Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434702
Hari ini     :Hari ini :102
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :168
Bulan ini   :Bulan ini :3331
s/d hari ini   :s/d hari ini :434702
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 13

Kontak Admin.

email-kidemang

 (05g) Kaca 234 - 248

 

( Sêrap surya sami wontên ing têlênging Wanakakas )

12

5. Sadintên muput sami lumampah, namung kèndhêg salat Luhur tuwin Ngasar sarta dhahar. Sêrap surya sami wontên ing têlênging Wanakakas ingkang kadi taman asri,

mila lajêng sami salat Mahrib sarta lêrêm ing ngriku. Dumadakan wontên tiyang kalihdasa sami dhatêng, nêmbung tumut sipêng ing ngriku, katulak mêksa botên purun, malah sami ngaturakên woh-wohan mawarni-warni. Dalunipun sami rêratiban, dhikir suhul ngantos sami dhawah kantaka botên kantênan alang ujuripun. Nalika Ki Monthèl nglilir, sumêrap ing kiwa-têngênipun sima tilêm sêsênggoran. Sima kagèt sami lumajar. Punika sima gadhungan kadadosanipun têtiyang ingkang sami nunut papan lan asung woh-wohan. Bakda Subuh rombongan mangkat malih, mêdal wana sacêlaking dhusun Kêplêng. Ing wanci lingsir surya ngancik têlênging Wanasaba, sami lèrèn salat Mahrib dumugi Ngisa. Gagat bangun mangkat malih ngancik laladan Wanamarta. Kapanggih Ki Nuripin ingkang panuju wontên ing têgalan. Ki Nuripin lumajar wêwartos dhatêng rabinipun, nanging bingung anggènipun badhe nyugata. Wêkasan kabiyantu dening tangga-têpalihipun. Sasampunipun salat lajêng kêmbul dhahar ing pandhapi. Bakda Subuh Ki Nuripin atur priksa dhatêng Wanamarta.

II. Ing krajan Wanamarta Ki Bayi Panurta gêrah dipun-tênggani Ni Malarsih, sampun katingal badhe waluya. Jayèngrêsmi, Jayèngraga dalah rombongan dhatêng adamêl rênaning panggalihipun Ki Bayi kakung putri dalah para kulawarga. Pasugatan andilir. Para tamu kapondhokakên ing griyanipun para sadhèrèk, namung Sèh Mangunarsa kapapanakên ing tajug. Dalu kataman Kur'an. Enjing bibar sarapan sami bawa-raos ngèlmi. Sèh Amongraga rawuh sakalihan kadhèrèkakên murid Ki Ragasmara, paring piwulang bab purnaning panêmbah lan sanès-sanèsipun. Wêkasan para tamu sami mantuk kanthi babêktan kathah.

Ki Bayi gêrah katêngga garwa lan para kadang-warga. Sampun katingal sakeca sasampunipun dhahar rujak. Dumadakan Ki Nuripin sowan ngirid para putra lan tamu, andadosakên rênaning panggalihipun Ki Bayi sakalihan. Para tamu kapondhokakên ing griyanipun kadang-warga, namung Sèh Mangunarsa ingkang kapapanakên ing tajug. Pasugatan ambanyumili, lajêng kêndhuri. Sontên kêmpal ing pandhapi sami ngaos kasambêt kataman Kur'an, kalajêngakên bawaraos ngèlmi. Ki Bayi kapengin kapanggih Sèh Amongraga, makatên ugi sadaya para tamunipun. Sagêd kalêksanan, Sèh Amongraga rawuh sakalihan kadhèrèkakên Ragasmara, paring piwulang bab jatining gêsang, ananing Pangeran, dununging kawula Gusti, jatining sêmbah lan Sukma ingkang kathah pralambinipun. Gagat enjing sami salat Subuh. Sèh Amongraga sapandhèrèk wangsul dhatêng kaênêngan. Sasampunipun sarapan, para tamu pamit wangsul, kaparingan sangu babêktan kathah.


Kaca 234 - 253

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 12 - Kaca : 232

525.
Utami telat tuladan yêkti |
wruh èmpêre kang ingèmpêr dhawak |
nêtêpi tatakramane |
sarengat kang linuhung |
lan tarekat panggèndèngnèki |
maring ing kajatmikan |
kakekat kang nuduh |
mring èmpêring kajatènan |
kang makripat nampurnakkên kang pandêling |
èmpêr sajuga rupa ||

526.
Anging tutup ingèmpêr sajati |
maha kasuciyaning Hyang Sukma |
kang kabênêr utamane |
sarengat pan rarungkut |
tarekat marga jro ngati |
kakekat suluhing tyas |
kanyatahanipun |
makripat waspadèng tingal |
ing Dattolah isbat nèng sajroning napi |
tuntuming paêsêman ||

527.
Ewa punika osikên malih |
Sukma purba dèn-pratelakêna |
padungkapaning jatine |
Sukma purba puniku |
sajatine jênênging bêcik |
ingkang luwih utama |
kasuciyan ayu |
kalintang parêk atinya |
anglimputi wimbuh sèsining dumadi |
kasukmèng Suksma purba ||

528.
Murdaningkung kang wus wruh ing wangsit |
lir dom ingobong cinlup ing toya |
kêdah ingucap kang rinèh |
tan anèng swara sêru |
sabab sabda rungsit arêpit |
pawore rasa swara |
lan kumandhang nguwung |
nguwunge yêkti ngumandhang |
jati rasa tanpa rasa anggrantêsi |
tumamèng angganira ||

