Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434702
Hari ini     :Hari ini :102
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :168
Bulan ini   :Bulan ini :3331
s/d hari ini   :s/d hari ini :434702
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 13

Kontak Admin.

email-kidemang

 (11) Kaca 112 - 125

 

( Ki Arundaya sakalihan dumugi ing rêdi Bustam )

11

2. Ki Arundaya sakalihan dumugi ing rêdi Bustam, kapanggih mitra lami Ki Arsèngbudi dalah semahipun Nikèn Wiyadi. Ki Arsèngbudi nyuwun sêsêrêpan bab tokid lan iman sarta dalil lan hidayat. Ki Arundaya ngandikakakên wigatosing lampah badhe dhatêng Wanataka, enjingipun nglajêngakên lampah, kadhèrèkakên santri sakawan ingkang pitêdah margi.


 

Kaca 112 – 125

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 11 - Kaca : 112

661 Sinom

67.
Sadaya wus gantya-gantya |
salam marang Malarêsmi |
wus jinurung pamitira |
(n)dan mangkat saking ing masjid |
tumurun ing dhidhikil |
maksih rêpêt saput lêbu |
anut marga kang kambah |
lêstari dènnya lumaris |
wus kapungkur padhukuhan Ardimuncar ||

662 Pangkur

1.
Lampahe Kae Rundaya |
lan kang garwa wau Ni Malarêsmi |
Hyang Aruna nrang sawêgung |
anipat sèsiningrat |
pêdhut ngamnpak-ampak kang ngrêm ing dêlanggung |
rumput kabunan kasrampat |
angêbêsi ing pada tis ||

2.
Lamun sinrang ing suryènjang |
nipis ngisis kapanasan agusis |
kari kang ngrêmêng ing bayu |
têlas kang anèng lêsta |
kawistara (n)dêlarèh anèng dêlaggung |
kathah simpanging têrusan |
ra-ara rata lir rujit ||

3.
Bubulak wus kalintangan |
nampak wana tarataban paminggir |
salong ginaga jinagung |
têbok lêt pagrumbulan |
kitri wana pring pucung sarangan sêntul |
jambu kaluthuk ngayangan |
dhuwêt bêndha gowok wuni ||

4.
Sri swaraning pêksi munya |
atêtêba bèthèt gulathik êmprit |
kapodhang munya acilung |
sauran lan prit cowang |
miwah rangkok kulilingan sunggi lêsung |
cangak êngkak bango buthak |
bidho ulung lan barênggi ||

5.
Darès jakatuwa banghak |
kulilingan kalangan nèng wiyati |
kapyarsa swara anganyut |
lir tangising alara |
dêruk putêr pêrkutut manggung cumlêngkung |
pêksi gonggong asèsèngan |
tidharsa lawan kudhasih ||

6.
Kudhawa cowak kuthilang |
sêsêpahan angisêp wadu sari |
siyung jalak platuk êngkuk |
pênthèt kèkèk sikaton |
andon mangsa nacar wohing kêrsula gung |
myang gurda bangsa mandira |
tinubing pêksi mèt bukti ||

Jilid 11 - Kaca : 113

7.
Miwah kewan buron wana |
mong andaka rambon lêmbu jajawi |
myang kidang mênjangan kênthus |
kancil landhak andhapan |
wurangutan bêdhès uwa-uwa lutung |
anuntung napak madal pang |
angranês pradapaning pring ||

8.
Wingwrin anon mangsa-mangsa |
swra wre mrês lir udan sinêmèni |
katanggul ing kol kawangsul |
sasaran mèt tungtungan |
ana lutung sawiji cênguke julung |
singsal tiba sing pènèkan |
bapa biyunge nututi ||

9.
Yun ngambil cênguk kang tiba |
têlu-pisan kararohan nèng siti |
ginendholan para lutung |
tan awèh angrêbuta |
mring anake têlu kang tiba kajulung |
yèn janma-a samya ngucap |
mring sanake mituturi ||

10.
Lah wus aja dera alap |
pupusên wus pêsthine asisiwi |
yèn wus julunge pinulung |
ing mong mangsa bakala |
tur tan kêna yèn kaparêng tombok umur |
kuwatir nèng pangudhunan |
wadalêna ing Hyang Widdhi ||

