Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 12

Kontak Admin.

email-kidemang

 (12a) Kaca 126 - 141

 

( Lampahipun Ki Arundaya nglangkungi wana Jêmbul )

11

3. Lampahipun Ki Arundaya sakalihan dalah santri sakawan nglangkungi wana Jêmbul ingkang gawat, botên kenging salah-damêl, wêkasan sami wilujêng. Ing margi santri sakawan pamit wangsul sasampunipun nganturi pitêdah margi ingkang gampil. Ewadene Ki Rundaya kasasar, nanging malah kalêrêsan jalaran lajêng sagêd kapanggih mitranipun ing pasantrèn duking nguni, i.p. Ki Cariksutra lan adhinipun, Carikmudha. Ki Arundaya karangkul Carikmudha, sami kemutan duking mudha sami lampah durjana. Dalunipun sami têrbangan lan singiran, para èstri, bojonipun Cariksutra sêkawan, Carikmudha kalih, sadaya sami andhulêngi.

Enjingipun Ki Arundaya sakalihan nglajêngakên lampah dhatêng Ngardipala. Cariksutra lan Carikmudha sami ndhèrèk bêkta santri kalih. Samargi-margi tansah nyuwun piwulang bab ngèlmu agami. Lampahipun dhatêng Ngardipala nglangkungi sêndhang Balara, padusanipun tiyang kathah.


 

Kaca 126 – 141

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 11 - Kaca : 126

664 Pocung

2.
Lawan wau Wiyadi anut tut pungkur |
tumunturing raka |
samya kurmat ing têtami |
pan dumugi anèng sajawining dhadhah ||

3.
Lon amuwus Rundaya mring Arsèngkalbu |
lah wus yayi aywa |
susah angêtêrèng têbih |
jêngandika wangsul ing ngriki kewala ||

4.
Samya matur inggih andhèrèk pangèstu |
ing salampah kakang |
mugi manggiha basuki |
inggih rêke benjang yèn wus praptèng paran ||

5.
Konduripun ngupaya putranta wau |
kakang umampira |
mariki mring Bustam malih |
wêlasana kawula nuwun wuwulang ||

6.
Ris sumaur ênggèh yayi sarêng kuntung |
lamun kalujêngan |
ing lampah parênging Widdhi |
reyang lamun tan kongsi wagêd kampira ||

7.
Maklumipun jênggan-para ring katèngsun |
araling kawula |
cêgah amasthèkkên jangji |
lamun cidra dadya jalaring duraka ||

8.
Pênêdipun sumendhe marang Hyang Agung |
ywa kongsi suminggah |
masthèkkên durung pinasthi |
pan punika yayi cêgahing ngulama ||

9.
Arsèngkalbu nor jiwa sarya umatur |
inggih Kang Rundaya |
kasinggihan dènnira ngling |
kawula nut ing lampah ngriki kewala ||

10.
Saur muwus kalangkung panrimanipun |
rambah sasalaman |
kalihe samya pupuji |
miwah sasalaman mring rubiyahira ||

11.
Wusnya ngastu nulya lampahira laju |
Arsèngbudi lawan |
kang garwa Nikèn Wiyadi |
samya wangsul saking padhadhahanira ||

12.
Kang lumaku Rundaya lan garwanipun |
Malarêsmi miwah |
santri sakawan kang ngiring |
kang sawiji nèng ngarsa atuduh marga ||

13.
Pan angidul-ngilèn nut galênganipun |
wanci pajar sirat |
bangbang wetan ima rêsmi |
kadya rêngkêting paès linut parada ||

14.
Angrêrênuk lir pulas turutanipun |
seta dadu rêkta |
kapit kêlamukan wilis |
mega malang ngrêgancang pendah bêlabar ||

15.
Rêpêt saput lêmah kataman ing pêdhut |
wijiling Aruna |
ujwala èrêm katangkis |
dening ampak-ampak anyunari surya ||

Jilid 11 - Kaca : 127

16.
Asru umung swarane panrikan esuk |
ririnjing nganjokang |
jèthi upa jangkrik bêring |
ramya sata myang pêksi mangsane pajar ||

17.
Manyar dhècu baranjangan cucuwitan |
jalak lan kêthilang |
cingcinggoling lan srigunting |
kapyarsa sri nèng lêngkaning patêgalan ||

18.
Kang anutu anggêntang pating karênthung |
janma maring sawah |
amaruput rêbut enjing |
ingkang lagya angrakiti rajakaya ||

19.
Ingkang uwus ngidêri garu maluku |
lêmbu myang maesa |
kang macul ananampingi |
ana ingkang lagya ambêdhah tulakan ||

20.
Ana dhaut mocong ngurit têbar tandur |
kang mopok galêngan |
saya kèh janma makardi |
Arundaya wus nglintangi pasabinan ||

