |
kala kina rumiyin |
ingsun adarbe tatamu |
santri bagus utama |
arêbut wicara ngèlmi |
Jayasmara angucap apa rinêbat ||

12.
Ni Tilarsa lon angucap |
tinutur karsanirèki |
lah nyawa ta lêrêsana |
wajib tiga dan-rasani |
wajibing Allah ugi |
lan Rasullolah puniku |
wajibing mukmin ika |
kalawan mokale singgih |
ing Pangeran lan wênange iku pisan ||

13.
Pangucape ramanira |
wajibing Hyang Sukma luwih |
langgêng anane tan owah |
Dat Sipat têtêp tan gingsir |
Allah Tangala wajib |
mokale rusak lan lampus |
padha lan nak-anakan |
apan mokale Hyang Widdhi |
de Pangeran wênange purba wasesa ||

Jilid 11 - Kaca : 63

14.
Ki Jayasmara angucap |
punika punapa yêkti |
angling malih Ni Tilarsa |
punika pan wontên malih |
Ki Santri jawabnèki |
pan mêkatên jawabipun |
lah bapa wajibing Hyang |
andakèkkên jagadnèki |
mokal wurung lêstari dadeyan jagad ||

15.
Sumaur Ki Jayasmara |
bibi yèn makatên nênggih |
yèn aran wênang punika |
winastanan iku wajib |
idhêpe tanpa kardi |
miyarsa datanpa tutur |
dadya idhêpe salah |
Jayèngraga nambung aris |
inggih kakang kathah rêke wong mangkana ||

16.
Dèn-ran jimmi pangawikan |
karana kathah kang sisip |
kawruhe ataha-taha |
pan ora kalawan Dalil |
puniku luput ugi |
ing panyipta-ciptanipun |
wong mindha amrih siswa |
ing jaman mangke tan dadi |
pan ginuyu rêke kang para ngulama ||

17.
Ni Tilarsa mangkya ngucap |
pun bibi (n)dika-wuruki |
aywa amiyarsakêna |
ing ngèlmunira kang singgih |
dhingin pun bibi myarsi |
pan makotên asalipun |
nênggih mokal punika |
wênange tan kadipundi |
lah punika bapa ing Rasul ucapna ||

18.
Lah wajibing mukmin ika |
mokale lan wênangnèki |
angling alon Jayèngraga |
wajibing Rasul anênggih |
martakkên warta jati |
mokal linyoke puniku |
kang ingaran utusan |
lan kêna ing was-was ugi |
ing wênange urip wênang mati wênang ||

19.
Wajibing mukmin punika |
angèstokkên warta dutèki |
têka ing lair batinnya |
parlu jênênge puniki |
lampahnya dèn-nastiti |
aja salah ing pangawruh |
dene mukmin punika |
mokale yèn amurbèki |
ing wênange wênang rusak wênang pêjah ||

20.
Ni Tilarsa malih ngucap |
ing kina tamuwan èstri |
awasta Ni (m)bok Rubiyah |
mangkene pangucapnèki |
lamun ana wong angling |
atatanya ing sirèku |
apa ta sira Islam |
paran aturipun ugi |
umatura Insa Allah iku Sêlam ||

21.
Ki Jayasmara angucap |
pamirsa kawula bibi |
ingkang ingaranan Islam |
ujar uniku asisip |
panggawe tan lêstari |
lir wong asêmayan iku |
iku pralambinira |
kukum sulam nora dadi |
sayêktine kukume dinèkèk tampah ||

Jilid 11 - Kaca : 64

22.
Sayêkti kalampahana |
yèn narima ningkah bibi |
kewan binêlèh pamanya |
ing tindak anut pakarti |
tan wênang êsak-sêrik |
(ng)gih puniku bênêripun |
ngucapa salah Sêlam |
yêkti kukum dèn-lampahi |
(ng)gih puniku dadose tan wênang êsak ||

23.
Kang salah iku ing ngarsa |
ing wuri Sêlame ugi |
tan wikan amusthi polah |
Ni Randha amuwus aris |
galap gampil nak-mami |
yèn wontêna lêpatipun |
dahat kapiutangan |
marang anakingsun kalih |
Jayasmara sinung bantal kinèn nendra ||

24.
Yata Ni Warsiki ika |
dangu datan antuk guling |
ingkang kacipta ing nala |
amung ta Ki Jayèngragi |
katon sasolahnèki |
datan kêna sinalamur |
tansah wayang-wuyungan |
sira Ni Rara Warsiki |
yèn tan panggih bayèngsun angur matiya ||