529.
Trusing rasa punika Kiyai |
pan kakekating bantala kita |
kalawan uripe dhewe |
rip tan kênane luluh |
wawayanganing Dat sajati |
jati-jatinipun Sukma |
Ywang ingkang Murba Gung |
awayangan Dat Mutêlak |
ingkang pasthi anane lawan pribadi |
maujud datan ngadam ||

530.
Rêke trusing kang swara puniki |
pan makripat ing akasa kita |
kêjèpe pati uripe |
paluluting ngalêngut |
satyèng pati sajroning urip |
langgêng kahananira |
Hyang ingkang Maha Gung |
awayangan napi salat |
apan pasthi napi tan kalawan wiji |
nis nir tanpa tuduhan ||

531.
Rasa lan swara têrusnya salir |
limput tyasnya condhong kajumbuhan |
bantala ngakasa rêke |
pan suhul batinnipun |
têtêp-tinêtêpan Kiyai |
akasa lawan kisma |
kajatèyanipun |
datan kengang pinaeya |
kang bantala anukma jroning wiyati |
kasa nukmèng jro kisma ||

Jilid 12 - Kaca : 233

532.
Bumi sapta langit pitu nênggih |
ingisènan swarga lan naraka |
loh kalam dhindhing jalale |
têrus kajatènipun |
sampun dening Sukma nur singgih |
ing ngriku manawia |
cêlak èmpêripun |
têtèbèng gêdhonging Sukma |
kang jinêman langkung agêng wêrit rungsit |
tan kengang ginampang ||

533.
Lamun tan wruha puniku kapir |
yèn ta lamun awêruha kopar |
pon sampun gagantungane |
marmanta ing tumuwuh |
tansah pangguh rubeda dening |
apêse tyas kang ina |
saking mahanipun |
piyambak cakêp tan (n)dungkap |
ingkang samya myarsa tumungkul sarya ngling |
nuwun nuwun kewala ||

534.
Saking karikuhanira sami |
Kae Adimuncar Arsèngdriya |
katri Ke Cariksutrane |
samya nor lon umatur |
marang Kae Sèh Amonggragi |
papangkalaning sabda |
dadya kapir kupur |
kang uning tan uning juga |
ing liripun punika ta kadipundi |
pun bapa minta warah ||

535.
Sèh Mongraga angandika aris |
kita punika yèn datan wruha |
dadi yakti balilune |
tan wruh pisan ing ngèlmu |
pêpêt datan salir mangêrti |
sampun takdir tan bisa |
kapire tan wêruh |
ing ngèlmu rasaning kata |
kapiripun satata lan sato najis |
de tan na pangidhêpnya ||

536.
Kang sampun wruh dadya koparnèki |
sabab wus wruh surasaning swara |
gampile lawan angèle |
lohat lan muradipun |
wruh êlide lan muradnèki |
kalle datan sumêdya |
anglampahi ngèlmu |
karêp kang maring kasidan |
amung wêruh ing bêbasan milang-milih |
kumawon ginawokan ||

537.
Jalma kang ahli micarèng ngèlmi |
ujaring wong ahli sarengatan |
langkung dening utamine |
tinimbang lan kang busuk |
luhung ingkang pintêr abêcik |
pae lan kang ahli kak |
tan micara ngèlmu |
milang milih kalal karam |
cêgah pakon wus tan nêdya angingusi |
lamun kalabêtana ||

 

Jilid 12 - Kaca : 234

708 Dhandhanggula

538.
Mung anungge brantinirèng Widdhi |
ingkang tan lawan kêcaping lesan |
sêdya anêkani rêke |
ring niyat ingkang luhung |
purbaning tyas maring kadadin |
tan ayun ahli kata |
sanalikanipun |
dènnira andhêdhêr niyat |
tumanême cukup nèng lèlèran tokit |
tanpa mandêng ing tingal ||

539.
Tingal jati anirnakkên liring |
liring awas murcitèng paningal |
sung sinunge tingal mangke |
marmanya tan dinulu |
tingal jati kandhêh tan liring |
katingal kang sung tingal |
luhung kang kadulu |
inggih ugi dhawakira |
kang kadulu lan dinulu tan kakalih |
layap paranning tingal ||

540.
Sampurnane tingal lan papalih |
tan mulat ing nala jiwaraga |
tingale wus brastha kabèh |
kabèh luyut tan emut |
kandhêg tingal ing karsa jati |
sakarsa dera molah |
kajatèyanipun |
singgih ugi kang wasesa |
dasih awas tansah pinolah ing jati |
amawas winaspadan ||

541.
Wontên pralambi dhalang wignya di |
anukma sêdya sakarsanira |
tan ana wruh ing anane |
tar wikan wontênipun |
wruhing dhawakira pribadi |
wruhing saparipolah |
kawignyan myang kahyun |
lawan wruh solahing wayang |
sadèrèngipun wontên wayang lan kêlir |
tansah dènnya awayang ||

542.
Wawayange tan suka tan kingkin |
wayang akingkin suka priyangga |
cinatur guna bisane |
ing ngriku duk angaku |
lamun dhalang wignya di luwih |
dhalang amêdhar karsa |
wus sinamuting hyun |
anyatakkên ing sarira |
nyatèng wayang nyataning dhalang nèng ringgit |
sampurnaning paningal ||