21.
Têgal talun pagagan gênggêranipun |
patugaran wana |
napak ra-ara waradin |
walang abyor kabur katarajang lampah ||

22.
Pan sumawur lir sulung maring garumbul |
yata Ki Rundaya |
(n)dungkap trataban paminggir |
malbèng wana Pacaruban pagrêngannya ||

23.
Pan andarung Rundaya anèng wana gung |
anrang jurang sêngkan |
pêpèrèng parang ngarumpil |
palunguran gêgênêng têngahing wana ||

24.
Wana Jêmbul têtêlêng rannya ing Jêmbul |
kabuyutan wana |
panasaran wong lumaris |
sabab dening angkêr tan kambah ing janma ||

25.
Alon matur pra santri mring Rundayèku |
punika ing wana |
Jêmbul kalangkung awingit |
anèng ngriki datan kenging salah karya ||

26.
Aruh-aruh sabarang ingkang kadulu |
mangke lamun ana |
kang katingal kang kapyarsi |
inggih rêke paduka kèndêl kewala ||

27.
Lamun aruh-aruh kalamun ginanggu |
maring panasaran |
kang marabumi wanadri |
botên kenging gluwah-gluwèh salah-karya ||

Jilid 11 - Kaca : 128

28.
Manthuk-manthuk nauri kalih lumaku |
iya ngong tarima |
pituturira ing mami |
reyang ti-yatine manawa kèlingan ||

29.
Lampahipun parêk têtêlênging Jêmbul |
kabèh tan angucap |
gèdhèg manthuk mangsit liring |
dènnya laku tan ana samya rarasan ||

30.
Nusup-nusup mimiyak gêlagah rayung |
garumbul pagrêngan |
marga tatêrusan alit |
parumputan lan wrêksa gêng-agêng payoman ||

31.
Nyênyêt samun tan nana swaraning manuk |
miwah sato kewan |
gêng alit tan na kaèksi |
nadyan angin mênêng tan nana sumrabat ||

32.
Kang karungu swaraning janma anguwuh |
nguwuh mring rowangnya |
rarasan tatakon margi |
ting jarêlih lir wong kacuthêlan marga ||

33.
Swaranipun jalu èstri cêluk-cêluk |
kapriye mono ta |
êndi margane kang bêcik |
dene nora kêpapagan janma mlampah ||

34.
Nunut laku di-bènning mari abingung |
anèng têngah wana |
asêdhih kapatèn margi |
adoh desa tan nana kang tinakonan ||

35.
Kang anguluk ngunèni tuduh dêlanggung |
nanging lêt jujurang |
sabawa amêmêlingi |
myang jujuge srênggala lir wong (m)bêbêdhag ||

36.
Kang lumaku lulus tan na aru-biru |
yata na katingal |
janma kapapag ing margi |
sarwi nuntun kuda tinut ing pikulan ||

37.
Datan aruh-aruhan papag ing laku |
wus ungkur-ungkuran |
ana darbèke kang kari |
caping arit panguthik runtuh ing marga ||

38.
Kang andulu minggu tan na aruh-aruh |
wus wruh wawangsitan |
tan kêna asalah kardi |
ana malih sing wuri jalma lalampah ||

39.
Wong pipitu anglancangi dènnya laku |
sami ararasan |
anutur marga kang maring |
Ngardipala miwah marang Wanantaka ||

Jilid 11 - Kaca : 129

40.
Ana muwus êndi margane kang ayu |
marang Ngardipala |
mêtu ngêndi ingkang aglis |
apa nyimpang apa kang kiye kewala ||

41.
Kang sumaur bêcik iki marga ayu |
tan tumurun minggah |
apa ta ora arumpil |
nulya nimpang wong pipitu tan katingal ||

42.
Yata wau Rundaya lan garwanipun |
myang santri sakawan |
laju lampahira aris |
wus kapungkur têtêlênging Jêmbul wana ||

43.
Tyasira wus lêga tan na watiripun |
ngambah ing pawrêksan |
gêng têpung ron anyingupi |
santri Putih alon matur mring Rundaya ||

44.
Adatipun kang wana puniku wau |
wana panasaran |
lêlêmbut sring mikatoni |
(ng)gih puniku wau kang kapêthuk marga ||

45.
Yèn kalamun dèn-aruhi yêkti laju |
karat ing lêlêmbut |
lujênge kasasar margi |
pan sêpêkên bingung tan amanggih marga ||

46.
Tujunipun sampeyan tan aruh-aruh |
sokur ta wêkas tyas |
ing lampah kêdah basuki |
ngrika wau dhanyange ajawal-jawal ||

47.
Mindha sunu sanak kadang bapa-biyung |
pinindha warnanya |
kagèt wong kang aningali |
mring kang katon kapilayu gya binêkta ||

48.
Alon muwus Rundaya mring santri catur |
tujuning wakingwang |
lan nyaimu Malarêsmi |
tan praduli ika iki tan katingal ||