11.
Ywa nuruti ati hawa |
nora bêcik sasat sira maoni |
karsaning Hyang kang wus bêstu |
bageyaning ngatitah |
nora kêna ing pikir kumudu-mudu |
slamêt-slamête kangèlan |
kang rinêbut nora kêni ||

12.
Wau kang mahawèng marga |
Rundaya lan garwa Malarêsmi |
anon lutung kang pinêngkul |
maring ing lutung kathah |
Arundaya Malarêsmi tyas kumênyut |
kaya na karasèng driya |
lèjêming lutung mranani ||

13.
Yata lêpas lampahira |
wanci surya bêntar nêngah manasi |
tatêbakaning wana gung |
bangkan ra-ara wiyar |
rurumbut kang ra-ara gêlagah rayung |
galonggong prumpung cawuran |
lamuran têmbagan grinting ||

14.
Sumuk tampêking baskara |
datan ana wrêksa ingkang ngaubi |
têbah paonjotanipun |
ron kalamênta tiksna |
mêlarpada rujit pagêlanganipun |
karêncêm bunging lang-alang |
karikuhan dènnya laris ||

15.
Laju malbèng wanawasa |
paluduran pèpèrèng lêmah miring |
pringganing jurang aparung |
pring ori agêrotan |
pring kang wungwang kapwanan swara nguruwung |
siyaking camara sinrang |
lir pendah janma (n)jrit-anjrit ||

Jilid 11 - Kaca : 114

16.
Wanci pidak tri gumiwang |
Arundaya anon toya ambêlik |
kalangkung tyasira sokur |
samya raryan sor wrêksa |
anèng pangoyodan tambining trênggulun |
asêsêndhon kamarutan |
kasilir angganya aring ||

17.
Kasayahan ing alampah |
Arundaya lan garwa Malarêsmi |
angum ing we samya adus |
wus dènnya awak-awak |
ngambil toya wulu dènnya arêp wêktu |
mimilih (ng)gyan kang asimpar |
adan samya angabêkti ||

18.
Utama dènnira salat |
bakda Luhur purna sakèhing puji |
myang dhikir pandonganipun |
pikantuk dènnya raryan |
pan ajênêk ngasokkèn sariranipun |
samya ngantuk alayapan |
sasangat anulya tangi ||

19.
Ki Rundaya ris ngandika |
lah wus payo yayi mangkat tumuli |
sêlot-sêlote lumaku |
daya-daya tutuga |
kuwatir yèn kawêngèn anèng wana gung |
kang garwa datan lênggana |
(n)dan umangkat sing (ng)gwannèki ||

20.
Rasa-rasa tumindaka |
saking maksih apor sukunirèki |
yata laju lampahipun |
nusup angayam-ayam |
datan ketang ing lampah durgamèng laku |
wus lêpas dènnya lumampah |
tatas pagrênging wanadri ||

21.
Napak wana tarataban |
tutugaran tutunon banakaki |
talêr (n)jog ingkang arga gung |
papagan janma lampah |
kadhang janma dhadhampalan ing wana gung |
Ki Rundaya ris tatanya |
ki sanak ngong tanya pundi ||

22.
Prênahipun ardi Bustam |
punapinggih puniku maksih têbih |
paran wus parêk ing ngayun |
kang tinanya saurnya |
inggih kilèn puniku lêt bana grumbul |
(n)dika puniku ki sanak |
ragi kaplantrang ing margi ||

23.
Dene margine mring Bustam |
katujune pan dèrèng kongsi têbih |
puniku margi mring Pulung |
miwah mring Ngardisalah |
(n)dika wangsul malih ngalèr nimpangipun |
ing wau watu manthilas |
tutunon talêr marga lit ||

Jilid 11 - Kaca : 115

24.
Ki Rundaya lon lingira |
(ng)gih ki sanak sangêt panrimamami |
nulya lampahira wangsul |
(n)dulur samya lumampah |
sapratêlon onjotan dènnya kapaung |
Rundaya tansah tinanyan |
mring janma truntungan margi ||

25.
De lumampah tanpa rowang |
jêngandika kyai sadhèrèk pundi |
dene takèn Bustam dhukuh |
dhikil têngahing wana |
lah punapa mambêting sanak sadulur |
mring Kae Sèh Arsèngnala |
Rundaya nauri aris ||

26.
Alêrês panarka (n)dika |
ênggèh pawong sanak-manira lami |
tan têmu marma yun pangguh |
anulya sisimpangan |
ngling lah sampun andum lumaris dêlanggung |
kularsa mring Nganjuk desa |
Rundaya nauri inggih ||