543.
Dhalang wayang tan suka prihatin |
dening sirna paningaling wayang |
kèsthi kang ngamayang sihe |
marmanipun angayut |
jiwa raga datan kaèsthi |
dhalang kanguningana |
wus kalimput ing hyun |
kandhêg ing asmaranala |
lênglêng mangu sukma-jati anggantyani |
dhalang Sukma-wisesa ||

Jilid 12 - Kaca : 235

544.
Datan ana sêmbah kang kaèsthi |
tan lyan muhung kahananing Sukma |
tan wrin ing ala bêcike |
pan anggung branta wuyung |
tan mastara kawula Gusti |
anane anèng Sukma |
-jati lulut-luyut |
wus luluh sajroning karsa |
karsa jati anirnakakên ing kapti |
kapti anunggal karsa ||

545.
Waluya rêke kadi duk nguni |
tan ngukumi sêmbah kang sinêmbah |
anirnakkên sakalihe |
tan wontên wikan tan wruh |
kandhêg kèrêm ing jalanidhi |
dadya têmahan bathang |
kang kagayuh alus |
tingkah lan polah tilarsa |
malbèng karsa ing ngriku amanggih urip |
urip tansèng hèrnawa ||

546.
Sukma langgêng rip tan kênèng pati |
kang tan lyan sih sahe kang mong-raras |
sapocapan jro ênênge |
anangis jroning guyu |
driya mendra lagi ing kapti |
tan ana sinangsaya |
mung wignya mong lulut |
lir palwa drês kapawanan |
tan uninga parannya ing drênging angin |
tan kengang winangênan ||

547.
Liyan lêngut anane tan kèsthi |
tanpa jiwa datan amangeran |
-jati minangka jiwane |
raga jiwa tan nuwus |
layap laut aliru dhiri |
parau mot sagara |
kawimbuhan lulut |
asmara kandhihan raras |
kang andulu kadulon kang angsung liring |
larangane Pangeran ||

548.
Yèn tan sapandulon tan pribadi |
nihan pancadriya dèn-karêksa |
dasa-ndriya dèn-katalèn |
ywa wèng-wèng dèn akukuh |
kinirangan bukti lan guling |
rumêksèng rajah-tamah |
manah asêdya-yu |
ring rubeda karêksa |
pasimpanganing takiyur dèn-atokit |
dèn-wikani pinangka ||

549.
Pinangkaning sêmbah sêbut puji |
datan liyan rêke kawisesa |
kang tansah amurba ing rèh |
anduming ala ayu |
kang aniksa angganjar ing sih |
ambagi ka-akiran |
swarga naraka gung |
ing dalêm dunya akirat |
kang alanggêng ing karsa tan na ngowahi |
tan gingsir tan awêwah ||

Jilid 12 - Kaca : 236

550.
Rupaning kêlir tan kita jati |
marmanipun sinung-jati awas |
ing rupa kadi rupane |
rupa jro carmin agung |
kanyatahan ing rupa jati |
rurupan katitipan |
tan beda rupèku |
dene akêmbar lan Sukma |
rupa-jati tansah rupa Maha Sukci |
tan wontên sanepanya ||

551.
Tanpa sasama ananing Widdhi |
datan miyat datan kalamangsa |
saking prênah parênahe |
mangka duk rapalipun |
yèn dinulu dera Hyang Widdhi |
tan dihat tan musapat |
wontên kan andulu |
tan wontên kulon lan wetan |
êlor kidul ing têngah ngandhap myang nginggil |
Hyang Maha Sukci juga ||

552.
Ing ngagêsang punika Kiyai |
tan sampurna angaji sêmbahyang |
anêbut myang muji rêke |
andodonga Tawasul |
dèn-kongsi mênirên kang lathi |
sêmbahyang dèn-kongsiya |
bênjut bathukipun |
datan antuk wawangsulan |
kang angaji gumrêmêng punika sami |
lan wong omong-omongan ||

553.
De kang antuk wangsulan kang jati |
ngirigakên sakèhing Apêngal |
ing kasab pangibadahe |
suku bau calathu |
datan ayun aminangkani |
mung sèstuning wardaya |
ginulang ginêlung |
aningsalakên kal donya |
maha sucèkakên niyat mring kajatin |
tan cambor ing panyipta ||

554.
Miwah tan pepeka ing pangaksi |
datan sêlan marang pandaliyan |
pasèdhènganing awèngwèng |
têbih saking takiyur |
tyas numama maringi napi |
tan ana inisbatan |
mung napi sinungku |
tinokitakên ing driya |
tan kumlamar kumalêndhunging pangèksi |
angomplangakên cipta ||

555.
Pan wus tanpa sêmbah tanpa puji |
tanpa solah muni lawan muna |
tan nadhah tan nendra rêke |
tan sêksi tan sung-sinung |
ing sasaminirèng dumadi |
amuhung pribadinya |
tanjul ing panaul |
lalyèng toh jiwangganira |
kawaspadan tan ana ingkang kaèsthi |
mung tunggal ing panunggal ||

556.
Sukma rimbag wutuh dèn-tingali |
saosike ya Sukma bêlaka |
wujuding Sukma tan-pae |
wus tan kengang binastu |
woring jati kula lan Gusti |
Maha Gusti ta kula |
sih kajatènipun |
lamun kita tan kadyèka |
kula misih kula Gusti misih Gusti |
tan kengang wor-winoran ||

Jilid 12 - Kaca : 237

557.
Jalma ingkang ahli Sukma singgih |
tan sawênyahira ing panêmbah |
kalawan Dad lesanane |
pan namung bangsa kalbu |
ing kanênganipun ginanti |
baksana inalapan |
sabusananipun |
mênêng sakaliring karsa |
tanpa pepeka marang ing sakaptinèki |
ngêningkên ênêngira ||