49.
Yèn ta iku mau basan nak sadulur |
ya êmbuh-êmbuhan |
patute bae bilai |
nora wurung nyaimu anjrit karuna ||

50.
Samya ngungun sokur salamête laku |
lêpas lampahira |
wanci lingsir pidak siji |
anon tirta samya raryan asêmbahyang ||

51.
Wêktu Luhur antara salat wêktu wus |
ngasokkên sarira |
santri sami dèn-bêktani |
sangu sêkul ulam miwah nyênyamikan ||

52.
Ngraos edhum nèng soring wrêksa trênggulun |
pra santri turira |
kawula dèn-sêsangoni |
nyanyamikan kabucu salawuhira ||

53.
Pênêdipun paduka nadhah ing ngriku |
lan garwa-andika |
kalantih lampah sakenjing |
Arundaya nauri reyang tarima ||

54.
Santri gupuh angambil toya ing kaskul |
cinaoskên ngarsa |
Rundaya anulya bukti |
lan kang garwa anutug dènnira dhahar ||

Jilid 11 - Kaca : 130

55.
Atuturuh luwaran cinarik mundur |
pinangan wong papat |
Rundaya dhahar nyanyamik |
wus luwaran sadaya dènnira mangan ||

56.
Lon umatur pra santri mring Rundayèku |
yèn parênging karsa |
kawula dalêm lilani |
sami wangsul mantuk dhatêng ngardi Bustam ||

57.
Wêlingipun rayi-(n)dika Arsèngkalbu |
yèn wus harjèng marga |
kula kinèn wangsul mulih |
mapan sampun tan wontên watiring marga ||

58.
Alon muwus Rundaya mring santri catur |
lah ya wus waluya |
amung salam donga-mami |
aturêna marang yayi Arsèngnala ||

59.
Malihipun rêke tuduhna dêlanggung |
maring Ngardipala |
kang bêcik tan muwatiri |
santri matur inggih punika kewala ||

60.
Ingkang ngidul yèn wontên simpanganipun |
kang têngên kewala |
ywa ngiwa simpanganèki |
nadyan alit talêr punika kang marga ||

61.
Wusnya matur pra santri tur salamipun |
pamit wus linilan |
sigra wangsul samya mulih |
Arundaya lon muwus mring garwanira ||

62.
Payo yèn wus aso umangkat lumaku |
Malarêsmi sigra |
dandan pagèndhonganèki |
nulya samya mangkat saking palèrènan ||

63.
Lampahipun wus tatas pangrêngganipun |
pangalang-alangan |
patrataban ing wanadri |
lêkas-lêkas lêmpitaning palunguran ||

64.
Marga parung parang rumpil siluk-siluk |
wana parèncèkan |
pagrumbulan wana nipis |
Rundaya non janma samya dhadhampalan ||

65.
Amèk kayu wênèh ambêngkik wus mikul |
Kae Arundaya |
mrêpêki tatanya aris |
hèh ki sanak manira ayun tatanya ||

Jilid 11 - Kaca : 131

66.
Marganipun marang Ngardipala dhukuh |
kang tinakon mojar |
kablasuk dènta lumaris |
puniki dede margi mring Ngardipala ||

67.
(n)Dika wangsul malih margi ngriku wau |
kajêng-kajêng ragas |
kang alit talêring margi |
ingkang lêpas maring dhukuh Ngardipala ||

68.
Pan kapaung ing lampah (n)dika kalèntu |
puniki (n)jogira |
margi agêng Gunungsari |
dalêmipun Cariksutra Carikmudha ||

69.
Duk angrungu Rundaya lêga tyasipun |
ngartika jroning tyas |
(n)dilalah palaling Widdhi |
wong kêsasar iki têmah kêbênêran ||

70.
Yèn ta lamun tan kasasara ing laku |
baya datan bisa |
katêmu lan mitra-mami |
Cariksutra kalawan Ki Carikmudha ||

71.
Lon amuwus Rundaya patakonipun |
kang êndi ki sanak |
dhudhukuh ing Gunungsari |
anauri inggih ing ngriki kewala ||

72.
Lêt lulungur gênêng kang kilèn puniku |
èdhèng-èdhèng wana |
babana wana sakêdhik |
praptèng lêbak ing Gunungsari katingal ||

73.
Ngling (ng)gèh sampun asangêt panrimaningsun |
ngong laju kewala |
kang liningan angling inggih |
pan umangkat Rundaya sing pangandhêgan ||

74.
Lampahipun mangulon anrang wana gung |
umiyat gênêngan |
tumurun marganya rumpil |
angêrakal dadya rêmbên lampahira ||

75.
Garwanipun arikuh tansah tinuntun |
praptèng pangareyan |
lêbak pawukiran alit |
anon kali alit ilining kang toya ||

76.
Rarywan ngriku anèng sela gêng rênggulu |
angum we wak-awak |
wanci wêktu Ngasar akir |
wusnya siram mèt toyastu salat Ngasar ||