27.
Wus sami asisimpangan |
Rundaya mituhu tudinging margi |
prapta dalan kang tinuduh |
nut marga pêlagaran |
têtêgoran wrêksa angalang dêlanggung |
garwa tan bisa lumangkang |
kang raka anarik ririh ||

28.
Mungguh tumurun ing jurang |
Ki Rundaya tansah nuntun ing rabi |
wlas-asihira kalangkung |
mring garwa kasêrakat |
anon toya sakêdhap ararywan wêktu |
bakda dènnya salat Ngasar |
nulya lon-lonan lumaris ||

29.
Tatas pangrêngganing wana |
têrataban pagrumbulan awêrit |
lang-alang gêlagah rayung |
rumbut wus kalintangan |
pamênggêraning Bustam sampun kadulu |
asri patalunanira |
têgal pagagan palêstrin ||

30.
Wiyar pasabinanira |
kang tadhahan kang gadhu loh jinawi |
lêga tyasira andulu |
parêk kang pinaranan |
rame swaraning wong (ng)gugusah nèng gubug |
anggonjèng salwiring sawah |
sami anggêtaki pêksi ||

31.
Sami kêndhangan gambangan |
karak balung tatulak lawan katir |
swaraning pêksi gumuruh |
gulathik prit anjala |
atêtêban ginusahan ngalor ngidul |
cangak munya karêngakan |
lir (ng)guguyu êmprit pêking ||

32.
Mangkana ingkang lumampah |
turut sawi padhadhahaning têgil |
tangkêp patanêmanipun |
pala-pêndhêm kasimpar |
miwah jajanganan ngêmohi atulus |
kacang rumawe lanjaran |
kara kacipir andadi ||

Jilid 11 - Kaca : 116

33.
Lombok terong jagung ngantang |
samya kumantènan ngêtan ngèsêli |
sumêrit kang krai timun |
wuku watang ngalasah |
taru turi tumruna sêkarira byur |
Malarêsmi suka mulat |
kacang rumawe ing margi ||

34.
Kadya pinêthik-pêthika |
saking dening sangêt dènnya kapengin |
sami acipta ing kalbu |
jagung mangkana ika |
mendah yèn dèn-mênirjangan lêginipun |
kêmbang turi dèn-asêma |
mendah sêgêre ngluwihi ||

35.
Lalap kacang gleyar anyar |
enak lawan sambêl lothèk kêmiri |
alon dènnira lumaku |
nolih-nolih tanêman |
wanci surya anglarah tirahing gunung |
ana sabate satunggal |
Santri Dhawuk lagya dhangir ||

36.
Anèng têgal palèstrènan |
Ki Rundaya têtanya mring kang dhangir |
manira tanya mring bagus |
pundi dhukuh ing Bustam |
Arsèngbudi pundi padalêmanipun |
nauri inggih punika |
dhukuh sanginggiling dhingkil ||

37.
Yèn makatên Kae sanak |
kula nêdha damêl (n)dika sakêdhik |
yèn parêng andika tulung |
aturna Arsèngnala |
santri Dhawuk nauri (n)dika puniku |
pundi pawingking andika |
Ki Arundaya nauri ||

38.
Reyang pêkir kawlasarsa |
pan kumêdah têtêmu Arsèngbudi |
Santri Dhawuk lon amuwus |
(ng)gih (n)dawêg kula-bêkta |
gupuh-gupuh sarta ngumbah paculipun |
nulya kèrit lampahira |
munggah pagênênganèki ||

39.
Masjide katon anganggrang |
langkung asri rakiting dhukuh wukir |
akêtêp pakitrènipun |
prakirna tumaruna |
pan tinata banjênge pomahanipun |
linurung agêng marapat |
tiris nut pinggir pinarik ||

40.
Dadya maju-pat kang wisma |
sapanthanya wong rong-puluh ngomahi |
sadaya wong wolung-puluh |
kang dhudhukuh ing Bustam |
gêgênêngan kèdêran kali mèh têpung |
dhinawuh mring pasawahan |
kinarya gagadhu sabin ||