558.
Nalikanya ing dalêm sawiji |
paalêmanipun ing antara |
sapta sasi sasikine |
sumungku ing ngalimut |
sêlan sira tingkah ing nguni |
tan ngunandikèng driya |
sara surasèng hyun |
ywa kadadyaning kawukan |
muhung kadungkapanira ing kadadin |
sumêdya purnèng karsa ||

559.
Wondening kang winastan ingangling |
sajatine ngèlmu yêkti niyat |
niyat kang brangta angluwe |
tawêkal ing pangridhu |
tyas kang sura lêgawèng pati |
papa pantakèng driya |
santosa ing kalbu |
jatmika tan kajaruhan |
menak tadhah tahên mung sariring angin |
sor kulup kang rinasa ||

560.
Ingkang sinasmitaning pandêling |
samya anor palungguhanira |
angapurancang jarine |
Ke Bayi manthuk-manthuk |
andhêkoni tasbèh winilis |
sadaya ingkang myarsa |
aniniling wuwus |
sami nyathêt ing wardaya |
sira Kae Adimuncar Arsèngbudi |
miwah Ke Cariksutra ||

561.
Samya ngunandika jroning ati |
tuhu lamun winus-man ing Sukma |
arampung ramping aranne |
lir kang ingucap wau |
mungguh Allah kang Maha Sukci |
jumênêng lawan hawa |
ing kahananipun |
yèn na kaya Asmanira |
dadi Ingsun iki Hyang Kang Maha Sukci |
dene tan jênêng Allah ||

562.
Têka samya mèsêm jroning ati |
wau sira Ki Sèh Amongraga |
kapatu jroning driyane |
amanggut sik-ing kalbu |
mèsêm pangandikanira ris |
Kae Sèh Adimuncar |
Kae Arsèngkalbu |
katri lan Ke Cariksutra |
cipta lamun yèn ingsun iki Hyang Widdhi |
de tan inguwuh Allah ||

Jilid 12 - Kaca : 238

563.
Cipta ingkang makatên Kiyai |
apan botên singgih jatinèka |
mungguhing Allahu khake |
nèng wujud kita tuhu |
kang kadulu pribadinèki |
tan lyan kang amastara |
dhawak kang maujud |
sawêktu kanênganira |
ngèsthi suci kang mulya tan ana malih |
rupa rupaning Allah ||

564.
Allah dede rupa kang kaèksi |
dede badan kita kang kawulat |
angga jiwa raga dede |
Dat ingkang Hyang Maha Gung |
ênêng kita ingkang mustakik |
mukik kang kak mutêlak |
langgêng jatinipun |
ing jaman kanêngan kita |
pan kanêngan puniku wujuding napi |
tan kengang kinaya pa ||

565.
Mahasukci nucèkkên pribadi |
kang wus (n)dungkap ngèsthining kanêngan |
mulya kadi duk orane |
ing nguni datan suwung |
mangke kita tan anggêdêri |
ing têmah kajêrnihan |
tan rame tan samun |
sêpi samya sanalika |
ing sakêdhaping netra salaminèki |
tan kêkêl lan sakala ||

566.
Anèng dalêm sawijining gaib |
marma kita tan anjênêng Allah |
saking napine Hyang rêke |
saking saèstu bastu |
ing (m)botêna lan wontênèki |
anane nanging ora |
orane ing wujud |
wujude tanpa karana |
pasthi anèng pribadinira Hyang Widdhi |
dhawakira ya kita ||

567.
Kang puniku tan kengang ngakêni |
Asmaning Hyang sawênyahing jalma |
kaanan sapapadhane |
laranganing Hyang Agung |
nakdirkên ing dalêm sawiji |
sanadyan kang sampun man |
ing Hyang kang Maha Gung |
pon uga tandha ga asma |
yan muayat sajuga sayêkti gidib |
goroh pangakênira ||

568.
Langgar kewala soso dera ngling |
ngaku anung kasiku ing sarak |
myang wajar ahli balade |
kawisesa ing ratu |
kang rumêksa saraking Nabi |
anrapakên kukumah |
panjênêngan ratu |
kakisas sarana donya |
mring wong ahli nunggal Asmaning Hyang Widdhi |
ratu kang kawajiban ||

Jilid 12 - Kaca : 239

569.
Nampurnakkên donya praptèng akir |
panguntape mungguh ing kasidan |
nirkên gidib lairahe |
têkèng kamulyanipun |
jalma yyan kadyèka Kiyai |
wus jomblah ing surasa |
lan ingkang sinuhun |
samya babagan manpangat |
wontên emba singgih kawulaning Gusti |
kadi-kadi kadyèka ||

570.
Jalma ahli wingit tur akunci |
amamanggut surasaning driya |
kang dadya pangahyun-hyune |
maring kamuksanipun |
minta jalaring nayarati |
kasiranning kadadyan |
ayun wruhing dunung |
jiyarah têpyang samodra |
alalanggat lawan siswanya kakalih |
ngalairkên salsilah ||

571.
Tan na lami janma kang ataki |
wêntar kaèksan ing Ngaksiganda |
dening siswa ro gumyahe |
pinulung wèng sang ratu |
janma taki linanggat ing sih |
sasiki tanpa siswa |
pinardikèng luyut |
dinunung nèng ing Tunjungbang |
wus kapadhaning karsa sang ginastuti |
datan antara muksa ||