77.
Bakda wêktu nulya laju lampahipun |
wau katingalan |
ing dhukuh ing Gunungsari |
satêngahing bubulak pêngkêranira ||

78.
Ukur-manthuk rong garêmbêl dhukuhipun |
kang nginggil Patrukan |
mêsjide alit acèkli |
pagêr gêdhèg ingênjêd katon sumilak ||

Jilid 11 - Kaca : 132

79.
Lingira rum Rundaya mring garwanipun |
baya kae uga |
kang binatur dhukuhnèki |
masjide kang acilik katon anganggrang ||

80.
Nulya laju malipir pagêring talun |
têgil pasabinan |
mangsane pangrêmbang dami |
angêmohi nêdhêng têtêl pala-pala ||

81.
Sri dinulu patanêmanira tulus |
sangkêp warna-warna |
jajanganan jagung jali |
juwawut lan linjik gudhe myang katela ||

82.
Pan panuju sabate matun ing talun |
kakalih wastanya |
Sêtranaya Sêtragati |
Arundaya alon dènnira tatanya ||

83.
Lah ta bagus ing pundi pawismanipun |
Kae Cariksutra |
kang liningan anauri |
(ng)gih puniku wismane Ki Cariksutra ||

84.
Malih muwus yèn mêkatên pênêdipun |
andika wèh wikan |
reyang parlu yun pêpanggih |
angling inggih dhasar kawula punika ||

85.
Sabatipun Kae Cariksutra nêngguh |
yèn wontên dhatêngan |
(ng)gih kawula kang tur uning |
lah suwawi (n)dika nut ing lampah-kula ||

86.
Samya mantuk wong ro ngiring lampahipun |
Kae Arundaya |
nèng wuri lan Malarêsmi |
garwa tansah kinanthi rèh kawlasarsa ||

665 Kinanthi

1.
Wau-ta kang lagya lungguh |
Cariksutra nèng wismèki |
sinaji anèng pandhapa |
anyamping sarung bang Bugis |
sabuk modang singsêt pisan |
mangking golok silih-asih ||

2.
Dhêstar Arab adu mancung |
tinrap malèrèt malipis |
jêplakan namung salêmbar |
wida kalêmbak seta mrik |
asumping lênga têlêngan |
tuwa masih ambêsusi ||

3.
Bojone papat yu-ayu |
tumundha tuwa nomnèki |
wayah nak putu diwasa |
rarakitan warnanèki |
karo sami lêkêrira |
kadi kêmbar kakang adhi ||

Jilid 11 - Kaca : 133

4.
Karo samya lancapipun |
wangun sami kakang adhi |
bojone kang tuwa kuna |
têlu inganggurkên sami |
wus tinalak nging tan lunga |
tur tan apatutan siji ||

5.
Duk ing jaka-laranipun |
titiga wastanirèki |
(m)bok Sumarsi lan Wilapa |
(m)bok Surêmi katrinèki |
mangkya wus tan langgêp pakah(?) |
sêdya sumungkêm tut-wuri ||

6.
Samya cipta mawong maru |
kadya sutane wuragil |
sumêrêp amèt mèt manah |
marang kang winêngku mangkin |
garwa sakawan namanya |
kang tuwa Nikèn Mintarsih ||

7.
Mintarêsmi kang panggulu |
panêngah Nikèn Wratsari |
Angronsari wuragilnya |
dadya pitu sadayèki |
kang nom sakawan nèng ngarsa |
amarak lakinirèki ||

8.
Naoskên sasajènipun |
lêladènira pribadi |
woh-wohan kang lah-olahan |
mamanisan wêdang kopi |
Ki Cariksutra anabda |
mring para rabinirèki ||

9.
Sakesuk mila ngong dulu |
sajodho parênjak muni |
anggantêr tan lyan (ng)gyannira |
wali-wali nèng wit manggis |
tan pati kêsit ibêrnya |
ngathêthêr lir manuk gêring ||

10.
Paran ta wahananipun |
adating parênjak muni |
pra rubiyah aturira |
manawi wontên têtami |
yèn botên angsal rubiyah |
wus sakawan wêwah kalih ||

11.
Gunggung sasanga sadarum |
Cariksutra gumuywa ngling |
iku ta mangsa kêna-a |
luwih papat ingkang wajib |
Mintarsih mèsêm saryojar |
warti andika rumiyin ||

12.
Criyose mawi dèn-kuluk |
kuluk montên kadipundi |
gumuyu Ki Cariksutra |
basa kuluk mono yayi |
lakuning nikah-ing ngentra |
kang têtêlu angratani ||

13.
Nadyan ana-a rong puluh |
sèkêta satusa èstri |
kêna winaratan ningkah |
manggung kewala kang siji |
nora kêna lumaku-wa |
apan duwèke kang padmi ||