Jilid 11 - Kaca : 117

41.
Rundaya karênan mulat |
pasang rakiting dhukuh Bustam wukir |
praptèng paregolanipun |
Santri Dhawuk lingira |
(n)dika kèndêl ing ngriki kula umatur |
ngling ênggih (n)dika matura |
yèn dhêdhayoh anggung brangti ||

663 Asmaradana

1.
Wau kang lagya alinggih |
Arsèngbudi lan kang garwa |
Nikèn Wiyadi wastane |
dangu dènnya nèng paningrat |
aglar saosanipun |
nyamikan wowohan agung |
myang lah-olahan mawarna ||

2.
Ingadhêp santrinirèki |
Santri Bêlang Santri Pancal |
Santri Pêthak Santri Putèh |
pan was kinula-waraga |
pinupu lit milanya |
samya toh amulu-cumbu |
marang Ki Sèk Arsèngnala ||

3.
Sêdya mawong ing donya kir |
anjuru angrêsik makam |
samya niyat nyapu-règèl |
santri lima pinitayan |
mring Kae Arsèngnala |
karyaning èstri myang jalu |
santri lima kang minangka ||

4.
Pangrampunging barang kardi |
popole pagêr salilab |
miwah sisimpênan jêne |
sumawana pasawahan |
ayume wong sadesa |
tan kongsi nganggo pinêcut |
rumat saliring pakaryan ||

5.
Mangkana Ki Arsèngbudi |
angandika marang garwa |
kadingarèn sira kiye |
olah-olah nyanyamikan |
kaya wong ngundang-undang |
sasaji panganan agung |
woh-wohan lan juwadahan ||

6.
Kang garwa mèsêm turnya ris |
wong nganggur dhangan lah-olah |
glêpung linjik sadayane |
kula karya juwadahan |
gêmblong wajik lèmpongan |
pipis pisang kocak mêndut |
widaran kowa pradapan ||

7.
Dhawêt gantal jênang canthil |
randhakèli lan jêmunak |
cêlorot lan sate durèn |
Arsèngbudi gumuyojar |
de guna têmên sira |
kaya wong kutha angkahmu |
angadi-adi nyamikan ||

8.
Kadar pira nèng wanadri |
mangsa ngêntèkna sapira |
tan lintang mung sa-anane |
lagyèca dènnya rarasan |
sarya dhahar nyamikan |
kasaru ing praptanipun |
Santri Dhawuk tur uninga ||

Jilid 11 - Kaca : 118

9.
Kawula atur udani |
punika wontên dhatêngan |
ngantu nèng paregolane |
pan kakalih èstri priya |
dulune kawlasarsa |
kawula takèn tan ngaku |
ngakên janma kapibranta ||

10.
Wus têngah tuwuh ing wanci |
kalawan rubiyahira |
Sèk Arsèngbudi wuwuse |
lah age sira turana |
agêpah kang liningan |
ngandika mring garwanipun |
kaya na kang ngakon sira ||

11.
Karya nyamikan sasaji |
asidik graitanira |
ya ta lah rêjêki mono |
lir ngupaya kang amangan |
binuru nora kêna |
tan sinêdya kadhang têmu |
anut bêgyane priyangga ||

12.
Wiyadi matur ing laki |
sintên kintêne kang prapta |
punapa tami kinaot |
punapa ore kewala |
Arsèngbudi lingira |
lagi rasaning driyèngsun |
kaya yèn janma utama ||

13.
Kewala dhadhaganèki |
sathithik ngêmu prabawa |
nêmu nadhang rijêkine |
manira tan nuduh sira |
akarya pasugata |
têka sira ngênthu-ênthu |
adi karya papanganan ||

14.
Ni Wiyadi mèsêm liring |
ririh umatur ring raka |
kula wau sayêktose |
angliwêt pitik dhadhara |
madhêp langkung lêmunya |
pun Pancal kula-kèn wau |
mundhut lalaban mring wana ||

15.
Kirang pirsa ingkang mawi |
kinarya sasaos dhahar |
kula piyambak (n)dêlambe |
jêg ajêng jangan asêman |
sêkar turi pêdhêsan |
kajêg ajêng mênir jagung |
pitik trondhol pêcêlira ||

16.
Gumuyu Ki Arsèngbudi |
ngling de kaya wong anyidham |
ngong-nêmpil asême bae |
kinokoh pêcêl santênan |
mupung ana dhatêngan |
yèku rijêkine tamu |
(n)dilalahe kêparêngan ||