25.
Sirêping wong padha nendra |
Jayèngraga pinarpêki |
têka linggih sandhingira |
sarta awacana aris |
Jayèngraga wong sigid |
usadanana katèngsun |
sasat nguripi pêjah |
andika dèn-tulusasih |
asru kagèt Jayèngraga pinarpêkan ||

26.
Angucap ing jro nalanya |
lah dalah ana bilai |
iki ta ana rêncana |
mingsêr-mingsêr ênggonèki |
kaya paran sun iki |
mendah yèn kakang awêruh |
kaya pa polahingwang |
mandah dukane mring mami |
puluh-puluh lah ta ingsun kapakêna ||

27.
Ki Jayèngraga angucap |
lah muliha mirah-mami |
tanpa ngrasa sira mirah |
anèng kene apa kardi |
Ni Warsiki nyêkêli |
asta gya dènnya tumurun |
yata Ki Jayèngraga nurut |
nurut mring wadon Warsiki |
lampahira tansah akêkanthèn asta ||

28.
Sapraptanira ing wisma |
sira Ni wadon Warsiki |
rinangkul ingaras-aras |
sapraptaning tilam-sari |
sarwi dèn-arih-arih |
lah sareya mirahingsun |
sawusira anendra |
sira Ni wadon Warsiki |
gya ingapit guguling tinilar kesah ||

29.
Mangkana Ki Jayasmara |
kang kacipta jroning galih |
sira Ni wadon Sumarsa |
tansah supêna apanggih |
angimpi pulangrêsmi |
sakalangkung apulang hyun |
Jayasmara kacaryan |
panggihe jro supênèki |
ngucap ing tyas impèn apa kang mangkana ||

Jilid 11 - Kaca : 65

30.
Ni Sumarsa pan mangkana |
supênane duk ing ratri |
katingal apulang-raras |
kalawan Ki Jayèngrêsmi |
datan mantra yèn ngimpi |
kapanggih apulang-lulut |
sanglilire anendra |
(n)jênggèlèk anulya linggih |
dangu dènnya angangên-angên supêna ||

31.
Ki Jayasmara punika |
sanglilirira gya linggih |
angucap sajroning nala |
sun kêna cobaning Widdhi |
angrasa yèn bilai |
anutuh saliranipun |
anggung maca Istipar |
ananêdha Sukmajati |
lah ta Tuwan amba anêdha ngapura ||

32.
Wayahira mèh raina |
Jayasmara Jayèngragi |
ngambil toya arsa salat |
a-Subuh tiyang kêkalih |
munggah padha ngastuti |
wus bakda samya tumurun |
karsane Jayasmara |
wus bakda arsa apamit |
Nini Randha sakalangkung datan suka ||

33.
Sang Hyang Diwangkara mêdal |
sumilak asirat kuning |
nulya pamit Jayèngraga |
bibi wus kawula pamit |
arsa nutugkên kapti |
dhatêng ing Rêdipalèku |
Ni Tilarsa angucap |
sampun jêngandika mulih |
kang sun-têdha wisma-a ing kene pisan ||

34.
Malar sira Jayasmara |
sudiya mring anak-mami |
karo padha pilihana |
dhudhukuha anèng ngriki |
tan mangan sun-labuhi |
mugi sudiya nakingsun |
salah tunggal kewala |
Ni Sumarsa lan Warsiki |
nanging cacadipun wong desa tur papa ||

35.
Ki Jayasmara lon ngucap |
kula benjing mampir malih |
yèn wus têkèng Ngardipala |
punika yèn kontung ugi |
prandene datan lami |
Ni Tilarsa wuwusipun |
anggèr mung wêkasingwang |
poma sampun lami-lami |
wus amanjing trêsnaningsun marang sira ||

36.
Ni Tilarsa nulya (ng)gugah |
mring Ni wadon Suwarsiki |
lah wungu-a anakingwang |
dingarèn nora anglilir |
lah kakangira nini |
arsa nutugakên laku |
dhatêng ing Ngardipala |
sira sangonana nini |
nulya mêndhêt usap tangan nèng sampiran ||

37.
Saptangan wilis kinarya |
wadhah jambe suruh gambir |
lawan tasbèhira marjan |
lawan romalipun wilis |
lan dhêstharira putih |
Ni Tilarsa wacana rum |
Sumarsa kakangira |
sangonana lisah mandi |
urab-santun lawan lisah jajêbadan ||

Jilid 11 - Kaca : 66

38.
Ki Jayèngraga angucap |
marang Ni wadon Warsiki |
lah nini sira kariya |
awirya-a anèng ngriki |
sira lakiya nini |
akrama-a ingkang bagus |
ingsun arsa akesah |
dhatêng Ardipala yayi |
Ni Warsiki wingite asmu karuna ||