14.
Pra garwa mèsêm amuwus |
bêjane kang olèh siji |
samyosik sajroning nala |
kapengin duwe kang siji |
lèjême samya atanggap |
ing sêmu rêbut (n)dhèwèki ||

Jilid 11 - Kaca : 134

15.
Dadya liringira rêngu |
kapagut landhêping liring |
mèsêm Kae Cariksutra |
wruh rabine runtik liring |
ngimur-imur manuara |
mêngko ta ingong-tuturi ||

16.
Mungguh kang mangkono iku |
panjênênganing Narpati |
wênang nguluk pra biyada |
lawan panjênêngan Nabi |
yèn wong cilik tan winênang |
kasiku mring (n)Jêng Narpati ||

17.
Pra garwa lêjar tan rêngu |
samya samudana angling |
wus mantun salayèng nala |
Ki Cariksutra ngling aris |
wus pangulahirèng priya |
pawèstri tipis ing budi ||

18.
Purwakane iku mau |
anyatur parênjak muni |
mèh bae salin babagan |
ujaring parimbon pêksi |
yèn têlatèn tinitènan |
wahanane prênjak muni ||

19.
Yèn prênjak muni nèng kidul |
bênêr lamat dhayoh prapti |
yèn nèng kidul-kilèn (ng)gènnya |
lamat ana wong nênagih |
yèn nèng kulon bênêr lamat |
wong tuwa sanak doh prapti ||

20.
Yèn lor-kulon prênahipun |
wong (n)jêjaluk ngudi-udi |
yèn lor bênêr prênjak munya |
lamat rijêki kang prapti |
yèn prênjak munya lor-wetan |
lamat dhayoh tutur warti ||

21.
Yèn nèng wetan bênêr iku |
ngalamat satrune prapti |
lamun muni kidul-wetan |
lamat dhayoh anglong-longi |
yèn parênjak iku munya |
angidêri ing wismèki ||

22.
Kongsi têpung-gêlang iku |
luwih bêcik lamatnèki |
kadhatêngan dunya kathah |
tur sami rijêki suci |
katêkan bêgja nugraha |
sabobot kang dilamati ||

23.
Yêkti uga nora dudu |
ujaring parênjak muni |
pra garwa matur sêmbrana |
mendahe punang kang pêksi |
de punika prênjak munya |
sadintên anggantêr muni ||

24.
Sakènjing tan wontên tamu |
Ki Cariksutra mèsêm ngling |
yèn besuk-esuk mênawa |
ana dhêdhayoh kang prapti |
dangu wawan pagujêngan |
santri Setranaya prapti ||

25.
Lan Setragati agupuh |
matur punika ing (n)jawi |
pan inggih wontên dhatêngan |
jalwèstri kawêlasasih |
pupuji ayun panggiha |
lawan paduka ing mangkin ||

Jilid 11 - Kaca : 135

26.
Atêbih ing wismanipun |
bang wetan cêlak pasisir |
apan saking Wanamrêta |
wastanipun tan ngakêni |
Ki Cariksutra anjola |
sasmita rabinirèki ||

27.
Yêktine ngalamatipun |
pêksi parênjak kang muni |
ana karasa ing nala |
kaèngêtan duk ing nguni |
mitrane saekapraya |
Rundaya wastanirèki ||

28.
Ngling ing driya paran dudu |
apa iya ingkang prapti |
pawong-mitra-ngong ing kuna |
muga sayêktine ugi |
mangkana ciptaning driya |
wasana ngandika aris ||

29.
Lah wus aturana gupuh |
sujanma kang nêdya prapti |
kang liningan sigra mèntar |
Cariksutra angling malih |
tan goroh panarkaningwang |
bênêr si parênjak muni ||

30.
Lah wus mara ta dèn-gupuh |
ngruktiya bukti pribadi |
sakadarira anjangan |
dhewe-dheweya sasaji |
akanthiya santrinira |
sawijèdhang dimèn aglis ||

31.
Sêtralewo Sêtralêmbun |
Sêtranaya Sêtragati |
si Sêtradrêmba kewala |
angladènana mring mami |
pra rubiyah mundur ngarsa |
samya lah-olah pribadi ||

32.
Lah Sêtradrêma sun-tuduh |
mênyanga ing Kalisari |
sira undanga rèningwang |
Ki Carikmudha dèn-aglis |
tuturên yèn sun dhatêngan |
rewang manggihi têtami ||

33.
Ingkang kinèn mentar gupuh |
maring dhukuh Kaliasri |
yata kang nèng paregolan |
Sêtranaya ngancarani |
jêngandika ingaturan |
ywa kêdangon anèng (n)jawi ||

34.
Nulya kèrit lampahipun |
lan kang garwa Malarêsmi |
praptèng tritising pandhapa |
tan têbah lan garwanèki |
asru dènnya uluk-salam |
sinauran wasalami ||