572.
Têtêp kamulyanira inapti |
rahmat dhatêng padungkapanira |
sang Sinuwun pangatêre |
kang agung maha luhung |
aminihi kusuma-aji |
amanat jiwa Sukma |
ngudanèni kalbu |
tan silong ing samar-samar |
suprandene datan arsa angakêni |
pan panunggaling Asma ||

573.
Wontên malih kawulaning Widdhi |
anglairkên panunggaling Asma |
angakêni sawantahe |
lamun pribadinipun |
pasthi Allah Kang Maha Sukci |
kawêntar ing Bintara |
majêmukanipun |
pra ratu wali mong sarak |
wus tan kilap kang minta (n)dungkap ing akir |
Ki Ngabdul Siti Jênar ||

574.
Sinampurnakakên ing kajatin |
kisase agama lan gagaman |
marga mring kasuciyane |
brastha sasiswanipun |
lawan pangadilanira ji |
rumêksa ing sarengat |
sarta lawan hukum |
marma titahing ngagêsang |
lamun malih dèrèng santosa ing tokit |
tokit maring kanêngan ||

Jilid 12 - Kaca : 240

575.
Kang kanêngan punika Kiyai |
ngudi agama kang kinarêpan |
sumungku tan wangwang-wèngwèng |
punapi prabotipun |
mapan sampun wontên pribadi |
sarengat lan maripat |
pae ahlinipun |
wontên tokite priyangga |
tata sarak tan kengang ngucap pribadi |
kêdah ngumum muayan ||

576.
Lawan ngibadah tartip kang suci |
anglampahi sukur suka-rêna |
janji cêgah lan pakonne |
Adalil Kadisipun |
ngutamèkkên agama Nabi |
Islam ingkang minulya |
ayuning tumuwuh |
kalawan nyandhang amangan |
ingkang sarwa-kal marganing pakarti |
supadi santosa-a ||

577.
Pangibadahira ing Hyang Widdhi |
amangeran isbat napining Hyang |
anane mung isbat bae |
anêbut ing Hyang Agung |
anarima napining Widdhi |
kang nora warna rupa |
tan kengang kinalbu |
untung bêcik lawan ala |
saking Allah Tangala ingkang (n)darbèni |
sakèhing puji sêmbah ||

578.
Tarekate sarengat puniku |
atakabul ngèlmu ing punggahan |
ayun wruh têgês-têgêse |
Dalil madêlulipun |
pangalaping Kadis kudêsi |
Ijêmak lawan Kiyas |
wajan mutadèku |
angêkèh-kèhkên ngibadah |
ngêkèh-kèhkên puji dikir pangabêkti |
sumêdya ahli gama ||

579.
Kakekate sarengat kang ngèlmi |
anyatakkên ing panêmbahira |
sunat kalawan parlune |
ing siyang dalunipun |
ngêkaskên utamining ngèlmi |
tan sêdya jamak ala |
tan sêdya pot wêktu |
sumêdya brangtèng panêmbah |
maring Allah kang asipat murah asih |
angêgungkên Asmanya ||

580.
De makripating sarengat nênggih |
maha-nucèkakên ing panêmbah |
kalawan eklas jêrnihe |
suci badanirèku |
lawan tumaninah kang tartip |
sucine lesanira |
amicara ahlul |
katri suci atinira |
lawan mukaranatuhu ing Hyang Widdhi |
tan angloro Pangeran ||

Jilid 12 - Kaca : 241

581.
De ta tokit ing makripat nênggih |
anirnakkên ing paningalira |
(m)brastha tyas toh jiwanggane |
nala nalikanipun |
datan mangkya datan ing nguni |
tan mulat ing Pangran |
tan mulyat lyannipun |
ring badanta pon tan mulat |
pangulate mosik kalawan pribadi |
datan lawan kinarya ||

582.
Sarengate makripat Kiyai |
anggigalkên ngamal ing kal-donya |
cêgah nadhah lan gulinge |
lumuh misil donyèku |
miwah rajah tamah kawuri |
tan ana kinarêpan |
papaès myang puluk |
rasaning boga tuwuhan |
datan ngingus andadarus ngaji jilid |
kitab kalawan Kur'an ||

583.
Tarekate makripat puniki |
amèndra nis ngikis ing sasana |
nimpar tan bastu unggyanne |
andhewe dhawakipun |
tan sêdya wor marang sasami |
tan sukur wèh-winèhan |
asêlang pamuwus |
sapandulon lawan jalma |
solah muna-muni sênênge pribadi |
beda badan budinya ||

584.
Kakekat makripat kang yakti |
angyaktèkkên khake dhawakira |
tan ana pandalihane |
kang lyan-lyan ing pandulu |
tan kadulonnirèng pandêling |
mangeran ing dhirinya |
pribadi dinulu |
maha sukci priyangganta |
datan tawang tuwang tuwin jirim mukin |
wontêna dhawakira ||

585.
Makripating makripat kang ngèlmi |
rila dharat wiyat tan winulat |
mulya suwung kajatène |
plêng komplang angga muncu |
tan angêntha ing badan budi |
wus tan mangeran ing Hyang |
Ingkang Maha Agung |
tan mangeran ing dhawaknya |
tan mangeran ing dalêm sakalir-kalir |
ênêng tanpa karana ||