39.
Wus amit Ki Jayasmara |
lan arinira tut-wuri |
dhatêng dhukuh Ardipala |
alon lampahe lumaris |
yata wau kang kari |
Sumarsa lan arinipun |
mapan sami karuna |
kesahe tamune kalih |
Jayasmara Jayèngraga gawe branta ||

40.
Miwah Ni Randha Tilarsa |
sakarine kontrang-kantring |
samya lali ing pakaryan |
pijêr ngungun samya branti |
Nyai Randha trêsnèki |
lah ta baya anakingsun |
mangsa wandeya cêla |
wus bêgjane anak-mami |
wus pupusên nakingsun aja andhandhang ||

651 Dhandhanggula

1.
Wontên sanake lanang sawiji |
karsanira mangke winartanan |
dhukun Rumbaka wastane |
baya durung angrungu |
ariningsun nênggih anêpi |
anake kang awarta |
yèn lunga mêdhukun |
Ni Sakêti kang awarta |
Ki Wahuda pan lagi agring kêpati |
mangke nênggih wus waras ||

2.
Ki Rumbaka ika lagi prapti |
kaparêng kakange ika prapta |
dèn-udhuni age-age |
dèn-papag samya lungguh |
Kang Tilarsa punapa kardi |
amamarasi manah |
mara gupuh-gupuh |
sumaur Nikèn Tilarsa |
dipun tutur polahe sarwi anangis |
maring dhukun Rumbaka ||

3.
Ki Rumbaka ariningsun kaki |
anakira iya si Sumarsa |
sungana tutulak mangke |
kalih lan arinipun |
anakira sadina wêngi |
ragane kênèng guna |
kalih padha wuyung |
manira wingi tamuwan |
wong amoyang awasta Ki Jayèngragi |
lawan Ki Jayasmara ||

Jilid 11 - Kaca : 67

4.
Ki Rumbaka ngucap èsmu runtik |
Ni Tilarsa apa raganira |
dènnira angrêksa rare |
saking panyananingsun |
Ni Warsiki sampun apanggih |
lawan ta tamunira |
Jayèngraga iku |
angucap Randha Tilarsa |
nora nyana manira sawiji-wiji |
mèsêm Nikèn Usaha ||

5.
Anging ta yayi Ki Jayèngrêsmi |
lintangipun yayi apracaya |
yèn sun-dulu ing laire |
wikan sanyatanipun |
yèn sun-dulu Ki Jayèngrêsmi |
dudu wong sowoara |
ragane wong luhung |
mèsêm Ki dhukun Rumbaka |
sampun ungkul kabisan dadya ling-aling |
dènnya mrih pakandêlan ||

6.
Mapan wontên salokaning singgih |
kadi sang Baka tapa ing rawa |
busana dadya lingane |
akèh pandhita muhung |
abisane ginawe mandi |
dènnya amrih kandêla |
poma aywa tungkul |
walêr saking kang mangkana |
Ni Tilarsa pangucape èsmu tangis |
apa ta yèn mangkana ||

7.
Wikan siya iki Jayèngragi |
rare anom rada amalènthang |
katarèng ulat basane |
satingkahe asêmu |
anakira wadon Warsiki |
rewange adol tingal |
Ki Rumbaka muwus |
tan linyok ujar-manira |
Ni Warsiki sêmune angatarani |
rada wani wong lanang ||

8.
Ki Rumbaka anake pawèstri |
wastanipun Sukèli punika |
wus ana papacangane |
nanging tan pêgat wurung |
Ki Rumbaka èsmu wawadi |
karane dèn-lalawas |
amrih wurungipun |
anging angulati marga |
Ki Tanurat sêmune tan dèn-karsani |
karane dèn-lalawas ||

9.
Ki Rumbaka rabine dèn sèngi |
Ni Usada miyanga nganglawat |
lawan Ni Sukèli mangke |
lah miyanga karuhun |
anakingsun babo Sukèli |
lawadên kakangira |
Ni Sumarsa angluh |
nênggih kaya kêna guna |
kakangira karo padha lara kingkin |
padha lunga anglawat ||

10.
Sapraptanira mangke ing jawi |
Ni Sukèli aris dènnya tanya |
uwa apa wiwitane |
kakang Sumarsa wuyung |
marmanipun atêmah agring |
lah uwa popoyana |
Ni Tilarsa muwus |
ingsun wingi kadhayohan |
wong amoyang awasta Ki Jayèngrêsmi |
lawan Ki Jayèngragi ||

Jilid 11 - Kaca : 68

11.
Ni Sukèli anukma ing galih |
duduwa wingi kang liwat ika |
kang akèh sêmang wirage |
sadalu uni ketung |
sapolah sawêngi kèpi |
kang liwat wingi ika |
sun-singgih andarung |
wruha yèn mampir ing kana |
sun-anginêp sawêngi anglêladèni |
dimèn lênglêng katiga ||