35.
Gupuh ingacaran lungguh |
pinapag gêlaran putih |
majêng samya sasalaman |
pupuji kalihirèki |
ingacaran tata lênggah |
Ni Malar lungguh kapering ||

Jilid 11 - Kaca : 136

36.
Dangu tan sinarwèng wuwus |
tamunya tansah liniring |
ingèngêt-èngêt jro nala |
kaya iya kadi pangling |
mênawa mêmadha rupa |
ewuh dènnira ngaruhi ||

37.
Datan na pantara dangu |
kang rayi ing Kalisari |
Carikmudha ingkang prapta |
nêmbah tur salam alinggih |
Cariksutra lon ngandika |
iki yayi tamu-mami ||

38.
Carikmudha nor tumungkul |
nulya angandika malih |
nambrama mring tamunira |
madya krama mambu ati |
lah bageya rêke ingkang |
sumêdya parlu mring kami ||

39.
Ing pundi pawingkingipun |
saking tambêt têmbe mèksi |
ing ngarsa pundi sinêdya |
sapa sintên kang wawangi |
kang sinambrama wacana |
sumanggèng karsa mastani ||

40.
Cariksutra malih muwus |
kaya nadyan ngong udani |
sun-pêjar manawa iya |
duk kina padha sih alit |
manira pawong-sanakan |
duk kala pamuktèn-mami ||

41.
Arundaya wastanipun |
arine Ki Darmèngbudi |
karone pêkêt sadaya |
pati kalawan wak-mami |
kaladuk padha ngalaya |
bêngi yèn amênthêlêngi ||

42.
Duk masih gêsang ramèngsun |
kalanya tan sarèh budi |
manira lagi samana |
Rundaya iku tut-wuri |
mring duk sun-laku dursila |
anèng tanah ing pasisir ||

43.
Amaling kongsi kaplayu |
tan wruh ing babahan mami |
bingung kinêpung wong kathah |
samya numbak ngong tan gingsir |
Rundaya kêna ing tumbak |
marang kang duwe wismèki ||

44.
Sabêne Rundaya têguh |
iku pasah lambungnèki |
asambat ngadhuh apêjah |
ngong wus nyana yèn bilai |
kumêpyur ati manira |
gupuh-gupuh sun-tulungi ||

45.
Nuli sun-gendhong lumayu |
gya laju ngong gawa mulih |
titire kongsi raina |
Ki Panurta duk miyarsi |
ing wuwuse Cariksutra |
sru dènnya gumuyu bilik ||

Jilid 11 - Kaca : 137

46.
Kang (n)dika-pajar puniku |
yayi (ng)gih kula sayêkti |
kang para critakkên uga |
bilai kala ing nguni |
lah ênggèh puniku reyang |
manira sêngguh wus mati ||

47.
Ki Cariksutra angrangkul |
dhuh kakang botên angimpi |
lamun mangke papanggihan |
sêdya mêrdhatêng ing mami |
pun kakang siyin mah-imah |
angsal pamutiyan Tubin ||

48.
Ing mangke paran sih lulus |
Ki Panurta anauri |
inggih punika kakanta |
milya tumutur ing kami |
nulya samya sasalaman |
atur pambagya basuki ||

49.
Angling marang arinipun |
lah Carikmudha sirèki |
tura bêkti ring kakanta |
kang rayi salaman aglis |
ngabêkti atur waluya |
miwah marang Malarêsmi ||

50.
Wusnya samya tata lungguh |
Cariksutra angling malih |
hèh Mudha rubiyahira |
karo pisan kon mariki |
gya nuduh Ki Sêtradrêma |
kang liningan mentar aglis ||

51.
Ngandika mring pawongipun |
pawèstri kinèn nimbali |
marang pra rubiyahira |
kang tinuduh mring wisma glis |
matur (n)dika tinimbalan |
sadaya marang pandhapi ||

52.
Dènnya lah-olah nuju wus |
nulya adandan ngarêsik |
nganggo-anggo sawatara |
mamagut sakadarnèki |
wusnya sami ngayuwarna |
wong papat sarêng umijil ||

53.
Alungguh nèng wurinipun |
tan dangu wau kang prapti |
bojone Ki Carikmudha |
awasta Nikèn Sumilir |
kang anèm Ni (m)bok Sukarsa |
satêngah rada nom kêdhik ||

54.
Tuwa maksih nom dinulu |
labête ayu prak-ati |
Ki Cariksutra ngandika |
marang ipenira kalih |
tunggala lan (m)bakyunira |
kabèh ngabêktiya sami ||

55.
Gya sasalaman kumrubut |
gantya-gantya mring tatami |
pambagya atur waluya |
winangsulan sami-sami |
Kae Rundaya ris nabda |
tan jamak ri-reyang iki ||