17.
Santri Dhawuk apêpanggih |
lawan Kae Arundaya |
Ki Dhawuk alon wuwuse |
wawi andika katuran |
mring Kae Sèk Arsèngtyas |
kang ingaturan tumanduk |
malbèng kori paregolan ||

18.
Praptèng têritis pandhapi |
uluk-salam sinauran |
nulya ingancaran linggèh |
tansah winangwang kang prapta |
gya samya sêsalaman |
Arsèngbudi sêkalèmut |
pawong-mitranirèng kuna ||

19.
Èsmu kagyat dènnira ngling |
kapèn-kapèn ing paningal |
pa iya apa dudune |
kakang Arundaya ika |
kang tinujon atanggap |
inggih mêkatên yèn èstu |
sami botên katliwêngan ||

Jilid 11 - Kaca : 119

20.
Agupuh Ki Arsèngbudi |
angrangkul sarwi wacana |
matiya kabênêm ingong |
botên anyana satuma |
kawula panggih kakang |
angruruh têkèng wismèngsun |
adhuh kakang sanakingwang ||

21.
Samya ngêmu luhirèki |
Rundaya magêp wuwusnya |
dhuh Arsèngbudi riningong |
tan nyana maksih waluya |
sun bisa apêpanggya |
duk rare tumêkèng sêpuh |
têmbene iki pangguhan ||

22.
Wus yayi sami alinggih |
luwar dènnya rarangkulan |
Arundaya lon wuwuse |
puniki yayi (m)bakyunta |
tumuntur paran-paran |
Ki Sèk Arsèngbudi gupuh |
jawat-asta sasalaman ||

23.
Nêmbrama atur basuki |
winangsulan karaharjan |
nulya ngling marang rabine |
lah Wiyadi wruhanira |
ya iku kang ngong pajar |
mitra saekapraya wus |
tan nana rasa-rumangsa ||

24.
Yayi ngabêktiya maring |
kakangira Arundaya |
miwah mring (m)bakyunta age |
ingkang liningan agêpah |
nêmbah asasalaman |
sarya tur pambagyanipun |
rahajèngirèng alampah ||

25.
Winangsulan kramaning sih |
wus tata sami alênggah |
Arsèngbudi nyarakake |
kakang punika sumangga |
pan wajib sumapala |
wau ing sadangunipun |
raraosan lan arinta ||

26.
Dingarèn karya nyanyamik |
kadya wontên kang nuduha |
tan bodho ing wusanane |
dadya rêjêki paduka |
bagi ingkang ngamawa |
wawi punapa kinayun |
pintên bangi manggih tadhah ||

27.
Pêngarêm lêlantih margi |
anggonging jiwa katoran |
Arundaya lon dêlinge |
kalintang panrima reyang |
mangsa ringaèng krana |
kewala sasêlotipun |
lagya marêm apêpanggya ||

28.
Pinêksa sêsambèn angling |
samya ngalap nyênyamikan |
tanpatyantuk panggapene |
pancyarka tunggang acala |
Arsèngbudi wacana |
kakang suwawi awêktu |
anèng ing suro kewala ||

29.
Rundaya rahab nauri |
(ng)gih dawêg yayi Bismillah |
nulya sami maring suro |
pra santri samya sêmbahyang |
kang adan agêlikan |
Arsèngbudi Rundaya wus |
samya mahèrantu kadas ||

Jilid 11 - Kaca : 120

30.
Santri sunat apupuji |
sinasmitan kinèn kamat |
Rundaya ngancaran kinèn |
mangarsi mring pangimaman |
nulya Ki Arundaya |
angimami ngangkat prêlu |
usalinira pasekat ||

31.
Utama tibaning takbir |
kadya (m)balang tibèng toya |
cumêgug jug sabalange |
purnèng takbiratul ikram |
antara ing aptitah |
wajah Patekahira lun |
lawan mukaramattuha ||

32.
Tumaninahira trêtip |
(n)dungkap ing tahyat akirnya |
asalam bakda Mahribe |
angrahab puji-pujiyan |
dhikir amaca donga |
têpakurira wus kusuk |
sujud takrub anêlangsa ||

33.
Sêsangat dènnira taklim |
tangi saking pasujudan |
ing sasampunira mansoh |
sunat Wabin ing radêgan |
nêm rêkangat tri salam |
wusing purna sunatipun |
ngangkat apan wêktu Ngisa ||