586.
Kang makatên punika Kiyai |
datan kengang camboring panduman |
salaya lawan takdire |
tan wontên kikmahipun |
lamun maksih anandhang bukti |
tansah ring rajah tamah |
misil kal-donyèku |
kumêdah wruhing Dattolah |
lir padhati agiling anèng jaladri |
palwa ngambah ing lêsta ||

Jilid 12 - Kaca : 242

587.
Pinèt lampahe ingkang lêstari |
saking punapi lamun sagêda |
anggampilakên kang angèl |
tuwas tiwas tan ayu |
lir bintaro kèli ing kali |
tinututan nèng dharat |
pundi marganipun |
bintaro yèn kagayuha |
atèn-atèn luhung lir rayap prayogi |
anêlatèni pangan ||

588.
Wrêksa kisma rijêkinirèki |
tan melik mring panganing manungsa |
saking mukul panrimane |
bali wruh takdiripun |
tinitah kalawan abukti |
makatên malih uga |
ahli sarak Rasul |
dèn-anungge ing sarengat |
cêgah miwah pakon mokal lawan wajib |
tinuhon linampahan ||

589.
Anging wontên wajibing aurip |
parlu amrih ngèlmuning Pangeran |
angguguru ngaji rêke |
kitab Kur'an dinarus |
narik bodho mring pintêrnèki |
ngupaya pangulatan |
ngulama gung jamhur |
Sarapdin ahli mumulang |
anêlaskên sarasaning ngèlmu wajib |
marma sami rinasa ||

590.
Samya enggar tyasira kang myarsi |
dènnya kagunturan sabdatama |
pan sadaya wardayane |
kathah paedahipun |
kadya papan cinitrèng sungging |
tuturutaning pulas |
tan na kang tan surup |
raosing tyas kagawokan |
ing wuwuse Mongraga anuju kapti |
sing ngarsa dèn-lakokna ||

591.
Dhininganan ing pamuwus aris |
samya anggalih dening mangunah |
wruh durung winuwusake |
saosikirèng kalbu |
sinauran kalawan angling |
tanggap pasang surupan |
-nira tan kaliru |
tyasnya kadya sinuluhan |
mèdèt mentar kabuka kabuling kalbi |
kababaring wacana ||

592.
Lir wuwuse wau Sèh Mongragi |
amayangga sêmining Tunjungbang |
anyenggol paliringane |
tan dinoh ing asêmu |
ngêkêr dhiri mukir ngêngkoki |
nata ing Nayaganda |
cihnane ngapulung |
lèjême jaman biragat |
Ki Lêmahbang kinambang anèng para ji |
ajiwa Sukma mulya ||

Jilid 12 - Kaca : 243

593.
Limang siki siswanta kaswasih |
kaèsisan sukaning mabèlan |
purna pupul kamulyane |
pranyata ahli luhung |
Sèh Mongraga jalma-di luwih |
lèlèjêmirèng sabda |
tan mantra ing sêmu |
lumuh kawanguraning lyan |
langkung dening kawêrit wingit akunci |
pacuhan kaoncèkan ||

594.
Sira Kae Bayi Panurtèki |
mulat ing putra tyasira kadya |
tan anglala ing praptane |
sing pangumbaranipun |
datan pae kadya duk misih |
anèng ing Wanamarta |
lawan antênipun |
miwah pra kadang sadaya |
tan prabeda lan cipta kadya Kiyai |
tan nyana mêntas ngendra ||

595.
Alon matur Kae Arsèngbudi |
tuwan Kae Sèh Adi Nujêmba |
maklum tuwan mring ngong rêke |
pun bapa pan kumudu |
minta rèhing sang Adiluwih |
sampurnaning ngagêsang |
supadi ywa mangguh |
kadudoning dalêm titah |
pintên banggi swarga kir yuning yomani |
maniking kanikmatan ||

596.
Sèh Mongraga angandika aris |
singgih rêke Kae Arsèngdriya |
kewala ing sasênênge |
ing agêsang puniku |
pundi ingkang dadya wiwinih |
manah prênahing titah |
tinuhoning kalbu |
nut palalirèng Hyang Sukma |
punapi ta sarengat paranning branti |
paran branti makripat ||

597.
Lamun branti ing sarengat singgih |
dèn-maksud wajibing Rasullolah |
kang sidik amanat tablèk |
lawan mokaling Rasul |
gidib kyanat kikmat puniki |
lirning sidik dèn-nyata |
ring tri prakarèku |
kang bênêr solahing badan |
pangibadahipun salat kang asukci |
tatakramèng panêmbah ||

598.
Bênêr solahing lesan puniki |
kang asuci pangucaping salat |
myang pamuji panêbute |
sakêcapirèng ngèlmu |
kang abênêr solahing ati |
amung karanat tuhu |
kasuciyanipun |
asalat kalawan driya |
manggut ikram mirat munajat tubadil |
nalika nèng kanêngan ||

Jilid 12 - Kaca : 244

599.
Lire amanat kapracayanèki |
dèn-pracaya badannira salat |
kalawan dhangan rahabe |
anêkani ing waktu |
tumaninahipun kang tartib |
tan ngênêngakên solah |
pangibadahipun |
tan molahakên kanêngan |
sarta datan andhinginakên kang kèri |
tan sumêlang ing tingkah ||

600.
Kang pracaya ing lesanirèki |
anuhoni saunining sastra |
kir'at sarta pasêkate |
suci barang winuwus |
wuwus kang tan andurakani |
juwêt anêbut Asma |
ingkang agung-agung |
anyêgah catur alahan |
rêke karêp kewala misiling ngèlmi |
kang kalawan utama ||