Jilid 11 - Kaca : 138

56.
Bêsuse duk misih kuncup |
kongsi tuwa misih bêthing |
nora lungsêt birainya |
tan nana luwasirèki |
bêtah mègèk cilik mula |
dhasar cilik-cilik gandhik ||

57.
Akêndêl pintêr atêguh |
tan nana dèn-pakèringi |
angrêbut pangantèn anyar |
bojone tinantang wani |
marêp mungkur kon nyuduka |
bojone dèn-susumbari ||

58.
Kang duwe bojo anjêtung |
dèn-palaur (m)brêbêsmili |
dêlah mêngko gajêg iya |
nora bisa mamarèni |
tandha bojone sih bocah |
Cariksutra gumuywa ngling ||

59.
Inggih kakang donganipun |
kêdah ginanjar kadyèki |
yèn èngêt duk sih jajakan |
lan kakang têka ngangêni |
lir bali-baliya bocah |
nutugi braging ngati ||

60.
Ki Arundaya gumuyu |
bênêr pêpêthèkan-mami |
tuwa bêgère lir bocah |
nging pênêd watak birai |
wèt anom adoh ing tuwa |
mawa awèt kuwatnèki ||

61.
Lah ipe reyang rumuhun |
punêndi punapa misih |
utawa yèn wus padhêma |
Cariksutra mèsêm angling |
kakang tanya mring ipenta |
won-awon pan inggih misih ||

62.
Nuding maring pawongipun |
katêlu sarêng amijil |
(m)bok Sumardi (m)bok Wilapa |
katri lawan (m)bok Surêsmi |
katiga wus praptèng ngarsa |
Cariksutra ngandika ris ||

63.
Padha nêmbaha sirèku |
marang kakang sanak lami |
nulya samya mara nêmbah |
angujung atur basuki |
miwah marang Nikèn Malar |
samya nor sokur pupuji ||

64.
Cariksutra lon turipun |
punika warninirèki |
rinta rumiyin kang kina |
ingkang sêpuh pun Sumardi |
kang panêngah pun Wilapa |
kang gimblah gêng awaknèki ||

65.
Surasmi wuragilipun |
sami ngong ngindhungkên sami |
mênawi kakang kèngêtan |
rinta pun Wilapa nguni |
kang wau andika pajar |
(ng)gyan kula ngrêbut pangantin ||

66.
Ki Arundaya gumuyu |
hêm ya kèlingan mami |
yagene lagi rinêjang |
nyangik-nyangik sarwa wingwing |
mêngko awake tan lumrah |
gêdhene angluluwihi ||

Jilid 11 - Kaca : 139

67.
Inggih sampun kadi bêdhug |
bubrah rayinta puniki |
ginuyu sadayanira |
kang ginuyu sukèng ngati |
angling marang bojo tuwa |
lah mara padha sirèki ||

68.
Liwêtna kang mênul-mênul |
padha punagiya sami |
sira mring kakang Rundaya |
apa ta sira apangling |
umatur inggih sakêdhap |
dangu-dangu datan pangling ||

69.
Cariksutra ris umatur |
sumangga kakang puniki |
sawontênipun nyamikan |
kapiran datan binukti |
pijêr rarakêtan sabda |
mring dhaharan tan ngopèni ||

70.
Mara ta kono sirèku |
Carikmudha nora nyamik |
kaya dhayoh têmên sira |
jamak sira angrahabi |
anulya sami angalab |
nyamikan sasênêngnèki ||

71.
Wanci surya tunggang gunung |
(n)dungkaping wêktu Mahêrib |
Ki Cariksutra turira |
suwawi kakang mring masjid |
ing nginggil tajug Patrukan |
Rundaya rahab dènnya ngling ||

72.
Lah ênggèh utawi wêktu |
ngabêkti ing Hyang utami |
nulya mring suro Patrukan |
nèng pucaking gênêng alit |
munggah nètèr sadêdêlan |
padasannira wus rakit ||

73.
Sami ngambil toya wulu |
sadaya samya sêsuci |
santri adan agêlikan |
wus adan sunat pupuji |
nulya sinasmitan kamat |
Rundaya kinèn ngimami ||

74.
Wus anjênêngakên wêktu |
ing salat têkèng utami |
kang makmum para rubiyah |
miwah santri jalu èstri |
antara tigang rêkangat |
purna sêmbahirèng Widdhi ||

75.
Manjing wêktu Ngisanipun |
Ki Bayi maksih ngimami |
wus antara bakda salat |
paragad kang sunat Witir |
salawat asasalaman |
wus luwaran sadayèki ||

76.
Rundaya ngaturan kundur |
praptèng wisma tata linggih |
Cariksutra ngling pra garwa |
wêdana (ng)gyanta sasaji |
nulya pra rubiyahira |
sadaya mundur sing ngarsi ||