34.
Rundaya mêksih ngimami |
utami sêmbahyangira |
praptèng patang rêkangate |
tahyat akir salam bakda |
purna saliring sunat |
miwah watirira rampung |
gya salawat sasalaman ||

35.
Bubar mudhun para santri |
Arsèngbudi Arundaya |
Wiyadi Malarêsmine |
samya mundur maring wisma |
nèng made pajrambahan |
Arsèngbudi lingira wus |
Wiyadi sira ngruktiya ||

36.
Tata sugatanirèki |
sathithik ingkang prayoga |
lan sidakna mau kae |
kang garwa mèsêm turira |
ing sasmitaning raka |
inggih sampun kala wau |
kados wus rimat sadaya ||

37.
Sarwi mundur saking ngarsi |
mariksa mring pagandhokan |
wus samêkta saosane |
santri sarubiyahira |
Palangka Pancal Pèthak |
Santri Putih Santri Dhawuk |
kinèn anampa rampadan ||

38.
Nulya ingirid mangarsi |
bubucu kang anèng panjang |
miwah lan liwêt pitike |
Wiyadi nata rampadan |
jangan asêm kalènthang |
jangan turi kacang dhudhung |
terong binumbu pêcêlan ||

Jilid 11 - Kaca : 121

39.
Pêcêl-pitik jangan mênir |
karupuk dhèndhèng sujenan |
rêmpah dhèndhèng ngange gadhon |
sarundèng ragi lan êmpal |
abon ayêm mênjangan |
basêngèk pitik dumêruk |
sambêl lan lalab-lalaban ||

40.
Rundaya ling jroning galih |
ya ta-lah rijêki Allah |
duk ingsun nèng têgal anon |
kêmbang turi angrêmbaka |
kapengin dèn-asêma |
mêngko anêmu nèng ngayun |
kang jangan asêm pêdhêsan ||

41.
Tan pae Ni Malarêsmi |
ngartika sajroning nala |
ya ta-lah kamurahane |
Allah kang luwih kawasa |
duk manira nèng têgal |
anon kacang bayêm jagung |
kaya ngong pêthik-pêthika ||

42.
Kapengin kinêla mênir |
lalap kacang gleyor anyar |
sokur yèn pêcêl anyar |
sokur yèn pêcêl pitike |
ing mêngko ana ing ngarsa |
Allah ingkang sung murah |
langkung sukurirèng kalbu |
Arsèngbudi lon wacana ||

43.
Marang tamunira kalih |
sumangga kakang Rundaya |
lah suwawi kang-(m)bok mangke |
kawula aturi nadhah |
(ng)gyannipun olah-olah |
rayinta akusung-kusung |
ngaturi dhahar paduka ||

44.
Anulya sami wawanting |
pan samya lêkas anadhah |
sami kêmbul lanang wadon |
pikantuk dènnira buktya |
katujon jangannira |
Rundaya lan garwanipun |
nikmat raosing panadhah ||

45.
Satêngah ngraoskên bukti |
ana karasa ing driya |
-nira mandhêkêl anyangkol |
èngêt sudra andrèng paras |
angruruh putranira |
Malarêsmi arawat luh |
micara sajroning driya ||

46.
Liwat ngêsut sira ati |
ngrasakkên nikmating buktya |
ngalêm sêga janganning wong |
bangêt (ng)gonku tanpa ngrasa |
prihatin angupaya |
ing suta durung katêmu |
ngalêm rasaning sugata ||

Jilid 11 - Kaca : 122

47.
Kale dudu wajib-mami |
dudu guna kaya nipkah |
lan dudu kaskaya dhewe |
Rundaya mulat ing garwa |
mila kanggêg ing driya |
dinuga ngot tyas wulangun |
mangarang marang ing putra ||

48.
Ilang raosing ngabukti |
antara patang pulukan |
mêne ngantu pamuluke |
Arsèngbudi nor wacana |
suwawi Kang Rundaya |
andika nadhah kang tuwuk |
owêl gupuhe arinta ||

49.
Ing sêmu wus ananggapi |
dinuga tyasira brangta |
dadya kadho pambuktine |
antara nulya luwaran |
samya wiwijikan |
ambêng wus tinarik mundur |
nyamikan lumadyèng ngarsa ||