12.
Ni Sukèli anukma ing ati |
nora mantra lan wong liwat ika |
dèn-tandhing papacangane |
karana sun-prih wurung |
Ni Sukèli sêmu wiyadi |
ingsun yèn pinêksa-a |
dening ramaningsun |
malaur ingsun matiya |
nora laki angur ingsun angêmasi |
angur rara bêraha ||

13.
Sampun prapta Ki Rumbaka linggih |
Ni Sumarsa ika tiningalan |
mèh suwung ilang sênênne |
supênane ginugu |
awasana atêmah agring |
rarasing jro supêna |
Ni Warsiki iku |
polahe Ki Jayèngraga |
kang dèn-gugu ing tilam kantu kêpati |
marmane dadi edan ||

14.
Saya anglês larane kêpati |
Ni Warsiki lawan Ni Sumarsa |
mèh lali toh jiwanggane |
Ni Tilarsa andulu |
ing anake anjrit kapati |
dhuh nyawa anakingwang |
ramanira rawuh |
lah nyawa sasêgahana |
Ni Warsiki tangise anjrit kapati |
dhuh kakang-ingsun prapta ||

15.
Tatanggane tiga sami prapti |
lanang wadon samya anglalawat |
kang tangis umyang arame |
muwus malês anawus |
lah ta parendene nglih iki |
andina nora sanja |
ingsun ora ngrungu |
angucap randha Tilarsa |
lara mangke anakingwang lagi wingi |
pangaluhe alara ||

16.
Sampun kondhang Ki Dhukun puniki |
sigra dènnira masang tutulak |
gupuh dènnya muluk jambe |
padianane sasêntul |
dipun-puluk nora na kari |
têkan suruhe pisan |
warata sêgulung |
ilat malêpuh sawaja |
kalêtêngên angowèh niba ing siti |
dèn-kêraha camêra ||

17.
Ki Rumbaka rabine dèn-sèngi |
Ni Usada lah yayi muliha |
lumakuwa dipun-age |
ambilên ladingingsun |
Ki Wahuda asung wajani |
Panurat waja ika |
anèng Karangulu |
kang ingutus nulya mentar |
nulya prapta Panurat dipun-tanggapi |
dening dhukun Rumbaka ||

Jilid 11 - Kaca : 69

18.
Nulya ngambi pawohaning wanci |
jambe anom wus tinulis rajah |
lawan suruh têmu-rose |
Ki dhukun karsanipun |
Ki Rumbaka angèsthi puji |
-ning Kala-gila munggah |
ing suruh puniku |
saranane Ni Sumarsa |
wus sinêmbur kang agring kalih wus nglilir |
maksih ngêmu asmara ||

652 Asmaradana

1.        

Warnanên Ki Jayèngrêsmi |
lêpas dènnira lumampah |
wong roro lawan arine |
samarga apagunêman |
atakèn-tinakènan |
sasolahira ing dalu |
pan sira wus kinawruhan ||

2.        

Kaya wanèh amangsiti |
ingsun maring polahira |
Ki Jayèngraga ature |
adhuh kakang apan nyata |
anging sun-kapakêna |
tan mariya sampun antuk |
bilih warising sarira ||

3.        

Wite kakang ingsun ajrih |
lênggana awarta tuwan |
tan saking ingsun mulane |
ingsun kakang pinidosa |
angling Ki Jayasmara |
adhuh yayi ariningsun |
bisa karya pasêmbitan ||

4.        

Ewuh kawruh iku yayi |
lamun kirang ing pangrêksa |
kang angrusak lampah rêke |
luputa dènnira tampa |
rusak kang tatakrama |
atêmah cumulu-duru |
kakang manira anêdha ||

5.        

Eling-eling aywa lali |
ing wangsit yayi punika |
pan tan ana wipalane |
akèh uga wong tan arsa |
ing lampah aywa lena |
dipun nastiti ing laku |
aywa lumaku dursila ||

6.        

Kang rayi dipun amanis |
dèn amurah tanganira |
dipun-arum pangucape |
dèn-asuci ing tyasira |
ulat lan sênêngira |
sampun kundur dening ayu |
sampun karakêt ing dunya ||

7.        

Ing atinira ta yayi |
sampun pêgat pujinira |
dèn-asru widi Hyang Manon |
aywa angambah larangan |
-ing Hyang iku tan wênang |
wontên ta salokanipun |
nênggih saking kapujanggan ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (05) Kaca 49 - 54
  • (07) Kaca 70 - 76 >