Jilid 11 - Kaca : 140

77.
Ngladèkkên sugatanipun |
dhewe-dhewe kang sasaji |
tinata anèng ing ngarsa |
rampadanira pribadi |
sami sadhulang-sadhulang |
lêlawuhan warni-warni ||

78.
Sêkul pulên lan bubucu |
wuduk punar lan kêbuli |
liwêt pitik lan wêlaka |
jangan mênir pêcêl pitik |
bècèk mara ladha pindhang |
cupang loncom bênce banci ||

79.
Jangan lodhèh bobor brubus |
barongkos letho lan pêtis |
lêmbarang asêm balendrang |
opor bèbèk bêsngèk pitik |
dhèndhèng ngage lan sujènan |
ati abon êmpal ragi ||

80.
Gêcok têmil miwah duduh |
bon rêmuk dhèndhèng karipik |
sarundèng karupuk rêmpah |
sambêl gorèng lan kêmiri |
sambêl dhêle balur kacang |
lalaban mawarni-warni ||

81.
Wus samêkta sadayèku |
Cariksutra ngancarani |
sumangga kakang Rundaya |
kawula aturi bukti |
lan kakang-(m)bok adhahara |
suwawi andika wanting ||

82.
Arinta akusung-kusung |
samya abêthak pribadi |
lir punagi apêpanggya |
Kae Rundaya ngling aris |
yèn parêng ing ngriku samya |
kêmbulan kewala bêcik ||

83.
Ing ngriki sami akêmbul |
kewala krana Lah sami |
supaya pikantuk nadhah |
eca kandhurèn prayogi |
nulya Cariksutra ngatag |
payo kinèn sarêng bukti ||

84.
Agupuh samya tuturuh |
(n)dan lêkas sami abukti |
kalangkung pikantukira |
têmbe akêmbul kêndhuri |
(m)bok Wilapa dènnya nadhah |
akokoh jangan mênuhi ||

85.
Satêngah mangan anginum |
banyu tawa ing cacanthing |
lêt sadhela nginum toya |
kang kiwa anyêkêl canthing |
tan têbih kalêmukira |
sinandhing suwene bukti ||

86.
Rundaya mèsêm amuwus |
tan jamak ipeku iki |
lêmu katêmu ing pangan |
akèh marang ngumbe wani |
yèn wong mangan ngombe tandha |
apupuk daginge urip ||

Jilid 11 - Kaca : 141

87.
Otot bayu balung-sungsum |
awaras sadayanèki |
atêbih sasakitira |
awênês cahyane wêning |
subur waras wêtêngira |
kulite alus kalimis ||

88.
Yèn aja nistha dinulu |
wong lêmu jalu lan èstri |
bêcik pawèstri lêmuwa |
ucape kèh ngrêjêkèni |
dèn-ranni pêngawak saras |
linulutan sandhang bukti ||

89.
Yèn wong lanang sangêt lêmu |
kalêmon datan pakolih |
badanne tan bisa rikat |
angkat junjung tan kuwawi |
nanging samuwa wong lanang |
padha lêmu lan wong èstri ||

90.
Yèn èstri saru dinulu |
nanging pakolihe bêcik |
yèn lanang pantês sinawang |
pondhong pikul tan pakolih |
wong iku lanang wadona |
bêcik pupuk sarirèki ||

91.
Sadaya mèsêm tumungkul |
Cariksutra gumuyu ngling |
ngangêni têmên si kakang |
samangsa anjajarwani |
acêtha rata anyata |
tan nana luput samênir ||

92.
Nanging pinanggih satuhu |
rinta Wilapa puniki |
ragi acêkap piyambak |
tur tan kawula opèni |
nipkah sakêdhik-kêdhika |
botên nate kula sungi ||

93.
Tiyang wus nganggur pitêkur |
gêsang-gêsange pribadi |
dhasar tan wontên patutan |
tanpa kadang anèng ngriki |
sasagêdipun priyangga |
tan wontên ingkang nulungi ||

94.
Ki Bayi mèsêm amuwus |
ngantu bukti sambèn angling |
dadya tan kathah anadhah |
dene kang puniku yayi |
kuwasanirèng Hyang Suksma |
titah wus binagi-bagi ||

95.
Laire ipeku iku |
gèsèh lan jênêngirèki |
Wilapa mono pantêsnya |
akurutan pati bukti |
Wilapa awake lêma |
kaya ajêjênêng santri ||

96.
Amat Supi Amat Yusup |
dadi botên anjênggèsi |
panguripe nèng patowan |
gèsèh jênênge Mat Supi |
têka karêm dadi bangsat |
lir wong jênêng Sutakrêti ||

97.
Lokajaya Sura-mênthung |
dadi alim mulang têpsir |
paham maring kitab Kur'an |
dadya paguroning janmi |
karsaning sira Pangeran |
kaelokaning pangèksi ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (11) Kaca 112 - 125
  • (12b) Kaca 142 - 157 >