50.
Ngancaran dhahar nyanyamik |
Rundaya aris wacana |
hèh yayi sêlot-sêlote |
Arsèngbudi lon aturnya |
kawula tanya kakang |
mupung sagêd apêpangguh |
masalah tokit lan iman ||

51.
Punika kakang kang mugi |
paring wulang ing kawula |
rumiyin dalah ing mangke |
ing tyas dèrèng kapadhangan |
mêksih bunar ing driya |
kakang langkung bagya sokur |
andhatêngi dhatêng kula ||

52.
Prasasat idayat ugi |
palal Hyang Kang Luwih Wikan |
kêdah panggih (n)dilalahe |
nyuwun kasiat wuwulang |
lah kakang padhangana |
Ki Arundaya amuwus |
yayi bab tokit lan iman ||

53.
Iman pangèstuning budi |
kang êning marang Hyang Suksma |
jarênih kajatènane |
minulya kasuciannya |
kalayan panarima |
narima ing dhèwèkipun |
tan pepeka liring tingal ||

54.
Nulak sakèhing pangèksi |
pandêlêngan tingal driya |
lyan saking Dating Hyang Manon |
kang punika yayi mulya |
budi ingkang mardika |
nungge sawiji pangèstu |
kang dadya mas tanpa una ||

55.
De tokit punika yayi |
budi ingkang bangsa badan |
dene iman ing yêktine |
ngudi kang bangsa Pangeran |
lir sotya lan êmbanan |
sirna rannya kalihipun |
jênêng li-ali kewala ||

Jilid 11 - Kaca : 123

56.
Rêtna rukmi tan winuni |
kadya ta sotya-ludira |
jumbuh sotya lan (m)bananne |
mangkana malih upama |
iman pami rukmi ka |
tokit dêmbaga linuru |
nèng kowi winor lan êmas ||

57.
Dhawuhing cahya kadêling |
kuning bang purba-pinurba |
tan amurba sakaliye |
tokit pamêsuning jiwa |
raga datan pepeka |
nulak sakèhing rasèku |
tan tomah ing rajah tamah ||

58.
Iman pamuntuning budi |
tokit pamuntuning badan |
puniku yayi jatine |
sajatinya kang ingucap |
de jatining kasidan |
anèng ing pribadinipun |
datan kengang kinaliyan ||

59.
Luwih nugrahanta yayi |
pribadi sihing Hyang Suksma |
tan kêna ginurokake |
Arsèngbudi suka rêna |
winêjang ing kakhekat |
padhang tyasira tan buntu |
lir mina sat manggih toya ||

60.
Wau Nikèn Malarêsmi |
kapering wurine raka |
sêlan-sêlan pangrungune |
mung ketang pra putranira |
kang dadya woding driya |
Rundaya non garwanipun |
ing netya mila sungkawa ||

61.
Kawistara dènnya wingit |
Arsèngbudi nor turira |
punapa kakang marmane |
sami angêmu sungkawa |
rinta kang-(m)bok punika |
paran karapuhan suku |
lapak mahawèng ing wana ||

62.
Têmbe ngendra ing ngatêbih |
angling marang garwanira |
Wiyadi (m)bakyumu kuwe |
wêdhakên parêm rapuhan |
saosana palêswan |
kakanta kewala kantun |
adima(?) lon dunêmrasa ||

63.
Rundaya nauri aris |
yayi èsmune rakanta |
katênta rapuh anggane |
bêtèke apor lumampah |
pan datan yèn kadyèka |
wontên karasa ing kalbu |
reyang sajar sajatinya ||

64.
Marma ngendra praptèng ngriki |
kalih prakawis parlunya |
kang dhingin kajat titinjo |
ping kalih wiyosing lampah |
reyang parlu papanggya |
lan yayarsa tanya tuhu |
yèn kasangsangan pawarta ||

Jilid 11 - Kaca : 124

65.
Santri kampir nèng ing ngriki |
jalu tanapi wanudya |
puniku putranta rêke |
katri pawèstri sajuga |
èstri ran Tambangraras |
malyèng lakinya anglangut |
ngikis ratri tan wawarta ||

66.
Tumulya arine kalih |
Jayèngrêsmi Jayèngraga |
tumutur laju tan mulèh |
nulya rabine kalihnya |
Rarasati Turida |
anut nis kalane dalu |
samya tan nêdya mantuka ||