601.
Kang kapracaya marang ing ati |
datan ninang tanggaping wacana |
parênging batin laire |
tan salaya ing kalbu |
lawan lesan badanirèki |
kang dêling anèng driya |
muna-muninipun |
ing waktu ngibadah salat |
ing pratingkah anêbut muji Hyang Widdhi |
kalawan dhawakira ||

602.
Lirnya tablih kang ngandêl kang ngèlmi |
mungguh ing badan kangge sasalat |
sêmbahyang pangibadahe |
ngumut asihing wêktu |
datan wontên poting ngabêkti |
antênging palungguhan |
kuwat pangguh tamu |
arosa tapakuring Hyang |
angluluri linakon tan angêlongi |
santosa ing agama ||

603.
De kang ngandêl lesanirèki |
ingkang ngutamèkkên ngèlmu sarak |
mijiling Dalil Kadise |
Ijêmak Kiyasipun |
tan kalêmpit murat rasèki |
wruh surasaning sastra |
kitab agung-agung |
anggunggung Asmanira Hyang |
atawasul ngamalakên ngèlmi salih |
ngêgunghakên Hyang Sukma ||

604.
Kaandêle mungguh mara-ati |
mantêp dhatêng kal ngibadah moka |
salat wujude Hyang rêke |
tokit kalbuning Rasul |
maha sucèkakên Hyang Widdhi |
mantêp iman Pangeran |
Agung Maha Luhur |
kang asipat bijaksana |
tyas sru masud ing agama sarak Nabi |
Mustapa dutaning Hyang ||

Jilid 12 - Kaca : 245

605.
Lirnya mokal ing Rasul pan gidib |
kiyanat kikman ingkang punika |
mokal yèn kinarsakake |
goroh palacidrèku |
lan angumpêt liripun nênggih |
apan gorohing badan |
mangan mumah mumuh |
anêdya sirih puwasa |
angalibi tyas maring mungsuhing Widdhi |
amor agamanira ||

606.
Palacidraning badan puniki |
karêm anendra dalu lan siyang |
narajang wayah wêktune |
tan kabuka ing ngèlmu |
tan sinungan akal tan salih |
meda lara dumadak |
pot wêktuning ngudur |
badan tan têkèng utama |
rêke andhap kewala agamanèki |
tansah dadya paguywan ||

607.
Lire anyumpêt badanirèki |
lamun sêngsêm karêm ing sahuwat |
dening istijla junube |
angêndhak cipta luhung |
kasuciyanira mring Widdhi |
anggung kula kulina |
kalangênanipun |
mring wanodya dadya sudra |
agamanya tan (n)dungkap manggaripati |
yèn sisip ngro Pangeran ||

608.
Dènta goroh ing lêsanirèki |
pangucapira tan linaksanan |
(ng)guguyu kèh lêlahane |
tan sêmbada ing wuwus |
ngaji tutur tan wruh ing tulis |
dadya tuna dungkapan |
tan titis ing ngèlmu |
de palacidraning lesan |
pangucape anggêgawok paksa luwih |
wuwus kudu gumisa ||

609.
Tur tan rujuk sambunging angling |
ngarat-arat lumaku tinut-a |
ujare kang angèl anèh |
yèn tinut-a tur kumprung |
karya samar kang bodho ngèlmi |
limya ngumpêt kang lesan |
micara kang dudu |
angangèl-angèl kang gampang |
anggampangkên kang angèl kinarya gampil |
ya tanggung donya kerat ||

610.
Wani katêmpuh dènnya matêsi |
langar langguk majibkên kang mokal |
mokalkên kang wajib rêke |
gumaib ningit wuwus |
pan lumaku dèn-guguroni |
sayaktine angupa |
jiwa kang kadyèku |
aramban sandhang lan pangan |
wondene kang agoroh mungguhing ati |
ambatalakên niyat ||

611.
Niyat kang marang agama sukci |
datan yuning niyate kang tama |
pan akèh-akèh dinalèh |
pan muhung ing aluhung |
lamun ati pasangan Widdhi |
tansah akaya-kaya |
kang angêthul kalbu |
takiyur agamanira |
dene palacidra kang mungguhing ati |
pepeka sêlanyana ||

Jilid 12 - Kaca : 246

612.
Ura rubeda ngalih pandalih |
dadya tan (n)dungkap maring kanêngan |
mamang sêmang-sêmang wèngwèng |
saking tyas tan pituhu |
ning sir êsir rarai eblis |
ikrame karameyan |
tan pintêr tapakur |
kur-ukur agamanira |
wondene kang angumpêt mungguhing ati |
takaburing panyipta ||

613.
Amaido salirirèng osik |
ngunandika nukarta ing nala |
datan wontên nalikane |
tan angèl mung tinuhu |
tan na laku kang ginagati |
tan wruh ing kasisipan |
-nira ing tumuwuh |
tuwah tuwas katiwasan |
kang makatên puniku Ke Arsèngbudi |
tan dadya kasidannya ||

614.
Marma sarak sarengating Nabi |
kêdah kita mawas nokitêna |
ngèlmu kang pinarlokake |
wajib mokaling Rasul |
ingkang mangsub marang ing wajib |
kang kipat marang mokal |
tan arus angingus |
ambatalakên agama |
kang liningan Adimuncar Arsèngbudi |
katri Ke Cariksutra ||

615.
Samya anor tumungkul sinung ling |
saking kasinggihanirèng sabda |
pra tuwa sukur ciptane |
Mongraga malih muwus |
de kang ahli mangaripati |
tan ngudanèni kabar |
ring sastra kang agung |
ya mung sabar lan tawêkal |
rila sukur marang ahline sakalir |
sakalir wus takdirnya ||

616.
Tan wor lan wong kang agama Nabi |
pan wus karsa ajaman priyangga |
anungge ing pribadine |
mung tuhu kang binastu |
salat mati sajroning aurip |
kang urip tan kalawan |
langgêng jatinipun |
aurip sajroning pêjah |
tan kêna dinunung ingaranan pati |
patitising kasidan ||

617.
Kewala ngalih panggonannèki |
datan pae ing wau ing benjang |
ing sih wus tan na wangêne |
paran sakarsanipun |
apan sarwa kewala dadi |
langgêng tan winangênan |
suwungira mujud |
mujude tan kasamunan |
wus tan kengang kinaya-pa ing pandalih |
juga tan paja muga ||

Jilid 12 - Kaca : 247

618.
Wontên sanepa emba pralambi |
tunjung tuwuh anèng madyantara |
awungkul nanduk gandane |
ing warna tan saèstu |
kaêlêban ing jalaniddhi |
laute tanpa tirta |
hawa tanpa uwung |
asênêt tanpa sasana |
ganda milêg tanpa ambu anglabêti |
nyataning kanyatahan ||

619.
Anèng pambukaking manah êning |
marma jalma kang ahli makripat |
sênêt nèng kaelokane |
tan bastu ing padunung |
amêmutung pribadinèki |
tan wikan ing priyanggan |
-nira wus maha gung |
tan ayun kawangurana |
maha nucèkakên kalawan pribadi |
abadan budinira ||

620.
Lir patanyaning jalma kang luwih |
ahli rasa surasaning sabda |
wus amêngku saliring rèh |
pan kalih prakarèku |
kang tinanya marganing pati |
lan ênggoning patinya |
pundi sèstunipun |
lamun ta datan wêruha |
ing agêsang punika sirik tur kapir |
patine siya-siya ||

621.
Ke Cariksutra kapranan kapti |
osiking tyas yun tinanyakêna |
ing mangke winêdharake |
asru suka gumuyu |
winantonan ing guyu sami |
ing rasa wus anduga |
kapatujon kalbu |
Ki Cariksutra ris nabda |
kasinggihan sang Adi nujwa dènnya ngling |
kadipunêndinira ||

622.
Sèh Mongraga angandika aris |
singgih linge Kae Cariksutra |
dadalane pati rêke |
alul iman ing ngèlmu |
kang tan samar paningal ngèsthi |
hu êlaking mubarap |
kalaratul maut |
pasthèning duryat wêkasan |
datan wontên ing marga simpanganèki |
kêncêng donya ngakerat ||

623.
Lêstari marga gung ingkang suci |
gamblang apadhang tan kumalêndhang |
ajêmbar tan na sikune |
tanpa pinggiranipun |
myang tan ana lyan kang lumaris |
amung pribadinira |
alampah ing ngriku |
tan ana pancabayanya |
lêlampahan limangatus taun naming |
salayaping paningal ||

Jilid 12 - Kaca : 248

624.
Langkung endah marga gung mring ngakir |
botên (n)dêlarèh lir marga donya |
margendah saupamine |
marga ahlining ngèlmu |
ngèlmi patang prakara nênggih |
marga Dalil akerat |
kabar yakin tuhu |
wiwinih ngèlmu sarengat |
ngènul yakin wiwinih tarekat nênggih |
khakul-yakin winihnya ||

625.
Kakekat lawan akmayul-yakin |
wiwinih ingkang ngèlmu makripat |
ing pati wus bisa dhewe |
datan lawan dinunung |
babing pati wus anduwèni |
ing karahmatanira |
langgêng tan na uwus |
kakyun-yakin pan wus nyata |
angêngkoki uripe prasasat pati |
sakêjale paningal ||

626.
Ngênul yakin sayêktine pati |
datan owah sawênyahing titah |
sampurna kauripane |
wontên pribadinipun |
ing pamanggihirèng pangaksi |
kabar yakin punika |
warta ingkang tuhu |
ing pati wus kadalilan |
Ijca Kiyas tan ninang mungguhing pati |
pamanggihing ngakerat ||

627.
Ngèlmi patang prakara pan dadi |
dadalaning pati tan utama |
kalawan iman kang salèh |
krana dadalan agung |
pangingkuping marang ing napi |
ing kalanggênganing Hyang |
kajumbuhanipun |
nèng jaman kanêngan baka |
sakèh makluk gêng alit jalu lan èstri |
tunggal sawiji patya ||

628.
Makluk kang sinung nraka lan swargi |
lagi (n)dungkap lan pati pan padha |
andhap lan luhur tan pae |
kang sasar kang marga-yu |
datan wontên prabedanèki |
pan sami kawimbuhan |
sadayane makluk |
ing pati tan kêna ora |
mungguh ta kita ki pamanggihing ngèlmi |
sayêkti beda-beda ||

629.
Punapi takdirira pribadi |
takdir nabi takdir waliolah |
takdir ratu nurbuwahe |
takdire pra mukminun |
takdir Islam lan takdir kapir |
punika pamanggiyan |
-nira bakdal-maut |
pangucape kang sarengat |
(ng)gonning mati nèng kubur makam paraki |
pangguh swarga naraka ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (05f) Kaca 215 - 231
  • (05h) Kaca 249 - 255 >