67.
Wontên kabare sakêdhik |
jênêke putra-andika |
kang satunggil sasanane |
anèng dhukuh Wanantaka |
kalih nèng Ngardipala |
ing pawarta dèrèng bêstu |
kilap dora lan yêktine ||

68.
Rèh ribêd tinuh pawèstri |
yayi (m)bakyu-jêngandika |
samargi langkung repote |
tumêkèng paran sangsaya |
tansah onêng ring suta |
tyas reyang kadudud-dudud |
lir tan kêna sinayuta ||

69.
Punika liripun yayi |
Arsèngbudi duk miyarsa |
gêgêtun langkung ngungune |
alon umatur ring raka |
dene botên kadosa |
kêpalang kakang wulangun |
acuwa raosing driya ||

70.
Ki Rundaya ngandika ris |
rêke yayi rèhêna |
dongakêna ing Hyang Manon |
yèn wus salamêt ing paran |
pangguh kang sun-upaya |
saulih mara ing besuk |
sun kampir lan sutanira ||

71.
Ngulama Sèh Amongragi |
tranging ngèlmu winaskitha |
yayi tan kacuwaning rèh |
benjang ingong jêjênêkan |
kang nutug olah-rasa |
mangkya yèn wus bakda Subuh |
manira laju umangkat ||

72.
Arsèngbudi nor nauri |
inggih sumangga kewala |
ulun kalangkung ajrihe |
anênggalang ingkang karsa |
sarèhning lagya brangta |
kakang tanya prênahipun |
Wanantaka Ardipala ||

73.
Ngidul-ngilèn saking ngriki |
kantun lampahan rong dina |
katiga gêthèk praptane |
inggih kakang benjing-enjing |
kawula nuduh janma |
kang anuduh marga ayu |
tan samar marang simpangan ||

74.
Yèn mangkono lah Wiyadi |
asaosa pasareyan |
kêlasa lan salêmpire |
Wiyadi matur ring raka |
lamun parêng rakanta |
prayogi sareyèng ngriku |
anèng tilam pagêbêran ||

Jilid 11 - Kaca : 125

75.
Tan kuciwa wus miranti |
layap anèng patilaman |
sakaliyan lan kakang-(m)bok |
yèn botên nèng pagêdhongan |
kilèn miwah kang wetan |
Ki Rundaya ris amuwus |
(m)bok ipe apalimarma ||

76.
Maringsun mêrnahkên guling |
kalangkung panrimahingwang |
kewala ngong anèng suro |
pan wus kasêdya tirakat |
Arsèngbudi lon mojar |
anuduh mring santrinipun |
kinèn tata pasareyan ||

77.
Ingkang tinuduh nulya glis |
anggêlar kalasa bantal |
guling sakêmule dodod |
nulya ngacaran mring langgar |
Ki Arundaya linggar |
mring suro lan garwanipun |
tan cinatur dalunira ||

78.
Enjang samya tangi guling |
angambil toyastu kadas |
santri wêktu salat Suboh |
bakdanira angibadah |
Ki Rundaya ris nabda |
lah ta yayi Arsèngkalbu |
manirèki papamitan ||

79.
Umangkat mupung aènjing |
Arsèngbudi ngling mring garwa |
kinèn saos sugatane |
gupuh Wiyadi mring wisma |
nuduh ing santrinira |
kewala anèng ing tajug |
(ng)gènnira atata dhahar ||

80.
Wusira sèmèkan bukti |
amangsuli pamitira |
Rundaya Malarêsmine |
Arsèngbudi tur sumangga |
anulya sasalaman |
wus yayi Ki Arsèngkalbu |
samya nglanggêngkên ngapura ||

81.
(n)Dodonga andum basuki |
kang rayi nêmbah turira |
mugi manggiha harjèng (n)don |
dhatênga ingkang sinêdya |
panggihe kang dadya tyas |
winangsulan sihing kayun |
wusnya salam mring rubiyah ||

82.
Arsèngbudi sigra nuding |
mring santrinira sakawan |
Pethak Pancal Bêlang Putèh |
kang kinèn nguntap nèng lampah |
sadaya wus sadhiya |
miwah panggèndhonganipun |
pamucunge anèng marga ||

664 Pocung

1.
Yata wau Rundaya nulya tumurun |
umangkat sing langgar |
Ki Arsèngbudi tut-wuri |
kurmat marang ingkang raka Arundaya ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (10) Kaca 99 - 111
  • (12a) Kaca 126 - 141 >